Anda di halaman 1dari 10

UKB_Pitutur Luhur ing Geguritan_BJ_3.1/4.1/3/3.

3.1/4.1/3/3.1

Pitutur Luhur ing Geguritan

A. IDENTITAS UKBM
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : XI/3
Kometensi Dasar :
3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks nonsastra (berita, artikel,
laporan, dan lainnya) secara lisan dan tulis
4.1 Menginterpretasi, menanggapi dan memperagakan teks drama, puisi, dan prosa sesuai isi
dengan bahasa
Materi Pokok : Geguritan
Alokasi Waktu : 6 x 45 Menit
Tujuan Pembelajaran : Melalui model pembelajaran Problem Based Learning dengan
menggali informasi dari berbagai sumber belajar dan mengolah
informasi, diharapkan peserta didik dapat menjelaskan isi geguritan,
mnenjelaskan pesan/amanat dalam geguritan, menjelaskan teknik
membaca ekspresif geguritan, memparafrase geguritan, menentukan
pungtuasi geguritan serta dapat memperagakan pembacaan ekspresif
geguritan.
Materi Pembelajaran : Anak-anakku kabeh, geguritan yaiku karya sastra seng awujud puisi
jawa. Supaya awakmu isa nguwasani bab geguritan iki, coba gatekna
materi teks geguritan sing ana ing buku: 1) Sukendro, D.P. dan
Susanti, T.W.. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas XI.
Surabaya: Penerbit Duta; 2) Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri
Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas XI.

1
UKB_Pitutur Luhur ing Geguritan_BJ_3.1/4.1/3/3.1

B. PETA KONSEP

Tegese Geguritan

Titikan Geguritan

Struktur Teks
Geguritan

Geguritan Nemokake Isi lan Pesan


Moral Teks Geguritan

Nggancarake / Memparafrase
Teks Geguritan

Jeda lan Intonasi ing


Geguritan

C. PROSES BELAJAR
1. Petunjuk Umum Penggunaan UKBM
1. Baca dan pahami materi pada buku Sutjiptono. 2015. Ngeluri Basa Jawa
SMA/SMK/MA Kelas XI, Banyuwangi: MGMP Bahasa Derah Banyuwangi, hal 18-22.
2. Setelah memahami isi materi dalam bacaan berlatihlah untuk berfikir tinggi melalui
tugas-tugas yang terdapat pada UKB ini baik bekerja sendiri maupun bersama teman
sebangku atau teman lainnya.
3. Kerjakan UKB ini dibuku kerja atau langsung mengisikan pada bagian yang telah
disediakan.
4. Kalian dapat belajar bertahap dan berlanjut melalui kegiatan ayo berlatih, apabila
kalian yakin sudah paham dan mampu menyelesaikan permasalahan-permasalahan
dalam kegiatan belajar 1, 2, dan 3 kalian boleh sendiri atau mengajak teman lain yang
sudah siap untuk mengikuti tes formatif agar kalian dapat belajar ke UKB berikutnya.

2
UKB_Pitutur Luhur ing Geguritan_BJ_3.1/4.1/3/3.1

2. Pendahuluan
Sadurunge sampean miwiti pasinaon dina iki, pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana
luwih dhisik!
1. Apa sampean nate ningali tiyang maca geguritan?
Inggih kula nate ninggali tiyang maca geguritan
2. Wonten pundi sampean nate ningali?
Wonten kelas
3. Gampang apa angel nalika maca geguritan punika?
Maca geguritan lumayan angel
3. Kegiatan Inti
Pasinaon 1
Wacanen pangerten, titikan, struktur, lan tuladhane teks geguritan ing ngisor iki !

Tegese
Geguritan menika saking tembung gurit ingkang tegesipun seratan. Geguritan menika
salah satunggaling asil kabudayan Jawi modern. Sinten kemawon saged ndamel
geguritan. Nganggit geguritan menika saged ngandharaken pengalaman pribadi utawi
gambaran kawontenan ing masarakat, utawi pagesanganipun tiyang ing alam donya
miturut jamanipun.
Geguritan wujudipun langkung mardika tinimbang tembang. Nganggit geguritan
boten prelu ngginakaken paugeran ingkang gumathok kados wonten ing tembang, pramila
geguritan saged dipunwastani puisi bebas.
Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos geguritan (4W) inggih menika :
1. Wicara : pocapan cetha, leres, jelas, tegas, boten bindheng, boten blero.
2. Wirama : minggah mandhapipun swanten, lirih saha seronipun swanten (irama)
3. Wirasa : ngraosaken salebeting manah ing geguritan (susah, semangat,
nelangsa)
4. Wiraga : ekspresi /patrap (sikep, obahipun badan, lan pasemon (rai).

Titikanipun Geguritan
Geguritan kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas lan geguritan gagrag anyar (puisi
Jawa Modern)
Titikane geguritan gagrag lawas yaiku :

3
UKB_Pitutur Luhur ing Geguritan_BJ_3.1/4.1/3/3.1

1. Diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit


2. Lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra
3. Guru lagu (rima utawa pola persajakan) pinathok
Dene geguritan gagrag anyar ora kaiket dening paugeran kaya ing dhuwur. Geguritan gagrag
anyar ora nduweni struktur kang baku ngenani cacahe gatra (larik), apadene cacahing padane
(jumlah bait). Ing geguritan lumrahe nggunakake basa rinengga supaya katon endah menawa
diwaca lan dirasakake.

Sawise maca teks ing ndhuwur, coba wacanen materi ngenani unsur intrinsik kang ana ing buku
Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W.. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas XI. Surabaya:
Penerbit Duta. Banjur jlentrehna struktur teks geguritan kang kinandhut!

No. Struktur fisik Wangsulan


1. tipografi Gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa
bait
2. diksi Pinilihing tembung
3. imaji Gambar, bayangan,utawa apa sing ana ing pikiran
4. Tembung konkrit Tembung kang nyata lan bisa ditangkep indra
5. Busananing basa Gaya basa sing digunakake sajrone geguritan
6. wirama Munggah mudune swara nalika maca geguritan

No. Struktur batin Wangsulan


1. Tema/makna Punjeraning bab kang ndadekake geguritan dumadi
2. Rasa (feeling) Tembung kanggo manjilmakake rasa ing geguritan
3. Nada (tone) Patrap sing digunakake ing sajroning geguritan
4. Amanat Pesen kang diwedharake penulis marang pemaos

4
UKB_Pitutur Luhur ing Geguritan_BJ_3.1/4.1/3/3.1

Tuladhane Geguritan

Jaman
(Déning Muhammad Yamin)

Jaman gègèr aku ngungsi ketèwèr-tèwèr


ndhelik sor ngèmpèr
ngerti-ngerti ketiban gèntèr
alah bapak balung saté
uripku ijèn-ijènan
nong-ning, nong nèng, nong ning, nèng nung

Rekasane urip jaman gègèr


ati ora jenjem mangan ora tentrem
turu ora bisa merem
pating jledhor bedhil mriyem
oh, Paiyem..Paiyem, bojoku sing mati kaliren
bubar nglairké anak wadon nalika perang ramé
mula bocah wadon mau dakjenengaké “Ramé”

Oh, Ramé Ramé kowé sakiki wis genti duwé


anak cacah lima semega-mega
urip jaman merdika enaké apa-apa ana
kliwat édan dadi brandhalan
ombèn-ombèn, mabuk-mabukan
tan ngerti bedhahing kamardikan

5
UKB_Pitutur Luhur ing Geguritan_BJ_3.1/4.1/3/3.1

Aku tumbaling putuku


lelabuhan jebul aji watu
saiki jaman maju
apa-apa kolu
jaman mau wong urip sarwa kesusu
mlebu metu nèng hotel nyandhing wong ayu
lah bapak ra ngerti saru
sing nèng ngomah padha padu

Damèn-damèn, pari-pari
biyèn-biyèn, saiki-saiki
o, slamet-slamet
jamané bundhet ruwet
ora eling labuh labet

“E, Bocah-bocah… jaman rongèwu nèng ngarepmu. Mangsa borong, nèng pundhakmu jaman
dadi abang biru.
Aku ora ngaru siku, wis, simbah turu.”

(Pengilon, Antologi Geguritan FKY)

Sawise maca geguritan kasebut, ayo gladhen negesi tembung ngisor iki
Gladhen
Negesi Tembung
1) Gègèr = riuh
2) Jenjem = ayem lan tentrem
3) Lelabuhan = pengorbanan
4) Damen = jerami
5) labuh labet = utang budi, pengabdian

Pasinaon 2
Sawise para siswa kasil ngerteni apa lan maknane struktur sawijine teks geguritan, sabanjure
ana ing pasinaon iki para siswa kabeh bakal dijak ngrembug lan nintingi pesan / amanat kang
ana ing guritan lan nggancarake geguritan.

Pesan / amanat guritan


❖ Isine bisa wujud ngandharake pengalaman pribadi utawa gegambaran
kahanan sing tinemu ing bebrayan utawa panguripane manungsa ing alam
donya manut jaminan kelakuane.

6
UKB_Pitutur Luhur ing Geguritan_BJ_3.1/4.1/3/3.1

❖ Geguritan gagruk lawas apa dene gagrak anyar isine mujudake pinutur
becik, sanggahan, sindiran marang apa wae (ngenam panguripane
manusngsa, pemerintahan, ramalan dst)

Nggancarake (Memparafrase) Geguritan


Nggancarake (memparafrase) geguritan bisa kanthi cara:
1. Ngudhari tembung-tembung baliswara (menawa ana)
2. Ngganti tembung sing angel karo tembung sing gampang dimangerteni
3. Munggel tembung-tembung utawa ukara supaya cetha karepe/tegese
4. Menehi tembung panggandheng, panyilah utawa tembung liyane supaya geguritan
gampang dimangerteni
5. Manehi tanda pawacan
6. Nyalin ukara-ukara ing geguritan mawa ukara prasaja (lugas) kanthi pawangun
gancaran (prosa)

Jeda lan Intonasi


Jeda yaiku ndheg-ndhegan (hentian) lakune pocapan sajroning maca geguritan kang
ditemtokake dening gantining gatra. Jeda bisa ndadekake cetha orane kekarepane sawijining
tembung utawa gatra ing geguritan.
Intonasi yaiku munggah mudhune lagu pocapan ing ukara. Anggone intonasi ing geguritan
wigati banget, supaya anggone maca bisa trep, kepenak dirungokake, lan ora wagu
(monoton).

Sawise ngerteni apa lan maknane pesan / amanat kang ana ing guritan lan nggancarake
geguritan, garapen gladhen ing ngisor iki

7
UKB_Pitutur Luhur ing Geguritan_BJ_3.1/4.1/3/3.1

Gladhen
Aku lan Pangudiku

Nadyan samya akeh seng ora seneng//


nadyan akeh wong sing nyacad//
tan bisa dadi pepalang//
ngranggeh impen /aneng awang-awang//
tekadku wus bakal ora lumuntur//
kanggo / mujudake pangudi//

Pangudi / kanggo urip / kang luwih mulya//


apa ora babar pisan//
aku bakal mujudake//
nadyan diarani aneh / tur nyleneh //
kang wigati / aku bisa wujudake pangudiku //
ya... / pangudi dadi wirausahawan kang sukses //
ngangkat drajad / lan martabat kluwargaku //
dadi wirausahawan / kang migunani / tumrap ibu pertiwi //
catatan :
- stabilo warna merah menandakan intonasi turun
- stabilo warna kuning menandakan intonasi naik
Gatekno teks geguritan kanthi irah-irahan Aku lan Pangudiku, banjur jawaben pitakon-pitakon ing
ngisor iki!
1. Temtokna struktur teks geguritan kasebut (struktur fisik lan struktur batin)!
2. Gawea parafrase saka geguritan kasebut! Parafase yaiku ngganti isine geguritan kasebut
kanthi nggunakake basa gancaran (prosa).

8
UKB_Pitutur Luhur ing Geguritan_BJ_3.1/4.1/3/3.1

3. Analisisen pesen moral kang kinandhut ( implisit lan eksplisit ) ing geguritan kasebut. Pesen
eksplisit yaiku pesen kang tinulis. Pesen implisit yaiku pesen kang ora tinulis.
4. Wehana tanda jedha` kang trep!
5. Wehana tanda intonasi kang trep!

4. Penutup
1. Siswa melakukan refleksi terkait pembelajaran yang baru berlangsung dengan
membuat catatan penguasaan materi dengan jujur dan tanggung jawab.
2. Siswa latihan menulis geguritan gagrag anyar.

1. STRUKTUR
a. Fisik :
- Tipografi : nulise rata tengah, saben padha ora ditemtokake cacahe larik
- Diksi : ‘tan’= ora ‘aneng’=anating ‘pangudi’=usaha ‘samya’
- Imaji : ‘nadyan akeh wong sing nyacad’ ‘nadyan diarani aneh tur nyeleneh’
- Tembung Konkret : nyacad,pangudi,pepalang
- Rima : Tan bisa pepalang
Ngranggeh impen aneng awang-awang
- Majas : ‘ngranggeh impen aneng awang-awang’
b. Batin :
- Tema : ora gampang nyerah kanggo mujudake impen
- Rasa : medharake rasa semangat lan ora gampang nyerah
- Nada : panulise ngajak pemaos supaya tetep semangat kanggo mujudake impen
- Amanat : lumantar geguritan iki panulis pengen menehi pitutur yen kita sedaya kudu
tansah semangat nggayuh impen.

9
UKB_Pitutur Luhur ing Geguritan_BJ_3.1/4.1/3/3.1

PARAFRASE

Aku Lan Pangudiku

Nadyan samya akeh seng ora seneng


Nadyan akeh wong seng nyacad
( ora ) bisa dadi pepalang
Nagranggeh impen ( ing ) awang awang
Tekadku wis bakal ora lumuntur
Kanggo mujudake pangudi

Pangudi kanggo urip(ku) kang luwih mulya


Apa ora babar pisan
Aku bakal mujudake
Nadyan diarani aneh ( lan ) nyeleneh
Kang wigati aku bisa mujudake pangudiku
Ya.... pangudi dadi wirausahawan kang sukses
( kang bisa ) ngangkat drajad martabat kluwargaku
( lan ) dadi wirausahawan kang migunani tumrap ibu pertiwi

3. Implisit
- Aja ngerungokake apa sing diomongake wong liya
- Ora nyerah kanggo ngranggeh impen
- Kanthi niat lan tekad kuat impen bisa kawujud
Eksplisit
- Nadyan akeh wong sing nyacad, tan bisa dadi pepalang
- Tekad wis bakal ora lumuntur kanggo mujudake impen
- Kang wigati aku bisa mujudake pangudiku

10

Anda mungkin juga menyukai