Anda di halaman 1dari 4

GEGURITAN

GEGURITAN
Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar.
Tembung geguritan asale saka tembung gurita , tembung gurita owah-owahan saka tembung
gerita. Tembung gerita linggan Gita, tegese tembang utawa syair. Geguritan Jawa sakawit
tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang warna-warna
wujuding dhapukane (Subalidinata, 1994 : 45) Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangrakiting
tembung, werna-werna araning geguritan, kaya ing ngisor iki:
Syair rong gatra sapada = gita dwigatra
Syair telung gatra sapada = gita trigatra
Syair patang gatra sapada = gita catur gatra
Syair limang gatra sapada = gita panca gatra
Syair nem gatra sapada = gita sadgatra
Syair pitung gatra sapada = gita sapta gatra
Syair wolung gatra sapada = gita hastha gatra
Syair sangang gatra sapada = gita nawa gatra
Syair dhapur sonata
Syair bebas
Kapirid saka wujud lan isine, geguritan iku bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag
lawas utawa geguritan tradhisional lan geguritan gagrag anyar utawa geguritan modern.

1. Geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional)


Geguritan Gagrak anyar iku darbe paugeran mangkene:
 Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.
 Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda.
 Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru
swara (kaya syair ing Kasusastram Indinesia.
 Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit.
 Geguritan gagrag lawas lumrahe isi piwulang : Upamane bab tatakrama

Tuladha Geguritan Gagrag Lawas


Sun Gegurit
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati
Yen manut wasiteng kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wasanane tibeng papa

2. Geguritan gagrag anyar


Dene geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo geguritan
gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya
paugerane geguritan gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas
ing kasusastran Indonesia , mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”.
Ananging owah-owahan saka geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi
kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku R.Intoyo kanthi irah-
irahan Dayaning Sastra.Mula yen dititi kanthi premati geguritan gagrag anyar utawa
geguritan modheren nduweni titikan:
a. Kawiwitan irah-irahan
b. Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan, ana kalane nganggo lelewaning
basa /gaya bahasa
c. Cacahe gatra ora ajeg
d. Cacahe wanda ing saben gatra ora ajeg
e. Dhong dhinge swara ing pungkasane gatra ora ajeg / Sajak pungkasan mardika/bebas
f. Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.
Tuladha:
LAYANG SAKA IBU
kutha surabaya ndadekake kowe lali
marang kuthamu dhewe ngawi
sing saben malem setu legi
nanggap wayang ana pendhapa bupati

kowe mono bocah sing seneng


penekan ana wit-witan wetan omah
ngundhuh dhondhong utawa pelem
karo nembang ‘gajah-gajah’

kadhangkala mbokya muliha


cerita babagan rejeki sing tumpah-ruah
kanggo budhal menyang Mekkah

kutha surabaya ndadekake kowe lali


kayadene laline wong kang nepi
sabanjure, dina kuwi uga aku mulih
menyang kutha ngawi, mumpung
isih ana wektu. mumpung isih bisa mlayu

ibu aku mulih, mesthi ora gawa impenmu


Surabaya, 1999

Babagan kang abot saka geguritan, yakuwi: tema, pamilihe tembung utawa diksi, sarana
retorika, lan amanat utawa pesen kanggo pepeling marang wong kang maca. Tema yaiku idhe
baku utawa pikiran baku kang dadi dhasare geguritan iku. Diksi iku dudu mung pamilihe
tembung kang dianggo ing geguritan iku, nanging uga perkara frasaologi lan gaya bahasa.
Frasaologi nyakup perkara tembung-tembung ana ing tatanane. Dene gaya bahasa iku bagean
saka diksi kang duwe nilai artistik. Gaya bahasa iku perkara kepriye nulis lan nggunakake
tembung-tembung kanthi endah lan merkaraake cocok orane tembung, frasa, lan klausa kanggo
nggambarake kaanan tartamtu. Dene sarana retorika yaiku alat kanggo ngungkapake kanga arep
diandharake ana ing geguritan iku..
Geguritan akeh kang ngemot surasa luhur, kanthi mangkono bisa diarani sastra
adiluhung. Ing ngelmu kasusastran Yunani, bab iki bisa nduweni fungsi dulce (kaendahan) lan
fungsi utile (kagunan/paedah). Salah sawijining wohing kasusastran kasebut endah lan becik yen
fungsi kekarone mau bisa nyawiji, yaiku endah yen diwaca lan migunani tumrap budi
pekertining wong kang maca utawa ngrungokake

3. Struktur Teks geguritan


 Struktur Fisik
- Pamilihe tembung : duweni teges entar (kias)
- Pengimajinasian : bisa nuwuhake khayalan, saengga sing maca utawa sing
ngrungokake bisa melu ngrasakake, ngrugokake, lan deleng sawijining bab kang
ditulis
- Lelewaning Basa (Majas) : tembung kang digunakake kanthi cara mbandhingake
karo barag utawa tembung liya.
- Purwokanthi : mbaleni swara (vokal), mbaleni tembung, mbaleni kelompok,
utawa mbaleni ukara.
 Struktur Batin
- Tema : gagasan utama penyair
- Nada lan Swasana : sikap penyair. Nalika nulis penyair duweni sikap tartatu
marang wong sing maca, yaiku ngguroni, menehi pitutur, nyemoni, ngelokake,
utawa mung nyritakake sawijining bab marang sing maca. Swasana yaiku kahaan
jiwa wong sing maca.
- Amanat

 Gatekake ing ngisor iki


Dhudhah struktur geguritan Layang Saka Ibu
N Struktur Fisik Kang tinemu ing geguritan
o
1 Pamilihe - Mumpung isih ana wektu mumpung isih bisa mlayu kanggo
Tembung nggenteni tembung mumpung isih urip
- Tumpah ruah kanggo nggenteni tembung akeh banget
- Kaya wong kang nepi nggenteni tembung wog kang nglakoni
tapa
Tembung kuwi dianggep luwih endah lan duweni teges padhet
2 Pangimajinasian Kayalan kang ana ing geguritan kasebut yaiku pendengar kaya-kaya
kahanan wong kang wis suwe ora bali lan lali menyang kuthane
amarga wis kapenak ing kutha liya, banjur eling lan bali mumpung
isih bisa bali. Kaya ing ukara
- kutha surabaya ndadekake kowe lali
marang kuthamu dhewe ngawi
- kadhangkala mbokya muliha
- kutha surabaya ndadekake kowe lali
- dina kuwi uga aku mulih menyang kutha ngawi,
- mumpung isih ana wektu. mumpung isih bisa mlayu
3 Majas Majas personifikasi yakuwi ora gawa impenmu . impen kuwi ora
digawa.
4 Purwokanthi kutha surabaya ndadekake kowe lali
marang kuthamu dhewe ngawi
sing saben malem setu legi
nanggap wayang ana pendhapa bupati

N Struktur Batin Kang Tinemu ingka Geguritan


o
1 Tema Tema yaiku layang kanggo ibu saka anak kang lungasaka kuthane lan
ora bali-bali
2 Nada & Swasana Sikap penulis mrang pamaca yaiku penulis ngelingake kang maca yen
lelungan eling marang papan lairhe/kuthane lan wong tuwane baliya
mumpung isih bisa. Dene kahanan jiwane pamaca lan pamiyarsa
yaiku gelema eling marang paan lahirmu lan wong tuwamu kang
ditinggalake lan baliya.
3 Amanat Supaya manungsa ora lali marang wong tuwa lan papan lahire utawa
kuthane amarga wis kepenak lan mulya ing kutha liya.

Anda mungkin juga menyukai