Anda di halaman 1dari 5

PASINAON BASA JAWA 3.

4 (BASA RINENGGA)

BASA JAWA
KD 3.4 BASA RINENGGA

1. Identitas
a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
b. Semester :2
c. Kompetensi Dasar : 3.4 dan 4.4
d. Jam : 10 x 45’

3.4 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis


penggunaan bahasa dalam teks sastra dan non sastra
secara lisan dan tulis.
4.4 Membandingkan penggunaan bahasa dalam teks
sastra dan non sastra secara lisan dan tulis.

e. Indikator Pencapaian Kompetensi :

3.4.1 Mengidentifikasi karakterisitik bahasa dalam teks sastra.


3.4.2 Mengidentifikasi karakterisitik bahasa dalam teks non sastra.
3.4.3 Mengklasifikasikan jenis basa rinengga/lalongèt dalam teks.
3.4.4 Menjelaskan makna basa rinengga/lalongèt dalam teks.
3.4.5 Menganalisis basa rinengga/lalongèt dalam teks.
3.4.6 Menganalisis panyandra/oca’ pangalem dalam kegiatan budaya.
3.4.7 Mendemonstrasikan teks panyandra/oca’ pangalem dalam kegiatan budaya.
4.4.1 Membandingkan penggunaan bahasa dalam teks sastra dengan teks non sastra
4.4.2 Membuat kalimat yang memuat basa rinengga/lalongèt.
4.4.3 Menulis paragraf yang memuat basa rinengga/lalongèt.

f. Materi Pokok : Basa Rinengga


g. Tujuan Pembelajaran :

Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi, dan analisis, peserta


didik dapat menulis paragraf yang memuat basa rinengga, sehingga
peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang
dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli, dan bertanggung jawab,
serta dapat mengembangkan kemampuan berpikirkritis,
berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi (4C).

h. Materi Pembelajaran
o Lihat dan baca pada Buku Teks Pelajaran (BTP): 1) Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W..
2014. Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas X. Surabaya: Penerbit Duta; 2)
Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas X.
Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur; 3) Hidayah, Nurul dan Umi
Nayirotin. 2015. Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas X. Jakarta: Penerbit
Erlangga; lan 4) Riyadi, Imam. 2015. Suluh Basa Jawa Gagrag Anyar. Blitar:
Yudhistira.
PASINAON BASA JAWA 3.4 (BASA RINENGGA)

2. Peta Konsep
Teges

Titikan
Basa
Rinengga
Jinis

Tuladha

Kagiyatan Mangun Konteks lan Pemodhelan


Pasinaon 1 Basa Rinengga

Ing kagiyatan iki, para siswa nyinaoni bab basa ing teks sastra utawa non sastra, mligine
babagan basa rinengga. Sadurunge, kanggo nggampangake anggone nyinaoni bab iki, Ayo
bebarengan diwaca uraian materi lan tuladha ing ngisor iki!

Basa Rinengga
Basa Rinengga kerep diwastani basa endah. Basa rinengga gabungan saka tembung
basa lan rinengga. Rinengga tegese dipacaki utawa dipaesi amrih endah saha ngresepake.
Basa rinengga kerep digunakake ing geguritan, sesorah, tanggap wacana, panyandra
manten, saloka, lan saroja.

Carane ngrengga basa, yaiku:


1. Sarana diandharake utawa diserat mawa ukara liya kang tetembungane ngemu surasa
luwih bregas.
2. Diganti tetembungane sawetara, utama diganti tembung kawi.

Basa rinengga luwih kerep digunakake sajrone teks sastra, nanging supaya luwih
gampang ayo dingerteni dhisik titikane teks sastra lan nonsastra. Ing ngisor iki bakal
dicethakake bedane teks sastra lan nonsastra.

Titikane/Bedane teks sastra utawa teks non sastra:


No. Karangan Sastra Karangan Non Sastra
1. Nduweni sipat khayal/imajinatif Nduweni sipat nyata/objektif
2. Nggunakake basa sastra Nggunakake basa ilmiyah
3. Nggunakake pilihan tembung, ukara, lan Nggunakake pilihan tembung, ukara,
gaya basa kang bebas lan gaya basa kang winates
4. Nduweni makna konotatif (entar) Nduweni makna denotatif (wantah)
5. Nggunakake aturan basa kang ora ketat Nggunakake aturan basa kang ketat
6. Nduweni sipat opini Nduweni sipat faktual
PASINAON BASA JAWA 3.4 (BASA RINENGGA)

7. Mrasuk ing rasa Mrasuk ing pikiran


8. Nuwuhake kesan kuwat lan endah ing Nuwuhake kesan logis ing batine kang
batine kang maca maca

Jinise Basa Rinengga


 TEMBUNG ENTAR
Tembung entar yaiku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegese dadi beda
saka asal usule. Tembung entar tegese ora kaya teges salugune (kata kiasan).
Tuladha:
1. Dhasar bocah pinter lan meneng, mula saiki dadi bau tengene Pak Rohmad.
Bau tengene tegese wong kang dipercaya.
2. Dadi wong iku sing dawa ususe ngadhepi pacobaning urip ing donya iki.
Dawa ususe tegese sabar.

 TEMBUNG SAROJA
Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dienggo
bebarengan.
Tuladha:
1. Muga-muga sliramu tansah pinaringan bagas waras.
Tembung bagas padha tegese karo tembung waras, yaiku sehat utawa sehat temenan.
2. Cilik gedhe, enom tuwa, padha jejel riyel ngebaki dalan.
Tembung jejel padha tegese karo tembung riyel, yaiku ngesuk utawa suk-sukan.

 TEMBUNG GARBA
Tembung garba yaiku tembung loro kang digabung dadi siji kanthi ngelongi cacahe wanda.
Tuladha:
1. Narpa + endah = narpendah
2. Sugih + arta = sugyarta
3. Malebu + ing =malebweng
 TEMBUNG PURWAKANTHI: dhapukane saka tembung purwa lan kanthi, tegese
tetembungan kang runtut swara, wanda utawa tembunge.

Wujude Ana Telu:


 Purwakanthi guru swara, kang runtut swarane.
Tuladha: ciri wanci lelahi ginawa mati

 Purwakanthi guru sastra, kang runtut sastra (aksara)-ne.


Tuladha: ing ngarsa sung tuladha ing madya mangun karsa

 Purwakanthi guru lumaksita, kang runtut wanda utawa tembunge.


Tuladha: kolik priya priyagung Anjani putra

 TEMBUNG KAWI:
tembung arkais, lawas, saka basa Jawa kuna.
Tuladha:
kingkinsedhih, tyasati, argagunung, lly.

 PARIBASAN:
unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha:
1. Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan.
Tegese: Wong liya, nanging yen nganti nandang ora kepenak, mesthi dibelani.
2. Nulung menthung
Tegese: Tetulung, nanging wasanane malah saya agawe rekasane wong kang ditulungi.
3. Kalah cacak menang cacak.
PASINAON BASA JAWA 3.4 (BASA RINENGGA)

Tegese: samubarang apa wae, bisa nindakake orane, kanyata sawise dicoba. Mula aja
kesusu kandha ora bisa sadurunge dicoba.

 BEBASAN:
unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan, kang
dipindhakake kahanan utawa sipate manungsa.
Tuladha:
1. Ngubak-ubak banyu bening.
Tegese: Gawe rerusuh ana ing panggonan kang tata tentrem.
2. Idu didilat maneh.
Tegese: Nyeled kasaguhan, njabel janji kang wis dilairake.
3. Nututi layangan pedhot.
Tegese: Ngupaya baline barang remeh kang wis ilang, upama ketemua ora cundhuk karo
rekasane.

 SALOKA:
unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan, nanging
kang dipindhakake wonge.
Tuladha:
1. Bathok bolu isi madu.
Tegese: Wong asor, nanging sugih kaluwihan (pinter).
2. Bebek mungsuh mliwis.
Tegese: Wong pinter memungsuhan karo wong pinter, nanging sing siji kalah ubed,
kalah trampil, kalah kulina.
3. Yuyu rumpung mbarong ronge.
Tegese: Omahe njenggarang gedhe, nanging rekasa uripe (mlarat).

 PEPINDHAN:
unen-unen kang ora ngemu surasa kang sejati. Lumrahe pepindhan nganggo tembung kaya,
lir, pindha, kadya, lly. Kang ngemu karep kaya.
Tuladha:
1. Baguse pindha Raden Arjuna.
2. Cukate lir sikatan samber walang.

 WANGSALAN:
unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhek) dhewe. Ukarane ora persis nanging
memper wae. wangsalan ana kang awujud ukara salarik, bisa uga awujud tembang.
Tuladha:
1. Jenang gula, aja lali karo aku.
jenang gulaglalilali
2. Jae wana saupama, wiwit iku atiku poyang-payingan.
jae wanawitwiwit
PASINAON BASA JAWA 3.4 (BASA RINENGGA)

GLADHEN!
Sawise maca lan mangerteni uraian materi kasebut, coba garapenpitakon-pitakon ing
ngisor iki!

Ukara-ukara ingngisorikingandungtembungkang nggunakake basa rinengga, coba golekana


tegese tembung kang kacithak miring kanthi trep!

1. Dadi bocah aja gedhe endhase.


2. Siti entheng tangane, ngerti penggawean ing omah padha dicandhak.
3. Amarga sombong, Pak Adi dadi kembang lambe ing desane.
4. Wong becik iku ora amung wong kang apik praupane, nanging uga apik budi pakartine.
5. Nalika kagiyatan bersih desa, para warga guyup rukun bebarengan kerja bhakti.
6. Toni tibo jungkir walik nalika sepedahe nabrak pager omahe Pak Untung.
7. Para tamu undhangan klambine sarwendah.
8. Novi dhemenyar amarga ditukokake klambi karo Bapake.
9. Wiwit cilik uripku tansah katula-tula katali.
10. Aja cilik ati, sing sapa salah mesthi bakale seleh.

Gawea ukara saka tembung-tembung ing ngisor iki!


1. dawa tangane 6. gagah prakosa 11. amba jangkahe
2. landhep pikire 7. jabang bayi 12. adol kringet
3. lunyu ilate 8. welas asih 13. prapteng
4. babak bundhas 9. abang kupinge 14. kawuleng
5. abang mbranang 10. adol ayu 15. aneng

Yen wis bisa ngrampungake gladhen kasebut, bisa nerusake kagiyatan pasinaon 2 iki.

Anda mungkin juga menyukai