Anda di halaman 1dari 3

GEGURITAN

Geguritan diarani puisi jawa moderen. Diarani puisi jawa modheren


amarga ora keiket weweton kayanya guru gatra, guru lagu, apadene guru
wilangan. Dene tetembungane milih kang mathis lan ngemu rasa. Maka
geguritan beda karo maca liang. Maca geguritan kudu dibarengi kanthi
rasa pangrasa utawa penjiwaan.
Urutan maca geguritan yaiku:
1. Diwaca ing batin putih dhisik.
2. Dimangerteni tetembungane lan digoleki tegese kembung-kembung
kang angel
3. Dimangerteni lan dipahami isining geguritan
4. Diwenehi tandha endi kang kudu diwaca cendhak, dawa, utawa kang
kudu diwaca seru lan alon, dhuwur utawa cendhek
5. Sawise paham lan gamblang lagi diwaca kanthi "ekspresi" kang cocog

Geguritan iku asli karya sastra. Basa kang digunakake ana ing geguritan
yaiku basa kang endah. Penulisan ukura ing kono ora kudu nganggo
kaugeran-kaugeran kang gumathok. Geguritan beda karo tembang.
Pamacane tembang kanthi dilagkake. Wondene geguritan pamacane kudu
trep cetha. Tujuane lupaya sing ngrungokake mudheng isine.
Tembung geguritan linggane gurit, tegese tulisan utawa karangan. Nggurit
ategesngripta/ngarang geguritan.
Cara maca geguritan

Maca geguritan ora angger nggunakake ukara. Ora pada karo maca
lumrah. Sing dikarepake anggone maca dikantheni rasa sedih,
seneng, greget, lan sapunanggalane, iku gumatung swasanane
geguritan kuwi. Maca geguritan nganggo lafal, intonasi, ekspresi,
lan gerture sing pas.

Lafal : cetha orane ngucapake aksara utawa tembung. Upamane


ngucapake "ta" beda karo "tha" beda karo "wedhi"

Intonasi : mungah mudhune, seru lirihe, dawa cendhake swara


nalika maca. Umpamane ngucapake tembung memelas beda karo
ngucapake tembung seneng.

Anda mungkin juga menyukai