Anda di halaman 1dari 8

RINGKASAN MATERI US BAHASA JAWA

TP. 2019/2020

KD 3.1 Memahami teks deskripsi tentang peristiwa budaya


Materi : Teks deskripsi tentang peristiwa budaya

Baratan
Baratan kuwi minangka salah sawijining adat budaya warga Jepara kang ana gegayutane karo Ratu
Kalinyamat. Tembung baratan asale saka tembung basa Arab “baraah” kang tegese kaselametan utawa “barakah”
kang tegese barokah. Kagiyatane dipusatake ana ing mejid Al Makmur Desa Kriyan Kecamatan Kalinyamatan. Rituale
mung sederhana wae, yakui sawise sholat Maghrib, wong Islam ing Desa kono ora langsung bali, nanging nganakake
donga bareng-bareng, banjur maca surat Yasin kaping telu, lan sholat Isya bareng-bareng.
Sakbanjure padha maca donga nishfu syakban bareng-bareng kang dipandegani dening kyai ing kono. Sakwise
Ndonga banjur padha dhahar bancaan sega puli lan ngeterake arak-arakan. Sega puli kui digawe saka beras lan ketan
dideplok alus lan dicampuri klapa. Prastawa budaya iki dilaksanakake saben tahun, yaiku saben tanggal 15 sasi
Ruwah/Syakban, bebarengan karo malem Nisfu Syakban.

Disajikan penggalan deskripsi tentang peristiwa budaya, peserta didik dapat menentukan :
1. Topik teks tersebut.
Topik adalah pokok pembicaraan dalam teks tersebut.

2. Amanat dari teks tersebut.


Amanat adalah pesan yang terkandung dalam teks tersebut.

3,4. Arti kata-kata sulit yang terdapat dalam teks.


Gegayutane = sesambungane
Dipandegani = dipimpin
Arak-arakan = karnaval

5. Pokok-pokok isi teks.


Cara menentukan pokok-pokok isi teks :
Bacalah teks cerita, kemudian tentukan pokok-pokok isi teks tersebut.

6. Menceritakan kembali isi teks dengan ragam karma.


Cara menceritakan kembali isi teks :
Bacalah dan pahami teks cerita, kemudian ceritakan kembali menggunakan ragam karma.

KD 3.2 Memahami teks cerita “ Gathutkaca Gugur”


Materi : Teks cerita “Gathutkaca Gugur”

Gathutkaca Gugur
Wengi iku Prabu Salya duka yayah sinipi amarga putrane kang kinasih Arya Burisrawa gugur ing madyaning
paprangan. Kabeh didukani lan diamuk klebuAdipati Ngawangga ya Adipati Karna. Adipati Karna ora trima disalahake,
sanalika iku uga banjur mbirawaake dheweke madeg dadi senapati. Adipati Karna banjur nggempur wadya Randhu –
watangan wengi iku uga. Bab kang ora lumrah perang ing wayah wengi ndadekake wadya Pandhawa panas atine.
Raden Arjuna banjur siyaga bakal madeg senapati ngadepi Adipati Karna.Nangung dipenggak dening Prabu Kresna,
amarga perang wayah wengi iku perang kang ora manut aturan.
Prabu Kresna banjur dhawuh marang Raden Gathutkaca supaya madeg senapati ing wengi iku. Raden
Werkudara minangka bapake Gathutkaca sejatine ora lila anake madeg senapati.Jalaran kang bakal diadepi iku
senapati kang digdaya, pinunjul lan nduweni sanjata kang ampuh. Prabu kresna menehi pitutur marang Raden
Werkudara, “Majune Gathutkaca iku kanggo labuh marang bangsa lan negara. Saumpama ing paprangan mengko nganti
gugur iku mujudake mati kang mulya lan bakal oleh ganjaran swarga”.

7.9. Mengartikan kata-kata sulit yang terdapat dalam teks.


Kata-kata sulit yang terdapat dalam teks :
Duka yayah sinipi = nesu tenanan/ nesu banget
Mbirawakake = ngumumake
Pinunjul = onjo, unggul
Madyaning = tengah
Gugur = mati
Kinasih = paling disenengi

8. Menjawab dan mengajukan pertanyaan tentang isi teks dengan ragam ngoko.
Cara menjawab dan mengajukan pertanyaan tentang isi teks :
Bacalah teks cerita secara lengkap kemudian jawablah pertanyaan sesuai isi teks tersebut.
a. Apa : menayakan suatu benda, contoh : Apa kui sing dimaem ?
b. Sapa : menanyakan nama orang, contoh : Sapa kae sing nangis ?
c. Kapan : menanyakan waktu, contoh : Kapan entukmu mangkat ning Bali ?
d. Pira : menanyakan jumlah, contoh : Pira regane sepatumu ?
e. Kepiye : menanyakam keadaan, contoh : Kepiye kabare bapakmu ?
f. Genea : menanyakan alasan, sebab akibat, contoh : Genea kowe kok sedih ?

10. Menentukan pokok-pokok isi teks.

# succes@Mbhe Soeraji 1
Cara menentukan pokok-pokok isi teks :
Bacalah teks cerita, kemudian tentukan pokok-pokok pembicaraan teks tersebut.

11. Menentukan tokoh dalam teks.


Tokoh-tokoh dalam teks :
- Gathutkaca - Prabu Salya
- Prabu Kresna - Adipati Karna
- Raden Werkudara - Raden Arjuna

12. Menentukan tembung saroja dengan benar


Tembung saroja yang terdapat dalam teks adalah yayah sinipi
Contoh tembung saroja yang lain :
- Abang mbranang - bagas waras - edi peni
- Jabang bayi - rahayu slamet - guyub rukun
- Tata karma - unggah ungguh - welas asih, lsp

KD 3.3 Memahami teks cerita pengalaman yang mengesankan


Materi : Teks cerita yang mengesankan

Mukti lan Rudhi esok kuwi lagi gawe dolanan othok-othok. Dheweke banjur crita pengalamane sing nyenengake
kaya cerita kang ana ngisor iki.

Dolanan Montor Othok-othok


Bocah pancen seneng dolanan kang bias nyuwara banter. Tambah banter swarane tambah seneng. Sompring
saka wit pring kang tipis lan wus diresiki glugute bias dadi dolanan, yaiku nalika sompring diselipake ing ban mburi
sepedha. Banjur sompring kasebut bakalan muni nalik kena ruji ban mburi. Mula para wong tuwa akeh sing nesu
amarga dolanan kasebut marai kuping lara.
Dolanan liyane kang uga nyuwara yakui montor othok-othok. Dolanan kasebut dijenengake othok-othok
amargi swarane koyo ngunu kuwi. Carane gawe dolanan kasebut yakui ubarampene kang arupa pring diresiki dhisik.
Saliyane kuwi, sandhal karet kang wus ora kanggo dibentuk bunder kanggo rodha utawa ban montor othok-othok. Aja
lali golek kaleng susu sing ora kanggo, kethokan gembreng lan karet tilas ban njero sepedha montor.
Carane gawe yaiku pring kang dawane 1 meter disigar dadi loro ing salah sijine pucuk. Sabanjure kuwi saben
pucuk diwenehi pring kanggo as rodha. Dene rodha saka wekas sandhal karet disigar ing tengahe. As rodha
diwenehisigaran kuwi. As rodha kuwi dilebokake ing pucuk kayu kang wus ana.
Sabanjure trempolong wekas susu, ditali ing ndhuwur as rodha kang wus dipasang sakdurunge, ing antarane
trempolong lan as rodha kang wus ana gembreng mau, diwenehi kethokan as ban njero sepedha kang wus ditali. Ing
tali kuwi uga wus dwenehi kayu. Wus rampung. Carane yaiku rodha yen wus mlaku gembreng ing as rodha bakal kena
kayu kang wus ditali ing karet. Kayu kasebut bakal nuthuk trempolong. Tambah banter olehe nglakokake montor kuwi
sansaya tambah banter unine othok-othok.

Disajikan penggalan teks cerita pengalaman yang mengesankan, peserta didik dapat :

13. Mengartikan kata-kata sulit yang terdapat dalam teks :


Sompring = sumpritan sepedha
Ubarampene = bahan-bahane
Kethokan gembreng = kethokan seng
Trempolong = cempolong wekas susu kaleng

14. Menjawab dan mengajukan pertanyaan tentang isi teks dengan ragam ngoko dan krama

15. Contoh ragam ngoko lugu, ngoko alus, dan krama :

Tembung ngoko lugu Tembung ngoko alus Tembung krama alus


mangan nedha, madhang dhahar
ngombe minum ngonjuk
lunga kesah tindak
turu tilem sare
lara sakit gerah, lsp

16. Menentukan pokok-pokok isi teks cerita pengalaman yang mengesankan

17. Menceritakan kembali isi teks cerita yang mengesankan dengan ragam krama

KD. 3.4 Memahami tembang Kinanthi

# succes@Mbhe Soeraji 2
Materi : Disajikan satu pada tembang Kinanthi, siswa dapat :

Kinanthi
Anjagi lingkunganipun
Dimen resik resep asri
Para mudha trus tumandang
Lingkungane diresiki
Kabeh warga padha sehat
Lelara padha sumingkir

18. Mengartikan kata-kata sulit yang terdapat dalam tembang kinanthi.


Anjagi = njaga
Resep = kepenak disawang
Asri = endah
Tumandang = nyambut gawe
Sumingkir = nyingkir, lunga

19. Menceritakan kembali isi tembang kinanthi dengan ragam karma.

Contoh lain :

Tembang Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witeng nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodyayu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Ingkang iga iga keksi

Arti kata sulit


a. Anoman : ketek
b. Prapteng : tumeka ing
c. Mulat : nonton
d. Wanodyayu : wanita ayu
e. Kuru aking : gering
f. Kisma : lemah
g. Keksi : katon

Menceritakan kembali isi tembang kinanthi dengan ragam krama


Anoman wis mlumpat neng uwit nagasari, ndelog mengisor, dheweke weruh ono sawijining wanita kang kuru
awake, senajan ayu nanging ketok ora keurus. Rambute ora tau dijungkati , gelunge udhar lan rambute reged
campur lemah. ( ngoko )

20. Menentukan kalimat berhuruf Jawa yang menggunakan pasangan.

21. Menentukan guru lagu dan guru wilangannya dengan tepat.


Tembang kinanthi cacahe ana 6 gatra (8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i)
Guru lagu : tibaning swara ing saben pungkasaning gatra ( u, i, a, i, a, i )
Guru wilangan : cacahing wanda ing saben sagatra ( 8, 8, 8, 8, 8, 8 )

KD 3.1 Memahami isi teks pidhato tentang perpisahan kelas VI


Materi : Disajikan penggalan teks pidhato, siswa dapat :

 Teks pidato
Perpisahan Siswa Kelas VI

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Ingkang dhahat kinurmatan, Bapak Kepala Sekolah SDN 2 Dermolo
Ingkang dhahat kinabekten para bapak ibu guru SDN 2 Dermolo
Ingkang dhahat kinabekten para bapak lan ibu tamu undangan
Para rencang sedaya saha adhik kelas ingkang kula tresnani
Sakderengipun kawula matur ingkang sakalangkung kathah, sumangga kula lan panjenengan sedaya tansah
ngunjukaken puji lan syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat, lan
hidayahipun dhumateng kula lan panjenegan sedaya. Inggih naming kanthi palilahipun Allah SWT kula lan
panjenengan sedaya saget makempal wonten ing papan menika kanthi wilujeng ing sambikala.
Para rawuh ingkang kinurmatan, bingah sanget manah kula lan rencang-rencang kelas VI sedaya, awit sampun
saget muntasaken pasinaon sakdangunipun 6 tahun wonten ing SDN 2 Dermolo mriki. Pramila kula minangka wakil
saking murid-murid kelas VI sedaya ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindan dhumateng Bapak Kepala
Sekolah lan sedaya bapak/ibu guru. Inggih awit saking sih katresnan bapak/ibu guru ingkang sampun nggulawenthah
kanthi sabar, tulus lan ikhlas. Saengga kula sakanca saget ngrampungaken sekolah. Mugi-mugi bapak/ibu guru pikantuk
ganjaran ingkang langkung sae saking Gusti ingkang Maha Agung, amin.

Bapak, ibu guru tuwin adik-adhik ingkang satuhukula kurmati, sekedhap maleh kula sarencang ninggalaken
pawiyatan menika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar bapak/ibu guru saha adhik-adhik. Namung
kawontenan kedah mekaten, pramila kepeksa kula sakanca nilaraken bapak/ibu saha adhik-adhik kelas sedaya.

# succes@Mbhe Soeraji 3
Kula sakanca nglenggana bilih asring sanget damel Bapak lan Ibu guru duka. Pramila kula sakanca nyuwun
agunging samodra pangaksami. Salajengipun nyuwun tambahing berkah pangestunipun Bapak saha Ibu guru, supados
kula sakanca anggenipun bade pados sekolah lan dipun paring gampil ugi anggenipun nempuh pendhidhikan ingkang
langkung sae wonten jenjang sekolah ingkang langkung inggil.
Kula sakanca tansah nyenyuwun lan ndedonga mugi adhik-adhik sedaya saget kasil anggenipun ngangsu
kawruh wonten ing pawiyatan menika.
Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten ingkang saget kula aturaken, menawi wonten kalepatan anggen
kula matur, kula nyuwun agunging pangaksami. Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr,wb.

22. Mengartikan kata-kata sulit yang terdapat dalam teks pidato.

Kata-kata sulit yang terdapat dalam teks pidato


Nggulawenthah = ndhidhik
Pawiyatan = sekolah
Awrat = abot
Dangu = suwe
Nglenggana = ngrumangsani
Ngangsu kawruh = sinau
Tuwin = lan

23. Menjawab pertanyaan tentang pokok-pokok isi teks pidato.


Cara menjawab pertanyaan tentang isi teks :
Bacalah teks cerita secara lengkap kemudian jawablah pertanyaan sesuai isi teks pidato tersebut.

24. Membuat pertanyaan tentang pokok-pokok isi teks pidato.


Membuat pertanyaan yang jawabannya terdapat dalam teks pidato

25. Menjelaskan isi teks pidato.


Bacalah teks pidato kemudian jelaskan isi teks tersebut.

Disajikan bagian tertentu dari sebuah teks pidato, peserta didik dapat:

Bapak Kepala Sekolah ingkang kula urmati, para bapak lan ibu guru ingkang kula urmati. Monggo kula
dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos.

26. Menunjukkan nama bagian pidato tersebut.

Bagian-bagian/kerangka teks pidato


- Pambuka/Purwaka basa
- Salam pambuka
- Pakurmatan marang para tamu kang padha rawuh
- Pambukaning pidhato/sesorah
- Isi/surasa basa
- Isining pidhato/sesorah
- Panutup/wasana basa
- Panutuping pidhato/sesorah
- Salam panutup

27. Menentukan topic.


Topik adalah pokok pembicaraan dalam teks tersebut.

28. Disajikan sebuah penggalan pidato, peserta didik dapat menentukan kerangka pidhato dengan benar (lihat
No.26)

KD 3.2 Memahami teks percakapan/dialog dengan teman sebayanya atau orang tua

Teks percakapan
Dadi golekan

Rika : “Wah, elok tenan ya, Candhi Borobudhur iki!”


Indri : “Iya, jelas Rik, lha wong Candhi Borobudhur kalebu 7 keajaibane donya.”
Rudi : “Ayo mlaku-mlaku munggah mrono!”
Arip : “Iya, mlaku munggah mrono.”
Rudi : “Aku tak mlaku mrana dhisik ya!”
Rika : “Rud, ati-ati ya. Aja pisah karo rombongan, bias ilang lho!”
Rudi : “Ora-orane yen ilang, wong aku ngerti tulis kok. Yo takon-takon to mengko.” (mlayu ngadoh)
(bocah-bocah lan bapak ibu guru muter-muter plesir ing Candhi Borobudhur)
(nalika ing bis arep mulih)
Pak Guru : “Bocah-bocah, sapa sing durung munggah bis?”
Riki : “ Rudi Pak, manggene kalihan kula ten kursi mriki”
Pak Guru : “Lha Rudi kelompoke sapa mau?”
Indri : “Kula, Rika kalihan Riki, Pak”
Rika : “Kala wau Rudi pamit minggah candhi piyambak”
Indri : “Nggih, leres Pak. Sampun dipun emutaken Rudi mboten nggugu malah nekat, Pak”

# succes@Mbhe Soeraji 4
Pak Guru : Yo wis, tak menyang ruang informasi ben cepet ketemu”
(Pak Guru tindak menyang ruang informasi. Rudi ditunggu ing kana. Rudi ketemu banjur munggah bis)
Riki : “Owalah Rud, Rud. Wong kok gawe kesele wong akeh. Mula yen dikandani manuta!”
Rudi : (Rudi ndungkluk)
“Kanca-kanca aku njaluk ngapura, ya. Aku wis ngrepotake kowe kabeh. Pak Guru, kula nyuwun
pangapunten, Pak”
Pak Guru : “Ya, wis tak apura. Aja dibaleni maneh!” (Rudi nyalami Pak Guru)
Rudi : Inggih Pak, maturnuwun sanget” (Bis terus mlaku)

29. Mengartikan kata-kata sulit yang terdapat pada teks.


Plesir = mlaku-mlaku
Minggah = munggah
Nggugu = ngandel,manut
Manggene = manggone

30. Menjawab pertanyaan tentang isi teks.


Bacalah teks secara keseluruhan kemudian jawablah pertanyaan.

31. Membuat pertanyaan yang berkaitan dengan isi teks.


Membuat pertanyaan yang jawabannya terdapat pada teks.

32. Menentukan penempatan letak tokoh dan dialognya dengan tepat.


Nama tokoh ditulis di depan kalimat percakapan, dan antara nama tokoh dan kalimat percakapannya diberi titik
dua (:)

33. Menentukan topik dari teks pacelathon dengan tepat.


Baca dan pahami teks tentukan pokok pembicaraan dalam teks.
 Catheten bab-bab kang wigati saka pacelathon iku.
 Topik utawa bab apa kang diomongake;
 Sapa kang nindakake pacelathon; lan
 Papan pacelathon iku ditindakake.

34. Disajikan sebuah ukara ngoko, peserta didik dapat mengubah menjadi krama alus dengan tepat.
Basa krama alus digunakake wong nom marang wong kang luwih tua.
a. Tuladha ukara basa krama alus :
- Mbah kakung midhangetaken siyaran ringgit wacucal
- Pakdhe tindak dhateng Tawangmangu nitih bis
- Ibu saweg dhahar sekul goreng
- Simbah saweg sare
b. Tuladha ukara basa ngoko alus :
- Mbah kakung midhangetaken siyaran wayang kulit
- Pakdhe tindak neng Tawangmangu numpak bis
- Eyang lagi dhahar sega goreng
- Simbah lagi sare
c. Tuladha ukara basa krama lugu :
- Mbah kakung mirengaken siyaran wayang kulit
- Pakdhe kesah dhateng Tawangmangu nitih bis
- Yanti saweg nedha sekul goreng
-   Simbah saweg tilem
d. Tuladha ukara basa ngoko lugu :
- Mbah kakung ngrungokake siyaran wayang kulit
- Pakdhe lunga neng Tawangmangu numpak bis
- Aku lagi mangan sega goreng
- Simbah lagi turu

35. Disajikan kalimat berhuruf jawa yang menggunakan kata-kata yang yang berakhir dengan konsonan h, ng, dan r ,
peserta didik dapat menentukan transliterasi latin yang paling tepat.

Wignyan
wignyan adalah pengganti huruf mati H. apabila huruf diberi wignyan maka akan dibaca ...h misal
"basaH". letaknya di sebelah kanan huruf (di belakang).

Cecak/cecek
apabiala ditambah dengan cecak/cecek maka akan dibaca dengan akhiran NG (....ng), misal
"pisaNG". letaknya di atas huruf.

Layar
apabila huruf jawa diberi sandangan layar maka huruf itu akan dibaca berakhir huruf R (....r), misal
"besaR". letaknya di atas huruf.
36. Disajikan kalimat berhuruf jawa yang menggunakan kata-kata berfonem e, i, o, atau u, peserta
didik dapat menentukan transliterasi latinnya yang paling tepat.

# succes@Mbhe Soeraji 5
Sandhangan digunakan dengan menambahkan beberapa "coretan" pada satu aksara nglegena untuk merubah
bunyinya.

Wulu = i

Suku = u

Pepet = e (pada kata semut)

Taling = e (pada kata merah)

Taling tarung = o

37. Disajikan kalimat berhuruf Jawa yang menggunakan pasangan sederhana, peserta didik dapat menentukan
transliterasi latinnya yang paling tepat.

38. Disajikan kalimat berhuruf latin yang menggunakan kata-kata yang berakhir dengan konsonan h, ng, dan r,
peserta didik dapat menentukan penulisan kalimat berhuruf jawa yang tepat.

39. Disajikan kalimat tunggal yang menggunakan kata-kata yang berakhir dengan konsonan, peserta didik dapat
menentukan penulisan kalimat berhuruf jawa yang tepat.

40. Disajikan kalimat berhuruf Jawa rumpang, peserta didik dapat melengkapi sehingga menjadi kalimat yang utuh.

URAIAN

# succes@Mbhe Soeraji 6
41. Menyajikan cerita yang mengesankan dalam ragam karma.
Ceritakan pengalaman siswa masing-masing yang mengesankan dalam ragam krama.

42. Menjawab pertanyaan tentang isi tembang kinanthi ragam krama.


Pertanyaan dan jawaban tentang isi tembang kinanthi
Bacalah/nyanyikanlah dan pahami isi tembang kinanthi

43. Disajikan sebuah pokok pikiran/tema tertentu, peserta didik dapat mengembangkan menjadi sebuah
paragraf
Cara mengembangkan teks pidato :
a. Pambuka
- Salam pambuka, yaiku salam kang kudu diucapake dening paraga kanga rep sesorah sing ditujokake
marang para tamu. Contone : assalamua’alaikum wr.wb. / sugeng…( enjang, siang, dalu, lsp)
- Pakurmatan, yaiku para tamu kang rawuh, iki perlu kanggo ngaturake salam pakurmatan lan ngerteni
marang sopo sesorah kui.
- Minangka umat kang ngrasuk agama, perlu tansah ngonjukake sokur marang Gusti Allah
b. Isi, yaiku minangka tujuan sesorah
c. Panutup, yaiku ukara kanggo mungkasi sesorah
d. Salam panutup, yaiku salam panutuping sakabehing rerangken sesorah, contone : wassalamu’alaikum
wr.wb. / sugeng …(enjang,siang, dalu), nuwun lan liya-liyane

44. Disajikan teks pacelathon, siswa dapat mengubah teks pacelathon menjadi bentuk narasi dengan benar.
Cara mengubah teks percakapan menjadi narasi :
1. Pahami bagian-bagian teks percakapan, yaitu :
- Nama tokoh, ditulis di depan kalimat percakapan, dan antara nama tokoh dan kalimat percakapannya
diberi titik dua (:)
- Kalimat percakapan, yaitu kalimat yang diucapkan para tokoh/pelaku
- Kalimat petunjuk, yaitu kalimat yang menunjukkan apa yang harus dilakukan oleh tokoh dalam
percakapan.
2. Selanjutnya buatlah teks percakapan menjadi cerita narasi, yaitu teks yang menjelaskan tokoh atau kejadian
secara kronologis.

45. Disajikan kalimat berhuruf latin yang menggunakan fonem e, i, o, dan u, peserta didik dapat menentukan
penulisan kalimat berhuruf Jawa yang benar.

Tari Lenggeran

# succes@Mbhe Soeraji 7
Lenggeran kui seni drama tradhisional Banyumasan sing dipadhu karo seni tari uga dialog. Jenis kesenian rakyat
iki biasa digelar ing lapangan terbuka utowo pelataran omah sing duwe hajatan. Penarine ( lengger ) biasane ana 2
penari wadon ditambah badhut ( lanang ) sing jedhul ing pertengahan wektu pertunjukan. Musik pengiring tari
Lengeran kui perangkat musik calung Banyumasan. Perangkat musik iki sebagian saka perangkat gamelan. Ana ing
pungkasaning pagelaran, biasane penonton oleh melu munggah panggung nari bareng penari lengger sambi ngaweh
saweran marang lenggere.

1. Topik teks : Tari Lenggeran


Topik teks adalah inti utama dari seluruh isi tulisan yang hendak disampaikan oleh penulis.

2. Amanat atau pesan yang disampaikan kepada pembaca,


Tuladha : Tari Lenggeran wajib dilestariake

3.4. Arti kata sulit :


Tuladha :
a. Jedhul : metu
b. Hajatan : duwe gawe

5. Pokok – pokok isi teks :


Cara menentukan pokok-pokok inti teks:
- Cari pernyataan umumnya ( kalimat utama)
- Temukan pokok pikiran degan membaca seksama disertai dengan pemahaman
Tuladha : tari lenggeran kui saka Banyumas, biasane ditanggap wong hajatan / duwe gawe.

Pengalaman yang Mengesankan

Nonton Wayang

Nalika preinan semesteran kula kaliyan adhi sowan dhateng daleme simbah, ingkang wontn ing Dusun Sedya
Tama, Kecamatan Gading Kuning, ing Lereng Gunung Slamet. Hawanipun asrep, sitinipun subur ugi mirah yoya.
Masyarakatipun kathah – kathahipun tani, lan wonten ingkang ternak ulam.
Wonten dalemipun Simbah, kula pikantuk kanca enggal, naminipun Bambang Sukaca, putranipun Pak Hadi
Sanjaya.

13. Arti kata sulit


Tuladha :
- asrep : atis, anyep
- siti : lemah

14. Menjawab dan mengajukan pertanyaan dengan ragam ngoko dan karma
Ragam ngoko adalah bahasa Jawa yang paling umum dipakai dikalangan orang Jawa. pemakaiannya dihndari
untuk berbicara dengan orang yang dihormati atau orang yang lebih tua.

Ragam krama :
1. Krama inggil alus : bahasa jawa yang paling tinggi, biasa dignakan untuk orang-orang yang lebih tua.
2. Krama madya : bahasa jawa setingkat berada di bawah kromo inggil, biasa digunakan untuk orang yang
setingkat, untuk menunjukkan sikap lebih sopan.

Tuladha :
a. Ana tlatah ngendi omahe Simbah? (ngoko)
Dusun Sedya Tama, Kecamatan Gading Kuning
b. Kala punapa kula lan adhi sowan dhateng dalemipun Simbah ? (krama)
Nalika preinan semesteran

16. Pokok – pokok isi teks


Tuladho :
- Nalika preinan semesteran kula lan adhi sowan dhateng daleme Simbah
- Wonten dalaeme Simbah kula pikantuk kanca enggal

17. Menceritakan isi teks cerita dengan ragam krama


Tuladha :
Nalika preinan semesteran kula sowan daleme simbah ingkang wonten Dusun Sedya Tama, Kecamatan Gading
Kuning, wonten daleme Simbah kulo pikantuk kanca enggal naminipun Bambang Sukaca.

# succes@Mbhe Soeraji 8

Anda mungkin juga menyukai