Anda di halaman 1dari 10

MAKALAH BAHASA JAWA

Wulangan 1
Kalokaning Geguritan Minangka Karya Sastra

Disusun oleh:
Nama: Aufa Ainun N.
Kelas: XI-MP 1
Absen: 27
Daftar Isi

Wulangan 1: Kalokaning Geguritan Minangka Karya Sastra

A. Tegese Geguritan

1. Paugeran Geguritan..................................................................

2. Titikane Geguritan....................................................................

3. Bab Kang Kinandhut Sajroning Geguritan............................

4. Perangan Geguritan..................................................................

B. Struktur Geguritan..........................................................................

1. Struktur Fisik...............................................................................

2. Struktur Batin

C. Nulis Geguritan ..............................................................................

D. Maca Geguritan
A.Tegese Geguritan
Geguritan minangka asli karya sastra sing wewangunane memper sair kan ditulis nganggo
letembungan sing wis direngga Utawa dipaes saengga bisa nuwuhake rasa Endah Utawa estetis.
Mula, balikan maca geguritan sanadyan diwaca lugu wis bisa nuwuhake rasa endah lan kepenak
dirunggu. Geguritan mujudake asine saka rasaning ati sing diandharake Pangripta kanthi basa
sing duwe Rima, irama, mitra, lan tatanan lirik kanggo negesi samubarang tertamtu. Saka
andharan kasebut bisa dimangerteni menawa geguritan minangka asil rasa pangrasane panggunit
kang nggunakake basa endah memper syair lan klebu ing puisi Jawa anyar sing ora kawengku
paugeran tartamtu. Tegese, ora kapathok cacahing larik lan pada ing geguritan. Sing baku yaiku
endahing basa lan mentesing surasa geguritan kang pengin diwedhar pangripta. Ana panggurit
anggone nulis kanthi nggatekake babagan purwakanthi utawa runtuting swara saengga nalika
diwaca utawa dirungokake keprungu luwih endah. Ana uga sing ora nggatekake purwakanthi
amarga nengenake surasane geguritan. Tumrape pamaca supaya cetha anggone mangerteni isine
geguritan, bisa kanthi ngowahi geguritan dadi wujud gancaran utawa muwuhi tembung
panggandheng. Kagiyatan kang mangkono diarani parafrase geguritan. Ancas nindakake
parafrase geguritan supaya surasa utawa isine geguritan bisa dimangerteni kanthi cetha lan
gamblang.

1. Paugeran Geguritan
Geguritan ing jaman saiki mujudake geguritan gagrag anyar utawa modheren kang ora kawengku
saweneh paugeran kang pinathok. Sanadyan mangkono, tetep duweni paugeran kaya mangkene.
a. Ora kaiket pathokan guru gatra, guru lagu, guru wilangan.
b. Migunakake tetembungan kang Endah.
c. Luwih nengenake isine geguritan kang mentes, Endah, lan becik.
d. Isine ngandhut sindiran, kritikan, pitutur, piweling, pamundhut.

2. Titikane Geguritan
Geguritan bisa dibedakake Karo karya sastra liyane kanthi ndeleng seperangan titikan kaya
mangkane.
a. Ora kawengku ing pathokan.
b. Basa sing digunakake dudu basa padinan lan migunakake tembung kawi.
c. Migunakake tembung-tembung kang pinilih.
d. Cacahe larikan ora katemtokake lan sajak pungkasane bebas.
e. Kasusun saka gatra lan pada.
f. Arang-arang migunakake tembung pangiket
g. Migunakake purwakanthi basa, swara, lan sastra.
h. Umume ngandharake rasa pangrasa atine panganggit
i. Isine mentes lan nggunakake basa kang endah kaya basa rinengga.
3. Bab kang kinandhut sajroning Geguritan
Kanthi maca geguritan kita bisa mangerteni surasane sacara wutuh kan seperangan Babagan
kinandhut ing Jerome kaya mangkane.
a. Wutuh (kohoren)
Geguritan iku sarana kanggo medhar rasa pangrasane pangripta. Geguritan bisa kaaran becik
menawa surasane nyawiji ing babagan larik ing pada lan unsur liyane sing mangun geguritan.
Perangan kang mangun geguritan ora bisa madeg dhewe amarga ana gegayutan siji lan sijine.
Pangripta anggone nulis geguritan duwe ancas kanggo nuntun pangangen-angene pamaca lan
nemokake makna kang siningid sajroning geguritan. Kang mangkono iku bisa dimangerteni
amarga larik lan unsur geguritan liyane sing nyawiji nyengkuyung underaning geguritan.
b. Estetis ( unsur kaendahan)
Unsur kaendahan utawa nilai estetis sajroning geguritan bisa sing ana gegayutane karo basa,
isi, lan amanat. Kaendahan ing geguritan bisa magepokan karo pamilihan tembung kang trep
(diksi), ana wiramane, lan nggunakake tembung- tembung sing ngandhut sasmita. Mula iku, bisa
nuwuhake imajinasi utawa angen- angen lan ngamot daya ekspresi tumrap pamaca.
c. Unsur edukatif
Geguritan uga ngemu surasa kang bisa kanggo nggulawenthah. Kang mangkono diarani unsur
edukatif utawa ndhidhik pamaca. Nilai edukatif kang bisa didadekake tepa tuladha tumrap
pamaca antarane rasa urmat lan ngajeni marang sepadhane titahing Gusti, sing ana
sesambungane karo Gusti Pangeran, lan sesambungane manungsa ing kauripan sosial masarakat.
d. Nuwuhake rasa tresna
Geguritan dadi salah siji karya sasta kang penak lan endah ing tatanan tetembungane amarga
kadhapuk saka tembung-tembung pinilih. Kanthi mangkono bisa nuwuhake rasa tresna tumrape
pamaca marang geguritan lan isi kang kinandhut ing jerone. Kanthi mangerteni wose bisa
nuwuhake rasa tresna marang basa lan sastra sarta ajen-ngajenan marang sapadhane titah.

4. Perangan Geguritan
Perangan geguritan ing kasusantra Jawa kapantha dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas lan
geguritan gagrag anyar. Andharane kaya mangkene.
a. Geguritan gagrag lawas
Geguritan gagrag lawas uga bisa diarani geguritan kuna. Geguritan lawas nggunakake basa
Jawa kuna lan isih kawengku saweneh paugeran.
1. Paugeran geguritan gagrag lawas
 Diwiwiti kanthi tembung "sun gegurit".
 Cacahing gatra utawa larik ing saben pada ora tamtu nanging kudu runtut lan padha,
adate paling sithik patang gatra utawa larik.
 Cacahing wanda saben gatra kudu padha.
 Guru lagu utawa dhongdhinging swara ing kabeh pungkasane gatra kudu runtut,
yaiku nganggo purwakanthi guru swara (a, i, u, e, o).
2. Wujud puisi tradisional
Puisi tradhisional kang awujud tembang Jawa akeh banget jinise. Kapantha dadi
telung perangan kaya mangkene.
 Tembang macapat ( tembang cilik)
Tembang macapat iku perangane ane sewelas yaiku maskumambang, mijil,
sinom, kinanthi, Asmaradana, gambuh, dhandhanggula, durma, pangkur, megatruh,
kan Pocung.
 Tembang tengahan
Kang klebu tembang tengahan yaiku wirangrong, balabak, kan juru demung.
 Tembang Gedhe (Kawi)
Kang klebu tembang Gedhe yaiku girisa.
b. Geguritan gagrag anyar ( geguritan modheren)
Geguritan gagrag anyar uga bisa diarani geguritan modheren amarga ora kaiket dening
paugeran kayadene geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar asipat luwih mardika utawa
bebas jalaran geguritan iki wewangu- gegur sun nane memper karo puisi bebas ing kasusastran
Indonesia. Ananging owah-owahan saka geguritan gagrag lawas tumekan gagrag anyar iku ana
proses kang ngantheni. Mula bukane, para panggurit banget anggone intonasi manut lan
nggatekake paugeran geguritan. Nanging, saya suwe lan owah gingsire jaman, para panggurit
luwih seneng karo wujud geguritan kang bebas mau. Saliyane geguritan, ana puisi Jawa liyane
kang awujud parikan lan singir. Parikan yaiku puisi Jawa kang memper lan duwe titikan kaya
pantun. Singir utawa syair (basa Indonesia) duweni titikan padha Karo syair sajroning
kesusastran Indonesia.
Ing pangrembakane, geguritan gagrag anyar diarani puisi bebas. Bebas ing kene tegese bebas
ing cacahing larik lan wanda. Geguritan gagrag anyar duweni titikan kaya mangkene.
1). Ora migunakake purwaka tembung "sun gegurit
2). Cacahing gatra utawa larik ora ditemtokake.
3). Cacahing wanda saben sagatra ora katemtokake.

B. Struktur Geguritan
Geguritan gagrag anyar utawa modheren luwih nengenake ing panganggo tetembungan sing
mentes lan endah. Mentes, tegese tetembungan sing digunakake ing geguritan ngandhut teges
sing jero. Sing diarani endah yaiku tetembungane ora kaya basa nalika guneman ing padinane.
Sanadyan nggunakake tembung sing ringkes, geguritan sugih teges.
Geguritan uga ngandhut ajaran moral utawa piwulang kautaman kang pengin diwedhar
panggurit marang pamaca. Anakalane panggurit blaka suta medhar piwulang, nanging ora
sethithik panggurit kang medhar amanat kanthi sinandi utawa sinamar lumantar rantamaning
tetembungan, ukara, gatra, lan pada sajroning geguritan. Surasane geguritan ngenani tema,
amanat, swasana, lan sapanunggalane iku klebu ing perangan struktur geguritan.
1. Struktur Batin
Struktur batik minangka struktur kang kaamot sajroning geguritan.
a. Tema

Tema minangka dhasar utawa underaning prakara kang dadi pirembugan ing geguritan.
Tema utawa bakuning gagasan dadi babagan kang wigati amarga kanggo pangrembakaning
surasane geguritan. Tuladhane, tema kayata, pendhidhikan, sosial, politik, kamanungsan,
kabudayan, agama, bekti marang wong tuwa.
b. Rasa-pangrasa
Tetembungan kang ndhapuk sawijining geguritan duweni teges lan fungsi kanggo
manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi duwe sipat rowa lan kompleks. Tuladhane,
simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun.
c. Nada/lagi
Nada utawa lagu sajroning geguritan tegese patrap (sikap) sing digunakake sajroning
geguritan. Tuladhane, ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni.
d. Swasana
Swasana ing geguritan tegese kahanane batin/jiwa pamaca sawise maca geguritan. Dadi,
geguritan duweni ancas kanggo mangun swasana batin pamaca geguritan.
e. Amanat
Amanat tegese bab kang pengin diwedharake panggurit/panulis marang pamaca lumantar
geguritan anggitane. Amanat kadhang kala ora tinulis kanthi blaka suta, ananging sinandi
sajroning pangrakite tembung-tembung.

2. Struktur Fisik
Struktur fisik minangka perangan kang bisa kadeleng saka wewangunaning geguritan.
a. Diksi ( pilihane Tembung)
Diksi yaiku pamilihe tetembungan kang maknane mentes (padhet), kang bisa negesi
pirang-pirang kekarepan kanthi gatekake larasing unine tembung. Tembung-tembung kang
ana sajroning geguritan biasane duweni teges konotatif, asipat polisemi, lan duweni teges
rowa (abstrak). Pamilihing tembung kang trep bisa ngasilake geguritan kang edi lan endah.
b. Tipografi (wujude geguritan)
Tipografi mujudake larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa
bait kanggo bedakake antaraning geguritan lan gancaran. Tipografi yaiku wangunan
geguritan kang tinulis kayata ora ngebaki larik, ora kudu kawiwitan aksara gedhe (huruf
kapital), lan ora kudu dipungkasi tandha titik utawa tandha pawacan liyane.

c. Tembung Konkret
Tembung konkret yaiku tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa
nuwuhake imaji. Tembung konkret bisa arupa pepindhan (kiasan) utawa pralambang.
Tuladhane, cumlorote sunar srengenge saka bang wetan, swara jago kang kluruk saut-
sinautan, bisa nuduhake menawa geguritan kasebut nggambarake wayah utawa wektu esuk.
d. Imajinasi ( pengungkapan pengalaman indrawi)
Imajinasi yaiku rerangken tetembungan ing geguritan kang bisa medharake pengalaman
indrawi, kayata paningal, pangrungon, lan pangrasa, saengga pamaca bisa kagawa ing
swasana kaya kang dialami panggurit. Imaji kaperang dadi telu, yaiku imaji swara,
paningal, lan raba/sentuh.
e. Busananing basa (gaya bahasa)
Busananing basa yaiku panganggone basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake
anggepan (konotasi) tartamtu uga rasa kaendahan. Busanane basa ing geguritan bisa arupa
basa rinengga kang maneka warna kayata, tembung saroja, pepindhan, tembung entar.
f. Wirama (Rima)
Wirama yaiku runtuting swara (uni) ing geguritan. Runtuting swara bisa ing wiwitan,
tengah, utawa ing pungkasaning gatra (larik) geguritan.

C. Nulis Geguritan
Geguritan minangka puisi basa Jawa kang nggunakake rantaman tetembungan sing endah lan
mentes. Kadhang kala nggunakake purwakanthi lan basa rinengga, nanging ora pinathok
paugeran kaya macapat. Tumrape siswa bisa gladhen nulis geguritan kanthi tetembungan sing
lumrah digunakake ing guneman saben dina utawa goleki dasanama lan ngrimbag tembung
linggane. Sing baku wis nemtokake temane, banjur ngrembakakake kanthi ukara-ukara
panyengkuyung.

1. Babagan kang kudu digatekake nalika nulis Geguritan


Nalika nulis geguritan ana saperangan babagan kang kudu digatekake. Mula iku, bisa
ngasilake geguritan kang endah lan mentes kebak piwulang. Antarane yaiku nemtokake tema
kang dadi gagasan pokoking geguritan, nggatekake tetembungan sing dhapuk geguritan,
panganggone purwakanthi lan paramasastra basa (ukara sambawa, camboran, dasanama,
tembung entar, lan sapanunggalane), sarta swasana ati lan lingkungan uga bisa mangaribawani
sawijining geguritan diciptakake.

2. Cara ngripta geguritan


Tumrape siswa sing gladhen nulis utawa ngripta geguritan, bisa kanthi tetembungan sing
prasaja luwih dhisik lan surasane bisa saka prastawa utawa kedadean kang lumrah diprangguli
saben dina, kayata bekti marang wong tuwa, karukunan, pendhihikan, lan sapanunggalane.
Supaya geguritan sing ditulis bisa runtut, becik, lan mentes, bisa nggatekake saperangan babagan
kaya mangkene.
a. Nemtokake tema geguritan kang arep digawe.
b. Milih tetembungan kang mentes lan endah.
c. Gawe cengkorongan utawa kerangka geguritan.
d. Saka tetembungan kang wis dipilih, dirembakakake dadi ukara kang endah lan cekak, bisa
migunakake purwakanthi, baliswara, pepindhan, tembung kawi, lan sapanunggalane.
e. Sawise ukara pandhapuk geguritan wis jangkep, menehi irah-irahan kang jumbuh kalawan
surasane geguritan.

3. Gladhen nulis Geguritan


Amrih penulisan geguritan bisa becik, ana seperangan Babagan kang digatekake kaya
mangkene.
a. Nglatih tanggap Sasmita
Nglatih tanggap sasmita yaiku nglatih kepekaan dhiri kang bisa katindakake kanthi seneng
nggatekake kahanan sakiwa-tengene, seneng bandhingake kahanan utawa samubarang siji lan
sijine.
b. Ngetokake Tembung pisanan
Ngetokake tembung pisanan minangka tembung kang bisa nuntun tembung- tembung
sateruse. Satembung mau bisa didawakake kanthi menehi pitakonan apa, sapa, piye, kapan, lan
ing papan ngendi
c. Ngrantam Tembung
Ngrantam tembung bisa katindakake kanthi nyusun tembung-tembung kang kawetu saka
panemu utawa ide.
d. Menehi rerenggan ing tembung-tembung
Nalika tembung-tembung mau krasa durung wangun lan pas, bisa diwenehi rerenggan basa
(purwakanthi, wangsalan, entar, pepindhan, paribasan, lan sapa-nunggale).
e. Milih tetembungan kanthi gatekake pamaca
Nalika ngrantam geguritan becike migatekake pawongan sing samengko maca geguritan.
Sanadyan migunakake tetembungan prasaja, kaajap bisa mentes surasane lan bisa narik
kawigatene pamaca geguritan.

4. Parafrase Geguritan
Panulisan geguritan kang awujud larik lan pada tamtu dadi jalaran nggunakake tetembungan
sing cekak aos lan mentes nanging duwe teges kang jero. Supayane geguritan kasebut bisa
dimangerteni surasane, mula diowahi kanthi wujud paragrap utawa gancaran. Kang mangkono
diarani parafrase geguritan. Ing panulisan geguritan adate akeh tetembungan sing diilangi utawa
dikurangi. Kanggo nyulih wedharaning geguritan ana saperangan babagan kang prelu digatekake
kaya mangkene.
a. Maca tulisan (naskah) kanthi setiti.
b. Ngira-ira tétembungan kang diilangi, nuli mbalekake.
C. Njingglengi tembung pasemon utawa pralambang sing dianggo.
d. Njarwani (menafsirkan makna) pasemon utawa pralambange.
e. Ngupakara (merangkaikan) ukara-ukara saka panaliten dadi sawijining gancaran.
D. Maca Geguritan

Anggone maca geguritan beda karo maca karya sastra liyane, kayata cerkak apadene novel. Ateges,
nalika maca geguritan kudu nengenake babagan kabecikan lan kaendahan. Geneya nalika maca kudu
endah lan becik? Nalika maca geguritan nggunakake teknik maca endah kanggo ngatonake kaendahan
tetembungan sing ndhapuk lan medharake maknane. Supaya pamacane geguritan bisa kalaksanan kanthi
becik, bisa kanthi gladhen maca kanthi temen. Mula, swasana lan solah bawa nalika maca kanthi teknik
iki bisa kalaksanan kanthi becik lan jumbuh karo surasane geguritan. Kanthi mangkono bisa ndudut ati
pamiarsa lan jalari pamiarsa bisa ngrasakake surasane geguritan.

1. Paugeran maca Geguritan


Nalika maca geguritan paugeran kang kudu digatekake kaya mangkene.
a. Wirama (irama/lagu)
Irama kudu digatekake nalika maca geguritan, upamane banter, alon, cetha, utawa samar. Nalika maca
geguritan sing surasane semangat kudu nyuwara sora lan makantar-kantar. Beda nalika maca geguritan
sing surasane ngemu kasusahan, kudu alon, alus, lan melas.
b. Wirasa (Rasaning swasana ati)
Surasane utawa isine geguritan kudu dimangerteni tegese utawa karepe. Nuli anggone maca
ngetrapake utawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku susah, seneng, wibawa, getun, nesu, sedhih,
ngungun. Mula iku, wong sing ngrungokake bisa melu ngrasakake surasane geguritan.
c. Wiraga (obahing awak)
Nalika maca geguritan, obahe awak aja kaku nanging luwes bae. Anggone mlaku uga prayoga.
Ngobahake peranganing awak kanggo mangun swasana. Pasemon, praenan kudu jumbuh kalawan isining
geguritan, nanging salumrahe.
d. Wicara (pocapan)
Pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung sajroning geguritan. Kanthi
mangkono surasane geguritan bisa dimangerteni awit saka cethane pangucapane tetembungan.

2. Gladhen Maca Geguritan


Nalika maca geguritan ana Babagan kang kudu digatekake, kayata olah swara, mangerteni andhegane
tetembungan Utawa ukara.
a. Gladhen maca Geguritan
Cak-cakan Utawa praktik maca geguritan seora-orane ngandhut patang prakara kaya mangkene.
1).Olah swara (olah vokal)
Olah swara iki sesambungan karo kedaling lesan, tata pangaturing napas, lan pamedhoting ukara.
Swara kang digunakake prayoga menawa swara padharan, dudu swara saka dhadha amarga yen swara
dhadha kurang manteb lan napase kurang kuwat.
2). Penampilan
Nalika maca geguritan kudu gatekake perangan solah bawa, ekspresi, lan jiwane geguritan. Upamane
isine geguritan iku sedhih, pasuryane kudu katon nelangsa supaya sing mirengake melu sedhih Menawa
isine semangat juwang, ekspresi pasuryane kudu katon tegas, mandhes, lan makantar-kantar
3). Sambung (komunikatif)
Maca geguritan antarane kang maca lan ngrungokake kudu nyaw Tegese maca tanpa ana kang
ngrungokake ora guna. Semono uga kang ngrungokake yen ora ana kang maca ya ora bakal kalaksanan.
4). Sarana
Sarana yaiku apa bae kang dhukung supaya anggone maca geguritan tambah nges Sarana bisa awujud
mic (pengeras swara), panggung, gendhing.
b. Manehi tandha supaya Endah nalika maca Geguritan.
Kanggo luwih nggampangke anggone mangerteni lan ngrasakake isine Geguritan, kanthi cara manehi
tandha mandheg kaya mangkene.
1) Tandha (/), kanggo sulihe tandha koma, tegese mandheg sadhela
2) Tandha (//), kanggo sulihe tandha titik, tegese mandheg.
3) Tandha (=), tegese larik siji lan sijine isih ana sesambungane utawa ora mandheg.
c. Bab-bab kang kudu digatekake supaya maca Geguritan krasa nges
Saperangan babagan kang kudu digatekake nalika maca geguritan supaya luwih krasa nges kaya
mangkene.
1) Cendhak dhuwure swara (intonasi).
2) Dawa cendhake swara utawa cekak lanture (irama).
3) Tumuruntun lan mandhege ukara utawa tetembungan (jeda).
4) Owah gingsire pasuryan lan obahe awak (mimik lan pantomimik).

3. Nyemak Geguritan
Surasane geguritan bisa dimangerteni kanthi nyemak geguritan kasebut kanthi cara mangkene.
a. Geguritan diwaca kanthi permati, yen perlu dibolan-baleni.
b. Nggatekake sesambungan larik ukara, banjur diwenehi tandha kanggo munggel (jeda). Upamane
punggel sauntara wenehana tandha (/) lan kanggo sigeg weneh- ana tanda (//).
c. Nggoleki teges tembung-tembung kang dianggep angel. Kanthi terus dieling-eling, menawa tembung-
tembung sajrone geguritan bisa duwe teges lugu utawa entar.
d. Perlu digatekake menawa saben karangan tamtu duwe pesen utawa amanat kang kepengin diandharake
marang pamaca.

Anda mungkin juga menyukai