Anda di halaman 1dari 10

TUGAS BASA JAWA

“NGANALISIS TEKS DRAMA”

KELOMPOK 1 / XI MIPA 7
JENENG ANGGOTA:
1. DEVI FITRIASARI (08)
2. GANTARI ESYA R. (11)
3. M. GILANG MAHARDIKA (22)
4. MUHAMMAD BURHANUDIN (24)

DINAS PENDIDIKAN PROFINSI JAWA TIMUR


SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 2 KEDIRI
JLN VETERAN 7 TELP/FAX : (0354) 771121 KODE POS : 64114
Website : www.sman2kediri.sch.id/ E-mail : smadakdr@yahoo.com
2019
1. TEKS DRAMA
Drama : Ambisi duk Ambisius
Narator : Brummm...brummm...brummm....Isuk-isuk swara motore bapak wis
muni nangekake turune Roy dina iki. Roy turu kebengen saengga tangine
kawanen. Jam wis nunjukake wektune budhal sekolah, Roy langsung
cepet-cepet adus lan langsung siap-siap banjur budhal sekolah bareng
bapake.
Roy : “Aduhhh, goro-goro ndelok drama sampe bengi iki aku gaisa tangi isuk
!!!”
Bapak : “Mangkane le lak ndelok drama ndelok-ndelok wektu barang. Ojo
sampe lali turu maneh yo le.”
Roy : “Nggih Pak”
Bapak : “Enek sing keri ga nde omah ?”
Roy : “Mboten pak sampun sedaya, ehhh pak supe HP ne Roy ketlesut ning
tas sitoke.”
Bapak : “Lhaaa yo to mesti lalinan. Yowes lah bene ae, nko panggah tak jemput
le tenang ae.”
Roy : “Pamit sekolah nggeh, Pak ”
Bapak : “Yo, sinau sing pinter.”

Narator : Sabanjure teka ning sekolah, Roy mlaku biasa tapi ujug-ujug
brokkkkk.....swara buku ceblok ning ngarepe Roy. Roy langsung nulungi
cewek iku lan cewek iku ngucapake matur suwun. Roy sakdurunge ora
tau ngerti ana cewek iku ning skolah kene.

Roy : “Waduhhh....wis telat iki aku melbu kelas. Ana pelajarane Bu Sarti
pisan. Bahaya iki aku iso-iso di kongkon nyanyi lagu nasional nyang
ngarepan. Wes mblayu ae.”
Narator : Sampene Roy ning kelas, lhadalaa....kok kosong....Roy lagek ileng lak
dina iki ana praktikum ning laboraturium Kimia.
Roy : “Waduhhhhh....lali maneh. Dina iki kan ana praktikum kimia. Lab
kimia kan ning bagian ngarep sekolah waduhhh....wes dadi bahan Bu
Sarti iki aku.”

Narator : Roy pun teka ning laboraturium Kimia


Kanca-kanca : “Huuuu....telat.....huuuu.....Hukum Roy, Bu !”
Roy : “Ya Allah rek tegone kabeh.”
Bu Sarti : “wis-wis nak ojo ngunu, Bu Sarti lagi apikan dina iki dadi Roy oleh
lungguh.”
Roy : “Matur suwun, Bu”
Bu Sarti : “Ehhhh, sik sik Roy. Sadurunge lungguh tak takoni disek, iku sopo
(nunjuk bocah wedok)”
Roy : “Mboten ngertos, Bu. Sopo nggih, Bu “
Bu Sarti : “Iku Harum, murid anyar ning kelas iki.”
Roy : “Owalah,,,nggih Bu.”
Bu Sarti : “Yawes, saikimu iki mau uwis dibagi kelompok Roy, awakmu
sakkelompok karo Harum, Johan, Terry. Wis Ndang lungguh manut
kelompoke.”
Roy : “Nggih, matur suwun Bu.”

Narator : Swasana kelas dadi aneh gara-gara ana bocah anyar kuwi. Roy sing
sakkelompok ngewanekne diri dinggo kenalan disik.
Roy : “Hai, Rum.”
Harum : “Hai, jenengmu sapa?”
Roy : “Jenengku Roy, lengkape Roy Bastian.”
Harum : “Ohhh, jenengku Harum. Aku pindahan saka Yogya.”
Roy : “Lha ngapa pindah Kediri ?”
Harum : “Melu kerjane Bapak aku”
Roy : “Owalahh”
Narator : Sawise praktikum, kabeh siswa mbalek ning kelas. Sekolah dina iki
mlaku kaya biyasane. Budhal gawa semangat, mulih gawa penat.
Roy : ”Piye, Rum sekolah ning kene ? krasan ga ?”
Harum : “Hehehe gung opo-opo lho Roy, sik dina kesiji”
Roy : “Aku seneng lho sakkelompok karo awakmu, soale mau pas Bu Sarti
takon materi awakmu iso kabeh, jan hebat”
Harum : “Ahhh biasa wae Roy”
Roy : “Ehh oleh njaluk nomer mu ? mengko ben iso diskusi karo Johan lan
Terry masalah laporan kimia”
Harum : “Iyo, nomerku 0888222333444”
Roy : “Oke suwun, Rum”

Narator : Singkate crita, Roy, Harum, Johan lan Terry janjian ning omahe
Harum. Kabeh sepakat nglumpuk jam 10 isuk.
Harum : “Iki cah-cah kok gung padha teko to ? (sambil ngechat ning whatsapp)”
Johan : “Assalamualalaikum, Rum”
Harum : “Waalaikumsalam, mlebuo Han”
Johan : “Roy gung budal ta ?”
Harum : “Gung, mbuh wi Terry, karo Roy kok gung budal”
Terry & Roy : “Harum...Assalamualaikum”
Harum : “Yo mlebuo ae, iki wis jam piro kok lagek teko?”
Terry : “Hehe sepurane, Rum. Mau ga ana sing ngeterne malih aku njaluk
tulung Roy dingge ngeterne”
Harum : “Owalah yawes.”
Roy : “Piye iki mbagi tugase ?”
Terry : “Aku bagian BAB 1 ae”
Johan : “Aku bagian nggae cover karo BAB 2 yo”
Harum : “Eh aku cover ae”
Roy : “Lak menurutku cover e ben Johan ae, Rum. Soale Johan pinter
editing”
Harum : “Aku ae gapopo, aku iso rek”
Johan : “Yo wes gapopo rek, percoyo ae karo Harum”
Narator : Minggu isuk, Roy arep e budhal menyang sekolah kanggo rapat
organisasi. Ujug-ujug Harum ngirim pesan marang Roy. Intine Harum
gak gelem nggarap cover soale Harum nduweni pekerjaan sekolah
liyane. Banjur tanpa mikir dawa, Roy langsung balik menyang omahe
Johan.
Roy : “Assalamualaikum, Johan”
Johan : “Waalaikumsalam. Ana apa Roy? ”
Roy : “Dadi ngene, Harum mau ngewhatsapp aku lak Harum ora iso
ngerjakne cover soale nggarap PR sing liyane.”
Johan : “Lha terus piye Roy ?”
Roy : “Yo mangkane aku rene apene ngongkon awakmu nggawe, kira-kira isa
gak ya sesok soale deadline e ?”
Johan : “Isa insyaallah Roy, tapi hasile ya gaisa maksimal”
Roy : “Yawes gapopo, sakisa mu ae.”
Johan : “Oke siap Roy”

Narator : Kedadeyan iku nyebabake Roy ora seneng karo tindakane Harum.
Kudue Harum jujur karo kemampuane dewe, ora malah ngapusi sok iso
ngunu kae. Allah seneng wong sing jujur lan ngakoni sesuatu manut
kemampuane dewe.
Johan : “Aku wis kenal Harum ket SMP Roy, Harum emang ngunu bocahe.
Mentingne kapentingane dewe timbang kelompoke”
Roy : “Owalah...mugi-mugi Harum cepet sadar ya Han”

Narator : Dina Senin wektune presentasi laporan praktikum e iku. Johan oga isa
teko soale lagi lara. Presentasi pun mulai lan para siswa merhatekne
bageyan kelompokku.
Roy : “Dadi iki hasil laporan praktikum kita sedaya, yen ana salah panulisan,
basa, lan isine nyuwun pangapurane”
Bu Sarti : “Lek ibu komentari isine wis apik, lan logis. Cover e yo apik sopo sing
gawe iku ?”
Harum : “Kula, Bu”
Roy : “(ing njero ati) Hah piye to Harum kok ngakon-ngakon i lek cover iku
gaenane dek e padahal kan gaenane Johan”
Bu Sarti : “Wah Harum, nilai plus dinggo awakku iki”

Narator : Sakwise presentasi Roy ngewanekne diri dinggo ngomong karo Harum.
Roy : “Heh, Rum. Maksudmu iku opo kok awakmu ngaku ngaku lak iku
gaenane awakmu ? ga mikir to we ? jelasno saiki ! ”
Harum : “Aku mek inisiatif ngganteni Johan, timbang ora ana sing njawab Bu
Sarti kan ?”
Roy : “Tapi ya ora ngunu carane. Kan isa aku ngomong mau lak iku gaenane
Johan. Kok malah awakmu langsung nyrempet ngomong”

Narator : Harum langsung ngaleh ninggalake Roy. Roy wis ga ruh maneh opo
sing kudu dilakokake supaya Harum isa sadar karo kelakuwane dewe.
Kelakuane iku wis parah. Isa ngrugikne deweke dewe lan wong liya.
2. ANALISIS
No. Paraga Watak Ukara kang nuduhake
1. Bapak : “Enek sing keri ga nde
omah ?”
2. Bapak: “Lhaaa yo to mesti
1. Pengertian
1 Bapak lalinan. Yowes lah bene ae,
2. Penyayang
nko panggah tak jemput le
tenang ae.”

1. Roy : “Mboten pak


Sampun sedaya, ehhh pak
supe HP ne Roy ketlesut ning
tas sitoke.”
1. Lalian
Roy Bastian 2. Roy langsung nulungi
2 2. Seneng nolong
cewek iku lan cewek iku
3. Tanggung Jawab
ngucapake matur suwun.
3. Banjur tanpa mikir dawa, Roy
langsung balik menyang omahe Johan.

1. “Waduhhhhh....lali maneh. Dina iki


kan ana praktikum kimia. Lab kimia
1. Teges kan ning bagian ngarep sekolah
Guru Kimia / Bu 2. Apikan (manut waduhhh....wes dadi bahan Bu Sarti
3
Sarti swasana atine Bu iki aku.”
Sarti) 2. “udah-udah nak ojo ngunu, Bu Sarti
lagi apikan dina iki dadi Roy oleh
lungguh.”
Harum “Dadi ngene, Harum mau
ngewhatsapp aku lak Harum ora iso
4 Munafik ngerjakne cover soale nggarap PR
sing liyane.”
1. “Isa insyaallah Roy, tapi hasile ya
gaisa maksimal”
1. Apikan
5 Johan 2. “Yo wes gapopo rek, percoyo ae
2. Saling percoyo
karo Harum”

Terry “Hehe sepurane, Rum. Mau ga ana


6 Jujur sing ngeterne malih aku njaluk tulung
Roy dingge ngeterne”
Kanca Sekolah Roy “Huuuu....telat.....huuuu.....Hukum
7 Seneng ngglojoki
Roy, Bu !”

No. Setting Katrangan Ukara kang mbuktekake


Isuk-isuk swara motore bapak wis
1 Wektu Isuk
muni nangekake turune Roy dina iki.
Singkate crita, Roy, Harum, Johan lan
Jam 10 Isuk Terry janjian ning omahe Harum.
Kabeh sepakat nglumpuk jam 10 isuk
Minggu isuk, Roy arep e budhal
Minggu Isuk menyang sekolah kanggo rapat
organisasi
Dina Senin wektune presentasi
laporan praktikum e iku. Johan oga isa
teko soale lagi lara. Presentasi pun
Dina Senin
mulai lan para siswa merhatekne
bageyan kelompokku.

Roy turu kebenges saengga tangine


kawanen. Jam wis nunjukake wektune
budhal sekolah, Roy langsung cepet-
2 Kahanan Panik / kesusu
cepet adus lan langsung siap-siap
banjur budhal sekolah bareng bapake.
“Huuuu....telat.....huuuu.....Hukum
Rame
Roy, Bu !”
Swasana kelas dadi aneh gara-gara ana
bocah anyar kuwi. Roy sing
Aneh / awkward
sakkelompok ngewanekne diri dinggo
kenalan disik
kedadeyan iku nyebabake Roy ora
Kesal/ ora seneng
seneng karo tindakane Harum.
Brummm...brummm...brummm....Isuk-
3 Panggonan Omahe Roy isuk swara motore bapak wis muni
nangekake turune Roy dina iki
Sabanjure teka ning sekolah, Roy
mlaku santai tapi ujug-ujug
Sekolah e Roy
brokkkkk.....swara buku ceblok ning
ngarepe Roy.
Singkate crita, Roy, Harum, Johan lan
Omahe Harum Terry janjian ning omahe Harum.
Kabeh sepakat nglumpuk jam 10 isuk.
Sawise praktikum, kabeh siswa
mbalek ning kelas. Sekolah dina iki
Kelas mlaku kaya biyasane. Budhal gawa
semangat, mulih gawa penat.

Roy langsung balik menyang omahe


Omahe Johan Johan.

No. Properti Katrangan


Mejo, kursi, papan nulis, pralatan praktikum, kertas, buku,
1 Piranti
spedah, HP, lan laptop.
Klambi seragam SMA, Klambi Guru, Klambi bebas, Klambi
2 Busana/paes
Bapak PNS.
No. Piwulang Moral Kutipan Teks
kedadeyan iku nyebabake Roy ora seneng karo
tindakane Harum. Kudue Harum jujur karo
Moral marang Gusti Kang
1 kemampuane dewe, ora malah ngapusi sok iso
Maha Kawasa
ngunu kae. Allah seneng wong sing jujur lan
ngakoni sesuatu manut kemampuane dewe.
- Kelakuane iku wis parah. Isa ngrugikne
deweke dewe lan wong liya.
Moral marang sapadha- - Kudue Harum jujur karo kemampuane dewe,
2
padhane manungsa ora malah ngapusi sok iso ngunu kae. Allah
seneng wong sing jujur lan ngakoni sesuatu
manut kemampuane dewe.
Kelakuane iku wis parah. Isa ngrugikne deweke
3 Moral marang dhiri pribadi dewe lan wong liya.

Moral marang alam


4 Mboten wonten ana ing teks
lingkungan

 RELEVANSINE TEKS DRAMA “Ambisi duk Ambisius” :


Crita iki isih cocog banget karo kahanan jaman saiki, amarga wong nom opo
maneh bocah SMA mesti sering ngalami crita sing meh persis karo crita iki.
Ana sing nduwe konco mesti mentingno kepentingane dewe, seneng egois
karo deweke. Akeh wong sing kaya ngunu ning jaman saiki.

Anda mungkin juga menyukai