Anda di halaman 1dari 3

LEMBAR KERJA SISWA

TEKS PROFIL TOKOH 3.2.1

Nama :
Kelas :

KD
3.2 Memahami struktur teks, dan unsur kebahasaan dari teks lisan dan tulis untuk
menceritakan pengalaman pribadi, profil tokoh , kegiatan, atau peristiwa
INDIKATOR
3.2.2 Mengidentifikasikan unsur kebahasaan teks profil tokoh.
3.2 3 Menyimpulkan isi teks profil tokoh
TUJUAN PEMBELAJARAN
1. Sebelum melakukan kegiatan tanya jawab,pesertas didik dapat membaca teks profil
tokoh untuk mencari informasi
2. Melalui kegiatan tanya jawab, peserta didik dapat mengidentifikasi unsur kebahasaan
teks profil tokoh dengan benar.
3. Melalui kegiatan tanya jawab, peserta didik dapat menyimpulkan isi teks profil tokoh.

Ing ngisor iki teks profil tokoh ”Raden Ajeng Kartini”, wacanen kanthi permati!

RADEN AJENG KARTINI

Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah.
Panjenengane isih klebu golongan kaum bangsawan, jalaran Raden Ajeng Kartini putrane
bupati Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A
Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi putra pambarep, kagungan adhi loro yaiku Raden
Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini.
Raden Ajeng Kartini sekolah ana ing ELS (Europese Lagere School). Ing pasinaon
piyambake klebu murid sing sregep. Sasuwene sinau ing ELS uga nyinaoni basa Walanda,
mula Raden Ajeng Kartini bisa nguwasani basa Walanda kanthi becik. Nanging emane,
sawise umur 12 taun Kartini kudu ninggalake pamulangan, jalaran kudu dipingit. Raden
Ajeng Kartini nelangsa banget. Arep nulak ora wani, piyambake wedi diarani ora ngerti adat.
Kabeh mau dilakoni kanthi susahing ati. Kanggo nglipur ati, Kartini nglumpukake buku-buku
pelajaran lan buku pengetahuan umum kanggo wacan nalika dina-dinane krasa sepi. Saben
dina pegaweane maca lan maca kanthi dikancani abdi kinasihe.
Maca malih dadi hobi. Ora mung buku wae sing diwaca, nanging surat kabar uga
diwaca. Menawa ana bab-bab sing ora dingerteni Kartini nyuwun pirsa marang Ramane.
Amarga sregep maca wawasane tambah akeh. Kartini ngerti yen para wanita Eropa kuwi wis
maju, pikirane maju, lan wawasane jembar. Raden Ajeng Kartini nduweni pepinginan amrih
wanita Indonesia uga maju, ora mung dadi kanca wingking wae. Raden Ajeng Kartini
nglumpukake kanca-kancane kanggo diwulang nulis lan maca. Ing sela-selane wektu kuwi
Kartini asring nulis layang kanggo kanca-kancane sing ana ing negara Walanda.
Panjenengane uga nulis surat kagem Mr.J.H Abendanon supaya diparingi beasiswa kanggo
sekolah menyang Walanda.
Raden Ajeng Kartini klakon oleh beasiswa, nanging emane ora dilakoni, jalaran ing
wektu iku uga Kartini kudu manut wong tuwane dinikahake karo Bupati Rembang kang
sesilih Raden Adipati Joyodiningrat. Sawise krama Panjenengane kudu ndherek kakunge
menyang Rembang. Ing Rembang Raden Ajeng Kartini ngedegake sekolah wanita kang
disengkuyung dening garwane.
Tanggal 13 September 1904 Raden Ajeng Kartini mbabarake putra kakung sing
diparingi jeneng Soesalit Djoyoadiningrat. Tanggal 17 September 1904 Raden Ajeng Kartini
seda ing yuswa 25 taun. Ndeleng semangate Raden Ajeng Kartini, taun 1912 ing Semarang
didegake Sekolah Wanita dening Yayasan Kartini sing dipimpin dening kulawarga Van
Deventer. Banjur kasusul ing Surabaya, Madiun, Cirebon lan daerah-daerah liyane. Sasedane
Raden Ajeng Kartini, Mr. J.H Abendanon nglumpukake surat-surat sing tau dikirimake RA
Kartini marang kancakancane sing ana ing Eropa lan didadekake buku. Buku kasebut
diwenehi irahirahan ”Door Duisternis Tot Light” sing tegese ”Habis Gelap Terbitlah Terang”.
Para wanita Indonesia wis padha maju, pendhidhikane akeh sing dhuwur, pegaweane
bisa sajajar karo para priya. Kabeh mau ora liya amarga kena daya semangate Raden Ajeng
Kartini. Ide-ide , gegayuhan, lan semangate Raden Ajeng Kartini didadekake inspirasi,
dituladha dening para wanita Indonesia supaya dadi wong pinter, pinunjul, nanging ora
ninggalake kodrat kadidene wanita.
(Sumber: www.kolom.biografi.blogspot.com/16 okt 2014 Kanthi sawetara owah-owahan)

1. Tintingi (analisis) jenis tembung lan unggah-ungguh basa sing ana ing teks R.A. Kartini
kasebut!
Jenis tembung Tembung-tembung
Tembung Lingga Sekolah, asma, supaya, sregep, bechik, adat, kanca, maju, wektu, surat,
dhuwur, pinter, wanita
karana wuwuhan
Ater-ater anuswara
Nyinaoni, maca, nulis

Ater-ater tripurusa
Dipingit, diarani, dilakoni, dikancani, diwaca, dingerteni, diwulang,
diparingi, dinikahake, dipimpin, dikirimake, dituladha, , didadekake,
didegake

Ater-ater sa-, pa-, pi-, Pamulangan, sasuwene,


pra-, tar-, ka-,

Ater-ater kuma-, kami-,


kapi- -

Ater-ater a-, ma-


--

Karana karangkep
Dwipurwa
Susahing, pinunjul, sasuwene, pepinginan, gegayuhan, kadidene, sesilih

Dwiwasana -

Dwilingga
Daerah-daerah, irah-irahan, bab-bab, kanca-kancane, ide-ide, buku-buku
Dwilingga salin swara
-
Karana kacambor
Camboran wutuh
Surat kabar,
Camboran wancahan -

2. Jlentrehna isi teks profil tokoh R.A. Kartini kasebut nganggo basamu dhewe! (1 paragraf
saja)

RA Kartini yaiku tokoh nasional sing gigih merjuangake emansipasi wanita. Emansipasi
diweruhi wanita sing melopiro kesetaraan derajat. Kartini nggawe buku sing judule “Habis
Gelap Terbitlah Terang”. Buku iku digawe saka surate Kartini sing dikirim menyang konco-
koncone ing Eropa. Kartini iku sregep banget maca buku, sampek dikancani karo abdi
kinasihe. RA Kartini iku singkatan saka Raden Ajeng Kartini. RA Kartini seda ing yuswa 25
taun.

Anda mungkin juga menyukai