PEMBELAJARAN
A. PENDAHULUAN
Melalui pembahasan materi yang terdapat pada unit ini, guru dapat memiliki dasar
pengetahuan untuk mengajarkan materi yang sama dan/atau yang sejenis ke peserta didiknya
yang disesuaikan dengan indikator yang telah disusun, dan terutama dalam memfasilitasi
kemampuan bernalar peserta didik. Dalam rangka memudahkan guru mempelajari konten
dan cara mengajarkannya, di dalam unit ini dimuat kompetensi dasar terkait yang memuat
target kompetensi dan indikator pencapaian kompentensi, soal – soal sebagai acuan dalam
menyusun soal sejenis, lembar kegiatan peserta didik (LKPD) yang dapat digunakan guru
untuk memfasilitasi pembelajaran bahan bacaan yang dapat dipelajari oleh guru maupun
peserta didik. Komponen – komponen dalam unit ini dikembangakan dalam tujuan agar
dengan mudah memfasilitasi peserta didik memahami struktur passive voice. Soal– soal yang
dikembangkan pada unit pembelajaran ini terkait dengan pembahasan fungsi sosial, struktur
teks interaksi transaksional meminta dan memberi informasi, teks ilmiah dan unsur
kebahasaan Passive Voice.
B. KEGIATAN INTI
Kegiatan Inti
Discovery learning
..................................
2. Peserta didik mencermati dan membandingkan unsur pembangun teks geguritan
tradisional dan modern
SURUP
......................................................
7. Peserta didik dalam kelompok menebak benar atau salah mengenai kalimat
tersebut dengan cara mengangkat tanda (√) jika benar dan tanda (X) jika salah.
10. Peserta didik secara berkelompok mencari informasi dari berbagai refenrensi
seperti buku, internet, atau sumber lain untuk menjawab pertanyaan mengenai unsur
pembangun teks geguritan
11. Peserta didik mendiskusikan kata-kata sukar dalam teks teks geguritan melalui
literatur atau sumber belajar.
Verification (pembuktian)
14. Peserta didik secara individu menyampaikan secara santun hasil identifikasi
mengenai teks geguritan
15. Peserta didik dan guru menyimpulkan bersama-sama mengenai unsur pembangun
teks geguritan
C. PENUTUP
RANGKUMAN
•
1. Pengertian Geguritan
Geguritan kalebu salah sijining Puisi Jawa. Pangerten babagan tegese geguritan ing
antarane diandharake dening Subalidinata (1994: 45) ing bukune kang irah-irahan
Kasusastraan Jawa. Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Miturut
Subalidinata, geguritan asale saka tembung gurita kang diowahi saka tembung asline yaiku
gerita. Tembung gerita dhewe minangka tembung andahan kang linggane yaiku tembung
gita, tegese tembang utawa syair.
Pangerten babagan tegese geguritan uga dijlentrehake dening para winasis liyane. Mulyana
(2014: 42) ngandharake menawa geguritan iku asale saka tembung guritan kang oleh proses
morfologis dwipurwa dadi geguritan. Dene tembung guritan asale saka tembung gurit+an
(tulisan, pahatan, utawa senandung). Ing kamus Baoesastra Djawa tembung gurit ngemu
teges tulisan utawa tatahan; kidung utawa tembang (Poerwadarminta, 1939: 157). Dene ing
kamus Kawi-Jawa anggitane Ranggawarsita, tembung gurit nduweni teges reka, tulis, turut,
urut.
Jinising geguritan liyane adhedhasar paugerane geguritan, geguritan bisa kaperang dadi
Geguritan Gagrag Lawas / Kuna lan Geguritan Gagrag Anyar (Padmosoekotjo, 1960).
Andharane kawedharake ing ngisor iki.
2) Purwakanthi
Purwakanthi kaperang dadi 3 yaiku purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra lan
purwakanthi guru lumaksita.
Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi kang disebabake anane swara vokal kang
padha, bisa urut utawa selang-seling. Purwakanthi dumunung ing pungkasaning tembung
saben saklarik utawa ing pungkasaning gatra. Purwakanthi swara uga diarani asonansi.
Geguritan kang nganggo purwakanthi guru swara bisa dipirsani ing tuladha ngisor iki.
Purwakanthi Guru Sastra yaiku purwakanthi kang disebabake anane swara konsonan kang
padha. Beda karo purwakanthi swara, purwakanthi konsonan ora kudu tiba ing
pungkasaning gatra, nanging swara kang padha bisa ing wiwitan utawa tengahing gatra.
Purwakanthi sastra uga sinebut aliterasi. Geguritan kang nganggo purwakanthi guru sastra
bisa dipirsani ing tuladha ngisor iki.
Tuladha:
Purwakanthi lumaksita uga sinebut purwakanthi basa yaiku purwakanthi kang disebabake
anane tembung ing pungkasaning gatra utawa ukara kang dibaleni ing wiwitaning gatra
utawa ukara sakbanjure.
3) Lelewaning Basa
Lelewaning basa yaiku basa kang asring kanggo ing geguritan. Ancase penggurit nganggo
lelewaning basa yaiku supaya geguritan kang ditulis luwih endah utawa duwe efek estetis.
Lelewaning basa iki biasane nganggo bebasan utawa tetandhingan kang kudu digoleki
tegese. Jinise lelewaning basa bakal kaandharake kanthi ringkes ing ngsior iki:
Ironi yaiku lelewaning basa kang wujude pasemon. Tuladha: Wah elok
tenan biji repotmu kobong kabeh!
b. Citraan
Fungsi citraan yaiku kanggo nuwuhake gegambaran utawa khayalan kang tuwuh merga
pandhapuking ukara kang endah. Sutejo (2010, 20-24) merang citraan dadi 5 yaiku citra
penglihatan (citra panyawang), citra pendengaran (citra pangrungu), citra penciuman (citra
pangaras), citra perabaan (citra pandemok) lan citra gerak (citra owah).
e. Nyeritakake maneh apa kang wis dimangerteni saka isi geguritan kasebut, banjur
didhapuk maneh awujud prosa utawa karangan/ gancaran.
a. Wicara
Wicara iku gegayutan karo babagan cethaning swara utawa pocapan nalika maca geguritan.
Swara kang cetha bisa dibedakake antarane unine swara /d/, /dh/, /t/, /th/, tembung siji lan
liyane ora nggandheng lan ora bindheng. Swara kang cetha bakal penak dirungokake.
b. Wirama
Wirama yaiku andhap asore swara kang kajumbuhake karo isining geguritan. Umpamane
maca geguritan kang ngemu duhkita, wirama swara sing digunakake alon lan ora banter.
c. Wiraga
Wiraga yaiku patrap utawa solah bawa lan ora kakehen ngobahake awak. Umpamane yen
maca geguritan kanthi tema Sumpah Pemuda, wiraga kang katunjukake yaiku ngepelake
tangan kang nduwe teges “semangat”.
d. Wirasa
Wirasa (penjiwaan) teges isine geguritan dirasakake ing sanubari. Yen maca geguritan kang
isine nelangsa praupane susah (ngguya-ngguyu). Maca geguritan padha tegese karo
deklamasi.
Sumber/media pelatihan :
1. Gandung Wedaryatmo. 2016.Prigel Bahasa Jawa kelas XII. Jakarta : Erlangga
2. https://www.dictio.id