Anda di halaman 1dari 3

Bader/Kelas XI/ Geguritan 2

MateriKelas XI BAB 1
Pertemuanke 2
TuladhaGeguritan
GagragLawas GagragAnyar
Sun Nggegurit Marhaban Ya Romadhon
Kahanan jaman saiki
Siphat pemudha - pemudhi Langit pasrah
Srawunge saya ndadi Ngutapake mungkure sasi ruwah
Raket wewekane sepi Ana rasa tentrem
Tan kadi jaman nguni Nadyan rembulan durung mesem
Srawunge sarwa ngati-ati Angina aweh sasmita
Getering rasa bungah
Yen manut wasiteng tama Mecaki dina-dina kebak barokah
Priya srawung lan wanita Marhaban ya romadhon
Gampang kena panggoda
Nerak ing laku susila Pasrah, sumarah
Temah darbe jeneng ala Lelandhesan iman lan taqwa
Wusananing tibeng papa Njaga santosaning batin
Ngliwati kamar-kamar proses
Kamar pasa
Kamar teraweh
Kamar tadarus
Kamar iktikaf
Kamar sodaqoh

Dina-dina tanpa kedhat ing panuwung


Lumunture lumut-lumut dosa
Karang siniram sihing gusti

Minggu kalawingi, para siswa sampun nyinaoni materi babagan Pangerten Geguritan, Jinis
Geguritan, sarta Struktur Geguritan.
Kagem pasinaon dinten niki ingkang badhe dipunrembug yaiku babagan Tatacara Ngrakit
Geguritan, Tatacara Nggancarake Geguritan, sarta Tatacara Maca Endah Geguritan.
A. Nulis Geguritan
1. Nemtoake tema
2. Milih tembung kang becik
3. Cacahing gatra (baris) ringkes lan mantes
4. Migunakake basa kang endah
5. Pamilihing aksara swara kang trep saengga wirama endah

Bahasa Daerah/ Kelas XI/ SMKN 2 Buduran


Bader/Kelas XI/ Geguritan 2

B. Nggancarake Teks Geguritan.


Nggancarake (memparafrase) utawa bias diarani ngowahi geguritan dadi karangan bebas,
yaiku nduweni ancas supaya geguritan bias luwih gampang dimangerteni. Amarga geguritan
mestine migunakake tembung lan ukara sing ringkes, padhet, kebak arti. Mulane kanggo
mangerteni apa kang dimaksud panulis iku dudu prakara kang gampang. Salah sijine kanggo
nggampangake yaiku kanthi nggancarake geguritan niku wau. Tata carane menawa badhe
nggancarake geguritan yaiku :
1. Ukara-ukarane tembang utawa geguritan kang mawa tembung bali swara kudu diudhari,
dhapukane ukara kawolak-walik.
2. Menawa ana tembung kawi (tembung Jawa kuna) kudu diowahi dadi tembung Jawa
anyar kang lumrah dianggo utawa dirungokake saben dinane.
3. Menawa ana tembung garba (tembung sandi) kudu diudhari.
4. Kanggo nglarasake ukara supaya ora kaku bias mbuwang utawa ngilangi tembung
sawetara. Mangkana uga tumrap ater-ater lan panambang.
5. Pada/bait kang sakawit wujud bait-bait, kaewahana dadi paragraph kanthi ejaan kang
bener. Nggatekake titik, koma, tandha pitakon, tandha prentah,lan sapanunggalane.
Tuladha :
Geguritan Gancaran
URIPKU URIPKU

Nglamunku sugaring pucuk himawan Nglamunku sing mumbul tekan angkasa


Nalika warsa mbanjiri pangarasan buyar dadakan. Sebabe udan dumadakan
Uripku nelesi bathukku. Ing nglamunku mau, urip
Saya suwe saya ngambang dakrasakake saya nglambrang. Suwe-suwe
Ilang ilang kaya wong mlaku sing ora nemu dalan
Ora nemu dalan

C. Maca Endah Geguritan


Para siswa mestine sampun mangerteni tata cara maca geguritan kanthi endah. Maca
geguritan diarani kasil nalika wis bener lan pener ing bab basane (lafal, Intonasi,
andhegan/jeda, lsp), lan becik utawa endah tur nyengsemake ing bab senine (ekspresi,
solahbawa, wirama, lsp). Lan sing luwih penting maneh, maca geguritan kanthi endah iku
tujuane sing paling penting yaiku sing nyemak, sing ngrungokake dadi ngerti isi, piweling,
lan kaendahaning geguritan sing diwaca.
1. Tata cara maca geguritan sing becik, yaiku :
a. Geguritan kudu wis ditemokake struktur fisik lan batine.
b. Geguritan diwaca paling ora rong rambahan, tembung-tembung, ukara, lan bageyan
kang penting kudu dingerteni luwih dhisik.
c. Geguritan diwenehi tanda pamaca lan tanda andhegan.
d. Kanggo gladhen, geguritan diwaca manut tanda pawacan lan tandha andhegan uga
katrangan solah bawane.

Bahasa Daerah/ Kelas XI/ SMKN 2 Buduran


Bader/Kelas XI/ Geguritan 2

Sing kudu digatekake nalika maca geguritan


a) pocapan/lafal
(a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) Pamacane geguritan, pocapan kudu cetha, ora kena
groyok, pelo utawa rangu-rangu, kejaba kuwi pamacane geguritan kudu bias ngucapake
aksara kanthi bener, umpamine mbedakaken aksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha).
b) Wirama
Tata cara / Etika maca Geguritan yaiku lagu/iramane, maca geguritan, bias minangka
pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter alone wiramane becik
kalarasake karo isine geguritan. Lamun maca geguritan kanthi dhasar karangan (tema)
perjuangan pamacane gurit sing sora lan semangat, beda karo yen maca geguritan isi
kesusahan, kasmaran pamacane ya kudu luwih alon lan sareh.
c) Wirasa
Greged/ penjiwaan /Pemahaman tegese isi Geguritan, cocok/penere anggone negesi
Geguritan. Wirasane nalika maca kudu kaetrepaken karo isining geguritan umpamane
:nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.
d) Wiraga
Ekspresi/mimic yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa.
Obahing badan lan polatan (mimik) kudu luwes (orakaku), prasaja lan ora katon lamun
digawe-gawe.

Bahasa Daerah/ Kelas XI/ SMKN 2 Buduran

Anda mungkin juga menyukai