Anda di halaman 1dari 21

USBN BAHASA JAWA

PANGKUR
Watak : Gagah, Kuat, Prakosa

Mingkar-mingkuring ukara Membolak-balikkan kata


Akarana karenan mardi siwi Karena hendak mendidik anak
Sinawung resmining kidung Tersirat dalam indahnya tembang
Sinuba sinukarta Dihias penuh warna
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung Agar menjiwai hakekat ilmu luhur
Kang tumrap ing tanah Jawa Yang ada di tanah Jawa/nusantara
Agama ageming aji Agama “pakaian” diri

CRITA CERKAK

1. Nilai Agama : menawa neng cerita ana ajakan marang pamaca utawa neng sajroning
cerita kanggo ningkatake iman.
2. Nilai Moral : bisa dideleng saka tindhak-tandhuke tokoh kang ngandhut ajaran moral
kanggo sing maca.
3. Nilai Pendidikan : menawa ana ewah-ewahan pengetahuan kanggo sing maca, saka
ora ngerti dadi ngerti, utawa saka ora bisa dadi bisa.
4. Nilai Budaya : bisa dideleng saka anggone para tokoh omong-omongan, tumindak, lan
anggone nganggo klambi.

PAWARTA
Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang
dumadi, dilumantarke wujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang
wong liya utawa pamireng.
Ciri-ciri :
 Tinemu ing akal (penalaran logis).
 Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H.
 Struktur basa trep.
 Diksi trep ora ambigu.
 Narik kawigaten.
 Basa kang nengsemake.

Perangane pawarta
a. Headline (judul/irah-irahan).
b. Deadline (batas wektu).
c. Lead (teras pawarta).
d. Body language (surasane pawarta/bahasa tubuh).

Unsur-unsur pawarta
5W+ 1H (what ,where, when ,why ,who, how) – (apa ,ing ngendi, kapan, kenapa ,sapa
,kepiye).
Sifat pawarta
a. Aktual (anyar).
b. Jarak (adoh/cedhak).
c. Penting.
d. Akibat.
e. Congkrah/konflik.
f. Tintrim (ketegangan).
g. Kemajuwane inovasi utawa owah-owahan teknologi.

Nilai pawarta
a. Cepet, yaiku aktual lan pas wektune. Pawarta iku sabisa-bisane ngandharake
sawijining bab/prastawa kang anyar.
b. Nyata, yaiku informasi babagan sawijining fakta kang dumadi saka kedadeyan nyata,
panemu, lan pratelan sumber pawarta.
c. Penting, yaiku sesambungan karo wong akeh.
d. Menarik, yaiku bisa narik kawigatene para pamiyarsane.

Teknik nulis pawarta


a. Pengorganisasian/ngumpulake fakta/data. Data ing kene bisa awujud wawancara
(wawan rembug), kedadeyan langsung, utawa data-data tinulis.
b. Nemtokake teras berita (lead).
c. Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja
molak-malik utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingungake pamiyarsa.
d. Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.

OMAH ADAT JAWA


Joglo iku salah siji wangun omah tradisional ing Jawa Tengah. Omah Joglo
dumadi saka rong pérangan utama yaiku Pendhapa lan dalem. Bagian pendhapa arupa
bagian ngarep sing nduwèni ruangan jembar tanpa sekat-sekat, biasané digunakaké
kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan ruangan liya sing sipaté
luwih pribadi. Ciri-ciri bangunan joglo yaiku bagian payon pendhapané dhuwur kaya
gunung.
Bagian:
1. Pendhapa : diapit Pengrawit apitan lan Tajuk mangkurat
2. Pringgitan neng tengah-tengah
3. Dalem ageng utawa dalem : sing dipérang manèh dadi 3 bagian yaiku: Senthong
kiwa, Senthong tengah lan Senthong tengen
4. Gandhok lan pawon
Jenis Variasi Bangunan Joglo :
1. Joglo limasan lawakan utawa “joglo lawakan”.
2. Joglo Sinom
3. Joglo Jompongan
4. Joglo Pangrawit
5. Joglo Mangkurat
6. Joglo Hageng
7. Joglo Semar Tinandhu

SINOM
Watak : Sabar lan Ramah Tamah

Nulada laku utama Contohlah perilaku utama,


Tumrape wong Tanah Jawi Bagi kalangan orang Jawa (Nusantara)
Wong Agung ing Ngeksiganda Orang besar dari Ngeksiganda
(Mataram),
Panembahan Senopati
Panembahan Senopati,
Kapati amarsudi
yang tekun,
Sudane hawa lan nepsu Mengurangi hawa nafsu
Pinesu tapa brata Dengan jalan prihatin (bertapa),
Tanapi ing siyang ratri Serta siang malam selalu berkarya
Amemangun karenak tyasing sesama Membuat hati tenteram bagi sesama
(kasih sayang)

BIMA BUNGKUS
Sinopsis
Ing Ngastina, Dewi Kunthi ngairake bayi kang awujud bungkus. Dhawuhe Dewa,
bungkus kudu di buang ing alas Kredawahana .Ing pertapaan, Raden Permadi njelasake
kahanan Bima Bungkus marang Retawu Begawan Abiyasa. Amarga si bungkus
nggegerake donya, Batara Guru ngutus Gajah sena kanggo mecah si bungkus lan uga
ngutus Dewi Umayi kanggo ngajari babagan apik marang si bungkus. Sak sampunipun si
bungkus pecah, si bungkus mateni Gajah Sena. Banjur Batara Narada nerangake awake
si bungkus lan maringi asma Bratasena. Ratu Tasikmadu nyuwung tulung Bratasena
kanggo mateni Raja Raseksa lan patihipun. Sawise Raja Raseksa lan patihipun mati,
kekiyatanipun mlebu ing awake Bratasena.
Unsur :
 Tema = laire Bratasena kang awujud bungkus
 Alur = maju
 Paraga = Prabu Pandu, Dewi Kunthi, Raden Permadi, Gajahsena, Dewi Umayi,
Kurawa
 Watak paraga = Prabu Pandu : sayang putra lan apikan, Dewi Kunthi : apikan lan
sayang anake, Kurawa : ala, Raden Permadi : sayang marang adine, Gajahsena :
seneng mbantu, Dewi Umayi : apikan lan luma
 Latar :
Panggonan : Negara Astina, Alas Krendhawahana, Kahyangan Suralaya
Wekdal : wektu Bratasena lair
Suasana : bingung, seneng, bungah
 Amanat : sapa sing gelem usaha bakal intuk sing dikarepake

TEKS PRANATACARA
Basa Rinenga yaiku basa sing dirangkai kanthi cara tembunge digabung karo tembung
liya saenga dadi basa sing endah lan nresepake ati.

Jinis-jinise Basa Rinengga :


1. Tembung saroja, yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dianggo
bebarengan.
Tuladha : a. Wayang iku minangka budaya kang adi luhung.

b. Supaya Koperasi Sekolah maju, para pengurus kudu nggunakake akal


budi.

2. Tembung entar, yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata
kiasan). Utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut uga ing basa
Indonesia tembang silihan (kiasan).
Tuladha : a. Para warga pada wedi amarga ana wong lara owah.

b. Sanajan rupane ayu, akeh sing ora seneng amarga tipis lambene.

3. Wangsalan, yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean utawa cangkriman


nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé.
Tuladha : a. Sarung jagung, abot entheng ayo ditanggung (klobot)

b. Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)

4. Paribasan, unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu.
Tuladha : a. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara

b. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake

5. Bebasan, unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa
pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga
katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa
tindak-tanduke
Tuladha :

1. Kocak tandha lukak

tegese : wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe.

2. Sedhakep ngawe-awe

tegese : wis mareni marang tumindak ala nanging ing bathin isih kepingin
nindakake maneh.

3. Ngubak-ngubak banyu bening

tegese : gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.

6. Saloka, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa
pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge
Tuladha :

1. Gajah ngidak rapah

tegese : wong kang nglanggar wewalere dhewe

2. Sumur lumaku tinimba

tegese : wong kang kumudu-kudu dijaluki warah

3. Lahan karoban manis

tegese : wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene

7. Purwakanthi, yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan
nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.
Purwakanthi ana werna telu yaiku :

1. Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi kang runtut swarane.

 Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati.


 Yen gelem obah bakal mamah.
2. Purwakanthi guru sastra : yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa
tulisane.

 Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.


 Sing sapa salah bakale seleh.
3. Purwakanthi lumaksita / purwakanthi guru basa : yaiku purwakanthi sing
tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake.

 Urip iki ora angel, angele sok ginawe dhewe,


 Dheweke tan ngrasa bisa, bisane mung nyadhong dhawuh, dhawuhe Kang
Murba Amasesa.
8. Parikan, unen–unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik
kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi.
Paugeran utawa pathokane parikan :

 Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho.


 Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi, wos.
 Tibaning ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho.
 Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra.
Tuladha parikan

a. Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi

b. Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing prasaja.


c. Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen.

9. Pepindhan, iku unèn-unèn jroning kang mindhakake barang, kahanan siji karo
barang utawa kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung panggandheng : kaya, lir,
pindha, kadya, lir pendah. Pepindhan asring dipigunakaké ing pacelathon padinan,
panyandra jroning adicara penganten, pagelaran wayang utawa jroning babagan
sastra.
Tuladhané Pepindhan

Pepindhan kanggo nyandra putri kang sulistya.

 Ayune kaya Dewi Ratih


 Dedege ngringin sungsang
Panyandra kanggo satriya utawa priya

 Baguse kaya bathara Kamajaya tumurun


 Dedeg piadege gagah prakosa kaya Raden Werkudara
Pepindhan kang kanggo nyandra kahanane wadyabala.

 Abang kumpul padha abang kaya alas kobong


 Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton
 Swarane kaya mbelahna bumi
Pepindhan kanggo nyandra wong nesu utawa nantang perang

 Kopat-kapita kaya buntut ula tapak angin


 Pintera kaya bisa njara langit
Pepindhan kanggo nyandra kahanan

 Abote kaya watu


 Adheme kaya es
Pepindhan liya-liyane

 Ali-aliné nggunung sapikul


 Bedane kaya bumi karo langit
 Begjane kaya nemu emas sakebo
 Domblong kaya sapi ompong
 Galake kaya macan manak

MAKANAN TRADISIONAL JAWA

1. Gethuk
Getuk (gethuk) yaiku tedhan arupa jajanan peken ingkang kedamel saking tela
engkang dipun dang lajeng ditumbuk sareng gendhis abrit utawi gendhis krambil
lajeng diiris-iris uga biyasanipun dihidangke kaliyan parutan krambil.
2. Klepon
Klepon nggeh menika satunggal jajanan tradisional ingkang kedamel saking uwos
ketan ingkang di bentuk kados bal alit kaliyan isi gula jawi lajeng digodhog lebet toya
lan dipuncawisaken kaliyan parutan krambil.
3. Mendut
Mendut yaiku kue teles tradisional khas Jawi ingkang raosipun eca kaliyan tekstur
kenyal amargi kedamel saking uwos ketan dipunremeni kathah tiyang. Kue mendut
arupi ijem dibungkus kaliyan godhong pisang uga disukani kuah santen ing salebete.
4. Nagasari
Nagasari yaiku sawarni kue ingkang kedamel saking glepung uwos, glepung sagu,
santan, uga gendhis ingkang diisi pisang. Kue niki biyasanipun dibungkus kaliyan
godhong pisang lajeng dipun adang.
5. Onde-onde
Onde-onde yaiku satunggaling tedhan ingkan kedamel saking glepung terigu utawia
glepung ketan ingkang digoreng utawi digodhok uga raenipun disukani kaliyan wiji
wijen. Enten ngrupi-rupi variasi saking onde-onde menika, ingkang paling
dipuntepangi nggeh menika onde-onde ingkang kedamel saking glepung ketan uga
ing lebetipun diisi kacang ijo.

POCUNG
Watak : Geguyon, nasehat

Ngelmu iku kalakone kanti laku Ilmu bisa dipahami/dikendhaleni,


Lekase lawan kas Cara entuk kanthi cara awis,
Tegese kas nyantosani Awis tegese nyoba nguatake karakter,
Setya budya pangekese dur angkara Kekuwatan pikiran bakal adoh saka
karakter angkara.
SESORAH
1. Pangerten
Sesorah yaiku micara gagasan utawa panemu sarana lisan ana ngarepe wong akeh.
Sesorah iku katindhaake ana ing acara formal.
2. Jenis Pidhato/Sesorah
a. miturut gunan, sesorah kabagi dadi piranh-pirang jinis, yaiku : sabdatama(sesorah
tunggal),pambagyaharja(mahargya rawuhe tamu),tanggap wacana(sesorah kang
kudu antuk tanggapan)
b. miturut ancase pidato
 Atur pambagya : sesorah kangge nampi rawuhipun para tamu, wonten ing acara
menapa kemawon, umpaminipun : ing pahargyan (pesta), sukuran, lsp
 Atur kabar, pawarta utawi informasi
Informasi saget arupi palapuran utawi nyariosaken satunggale bab dhateng
pamiaraa, pramila bab ingkang kawedharaken kedah gamblang/cetha.
Tuladha : sesorah ing rapat, promosi barang, lan sakpanunggalane.
 Atur panglipur/hiburan (ancasipun supados ingkang mirengaken remen
penggalihipun)
Tuladha : ing layatan, atut saking pambela sungkawa.
 Pangajak
Ancasipun supados ingkang mirengake pitados. Kapilut manahipun saengga
purun nindakaken menapa ingkang dipunwedharaken.
Tuladha : Panyuluhan Kesehatan
3. Perangane Sesorah
a. Uluk Salam (nuwun, kulanuwun, sugeng ndalu lan sanese )
b. Purwaka (puji syukur kagem gusti lan panuwun kagem para tamu)
c. Isi/wigatining atur (ngandarake ancasing acara kang dipuntindakaken)
d. Pangarep-arep ( panyuwun utawi pangajeng-ajeng saking tiyang kang kagungan
kersa dhateng para tamu)
e. Panutup (isi atur panuwun)
4. Cengkorongane Sesorah
a. Salam pembuka (ngucapake uluk salam)
b. Purwaka (isine ucapan syukur)
c. Isi/wigatining atur (bab apa wae kang badhe diaturaken)
d. Pangarep-arep (isine bab lang diauwunake marang para tamune umpamane
donga lan pitutur)

ADAT TRADISI MANTU


Sinduran

Lumampah alon-alon kanthi


nyampiraké kain sindur, minangka
tandha pinangantèn sak kloron wis
tinampa dadi kulawarga. Sinduran
saking tembung sin-isin ndur-mundur
ing kono gadhah teges sléndhang
ingkang warnanipun abrit (abang)
kadhapuk kaliyan pethak ingkang
nglambangaké persatuan saking bapak
lan ibu.

Kacar-Kucur

Yaiku carane kakung aweh raja kaya


saka kantong kain, putri namapani
nganggo kain sindur sing diselehake
pangkone. Kantong kain isi dhuwit
recehan, beras kuning, kacang kawak,
dhele kawak, kara, dan bunga telon
(mawar, melati, kenanga atau kanthil).
Makna kacar kucur yaiku tandha
menawa temanten kakung
tanggungjawab golek nafkah kanggo
kaluwargane. Raja kaya sing diselehake
kasebut ora kena tiba sethitik-thithika, maknane supados temanten putri kaajab
nduweni sifat gemi, nastiti, surtini, lan ngati-ati ngatur rejeki sing diparingi garwane.

GAMBUH
Watak : grapyak, sumanak

Samengko ingsun tutur Kelak saya bertutur,

Sembah catur supaya lumuntur Empat macam sembah supaya


dilestarikan;
Dhihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki Pertama; sembah raga, kedua; sembah
cipta, ketiga; sembah jiwa, dan keempat;
Ing kono lamun tinemu
sembah rasa, anakku!
Tandha nugrahaning Manon
Di situlah akan bertemu dengan

pertanda anugrah Tuhan.

CRITA RAKYAT

Crita rakyat yaiku crita sing asale saka masyarakat lan berkembang ing
masyarakat ing masa lampau sing dadi ciri khas, saben daerah nduweni kultur budaya
sing bedo-bedo nyakupi budaya lan sejarah sing dipek saben daerah. Umume, crita
rakyat ngisahke babagan kedadean neng daerah utawa asal usule daerah. Lakon sing
metu ing crita rakyat umume diwujudake ing bentuk kewan,manungsa, uga dewa.
Cirine yaiku :

- katur turun-tumurun.

- ora kawruhan sapa sing nggawa kapisan.

- sifate tradisional.

- nduweni akeh versi lan variasi.

PARIWARA
Pariwara/Iklan yaiku wujud sesambungan kang nduweni maksud kanggo
menehi greget tetuku, nawakake sawijining barang utawa tenaga, kanggo merbawani
panemune wong akeh, narik payengkuyuning wong akeh amrih pikir lan tumindake
laras karo kekarepe sing masang pariwara.

TEKS EKSPOSISI (SENI PERTUNJUKAN JAWA)

Eksposisi mujudake sawijining teks kang nyritakake analisa proses nganggo cara
narasi kanggo aweh informasi lan njembarake pangertene wong sing maca Wacana
eksposisi digunakake pengarang kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi,
pangerten, cak-cakan sawijining kegiyatan, metodhe, cara, lan proses dumadi sawijining
kedadeyan utawa bab. Dene struktur karangan eksposisi iku kaperang dadi telung
perangan yaiku :

- Tesis (pambuka) isine panemu:


- Argumentasi (surasa/isi) isine bukti, alesan lan argumen:

- Penegasan ulang (panutup) isine dudutan kang nguwatake argumen adhedhasar bukti.

Carane nulis teks eskposisi yaiku:

1. Nemtokake tema kang dadi bakuning gagasan;

2. Nemtokake tujuwan:

3. Ngumpulake data saka maneka sumber;

4. Nyusun cengkorongan sing cocok karo tema sing dipilih;

5. Ngembangake cengkorongan dadi teks eksposisi.

KINANTHI
Watak : Seneng, nasehat, kasih sayang, teladan ingkang becik

Dhuh dewa dhuh jawata gung Duh Tuhan duh Tuhan Agung
Tingalana solah mami Lihatlah perilakuku
Sewu lara sewu brangta Seribu sakit, seribu kasmaran
Tan ana timbange mami Yang tak ada pendampingku
Yen ta ulun tan panggiha Seumpama dewa tidak menemukan
Kalawan pangeran mami Terhadap pangeranku

GEGURITAN

Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati
kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra ,
bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.

Unsur-unsur intrinsik

1. Tema

2. Bahasa kang endah

3. Judul Geguritan
4. Diksi

5. Citra

6. Purwakanthi

7. Amanat kang ono ing jero ne geguritan

Syarat-syarat Maca Geguritan

1. Wirama --> Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.

2. Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan

3. Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan

4. Wicara --> lancar orak e moco geguritan

BUSANA ADAT JAWA

Pria

1. Blangkon 2. Kulambi

3. Setagen 4. Sabuk

P
5. Epek Timang 6. Sinjang

7. Keris 8. Cenela utawi selop

Wanita

1. Sanggul 2. Kebaya

3. Semekan 4. Setagen
5. Januran lan slepe 6. Sinjang

7. Selop

GAMELAN
Kendhang Demung, Saron, Peking
Gong Bonang

Slenthem Kenong

Gender Gambang

Rebab Siter
Suling

DHANDHANGGULA
Watak : umum, luwes, lan melebet ing ati

Yogyanira kang para prajurit

Lamun bisa samya anuladha

Kadya nguni caritane

Andelira sang Prabu

Sasrabahu ing Maespati

Aran Patih Suwanda

Lelabuhanipun

Kang ginelung tri prakara

Guna kaya purune kang den antepi

Nuhoni trah utama

Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna,
andel-andele sang Prabu Sasrabahu ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda.
Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung
(diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing
wong utama.
TEKS EKSPOSISI "WEWALER"
Wewaler

Tuladha:

1. Ora ilok lungguh nang bantal, mengko wudunen.

Artine: Menawa lungguh nang bantal ora apik, amarga bantal iku sing bener kanggo
mustaka

2. Aja mangan karo ngadeng, mbokan wetenge dawa.

Artine: Nalare mangan karo ngadeg iku saru, becike mangan karo lungguh sing apik
lan sopan.

3. Aja ngidoni sumur, mengko suwing lambene.

Artine: Menawa sumur kena idu, banyu sak jrone sumur bakale reged kabeh lan ora
sehat, apa maneh yen duwe lelara nular

4. Ora ilok ngewehi banjur njaluk bali, mengko gulune godhoken.

Artine:Nalika ngewehi apa bae kudu iklas, ora kena dijaluk maneh.

5. Ora ilok dolanan beras, mengko tangane kithing.

Artine: Nalare beras iku bahan panganan sing ora becik yen dinggo dolanan, amarga
nek nggo dolanan beras iku bisa semrawut lan kotor

Gugon Tuhon

Tuladha :

1. Aja mangan ndhodhok ing tengah lawang


Tegese : lire wong mangan ndhodhok ing tengah lawang yen disawang saru
2. Aja nglungguhi bantal, mundhak wudunen
Tegese : bantal iku mapane ana sirah, menawa dilungguhi ora prayoga
3. Aja mangan karo ngadeg, mundhak wetenge dawa
Tegese : amarga mangan karo ngadeg iku saru, becike karo lingguh sing apik
4. Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene
Tegese : menawa sumur kena idu bakal reged, apa maneh yen duwe lelara nular
5. Ora ilok weweh njaluk bali, mundhak gulune gondhoken
Tegese : weweh apa bae kudu sing iklas lair batin, aja ngarep-arep ganten diwewehi

AKSARA JAWA

Pasangan
Sandhangan

Aksara Rekan

Angka Jawa
Aksara Murda

Aksara Swara

Anda mungkin juga menyukai