Anda di halaman 1dari 6

Karya ini saya susun untuk memenuhi tugas Bahasa

Daerah
Dibuat Oleh :
Yudistira
Absen : 32

PEMERINTAH KABUPATEN LUMAJANG


DINAS PENDIDIKAN
SMA NEGERI KUNIR

KATA PENGANTAR
Puji syukur kami panjatkan kehadirat Tuhan Yang Maha Esa karena
berkat dan rahmat-Nya sehingga kami bisa menyelesaikan karya yang
berjudul GEGURITAN. Karya ini di susun sebagai salah satu tugas mata
pelajaran Bahasa Daerah.
Semoga karya ini yang saya sajikan ini bermanfaat dan juga dapat
memberikan inspirasi bagi semua orang yang membacanya. Apabila ada
kritik dan saran akan saya terima dengan senang hati. Demi perbaikan karya
tulis selanjutnya.
Lumajang, 1 September 2016

Penulis

MOTTO :
Banyak Bekerja Dan Berdoa, Sedikit Bicara

Geguritan
Struktur Geguritan
Geguritan yaiku asli pangangen angen penyair tumrap kahanan utawa prastawa
kang diamati, dihayati, utawa dilakoni kang ditulis nganggo tembung kang ringkes
lan mentes. Geguritan uga diarani puisi Jawa gagrag anyar. Geguritan iku kanggo
ngandharake isine ati utawa menehi piwulang lang pepeling marang pawongan sing
maca.
1. Struktur Fisik
a. Tipografi (Bentuke Geguritan) yaiku wangun geguritan kang tinulis ora
ngebaki larik lan ora kudu kawiwitan aksara gedhe, sarta ora dipungkasi
tandha titik utawa tanda pawacan liyane.
b. Diksi (Pilihane Tembung) yaiku pamilihe tetembungan kang maknane
mentes, kang bisa negesi pirang pirang kekarepan kanthi nggatekake
larasing unine tembung.
c. Imaji (Pengungkapan Pengalaman Indrawi) yaiku rerangken tetembungan
ing geguritan bisa medharake pengalaman indrawi. Imaji kaperang dadi 3
yaiku :
1. Imaji Swara
2. Imaji Paningal
3. Imaji Raba/Sentuh
d. Tembung Konkret yaiku tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra
kang bisa nuwuhake imaji. Tembung konkret ing kene bisa arupa pepindhan
utawa pralambang.
e. Busananing Basa yaiku panganggone basa kang bisa nguripake swasana
swasana lan nuwuhake anggepan tartamtu serta bisa nuwuhake rasa
kaendahan.
f. Wirama yaiku runtuting swara ing geguritan kang bisa ing wiwitan, tengah
utawa ing pungkasaning gatra.
2. Struktur Batin
a. Tema / Makna yaiku kekarepan utawa maksud tartamtu kang kinandhut ing
saben tembung, gatra, pada lan sakabehe pada ing geguritan.
b. Rasa (Felling) yaiku pangungkape rasa panggurit tumrap bakune
pirembangan kang kinandhut ing geguritan kang ditulis.
c. Nada (Tone) yaiku kekarepan panggurit marang pamaos salaras karo isine
geguritan. Kekarepan iki bisa arupa pesen kang sipate ngguroni, ndhikte,
kerjasama, ngudhari prakara, masrahake marang para maos lan piturute.
d. Amanat yaiku pesen kang kinandhut ing geguritan kang diandharake
panggurit marang pamaos.
Tuladha Geguritan :
KATRESNAN

Sukma ana tanpa raga


Ati lara tanpa upama
Sing ditresnani ilang tanpa bali
Tekaning kapan aku kudu ngenteni
Aku kangen marang sliramu
Marang tangis lan guyumu
Dhuh Gusti apa iki cobaan kanggoku
Paringana kesabaran marang aku
Dhuh gusti paringana welas-Mu
Kanggo aku lan keluwargaku
Namung kuwi panjalukku

Anda mungkin juga menyukai