Anda di halaman 1dari 12

Geguritan yaiku sajinise karya sastra kang arupa puisi jawa

Unsur-unsur intrinsik :
1) tembung kang mentes/ nganggo diksi
2) tema
3) judul
4) amanat
5) basane endah
6) nganggo purwakanthi
7) citraan

Ciri-ciri geguritan :
1) diwiwiti kanthi tembung sungegurit (gagrag lawas)
2) nganggo patokan/ aturan (guru lagu, wilangan, gatra)
3) biasane sekawan gatra lan nganggo purwakanthi swara
4) basane mentes lan endah
5) ana aran pengarang/ pangripta

Model-model geguritan :
1) model naratif/ nyeritakake
2) diskriptif/ nggambarake
3) model lirik/ pasemon utawi kritikan utawi sindiran

Tuladhane :
KATRESNAN
(Muhamad Hanung)

Teka terang sawise udan


Srengenge sore kang padang jembrang
Akeh warna nag awan-awan
Angin sumilir samubarang
Gawe aku dadi kelingan
Dudu barang nanging kepenginan
Marang cah ayu kang wis sue aku tresnani
Sering aku mandheng slirahe kang putih bening
Mripate kangdene kaca cermin
Penampilane sopan ora feminim
Eseme kang legi
Nanging aku ora wani
Njembar rasa kang ana ning ati
Amarga cah ayu kae wis duwe cinta sejati
Merapi
(Puthu Aryana)

Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama kowe bisa cerita
Kabeh kedadean ing tanah jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie gumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi

PAHLAWANKU
(R. Tantiningsih)

Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene baktimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika

PEPELING
(Sendang Mulyana)

Aku ngugemi ngendikamu ibu


Nalika arep budhal sekolah
Nyangking tas kebak buku
Ngger ngendikane pujangga winasis
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Pancen angel yen durung ketemu
Mula aja pegat sinau
Dadia wong pinter
Nanging aja keminter lan keblinger
Dadia wong sugih
Nanging aja sumugih
Dadia petinggi
Nanging aja ngapusi lan korupsi
GEGURITAN LAN ANALISIS STRUKTURE Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana
kang ngarani syair Jawa. Tembung geguritan asale saka tembung Gurita, tembung Gurita owah-
owahan saka tembung Gerita. Tembung Gerita linggane Gita, tegese tembang utawa syair. Geguritan
Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang maneka
warna wujuding dhapukane ( Subalidinata, 1994: 45 ).. Kapirid saka wujud lan isine, geguritan iku
bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas utawa geguritan tradhisional lan geguritan
gagrag anyar utawa geguritan modheren. Geguritan gagrag lawas ( geguritan tradhisional )
Geguritan gagrag lawas yaiku geguritan kang panulise kaiket dening aturan-aturan kaya dene cacahe
wanda saben sagatra meh padha, cacahe larik saben sapada padha utawa meh padha,
persajakan/rima utawa tibaning swara ing pungkasaning larik padha utawa meh padha, lan diwiwiti
kanthi tembung sun geguritan utawa sun anggurit. Paugerane geguritan lawas : • Cacahing
batra/larik/baris saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra. • Cacahing
wanda/suku kata saben gatrane ajeg, adat saben ana wolung wanda. • Dhong-dhinge swara ing
saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara (kaya syair ing kasusastran Indonesia). •
Lumrahe dipurwakani/diwiwiti nganggo tembung Sun Gegurit utawa Sun Anggurit. • Geguritan
gagrag lawas lumrahe isine piwulang: upamane bab tatakrama. Geguritan gagrag anyar utawa
geguritan modheren Geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo
geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya
paugerane geguritan gagras lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing
kasusastran Indonesia, mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani puisi bebas. Ananging owah-
owahan saka geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi proses. Pangripta
kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku R. Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra. Mula yen
dititi kanthi premati geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren nduweni titikan/ ciri : •
Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan. • Tetembungane pilihan, tegese ora
mung waton nggunakake tembung. • Sajak pungkasan mardika/bebas. Geguritan ing jaman
saiki kang ditengenake yaiku tembung kang mentes lan endah. Kaendahane geguritan gumantung
marang: (1) pilihan tembung (diksi); (2) lelewaning basa (majas); (3) digunakake ing saben dina.
Geguritan migunakake basa kang ringkes nanging sugih teges. Tembung kang digunakake yaiku
tembung kias (entar) kang akeh penafsirane. Bab kang kasebut mau diarani struktur geguritan kang
kaperang dadi loro, yaiku : 1) Struktur Fisik a) Pamilihe tembung (diksi). Pamilihing tembung uga
diarani diksi. Tembung-tembung kang ana sajroning geguritan biasane nduweni teges konotatif,
asipat polisemi, lan nduweni teges rowa (abstrak). Pamilihing tembung kang trep bisa ngasilake
imajinasi kang manjila. b) Lelewaning basa (Majas) yaiku tembung kang digunakake penyair
kanggo nyaritakake sawijing bab kanthi cara mbandhingake karo barang utawa tembung liyane. c)
Purwakanthi (Rima/ritma) yaiku mbaleni swara (vocal), mbaleni tembung, kelompok tembung (frasa)
utawa mbaleni ukara. Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan
kekuatan sawijining geguritan. d) Tipografi yaiku larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis
mawa pada utawa bait. Bab kuwi kang mbedakake antaraning geguritan lan gancaran. 2) Struktur
Batin. Struktur batin ing geguritan kaperang dadi papat, yaiku : a) Bakuning gagasan/ tema
(sense); tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang
dikarepake panulis/penyair. Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute. b)
Pangrasane penyair/; yaiku Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges
lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan
kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng,
kangen, gumun, lan sapiturute. c) Nada utawa sikap penyair marang “pembaca”; Tegese patrap
(sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni,
utawa patrap liyane. d) Amanat/ pesen; tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis
marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting
tembung-tembung. e) Suasana; tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan.
Dadi, geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan. Contoh
Geguritan lan Analisise Ature Simbah Carang-carang kanga king Amarga tanpa tumuruning tirta
amerta Nalika tiba ing titi wanci ketiga ngerak iki Jun-jun kang sumendhe wis asat kawit wingi-wingi
Sambat tangis anggegirisi sumebar Ing salumahe bawana Jebul bener ature simbah wingi Aja kok
ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi Banjur saiki coba delengen Ijo royone gunung
kidul omah kae Kaganti dening jangkar-jangkar Kang ndadekake bumi mranggas kaya dina iki Analisis
a. Struktur Fisik – Tipografi Geguritan ‘ature simbah’ disajikan dengan bentuk tipografi rata kiri,
tidak ada bentuk perbait. Baris pertama sampai akhir disusun secara teratur tanpa jarak satu spasi.
Di sini pengarang member aksen-aksen pada baris-baris tertentu, yaitu dengan membuat baris
tersebut lebih panjang dari baris lainnya. Bari situ terletak pada baris ke 4, 8, dan 12. Terlihat
sistematis sekali pengarang dalam menyusun tiap baris. – Diksi Diksi adalah pemilihan kata yang
digunakan pengarang dalam geguritan. Dalam geguritan ‘ature simbah’ tidak terlalu banyak diksi
yang digunakan. Pada geguritan ini makna dari setiap kata sudah jelas. Hanya ada beberapa diksi
yang digunakan yaitu : Aking : kata ’aking’ ini menggantikan kata ‘garing’ yang berarti kering.
Tirta : merupakan nama lain (dasanama) dari air Ketiga ngerak : maksudnya musim kemarau yang
sangat panjang Bawana : merupakan nama lain (dasanama) dari bumi atau tanah Jangkar-
jangkar : maksudnya ranting-ranting pohon yang sudah kering – Imaji yaitu kata atau susunan
kata-kata yang dapat mengungkapkan pengalaman indrawi, seperti penglihatan, pendengaran, dan
perasaan. Imaji dapat dibagi menjadi tiga, yaitu imaji suara (auditif), imaji penglihatan (visual), dan
imaji raba atau sentuh (imaji taktil). Imaji dapat mengakibatkan pembaca seakan-akan melihat,
medengar, dan merasakan seperti apa yang dialami penyair. Dalam geguritan ini penyair
menggunakan imaji suara, hal ini ditunjukkan pada kalimat “ sambat tangis anggegirisi sumebar” –
Kata konkret Kata konkret yaitu kata yang dapat ditangkap dengan indera yang memungkinkan
munculnya imaji. Kata-kata ini berhubungan dengan kiasan atau lambang. Kata-kata seperti aking,
ketiga, asat menjelaskan bahwa pada puisi itu dibuatsedang mengalami musim kemarau yang sangat
panjang. – Gaya bahasa Gaya bahasa yaitu penggunaan bahasa yang dapat
menghidupkan/meningkatkan efek dan menimbulkan konotasi tertentu. Gaya bahasa disebut juga
majas. Ada beberapa majas dalam geguritan ‘ ature simbah’, yaitu : Majas personifikasi pada : –
tumuruning tirta amerta – Jun-jun kang sumendhe – Salumahe bawana Majas metafora pada : – aja
kok ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi – Pencitraan berhubungan dengan alat
indera manusia Dalam puisi ini terdapat pencitraan pendengaran yaitu pada kalimat ‘ sambat tangis
anggegirisi sumebar’. Selain itu juga ada pencitraan penglihatan pada kalimat “ carang-carang kang
king”,”ijo royone gunung kidul omah kae”. b. Struktur Batin – Tema : geguritan ‘ature
simbah’ memiliki tema sosial, yang mengungkapkan tentang pesan dan nasihat dari simbah (nenek)
mengenai musim kemarau panjang yang tengah melanda desa. – Rasa : rasa yang
diungkapkan oleh penyair adalah rasa prihatin terhadap kekeringan yang terjadi dimana-mana
akibat musim kemarau yang terlalu panjang. Banyak terjadi kekeringan dimana-mana. – Nada
: geguritan ini disampaikan dengan nada mengajak untuk bekerja sama dengan pembaca untuk
memecahkan masalah kekeringan. – Amanat : melalui geguritan ini penyair ingin
menyampaikan bahwa semua perkataan orang tua itu baik, dan tentunya apa yang dikatakan orang
tua itulah yang paling benar. Meskipun kebenarannya tidak secara langsung terbukti, tapi suatu saat
pasti kita menyadari kebenaran tersebut. Dalam geguritan ‘ature simbah’ pengarang baru menyadari
kebenaran kata-kata neneknya ketika suatu kejadian sudah dirasakan efeknya. Seperti kejadian
kekeringan akibat musim kemarau. Karena perusakan bumi yang dilakukan manusia secara terus-
menerus menyebabkan pergantian musim tak terkendali. Mungkin pada jaman dulu penyair pernah
dinasihati/ diingatkan oleh neneknya agar menjaga keseimbanagn bumi ini. Dan kini efek itu tengah
dirasakan penyair. Contoh Liyane. Kanggo Kanca Biyen, tanganmu genggem tanganku Biyen,
pundakmu enek kanggo aku nangis Biyen, guyumu nentremke atiku Nanging saiki.... Tangan, pundak,
guyumu ilang saka uripku Kanca-kancaku kabeh,bayangna Apa sajatining kahanan sajroning dunya
Yen ora ana welas lan asih Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih Ing sakjroning manah atiku Aku
ngrasakna kepengin ngamuk wektu iku Kanca lan kancaku Elinga rasa atiku iki Jaganen rasaning
welas asih iki Tema : Geguritan iku nganut tema kekancanan kang rusak amarga ora ana welas
asih Amanat : Kita urip nang dunya iki kudu ana rasa welas asih marang kanca lan sedulur, kita
kudu terus ana wektu kanca butuhne kita
Cheap Offers: http://bit.ly/gadgets_cheap

Senajan Ketok Nakal”

Senajan nyekel buku wae ngantuk


Gayane nyekel rokok neng ngarep kanca-kanca
Ben diarani sangar
Metu bengi-bengi jalan-jalan karo pacar
Ben diarani payu
Nanging ana krenteg atine
Pengen banget bisa sukses
Isa oleh ipk kumlot
Isa gage olih kerja sing bener
Kuwi awakmu nang
Kang ora bisa nahan nafsu senenging donya
Nanging aku salah
Awakmu iki
Saiki wis isa nahan nafsu senenging donya
Lan padhanging donya isa katon ing mripatmu

-Intan Nukhi Adhiya

“Ibu”

Ibu
anakmu kang dak wanti wanti
Kang dak kawatirake
Kak kok titipake ana pawiyatan luhur iki
Iki anakmu
Kang durung isa nyenengke ibu
Kang durung bisa nyenengke keluarga
Kang isih dadi tanggunganmu ibu
Nanging ibu
Anakmu iki bakal banggakke ibu
Banggakke keluarga kabeh
Anakmu rak bakal nyerah bu
Kanggo nyekel lintang ana langit
Kang kadhang ditutup mendhung
Kang kadhang mripat wae wis ora bisa weruh
Nanging anakmu iki janji ibu

-Intan Nukhi Adhiya

Pamulangan

Jare simbah aku kudu sekolah


Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah

Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat


Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat

Jare bapak ibu guru aku kudu sinau


Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju

Nanging
prakanca,

coba delengen kahanan nyata


apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata
pamulangan kang tanpa tuladha
pamulangan kang kasatan piwulang
pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
siji lan siji ana pira?
Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
lali dosa…
kabeh lurung binarung kumalungkung
pamrih pamuji siji
Pamulangan ora aweh pepadang
Simbah,
Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper
Rama,
Nyadong duka
Kulo mboten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah mlarat sekarat

Bapak ibu guru,


Nyuwun donga pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu

-NN

“Kitir”

Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
Sing kebacut anggone nguja sepi
Dolanan swarane asu baung nggeririsi

Kitir iki
Wujud pangundhamanaku marang awang-awang
Sing kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan

Kitir iki
Srana gugatku marang isen-isening jagad
Sing pijer royokan brekat
Tan keguh njaluk ruwat

-Sumono Sandy Asmon

Pahlawanku”

Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika

-R. Tantiningsih

TRESNAKU – TRESNAMU

Rikala kori dakbukak byak


Kaya sinamber gelap lepat

Iki tenan apa ngimpi ?


Sliramu jumeneng nyunggi katresnan
Panggah ora owah
Dinodhog rasa jroning dhadha
Meh wae aku kantaka.
Angenku daklarak ing pangumbaran
Telungpuluh loro warsa kepungkur
Kangmas,
Rasa tentrem rinengkuh ing astamu
Edhum nyawang sorot netramu
Aku katrem, aku kasmaran

Engga wektu jumangkah mlaku


Tresnaku-tresnamu dadi rangu
Kelindhes wektu
Daktantang daktanting ora maelu
Sansaya adoh lumayu
Tangeh anggonku bakal ngluru
Kangmas,
Tresnaku tresnamu ginubel wektu
Lawase padha paprentahan Orde Baru
Wis kukut, wis kemput …
Nadyan nora bisa nyawiji
Nanging tresna aji lan suci, tresna sejati
Bakal dakrukti nganti tumekeng janji.

-Biyung Amie Williams

“Sekolahku”

Bangunanmu kang megah


Madeg sakulone alun-alun Purbalingga
Dadi tujuwane siswa-siswa
Sing arep golet ilmu kanggo sangu tuwa

Saben dina
Aku tansah ana njero ruanganmu
Ngrungokake piwulange bapak ibu guru
Apa sing kudu digugu lan ditiru

Tambah dina tambah marem atiku


Sekolah neng SMA Negeri Satu
Sing kawentar gurune
Sing kawentar prestasine

– Kinanthi Barru / X MIA 3 SMAN Purbalingga

“Layang iki kanggo sliramu”

Layang iki kanggo sliramu


Layang batin kang ora bakal pernah kok woco
Aku arep ngilang sakwetara
Menawa setahun nanging ora merga wong liya
Merga aku kudu fokus ngadepi perkara
Perkara kang wis suwi dadi kekarepan ati
Kang ijih ora kena diganggu sapa-sapa
Aku arep jaluk ngapura
Menawa ilange awakku marahi sliramu lara
Nanging aku iki wis tuwa
Lan aku durung olih apa-apa saka uripku iki
Aku nyuwun ngapura

-Intan Nukhi Adhiya

Gusti”

Dalem namung tiyang kang lemah


Kang boten saged mlampah piyambak
Gusti
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kegoda kesenengan donya
Gusti
Hamung siji panyuwunku
Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti
Duh Gusti

-Intan Nukhi Adhiya

“Merapi”

Merapi…
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara

Merapi…
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi…
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi

-Puthu Aryana

Anda mungkin juga menyukai