Anda di halaman 1dari 2

Teks geguritan

( Alya Azzahra S/XII MIPA 6/02)


Ketika zaman bahasa Jawa tengahan atau zaman Majapahit, geguritan disebut dengan kidung.
Ing zaman Mataram sampai Zaman Surakartanan, geguritan menjadi sebuah tembang,
wujudnya yaitu tembang gedhe, tembang tengahan, dan tembang cilik (macapat).
1. Pengertian:
a. geguritan iku asale saka tembung “gurit”, tegese tulisan, kidung.
b. Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa
ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah
irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna
wonten ing lirik geguritan.
2. Unsur:
a. Unsur fisik, yaiku :
i. Diksi: nggatekke lan menehi tekanan basa, utamane. ng perangan iki
isa awujud irama lan rima.
ii. Citraan: andharan sak panulis supaya gawe sengsem para pamaose.
iii. Majas: wujud ukara kang isa narik kawigaten.
iv. Bunyi: nemtokake tembung-tembung kang digunake isa narik
kawigaten, mula kudu duwe nilai sastra nanging komunikatif.
v. Tipografi: wujud geguritan iku isa narik kawigaten.
b. Unsur batin, yaiku:
i. Tema: ngreteni tema lan makna geguritan kang pengin dikandhakake
penyair.
ii. Perasaan: Rasa pangrasa kang kepengin diandharake dening
pangripta.
iii. Nada/ irama: Nada yaiku kajiwan pujangga nalika ngripta geguritan.
Irama utawa ritme ana sesambungane karo pengulangan swara,
tembung, frasa, Ian ukara.
iv. Amanat/pitutur: Lumantar tulisan, pangripta geguritan isa
ngandharake pesen kang bakal dijlentrehake.
3. Geguritan klasik
Titikane geguritan klasik/kuna yaiku:
a. Lumrahe diwiwiti tembung sun gegurit.
b. Sapada ngemot patang gatra utawa luwih.
c. Cacahing wanda saben gatrane padha.
d. Tibane swara ing pungkasane gatra runtut, nggunakake purwakanthi.

4. Jinis geguritan
Adhedhasar surasane kang kamot jrone geguritan ing jaman saiki kayata:
a. Ode. surasane ngemot pangalembana marang wong liya, negara apadene kang
dianggep luhur.
b. Himne. Geguritan pangalembana marang Gusti Kang Maha Kawasa.
c. Elegi. Geguritan iki njlentrehake sawijining bab kang nelangsa Ian ngrujit ati.
d. Epigram. Geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai
idhup kang becik Ian bener kang tinulis kanthi ringkes.
e. Satire. Geguritan kang surasane ngenyek kanthi kasar (sarkasme) kang
landhep/sinis tumrap sawijining bab kang ora adil kang ana ing madyaning
bebrayan.
f. Romansa. Geguritan kang surasane babagan katresnan. Tresna ora mung
antarane sisihan, nanging tresna ing maneka warna bab.
g. Balada. Geguritan kang surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa
mung lamunane pujangga.
5. Trap-trapan panulise geguritan iku kaperang dadi telung trap kang penting
a. Nemtokake ide/tema
b. Nyaring: nyaring informasi kang narik kawigaten.
c. Ngripta geguritan: , minangka proses kang kudu ditindakake kanthi tliti, awit
panulise mbutuhake kreatifitas, intuisi, Ian imajinasi, sarta pengalaman Ian
kaprigelan.
6. Trap-trapane Ian cara kanggo mahami Ian ngudhari surasane geguritan
a. Maca Ian njingglengi geguritan wiwitan nganti pungkasan. Pakaryan iki isa
nemokake gegambaran kanthi global utawa proses penafsiran kawitan.
b. Nggoleki materi-materi kang penting:
i. Irah-irahan (judul) geguritan
ii. Tembung kunci
iii. Gaya basa (majas)
iv. Simbol-simbol
c. Negesi Ian gawe dudutan surasane geguritan.
d. Nggancarake nggunakake basane dhewe.

Anda mungkin juga menyukai