Anda di halaman 1dari 10

GEGURITAN

PANGERTOSAN GEGURITAN
 Geguritan yaiku wujud susatra kang basane cekak, mentes, lan endah.
Tegese ukarane ora nggladrah, tembunge duwe makna jero, lan
nggunakake tembung-tembung rinengga (purwakanthi swara, sastra lan
basa). Mula geguritan ing kawitane mung cekak nanging nggunakake
tembung-tembung kang duwe nilai estetika dhuwur. Wujud geguritan iku
saemper karo syair. Panulisane kanthi bait-bait/ gatra. Geguritan kalebu
puisi Jawa modern amarga ora kawengku dening pathokan tinamtu kaya
dene tembang macapat.
 Geguritan ing Bausastra Jawa (Widada Suwadji, dkk : 270) kuwe kedadeyan
sekang tembung lingga gurit kang mangku teges: 1. Tulisan, tatahan, 2.
Tembung utawa kidung. Nggurit ateges 1. nggawe utawa ngarang (rerepen),
2. Ngura-ngurakake/nembang/ngresepi.
 Miturut Widada Suwadji, menawa geguritan yakuwe karangan kang
pinathok kaya tembang nanging guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan
ora ajeg.
 Miturut Subalidhinata (1994:45) menawa geguritan yakuwe minangka
iketaning basa kang memper syair.
UNSUR-UNSUR GEGURITAN
 Geguritan iku kawangun saka unsur fisik lan batin. Kang kalebu unsur fisik yaiku diksi, citraan,
majas, bunyi, tipografi. Dene kang kalebu unsur batin yaiku tema, rasa pangrasa lan irama/
nada, sarta amanat/ pitutur.
1. Unsur Fisik Geguritan
• Diksi yaiku nggatekake lan menehi tekanan basa, utamane babagan tembung-tembunge ing
geguritan (pilihan kata).
• Citraan yaiku andharan saka penulis supaya gawe sengsem para pamaose.
• Majas yaiku wujud ukara kang isa narik kawigaten.
• Bunyi yaiku nemtokake tembung-tembung kang digunakake isa narik kawigaten, mula kudu
duwe nilai sastra nanging komunikatif.
• Tipografi yaiku wujud geguritan bisa narik kawigaten.
2. Unsur Batin Geguritan
• Tema yaiku gagasan pokok kang diandharake dening penyair lumantar geguritane. Tema
gumantung penyaire. Pemaca akeh sithik kudu ngreteni latar belakang penulis/ penyair
supaya ora kleru nafsirake tema geguritan kasebut. Mula iku tema sipat khusus, objektif lan
lugas. Tema kang kerep digunakake ing geguritan yaiku tema ketuhanan (religius), tema
kamanungsan, tresna, patriotisme, perjuwangan, urip kang gagal, alam, kritik sosial,
keadilan, demokrasi, lan tema kekadangan.
• Rasa pangrasa kang kepengin diandharake dening pangripta. Nemtokake nolak, nyarujuki,
apa nyengkuyung tumrap rasa iku.
• Irama/ nada yaiku kajiwan pujangga nalika ngripta geguritan.
JINISING GEGURITAN
Manut gagrage, geguritan dibagi dadi 2 yaiku geguritan lawas
lan geguritan anyar.

1. GEGURITAN LAWAS 2. GEGURITAN ANYAR

Geguritan lawas yaiku Geguritan anyar


geguritan sing isih ngugemi yaiku geguritan
paugeran baku geguritan, sing wis ora
kayadene guru gatra, guru ngugemi
wilangan lan guru lagu. paugeran baku
Sakliyane kuwe geguritan geguritan.
lawas uga isih nggatekake
purwakanthi
KANG KALEBU GEGURITAN ANYAR YAIKU:
Ode : surasane ngemot/ngandung pangalembana/ngalem marang wong liya,
negara apadene kang dianggep luhur.
Himne : surasane ngemot/ngandung pangalembana/ngalem marang Gusti Allah.
Elegi : surasane ngemot/ngandung panalangsa, njlentrehake babagan kang
nelangsa lan ngrujit ati.
Epigram : surasane ngemot/ngandung piwulang-piwulang moral, nilai pagesangan
kang becik lan bener kang tinulis kanthi ringkes.
Satire : surasane ngemot/ngandung ngenyek/ngece kanthi kasar (sarkasme) kang
landhep/sinis tumrap sawijining bab kang ora adhil kang ana ing madyaning
bebrayan / masyarakat.
Romansa: surasane ngemot/ngandung babagan katresnan.
Balada : surasane ngemot/ngandung babagan crita utawa lakon kang nyata utawa
mung lamunane/khayalane pujangga.
PATHOKAN
GEGURITAN KUNA/LAWAS/KLASIK LAN GEGURITAN ANYAR
NO Geguritan Kuna/lawas/klasik Geguritan Anyar
1 Diwiwiti tembung sun gegurit. Ora diwiwiti/ ora ana tembung sun
gegurit.

2 Cacahing wanda saben sagatra Cacahing wanda saben sagatra ora


padha. padha/bebas.

3 Cacahing gatra 4 utawa lewih saben Cacahing gatra bebas.


sapada.
Tibaning swara ing pungkasane gatra Tibaning swara ing pungkasane gatra ora
4
runtut, nggunakaken purwakanthi. runtut lan ora digatekake.

5 Jenenge panulis ora ana utawa Jenenge panulis cetha.


anonim.
BAB KANG KUDU DIGATEKAKE NALIKA
NULIS GEGURITAN
1. Nemtokakae tema

2. Nemtokake sawijining objek kang narik kawigaten

3. Nyritakake objek kang wis ipilih

4. Ngubah cerita kasebut nggunakake tembung-tembung kang mentes

5. Maca bola-baleni tembung sing wis dirakit

6. Panulis kudu nduweni kreteg terus nulis

7. Ngupaya nduweni rasa seneng utawa nikmat kanggo nulis geguritan


Adhedhasar dhapukaning ukara lan
pangrakitaning tembung,
warna-warnaning aran geguritan kaya ing
ngisor iki:
1.
PURWAKANTHI
Purwakanthi guru swara, yaiku purwakanthi sing pada swara ing pungkasane
tembung.
tuladha: - sapa jujur, bakal makmur
tiwas sayah, ora paedah
ora ngedan, ora keduman
2. Purwakanthi guru sastra, yaiku purwakanthi sing pada tulisane utawa aksarane ing
saben wiwitan wanda utawa tetembungane.
tuladha: - makuta, makuti, makuten
bobot, bibit, bebet
kala kula kelas kalih kalung kula kolang kaling
3. Purwakanthi guru basa (lumaksita), yaiku purwakanthi sing padha kabeh
tetembungane.
tuladha: - bayem arda, ardane ngrasuk busana
raja putra, putra daleme Ngastina
rujak dhondhong, rujake sisane kalong
MATURNUWUN
DENING: TRI IRAWATI, S.Pd.

Anda mungkin juga menyukai