Anda di halaman 1dari 2

MACA TEKS GEGURITAN

1. Geguritan yaiku puisi jawa gagrak anyar kang ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, ananging
isih ngugemi ananing kaendahan
2. Endahing geguritan dumunung ing :
a. Pilihane tetembungan sing menthes, trep lan mantesi
b. Nggunakake wirama utawa lagune
c. Nganggo busananing basa kang maneka warna
d. Lumrahe ngemot pitutur, piwulang, kritik, panggresah
3. Teknik Maca Teks Geguritan
Maca geguritan ora padha karo maca teks crita biyasa, amarga anggone maca sawijining geguritan ana
saperangan bab utawa teknik kang kudhu digathekake ing antarane yaiku :
a. Swara/ vokal
Maca geguritan swarane kudu banter lan cetha supaya sing ngrungokake bisa mireng lan ngerti isine
geguritan sing diwacakake
b. Gerak mimik
Gerak mimik (mulut) nalika maca geguritan kudu cetha supaya swara kang dihasilake uga cetha
c. Intonasi
Yaiku dhuwur cendhake lan banter orane swara nalika maca geguritan
d. Ekspresi
Raut muka kang dituduhake nalika maca geguritan disalarasake karo kahanan kang digambarake
sajroning geguritan
4. Struktur Teks Geguritan
a. Struktur Fisik Geguritan
 Diksi yaiku pamilihan tembung-tembung kang ditindakake dening pangripta sajrone geguritan, asli
karyane
 Imaji yaiku tembung utawa susunane tembung-tembung kang bisa ndungkapake pengalaman indrawi
 Tembung Nyata (kongkret)
 Gaya Basa
 Rima/ irama
 Tipografi
b. Struktur Batin Geguritan
 Tema/ makna (sense)
Media geguritan yaiku basa, tataran basa yaitu gayutan. Tema yaiku lelandhesane utowo pokok
masalahsing ditulis ing geguritan
 Rasa (feeling)
 Nada (tone) yaiku sikap pangripta tumrap kang maos
 Amanat/ tujuan (itention)
5. Njlentrehake Isi Teks Geguritan
Geguritan kaperang dadi loro yaiku geguritan gagrag lawas lan geguritan gagrag anyar (puisi jawa modern)
Titikane geguritan gagrag lawas yaiku
a. Diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit
b. Lumrahe sepadane dumadi saka patang gatra
c. Rima utawa pola persajakan pinathok
Dene yen geguritan gagrak anyar ora kaiket ing paugeran kaya ing dhuwur
Kanggo mengerteni isi lan amanat sing ana ing sawijine geguritan bisa kanthi cara :
1. Ngrungokne/ maca kanthi dibola-baleni
2. Negesi tembung-tembung sing angel dingerteni
3. Nggancarake geguritan (parafrase)
Cara nggancarake geguritan bisa kanthi cara :
1. Ngudari tembung-tembung baliswara
2. Ngganti tembung sing angel dimangerteni karo tembung sing gampang
3. Medhot tembung-tembung utawa ukara supaya cetha karepe

1|W U LANGAN 1 G EGU RI TAN


4. Menehi tembung-tembung panggandheng, panyilah utawa tembung liyane supaya karepe geguritan
gampang dingerteni
5. Menehi tandha pawaca
A. Unsur-unsur Geguritan
Unsur-unsur geguritan yaiku perangan-perangan sing ana ing sajrone teks geguritan. Sing kalebu unsur-unsur
instrinsik yaiku :
1. Tema yaiku lelandhesane utawa pokok masalah sing ditulis ing geguritan.
2. Diksi (Pilihan Kata) yaiku pamilihe tembung sing trep, mentes, lan mantesi kang ditindakake dening
penggurit ing sawijine geguritan.
3. Rima (Persajakan)
Swara (bunyi) kebentuk saka purwakanthi (rima) lan irama. Purwakanthi (rima) yaiku runtute swara,
sastra, utawa tembung kang ana ngarep karo swara, sastra, utawa tembung kang ana mburi. Dene
wirama yaiku endhek-dhuwure, cendhak-dawa, utawa alus kasare swara sing diucapake
4. Amanat yaiku pesen sing pingin disampekake pengarang marang sapa wae sing ngrungokake utawa sing
maca geguritan anggitane

 Salah sijine cara kanggo mahami geguritan yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks
gancaran (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani parafrase. Parafrase katindhakake kanthi
ngowahi susunan pada (bait) dadi paragraf, nanging tanpa ngowahi isine. Nalika nggawe parafrase para
siswa bisa nambah tembung ing geguritan supaya dadi ukara sing sampurna lan gampang dingerteni
 Sakdurunge nulis geguritan (puisi) sing kudhu dilakoni : (1) Nemtokake tema (2) nemtokake gagasan
pokok. Saben sapada (saben bait) mung momot siji gagasan utama (3) ngembangake gagasan pokok
dadi bait-bait.

B. Maca Ekspresif Geguritan


Maca geguritan mesthi bakal beda klawan maca teks crita. Arep maca geguritan kudhu ngerteni luwih dhisik
apa kang kudu ditindakake nalika maca geguritan.
1. Rima lan Irama tegese maca geguritan aja nganti kecepeten utawa kesusu-susu lan suwalike, aja nganti
ketelatan/kesuwen krana saking ngati-atine.
2. Artikulasi utawa cethane swara (kejelasan suara) tegese swarane sing maca geguritan kudu cetha,
umpamane nalika mbedakake aksara-aksara konsonane (d-dh, t-th, paten k-g), mbedakake aksara-aksara
vokal/urip.
3. Ekspresi mimik wadana (wajah) tegese ekspresi wajah sing maca kudu bisa digathukake klawan isi
geguritan. Nalika geguritane sing diwacakne susah-sedih mula ekspresi mimik wadana (wajah) kudu
susah-sedih lan suwalike nalika geguritan isine warta gembira mula ekspresi mimik wadana (wajah) kudu
bungah (seneng)
4. Ngatur Ambegan (pernapasan) tegese anggone ambegan kudu diatur aja nganti kesusu supaya ora
ngganggu lancaring nalika maca geguritan.

 Wong maca geguritan sing paling apik yaiku kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe. Ora niru solah
bawa lan patrape wong liya, yen maca kanthi tiru-tiru wong liya bisa katon kaku lan ora wajar.
 Bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan ing panggung utawa ngarepe wong okeh yaiku:
1. Olah Swara (olah vokal) tegese banter-lirih, endhe-dhuwur swara, menga-mingkeme lambe, tata
pangaturing napas pamedhoting ukara kudu trep
2. Patrap (sikap) tegese nalika maca geguritan solah bawa lan polatan (ekspresi) kudu dislarasake karo
jiwane geguritan. Yen isine geguritan sedih, polatane sing maca kudu katon sedih, nelangsa supaya
sing ngrungokake melu ngrasakake kesedihan, suwalike yen isine geguritan semangat polatane sing
maca kudu katon teges, mandhes, mekantar-kantar lan merbawani.
3. Nyawiji tegese wiwit saka pamilihe geguritan, tata krama, nganti tata busanane sing maca kudu
nggatekake kasenengan utawa kabutuhane sing ngrungokne. Semono uga sing nonton utawa sing
ngrungokne kudu nyimak kanthi tenanan supaya bisa methik manfaat saka nyimak geguritan.
4. Sarana tegese apa wae kang ndukung supaya anggone maca geguritan tambah apik. Sarana bisa
awujud : microphone, panggung, gendhing, podium lan sapanunggale.

2|W U LANGAN 1 G EGU RI TAN

Anda mungkin juga menyukai