Anda di halaman 1dari 11

Assalamualaikum

Sugeng rawuh
Wulangan 2
Geguritan
Kompetensi Dasar
3.2 Menelaah teks geguritan.
4.2 Menulis geguritan dan membacanya.
1. Pengertene Geguritan
 Geguritan yaiku wohing susastra kang basane
cekak, mentes, lan endah.
 Wujude geguritan, yaiku saemper karo sair

(syair). Panulise kanthi bait-bait/gatra.


 Geguritan iku kalebu puisi Jawa modheren.
 Ing jaman Jawa Kuna wujud geguritan diarani

Kakawin.
 Ing jaman Jawa Tengahan utawa jaman

Majapahit, geguritan katelah Kidung.


 Kekhasanne basa ing geguritan merga
disebabake dening 3 prakara, yaiku :
1. Merga ngganti teges carane nganggo
lelewaning basa utawa pepindhan.
2. Ngenggokake teges kanthi cara purwakanthi.
3. Ngripta teges kanthi cara pembaitan.
2. Unsur-unsur geguritan
a. Unsur fisik, yaiku : diksi, citraan, majas,
bunyi, lan tipografi.
b. Unsur batin, yaiku : tema, perasaan/rasa
pangrasa, nada/irama, lan amanat/pitutur.
3. Titikane geguritan klasik/kuna :
a. Lumrahe diwiwiti tembang sun gegurit.
b. Sapada ngemot patang gatra utawa luwih.
c. Cacahing wanda saben gatrane padha.
d. Tibane swara ing pungkasane gatra runtut,
nggunakake purwakanthi.
Tuladhane :
Sun gegurit
Tur kabeh padha ngemuti
Wong kang miskine kepati
Supaya padha mangerti
Bungah susah amratani
4. Jinis geguritan
a. Ode, yaiku geguritan kang surasane ngemot pangalembana
marang wong liya, negara apadene kang dianggep luhur.
b. Himne, yaiku geguritan pangalembana marang Gusti Kang
Maha Kuwasa.
c. Elegi, yaiku geguritan kang surasane panalangsa.
d. Epigram,yaiku geguritan kang surasane babagan piwulang-
piwulang moral.
e. Satire, yaiku geguritan kang surasane ngenyek kanthi kasar
(sarkasme) kang landhep/sinis tumrap sawijining bab kang
ora adil kang ana ing madyaning bebrayan.
f. Romansa, yaiku geguritan kang surasane babagan katresnan.
g. Balada, yaiku geguritan kang surasane babagan crita utawa
lakon kang nyata utawa mung lamunane pujangga.
5. Trap-trapane panulise
geguritan,yaiku :
a. Nemtokake ide/tema.
b. Nyaring, milih utawa nyaring informasi
(prastawa, tema, ide, gagasan) kang narik
kawigaten saka tema kang dianggo.
c. Ngripta geguritan.
6. Trap-trapane lan cara kanggo
ngudhari surasane geguritan, yaiku :
a. Maca lan njingglengi geguritan wiwitan
nganti pungkasan.
b. Nggolek materi-materi kang penting :
Irah-irahan (judul) geguritan
Tembung kunci
Gaya bahasa (majas)
Simbol-simbol

c. Negesi lan gawe dudutan surasane geguritan.


d. Nggancarake nggunakake basane dhewe.
Dening : Retno
Wahyuningsih
Matur Nuwun

Anda mungkin juga menyukai