Anda di halaman 1dari 13

Geguritan


Pengertene Geguritan

Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa
ingkang kawujud saking rasa ing ati kang
diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang
gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang
gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan.
Unsur-unsur geguritan

a. Unsur Fisik
- Diksi yaiku nggatekake lan menehi tekanan basa
- Citraan yaiku anndaran saka penulis supaya gawe sengsem para pamaose
- Maja yaiku wujud ukara kang biso narik kawigaten
- Bunyi yaiku nemtokake tembung-tembung kang digunakake narik
kawigaten
- Tipografi yaiku wujud geguritan iku biso narik kawigaten
b. Unsur Batin
- Tema yaiku gagasan poko kang diandarake dening penyair lumantar
geguritane
- Rasa pangrasa
- Nada/irama yaiku kajiwan pujangga nalika ngripta geguritan
- Amanat yaiku pesen kang diungkapke dening pancipta gegurita kanggo
pamaos
Jenis-jenise geguritan
1. ode

    yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang wong liyo, negara, lan apa
dene kang dianggep luhur.

2. Hymne
    yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang Gusti.

3. Elegi
    yaiku geguritan kang surasane babagan panalongso.

4. Epigram
    yaiku geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai hidup kang becil lan
bener.

5. Satire
    yaik geguritan kang surasane ngenyek utawa ngece kanthi kasar lan landhep.

6. Romansa
    yaiku geguritan kang surasane babagan katresnan.

7. Balada
    yaiku geguritan kang surasane babagan cerita utawa lakn kang nyoto utawa mung
Geguritan klasik lan modern

 geguritan klasik
yaiku geguritan kang isih kaiket ing wewaton guru
gatra,guru wilangan,guru lagu,kaendahane ana ing
tembunge/diksine,migunakake purwakanthi.
Ciri-ciri :
- cacahe gatra utawa larik ora ajeg, nanging paling sithik 4
gatra utawa 4 larik
- cacahe wandane gatra siji lan liyane pada
- guru lagune nggawe purwakanti guru swara (a, i, u, e, o)
- biasane nggawe kawiwitan "sun gegurit”
 Geguritan modern
Geguritan gagrag anyar iku geguritan kang wis ora
kaiket ing wewaton guru gatra,guru wilangan,guru


lagu,kaendahane ana ing tegesing tembung/diksine
lan nengenake bab isi.
Ciri-ciri :
- Ora ana paugeran kang gumathok
- Barisane endah
- Basane dudu basa padinan / sehari-hari
- Migunakake tembung entar / kiasan
- Ana rima, irama, lan intonasi
Trap-trapane nulis geguritan
1. Nentukake Tema 
Ide bisa teka sawayah-wayah. Nentukakae ide bisa ana ing ngendi wae panggonane. Informasi
lan pengalaman kudu bisa dikuatake supaya bisa dadi tema kang becik.

2. Ngubah Ide/ Tema  dadi Geguritan


Sawise ide ketemu, ide mau kudu diolah lan dihayati. Umpana arep nggawe geguritan "Ibu",
awake dhewe kudu bisa ngrasakake apa kang dirasake lan dikarepake ibu. Banjur, susun
tembung-tembung supaya dadi geguritan kang edi lan enak diwaca.

3. Gaya Basa/ Majas


Nggawe geguritan mesti ora ninggalake majas. Majas kang digunakake bisa macam-macam
ananging kang kerep yaiku majas personifikasi lan hiperbola.
a. Personifikasi
Tuladha: "Bagaskara wis ngancik ing gegana"
b. Hiperbola
Tuladha: "Hawa adem njengkut dadi anget"

4. Bait, Rima, lan Irama


Ana ing geguritan modern, bait, rima, lan irama ora pati digatekake. Ananging, luwih becik
menawa bait, rima, lan irama bisa digatekake supaya geguritan kang digawe enak diwaca.

5. Dasanama, purwakanthi, lsp


Biyasane, ana ing geguritan, supaya nambah endahing isi, tembung-tembung kang dianggo
Carane memahami geguritan

a. Maca lan njingglengi geguritan wiwitan nganti
pungkasan
b. Nggoleki materi-materi kang penting
- irah-irahan geguritan
- tembung kunci
- gaya basa ( majas )
- simbol-simbol
c. Negesi lan gawe dudutan surasane geguritan
d. Nggancarake nggunakake basane dewe
Ciri- cirine geguritan :

¤ ora kawengku ing pathokan
¤ migunakake tembung- tembung pilihan
¤ cacahe larikan ora katemtokake
¤ sajak akhir bebas
¤ dudu basa padinon / sama
¤ arang- arang migunakake tembung pangiket
¤ sawetara nggunakake tembung kawi
¤ isine mentes
¤ trakadhang nggunakake purwakanthi basa, swara,
lan sastra
Syarat - syarat maca Geguritan


Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora
sembarangan ingkang moco geguritan . Syarat syarate
yaiku :

Wirama -->  Cendek duwure nada utawa keras lemahe


swara.
Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco
geguritan
Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan
Wicara --> lancar orak e moco geguritan
Sekolahanku
 
Sekolahanku ….
Panggonan anggonku golek ilmu
Sekolahanku … 
Diwulang dening Bapak-ibu Guru
Sekolahanku ….
Sinau, maca buku
Ing Panggonan iki
Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti
Ing panggonan iki
Aku diajari marang kanca aja srei
Diparingi PR kanggo gladhen
Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan
Aku percaya …
Sanajan abot kudu dilakoni
Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi
kareben ngesuk dadi wong kang aji
miguna tumprap bangsa lan nagari
Amanat

Geguritan “Sekolahanku” nyeritoke menawa sekolah
ngrupakne panggonan nggoleki elmu. neng sekolah
diwulangna elmu sing ngguna. kajaba kuwi geguritan iki
uga nggambarke menawa para guru mulangna kepriye
carane ngajeni wong tuwa lan kanca awake dhewe.
Amanat sing terkandung neng jerone yaiku, menawa
awake dhewe dadi sawong siswa kudua patuh marang
para guru awake dhewe karo ngajeni kapindho wong
tuwa awake dhewe. sinau kanggo bisa meraih cita-cita lan
dadi wong sing bisa ngguna kanggo bangsa lan negara.

Matur Nuwun

Anda mungkin juga menyukai