A. PENGERTIAN
Geguritan yaiku puisi cengkok ayar awujud tetembungan utawa larik-larik tembung kang ngemu
surasa kaendahan kanggo medharake gagasan isen-isening ati, pengarep-arep utawa
pepinginane manungsa kanthi basa kang endah, laras, runtut karo edining rasa naning ora kaiket
paugeran/aturan.
B. JINIS GEGURITAN
Geguritan kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag anyar lan gagrag lawas. Ananging ingkang
saiki dinggo yaiku geguritan gagrag anyar.
D. Unsur kebahasaan
1.Ciri basa: pilihan tembung endah, mentes, lan mentesi.
Migunakake tembung kawi
Rinakit kanthi tipografi kang trep karo isi, amanat, lan gagasan kang diwedharake.
Migunakake wirama lan basa rinengga.
2.basa rinengga yaiku tegese basa kang dironce saka tembung tembung kang beda saengga
dados basa kang endah.
Tuladha:
A) Tembung saroja: tembung loro kang padha utawa meh padha tegese lan dinggo
bebarengan: tuladha edi peni, lila legawa, akal budi, bagas waras, lsp.
B) Pepindhan: unen -unen kang mindhakake barang, kahanan siji karo barang utawa kahanan
loyane. Lumrahe nganggo tembung panggandheng (kaya, lir, pindha, lsp)
Tuladha: ayune kaya Srikandi
1
C) Wangsalan: unen unen kaya cangkriman nanging batangane/bedhekane wis dikandhakake
kanthi disamar ana ing ukara mburine. Batangan dikandhakake kanthi ora cetha namung
sawanda utawa rong wanda ana ing ukara mburine.
E. Unggah-ungguh Basa
Biasane nganggo basa ngoko
F. Nulis Geguritan:
Nemtokake tema
Nggolek ide
Nemtokake obyek
Nggolek ide saka obyek (identifikasi tembung)
Nyusun, ngolah, milah, milih tetembungan supaya dadi geguritan kang mentes.
G. Maca geguritan
Sangune maca geguritan iku penting supaya anggone maca bisa trep, pas, matep saha kepenak
dirungokake utawa disebut 4W, yaiku:
1. Wicara :pocapan kudu cetha, pener, ora blero, ora bindheng. Pangucape swara kudu
bener lan trep.
2. Wirama :utawa irama yaiku munggah mudhune swara, alon lan bantere swara.
3. Wirasa :ngrasakke sajroning ati isine geguritan supaya anggone maca bisa trep lan bener
karo kahanan. (susah, nelangsa, semangat, seneng, pitutur).
4. Wiraga :patrap/sikap, obahing awak, pasemon kang pas, esem lan guyu kang gambarake
isine geguritan.
H. Tuladha Geguritan
Becik Andhap Asor
Dening Nini Klenyem
Kawruh basa:
Kepengin: karep kanggo nindakake apa-ta Urub: uripe geni
apa Sapelik: sethithik, cilik
Rembulan: jinising planet kang ngubengi Samodra: segara
bumi Ombak: obahing banyu gegulungan
Aweh: menehi Sajimpit: sethithik, sapucuking driji
Pepadhang: samubarang kang gawe Piguna: ana gunane
padhang Tumrap: kanggo
Becik: apik Ngaurip: wong urip
Nadyan: senajan Sesama: sapadha-padha
Lintang: wewujudan ing langit katon ing wayah wengi pating krelip
Lilin: samubarang kanggo gawe padhang
Kepetengan: kena peteng, ora ana cahya kang madhangi
uyah: barang kang rasane asin saka kenthelane banyu segara
2
Paribasan lan Bebasan
Paribasan lan Bebasan
A. Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone duwe teges wantah, cra ngemu
surasa pepindhan tuladhane:
1). Adigang adigung adiguna (wong kang ngendel-endelake kekuwatane,kaluhurane lan
kapinterane)
2) Katula tula katali (tansah nemu kacilakan).
3) Yitna yuwana lena kena (Wis mantep banget kekarepane)
4) Ana catur mungkur (Ora gelem ngrungokake omongan/guneman kang ala)
5) Becik ketitik ala ketar (Tumindak ala lan apik iku bakal ketara tembe mburine)
6) Busuk ketekuk pinter keblinger (Sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka)
7) Ana catur mungkur (ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga)
8) Anak polah bapa kapradhah (tegese wong tuwa nemu pakewuh amarga tumindake anake
kang ora becik)
9) Jer basuki mawa beya (samubarang gegayuhan utawa kabeh gegayuhan mbutuhake
ragat)
10) Sepi ing pamrih rame ing gawe (nyambut gawe kanthi ikhlas)
11) Desa mawa cara negara mawa tata (Saben panggonan duwe cara utawa adat
dhewe-dhewe).
12) Jalukan ora wewehan (gelem njaluk nanging ora gelem merne).
2. Bebasan: Unen-unen kang ajeg panganggone, duwe leges entar (kias) mawa gegambar
kewan, barang, kahanan, sing digambarake sipate wong.
1) Abang-abang lambe, tegese guneme mung kanggo lamis-lamis
2) Bapak kesulah anak molah, tegese yen wong-tuwa oleh prekara, anak uga melu
ngrasakake lan tanggung jawab
3) Dudu berase ditempurake, tegese nyambungi gunem, nanging ora cundhuk karo sing
dirembug
4) Emban cindhe emban siladan (pilih kasih utawa ora adil marang siji lan sijine).
5) Esuk dhele sore tempe, (gampang molah-malih atine, ora teteg).
6) Ancik-ancik pucuking eri tegese ana ing kahanan kang nguwatirake
7) Nututi layangan pedhot tegese ngoyak barang kang sepele ora ana ajine.
8) Kegedhen empyak kurang cagak tegese kegedhen panjangka nanging ora sembada.
9) Mikul dhuwur mendhem jero tegese gawe kuncaraning wong tuwa.
10) Nandur pari jero tegese wong gawe kabecikan marang liyan mesthi bakal ana piwalese.
11) Mbidhung api rowang tegese arep gawe cilaka nanging ethok-ethok ngejak kekancan.
12) Sapu ilang suhe tegese kelangan wong kang dadi panutan.
13) Tumbu oleh tutup tegese ketemu jodhone kang cocok.
14) Kriwikan dadi grojogan tegese prekara sepele malah dadi ngambra-ambra.
15) Tumbak cucukan tegese seneng wadul marang liyan.
3
BAB II
TEMBANG
A. Tembang yaiku reriptan utawa dhapukaning basa mawa paugeran tartamtu,kang pamacane
kudu dilagokake nganggo swara. Wujude ana tembang gedhe, tengahan, macapat, lan tembang
dolanan.
B. Tembang dolanan ya iku jinis tembang reripta gagrak anyar kang ora nganggo
paugeran gatra, guru lagu, guru wilangan, lan dhong dhing. Nanging, biyasa ditembangaké
déning bocah-bocah cilik, mligi ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané lan
bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah kawanuhaké bab sato
kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetuwuhan, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.
Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana sajeroning swasana
tinamtu ing pagelaran wayang kulit.Tuladhane tembang dolanan yaiku: Cublak-cublak suweng,
gajah gajah, gambang suling, gundhul pacul, jamuran, jaranan Kidang Talun, Kupu Kuwi, Lir Ilir,
Menthok Menthok, Padhang Bulan, Pitik Tukung, Suwe Ora Jamu, Te Kate Dipanah, jothang
alang-alang
1. Negesi tembung tembung pilihan ana ing Tembang Dolanan Gundhul Pacul
Gundhul gundhul pacul-cul, gembelengan
Nyunggi nyunggi wakul-kul, gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
C. Tembang Macapat
Tembang macapat iku ora amung tembang utawa kidung ananging uga nggambarake
cakramanggilinganing manungsa (daur hidup) wiwit lair tumeka seda. Kawiwitan saka tembang
maskumambang tekan tembang pocung.
1.Maskumbang (janin)
Maskumambang iku diwiwiti anane panguripan ana janin ing njero kandungan. Maskumambang
iku emas kang kemambang.
2.Mijil (lair)
4
Mijil utawa metu, iku nggambarake bayi kang wis lair saka gua garbarie sang ibu. Mjli bisa
ditegesi wijil, wiyos, raras, medal, sulastri.
3.Sinom (taruna/enom)
Sinom iku bisa digunakake kanggo nyebut godhong asem kang isih enom. Mula sinom iku kang
nggambarake wong kang isih enom.
4.Kinanthi (dikanthi/digandheng)
Kinanthi tegese dikanthi, dikancani, digandheng, diarahake utawa dibimbing utawa dipitutun.
Bocah kang isih enom diwenehi pitutur amarga anggone srawung wis saya jembar lan adoh.
5.Asmarandana (kasmaran)
Asmarandana iku saka tembung asmara lan dahana (api asmara)nggambarake asmara kang
dialami dening manungsa.
6.Gambuh (cocok/gathuk)
Gambuh duwe teges cocok utawa gathuk, nggambarake yen wis padha cocok banjur padha
palakrama utawa rabi.
7.Dhandhanggula ( lagi seneng-senenge)
Dhandhanggula tegese angen-angen, gegayuhan kang endah. Wong Kang nemokake seneng
ing ati kaya dene tembang dhandhanggula utawa gula kang manis.
8.Durma ( mundure tatakrama)
Ana kang menehi teges durma iku mundure tatakrama. Wong kang nemu kasenengan lan
kamulyaning urip iku ana kalane lali lan duwe rasa umuk utawa gumedhe.
9.Pangkur ( wis ngungkuri)
Pangkur tegese mungkur saka urusan kadoyan. Manungsa wis ora ngumbar pepinginan lan
nafsune, nanging wis sumeleh lan cedhak karo Gusti Allah
10. Megatruh ( wis pisahing ruh)
Megatruh ditegesi pegat utawa pisahe karo ruh/nyawa. Manungsa wis pisah antarane jiwa lan
ragane. Kahanan kaya mangkono iku manungsa ngadhepi sakaratul maut
11. Pocung ( wis dipocong)
Tembang pucung bisa ditegesi pocong utawa dikafani jenasahe. Ragakang wis ditinggal dening
ruh dirawat lan disucekake sadurunge dibalekake saka asalo yaiku lemah.
5
2. Negesi tenbung ing Tembang Kinanthi
"Kang aran bebuden luhur, dudu pangkat dudu ngelmi, uga dudu kapinteran, lan dudu para
winasis, apa maneh kasugihan, nanging mung sucining ati".
Bebuden tegese watak
Luhur tegese apek/sae.
Ngelmi tegese ilmu
Winasis tegese wong kag wasis utawa wong kang pinter
Sucining ati tegese ati kang resik yaiku tansah nindakake prentah agama.
BAB III
AKSARA JAWA
A. Aksara Jawa lan Pasangane
6
C. Sandhangan Wyanjana ana 3
B. Angka Jawa
GLADHEN 1
Wacanan ing ngisor iki tulisen latin!
Pengayaan
7
GLADHEN II
Wacanan ing ngisor iki tulisen latin!
PENGAYAAN
Wacanan ing ngisor iki tulisen latin!
8
BAB IV
WAYANG
A. Crita Wayang Ramayana
Babone crita wayang ing tanah Jawa iku seiatine saka crita Ramayana lan Mahabarata.
Ramayana iku asale saka bahasa Sanskerta: kang tegese "Lakone Rama". Ramayana minangka
sawijining crita kaprawiran /kepahlawanan saking India kang ditulis Walmiki (Valmiki) utawa
Balmiki
Prabu Rama wijaya kratone ing Ayodya Dasamuka ratu ing Ngalengka jenenge liya
Dewi Sinta garwane Prabu Rama Rahwana wujude buta
Lesmana rayine Prabu Rama Kumbakarna adhine Rahwana
Anoman putrane Dewi Anjani wujude kethek Wibisana adhine Rahwana
Subali (Guwarsi) kangmase Dewi Anjani Jathayu awujud manuk kancane prabu Rama.
Sugriwa (Guwarsa) kangmase Dewi Anjani Sarpakenaka adhine Prabu Rahwana, Isp.
Tembung Dasanama
Tembung dasanama yaiku tembung-tembung kang duwe teges padha.
Tuladha :
Bapak: rama, yayah, bapa, sudarma
Biyung: ibu, simbok, wibi, rena, umi
Anak: atmaja, sunu, siwi, tanaya, suta, putra
Sedulur: kadang, warga, sentana, sudara
Jeneng: peparap, jejuluk, wewangi, kekasih
Bocah: lare, wals, rare
Enom: wredha, sepuh
Ratu: narendra, katong, aji, nata, nareswara, sri
Kraton: kedhaton, kadhatwan, pura, dhatulaya
Uwong: jana, janma, jalma, nara, manungsa
Banyu: tirta, ranu, warih, we, her, sindu, jahnawi
Srengenge: baskara, bagaskara, surya, diwangkara, pratanggapati
Rembulan: candra, badrta, sasadhara, sasangka, sitaresmi, tengsu, basanta
Lintang: kartika, sudama, sasa, taranggana
GLADHEN
A. Crita wayang ngisor iki semaken!
Nalika dumadi paprangan antarane Prabu Rama mungsuh Prabu Dasamuka, narpati
Sugriwa mbiyantu Prabu Rama, ngerigake kabeh wadyabalane lumawan raseksa Ngalengka.
Kacarita Dewi Sarpakenaka kang ngigit-igit banget marang Raden Laksmana, matur marang
Prabu Dasamuka, keparenga ngetoni perang. Gandheng adreng panyuwun Sang Dewi, mula
Prabu Dasamuka nglilani.
Sawise samapta, para wadya Ngalengka banjur mbukak lawang saketheng, metu saka
bebetenging kutha. Dadi campuh perang rame mungsuh bala wanara. Bawane lagi dina kapisan
perange wadya bala wanara lan wadya denawa rame banget. Dina iku akehing pepati tanpa
wilangan. Señadyan cilik, nanging tandange bala wanara ora kena disuwawa. Tekade pilih maju
dadi bangke katimbang mundur nandhang wirang. Yen ana kang mati, kancane banjur padha
waringuten, meree mbeker nggegirisi, terus nyokot, ngancap, nggruwak, mbrakot. Sapa kang kena
kagruwak mesthi bilahi. Suwe-suwe para raseksa padha cilik atine, akeh kang padha lumayu.
Dewi Sarpakenaka kang minangka Mahasenapati, sigra asung sasmita supaya nglepasake
gajah-gajah. 'Kocapa para wadya wanara padha bubar mawut kena pangamuking dwipangga.
Anoman uninga rusaking bala, enggal-enggal ambyur ing pabaratan, ditutake Patih Anila làn Kapi
Menda. Gegedhug kethek telu iku tetulung pepulih rusaking bala. Para wanara bareng ngerti entuk
pambiyantu banjur timbul kekuwatane. Sedhela wae gajah-gajah kang atusan kehe iku mati.
(Kapethik saking Djaka Lodhang, No 26, 25/11/2017: Mulyantara)
10