Anda di halaman 1dari 15

BJ 3.3 / 4.

3 / 13 / 5

TEKS DRAMA UNGGAH-UNGGUH BASA

1. Identitas
a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Daerah (Basa Jawa)

b. Semester : 5 (Lima)

c. Kompetensi Dasar :

3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis penggunaan bahasa lisan


dalam berbagai tatakrama.

4.1 Menginterpretasi, menanggapi dan mengekspresikan isi teks nonsastra


secara lisan dan tulisan.

d. Indikator Pencapaian Kompetensi:

3.1.1 Menjelaskan unggah-ungguh basa/andhaggha bhasa.

3.1.2 Menjelaskan karakteristik.

3.1.3 Menganalisis penggunaan unggah-ungguh basa.

3.1.4 Menjelaskan isi teks drama.

4.1.1 Menulis teks percakapan sesuai dengan kaidah.

4.1.2 Mendramatisasikan teks percakapan yang telah ditulis.

4.1.3 Memberikan komentar atau tanggapan tentang penampilan temannya


dalam bermain drama.

Materi Pokok : Bermain Peran/Drama

e. Alokasi Waktu : 4x Pertemuan

f. Tujuan Pembelajaran :

Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan analisis, peserta didik
diharapkan dapat mengidentifikasi ciri ragam bahasa lisan dalam teks bermain
peran dan menganalisis karakteristik bahasa lisan dalam bermain peran,
sehingga peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang
dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli, dan bertanggung jawab, serta
dapat mengembangkan kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi,
berkolaborasi, dan berkreasi (4C).
BJ 3.3 / 4.3 / 13 / 5

g. Materi Pembelajaran

Anak-anakku kabeh, miturut pangertene, drama tetiron penguripan sing


dialami dening manungsa jroning gesang ing bebrayan. Panguripane manungsa
ing alam donya kuwi mujudake lelakon kaya sing diperagakake jroning pagelaran
drama. Jalaran ing pagelaran drama iku nggambarake lelakone urip manungsa ing
masyarakat utawa bebrayan. Yen awake dhewe nonton pagelaran drama ateges
awake dhewe nonton gegambaran lelakone urip manungsa. Kanggo mangerteni
bab iki coba gatekna materi drama sing ana ing buku: 1) Sukendro, D.P. dan
Susanti, T.W.. 2014. Wiyata Basa Kanggo SMA/SMK/MA Kelas XII. Surabaya:
Penerbit Duta; 2) Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri basa Kanggo
SMA/SMK/MA/MAK Kelas XII. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa
Timur; 3) Hidayah, Nurul dan Umi Nayirotin. 2015. Sayaga Basa Jawa Kanggo
SMA/MA/ Kelas XII. Jakarta: Penerbit Erlangga.

2. Peta Konsep
TEKS LAKON/TEKS

Definis/Pangerten Ciri-ciri/Titikan Unggah-ungguh Basa Struktur

3. Kegiatan Pembelajaran
a. Pendahuluan

Sakdurunge awakmu miwiti pasinaon dina iki, maca teks drama sing wis diwacakake,
wangsulana pitakon ngisor iki. Menawa ana pitakonan sing durung bisa kok jawab
tinggalen (ora usah kok jawab) dhisik, wangsulana mengko wae sawise rampung maca
teks

a. Teks drama iku mujudake kadadeyan kang nyata apa karekayasa?

b. Basa apa sing digunakake ing teks drama?

c. Ing ngisor iki ana teks “Sindhenrela” kedadean apa wae sing dicritake ana ing drama
kasebut?

b. Kegiatan Inti

1) Petunjuk Umum UKB


BJ 3.3 / 4.3 / 13 / 5

a) Baca dan pahami materi pada buku Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W.. 2014,
Wiyata Basa Kanggo SMA/SMK/MA Kelas XII. Surabaya: Penerbit Duta,
Bambang Purnomo, Ms. dan Teguh Prasetyo Wiyono, Msi dkk, Sastri Basa
Kanggo SMA/SMK/MA/MAK Kelas X, Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.

b) Seyelah memahami isi materi dalam bacaan berlatihlah untuk berfikir tinggi
melalui tugas-tugas yang terdapat pada UKB ini baik bekerja sendiri maupun
bersama teman sebangku atau teman lainnya.

c) Kerjakan UKB ini di buku kerja atau langsung mengisikan pada bagian yang
telah disediakan.

d) Kalian dapat belajar bertahap dan berlanjut melalui kegiatan ayo berlatih,
apabila kalian yakin sudah paham dan mampu menyelesaikan permasalahan-
permasalahan dalam kegiatan belajar 1, 2, dan 3 kalian boleh sendiri atau
mengajak teman lain yang sudah siap untuk mengikuti tes formatifagar kalian
dapat belajar ke UBK berikutnya.

2) Kegiatan Belajar

Ayo......ikuti kegiatan belajar berikut dengan penuh kesabaran dan konsentrasi !!!

Pasinaon 1

Wacanen pangerten, titikan, struktur, karakteristik, lan tuladhane teks lakon/tekas drama ing
ngisor iki!

Drama utawa sandiwara asale saka basa Yunani kang nduweni teges sawijining aksi/solah
bawa, utawa crita kang dipentasake dening paraga-paraga.

Titikane/ciri-ciri Basa Lisan

Titikane basa lisan: mbutuhake tekane wong marang sing ngomong), pramasastrane
kurang jangkep, dibatesi anane empan papan (panggonan lan wektu), ditemtokake
cendhek dhuwure swara. Basa lisan iku uga duweni kaluwihan lan kekukrangan.
Kaluwihane yaiku: bisa dicocogake marang kahanan (situwasi), penganggone luwih
gampang lan praktis, gampang dingerteni jalaran olehe ngandharake dikantheni mobah
mosike awak, luwih cepet dingerteni wong sing dijak ngomong, lan luwih bebas merga
ora dibatesi pramasastra. Kekurangane yaiku: ukarane ora jangkep, sok-sok nggunakake
basa dhialek, kadhangkala ukarane dibolan-baleni, ora saben wong bisa nggunakake
basa lisan kanthi becik, lan basa sing digunakake ora manut paugeran baku.
BJ 3.3 / 4.3 / 13 / 5

Struktur Pangerten

Minangka teks crita naratif, teks lakon nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi
saka: a) jejer (orientasi), yaiku perangan wiwitane crita kanggo nepungake
tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, b) pasulayan
(komplikasi), yaiku dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga,
lan c) pangudhare prakara (resolusi), yaiku pungkasan karampungane pasulayan
utawa dredah.

Unsur Intrinsik
Drama uga ngemot bab-bab kang ndadekake drama kasebut bisa wutuh, amarga
binangun saka pirang-pirangane bab, yaiku underan (tema), paraga lan wewatekane,
latar (setting), plot (alur), lan amanat (piwulang luhur). Bab-bab kang mbangun
wutuhing drama kaya ngono iku diarani unsur intrinsik.

Nyemak Teks Lakon “Sindhenrela Lan Sandhal Jepit”

Supaya awakmu luwih paham ngenani bab teks lakon, ing ngisor iki kababar sawijine teks
kanthi irah-irahan – Sindhenrela Lan Sandhal Jepit.

“SINDENRELA lan SANDHAL JEPIT”


Sindenrela kuwi gadis desa sing pinter nembang, suarane apik, parase ayu, seneng
nulung, nanging uripe melasi. Ibu kandunge wis ngadep Gusti Allah. Sindenrela nduwe ibu
kuwalon anyar lan nduwe sedulur kuwalon anyar jenenge Rahayu. Ibu tiri lan mbakyu
kuwalon mau senenge nyiksa Sindenrela nek langka bapake ing umah. Saben dina Sindenrela
dipaksa kerja terus-terusan, nanging Sindenrela tetep sabar.

Sindenrela nduwe kanca jenenge Tukimin. Tukimin kiye wis dadi kancane Sindenrela


kawit cilik. Mung karo Tukimin tok, Sindenrela gelem cerita apa bae, langka sing ditutupi.
Apa maning masalah karo ibu tirine lan mbakyu kuwalon, ora ketinggalan di
ceritakake neng Tukimin.

Babak I
( esuk-esuk nang umahe Sindenrela )
Ibu tiri          :  “Sindeeeeen!!!! Sindenrela!!!” ( lungguh ing ngarep TV  karo kipas kipas)
Sindenrela    :  “Dalem, Bu?” ( mlayu marani ibu tirine )
Ibu tiri          :  “Dolam dalem! Kuwe ora ndeleng gerabah numpuk-numpuk. Kumbaih siki!”
BJ 3.3 / 4.3 / 13 / 5

Sindenrela    :  “Ngapunten, Bu. Kala wau kan Ibu ndhawuhi Sinden supados nggirah
agemane Ibu. Nah menika dereng...” ( Sindenrela durung rampung ngomong, wes dipedhot
ibu tirine )
Ibu tiri          : “Halah, aja nggawe alasan terus! Ibu ora arep ngerti, pokoke siki kabeh kudu
rampung!”
Sindenrela    :  “Nggeh, Bu...” ( karo manthuk manthuk )
Rahayu        :  “Sindenrelaaaaa!”
Sindenrela    : “Dalem, Mba?” ( mlayu marani Rahayu )
Rahayu        : “Kiye klambiku gosokake. Aku arep dolan karo kanca-kancaku. Saiki!”
(mbalangke klambi marang wajahe Sindenrela)
Sindenrela    : “Nanging, Mba, anu menika Sinden ajeng ngumbah agemane Ibu lan ngumbah
piring.”
Rahayu        : “Terus aku kon mikiri? Gosokake klambiku, saiki! Nek ora aku omongna Ibu
nek kowe ora gelem!”
Sindenrela    : “Ampun to mba. Nggeh sampun Sinden gosokaken. Nengga sekedap
malih...”(Sindenrela banjur cepet-cepet nggosok klambine Rahayu.)

Babak II
( Sindenrela nggosok klambine mbakyune karo nangis amarga nelangsa karo uripe sing saben
dina dibeda-bedani nang umahe dewe. Sindenrela ora ngerti nek ana Tukimin teka lewat
lawang mburi )
Tukimin       : “Loh, Nden? Nangapa koh? Deneng nangis?” ( nyedhak marang Sindenrela )
Sindenrela    :  “Rasaku kok lesel banget ya, Min. Aben-aben dikon nyambut gawe kaya
kiye...” (ngulapi iluhe kang netes)
Tukimin       :  “Sing legawa, Nden. Sing ikhlas.. kabeh tindak-tanduke dewek mesti dibales
karo Gusti Allah. Sanajan ora ngerti kapan wektune.”
Sindenrela    :  “Iya, Min. Apa kuwe sing nang tangan, sing kowe cekel?” (karo nunjuk
tangane Tukimin) 
Tukimi         : “Nah, tembe bae aku arep ngomong. Kiye mau ana undangan saka Jaka
Sembung. Dadi Jaka Sembung kiye critane arep nganakake acara kanggo golek bojo.”
Sindenrela : “Temenan apa kuwe, Min? Jaka Sembung sing umaeh nang desa sebelah kae,
to?” (kaget)
Tukimin : “Iya, Nden. Jaka Sembung sing kowe senengi kae. Mbog kawe tau cerita...”
Sindenrela : “Moso sih?”
Tukimin : “Halah... kuwe pipimu kok dadi abang? Hahahaha...” (ngguyu ngledo
Sindenrela)
BJ 3.3 / 4.3 / 13 / 5
Sindenrela : “Gara-garane kowe, Min! Ngledeki aku! Kan aku isin, to!” (nutupi raine
nganggo tangane karo ngguyu-ngguyu dewe)
Tukimin : “Iya, iyaaa... Kiye undangane, masalah melu apa ora kuwe terserah. Sing
penting aku wis ngabari kowe, Nden.”
Sindenrela : “Aku sih kepenging melu, Min. Tapi aku ora ngerti ulih apa ora karo Ibu.”
Tukimin : “Pamit bae karo Bapakmu wae nangapa?”
Sindenrela : “Bapak kan lagi kerja 2 minggu nang kota. Aku ya ora bia matur maring
Bapak.”
Tukimin : “oh, yawis kowe nembung disit. Mengko aku kabari ya. Aku arep bali disek.
Assalamu’alaikum...”
Sindenrela : “Walaikumsalam...”
Rahayu : “Sindeeeen! Lagi ngapa sih, deneng suwe temen nggosoke!!”
Sindenrela : “Nggeh, Mba. Niki sampun rampung.”
Rahayu : “Jan, kaya kuwe tok be kesuwen!” (njukuk klambine)
“Loh, kuwe apa sing kowe cekel?”
Sindenrela : “Anu, Mba..anu...niki..eh...undangan.”
Rahayu : “Kiye kan undangan acarane Jaka Sembung? Deneng kowe bisa ulih juga?
Kowe arep melu apa? Hahahahaha. Aja ngimpi Jaka Sembung seneng marang kowe! Jaka
Sembung kuwe seneng wong wedon sing kaya aku, udu kaya kowe!”
Sindenrela : “Tapi kan mboten salah to Mba, menawi Sinden nderek acara menika.”
Rahayu : “Ibuuuu! Bu....!”
Sindenrela : (bingung Rahayu meh ngapa, wedi yen wadul ibune)
Ibu tiri : “Apa to? Kok bengok-bengok?”
Rahayu : “Bu, menika mireng mboten menawi Jaka Sembung ngawontenaken
undangan pados garwa mangke ndalu?”
Ibu tiri : “Loh apa iya? Jaka Sembung sing gagah kae?”
Rahayu : “Nggeh, Bu. Rahayu uga badhe nderek. Tapi moso Sinden nderek, kan lucu
nggeh, Bu?”
Ibu tiri : “Apa? Kowe arep melu? Ora ulih karo Ibu! Mung gawe isin tok mengko
nang kana!”
Sindenrela : “Tapi, Bu... Mba Rahayu uga pareng nderek, moso Sinden mboten pareng?”
Ibu tiri : “Sekali ora ulih ya tetep ora! Mengko bengi, kowe nang umah, resik-resik!
Ibu karo Mbakmu sing mangkat! Titik!”

Babak III
(Mlebu wayah bengi Rahayu karo ibu tirine Sindenrela sibuk nganah-ngeneh kanggo
persiapan menyang umahe Jaka Semebung. Rahayu ditukokake klambi anyar sing apik
BJ 3.3 / 4.3 / 13 / 5
banget. Sindenrela mung bisa ndeleng sanajan atine iri ndeleng kakange diistimewakake karo
ibune. Sindenrela sing ora bisa melu mung bisa nelangsa karo resik-resik umah)
Sindenrela : “Ya Allah, paringana sabar, paringana ikhlas...” (Sindenrela ndonga karo
nangis)
Tukimin : “ Assalamu’alaikum, Nde, Sinden!” (ngetok ketok lawang omahe
Sindenrela)
Sindenrela : “Walaikumsalam, mlebu bae, Min!”
Tukimin : “Nden, deneng kowe tesih nang umah?” (bingung ndeleng Sindenrela kang
iseh nyapu)
Sindenrela : “Aku ora ulih melu karo Ibu, Min. Aku didhawuhi nang umah bae resik-
resik.”
Tukimin          :  “Wis mangkat bae saiki. Ayo karo aku mronone!” ( karo narik narik
tangane Sindenrela )
Sindenrela    : “Tapi nek aku dukani Ibu piye, Min. Aja ngawur kowe!” ( nguculke tangane
kang ditarik Tukimin )
Tukimi          :  “Ora, ora bakal diseneni. Wis ayo mangkat!”
Sindenrela    :  “Tapi aku ora nduwe klambi maen, Min...” ( ndeleng klambi kang dinggo
dekne )
Tukimin        :  “Halah, wis mbatin aku. Wong wedon genah iya koh, repot apa-apane! Geh
aku wis nyelangake klambine mbakku. Dienggo rana!” ( nyerahke tas kresek kang isine
klambi )
Sindenrela    :  “Tukimin pancen TOP banget. Matur nuwun ya, ora salah aku nduwe kancan
kaya kowe, Min! Aku tak ganti disit ya...”
Tukimin        :  “Iya, iya, cepetan!”
Sindenrela    :  (metu saka kamar) “Piye, Min? Wagu ora?”
Tukimin         : “Ayu kok, Nden. Apik lan pas nang kowe! Sumpah, kowe gawe pangling!”
( ngacungake 2 jempol tangane )
Sindenrela    :  “Halah, ngapusi ya?”
Tukimin         :  “Ora kok, temenan. Wis ayo mangkat! Tapi tak boncengna numpak pit,
piye?”
Sindenrela    :  “Ya ora apa-apa. Wis bisa mangkat kuwe wis Alhamdulillah. Aduh, aku
kelalen aku ora nduwe sepatu, Min!”
Tukimin         :  “Loh aku juga ora nggawa. Terus piwe?”
Sindenrela    :  “Yawis ora masalah aku nganggo sendal jepit bae.”

Babak IV
( Sindenrela diboncengna  Tukimin  maring umahe Jaka nang desa sebelah. Tekan umahe
Jaka Sembung)
Tukimin       :  “Wis nganah mlebu, aku nang njaba bae. Mengko nek wis rampung parani aku
nang pos ronda kae ya...” ( ngacungi pos ronda  kang ana ing pojokan )
Sindenrela    :  “Tapi aku isin mlebune, Min. Rame banget!” BJ 3.3 / 4.3 / 13 / 5
Tukimin       : “Lah, ora apa-apa. Kiye kan acara bebas kanggo sapa bae. Wis nganah!”
Sindenrela    :  “Yawis. Matur nuwun ya, Min. Aku mlebu disit.” ( mlaku marang pesta ing
omahe Jaka Sembung )

Babak V
( Sindenrela mlebu maring umaeh Jaka Sembung. Karo isin soale Sindenrela mung
nganggo sandal jepit, padahal liyane pada nganggo sepatu apik. Tembe bae njagong kursi
Jaka Sembung nyamperi Sindenrela )
Jaka Sembung : “Sugeng rawuh, Mba....?”
Sindenrela : “Sinden, Sindenrela.” ( karo isin isin )
Jaka Sembung : “Sindenrela. Jenengmu apik, cocok karo parasmu sing ayu.”
Sindenrela    : “Mas Jaka bisa bae...” ( raine Sinden abang amarga isin )
Jaka Sembung : “Bisa ya, hehe. Sampeyan maring ngeneh karo sapa?”
Sindenrela    :  “Karo kanca mau, Mas.”
Jaka Sembung : “Oh. Sindenrela mesti pinter nyanyi? Gelem ora nembang selagu kanggo
ngramekake acara iki. Selagu tok...”
Sindenrela    : “Anu...ora, Mas. Aku ora bisa nyanyi. Mbog malah tamune pada bubar nek
aku nyanyi.”
Jaka Sembung : “Moso sih? Aku ora ngandel. Ayo nyanyi, dijajal sik.”
Sindenrela    :  “Ampun lah, Mas. Anu ora bisa...”
Jaka Sembung : “Ayo lah, selagu tok, Nden. Ya? Ya?”
Sindenrela    : “Emm... Yawis, selagu bae ya.”
Jaka Sembung : “Cihuy...iya selagu. Ayuh munggah panggung cilik kae.” ( Jaka ngacungi
panggung kang ana ing ngarepan para tamu )
Sindenrela    :  “Iya, Mas.” ( Sinden mlaku enyang panggung )

Babak VI
(  Sindenrela sing dipaksa nyanyi karo Jaka akhire gelem. Pas Sindenrela lagi nyanyi, ibu tiri
karo Rahayu metu saka lawang mburi. Wong loro kiye ndeleng Sindenrela lagi nyanyi.
Sindenrela juga ndeleng ibune karo mbakyune. Sindenrela kang ndhuwur panggung
langsung pucet. Sawise Sindenrela nyanyi, Sindenrela mudhun saka panggung, langsung
dicegat ibu tiri karo mbakyune )
Ibu tiri         : “Apa-apaan kowe nang kene! Ora krungu dhawuhe Ibu apa, hah! Wis wani
siki?!” ( narik narik tangane Sindenrela )
Rahayu         :  “Bisa-bisane ana nang kene kowe!”
Sindenrela    :  “Wau, kula, anu...”
Ibu tiri          : “Halah, aja kakehan alasan! Siki bali kowe! Sedurunge pada nyadar kowe nang
kene. Cepet bali!” ( nyeret Sindenrela )
Sindenrela    :  “Tapi, Bu...”
Rahayu         :  “Cepet rana! Ora usah kakehan tapi!” (ndorong Sindenrela)
BJ 3.3 / 4.3 / 13 / 5

Babak VII
( Sindenrela cepet-cepet arep metu saka umahe Jaka. Tapi sedurunge tekan lawang,
Sindenrela tubrukan karo Jaka Sembung)
Jaka Sembung : “Loh, Sinden? Arep ngendi? kowe kesusu temen?”
Sindenrela    :  “Anu...aku...aku pamit, Mas. Aku arep bali, anu, aku ditunggu nang umah.
Ngapurane ya, Mas.”
Jaka Sembung : (nyekel tangane Sindenrela) “Aja! Aja bali disik...”
Sindenrela    :  “Ora bisa, Mas. Aku kudu bali saiki.” (nguculake tangane saka Jaka, banjur
mlayu)
Jaka Sembung :  “Sindeeeen!”
Sindenrela    :  “Aja nyegat aku, Mas. Aku ora bisa suwe-suwe nang kene...”
Jaka Sembung : “Udu, anu, kuwe sandal jepitmu ketinggalan.” ( nggojeki sandale Sinden )
Sindenrela    :  “Assalamu’alaikum...”
Jaka Sembung :  “Walaikumsalam...
( Sindenrela bali maring umah karo Tukimin sing gumun nangapa Sindenrela mung sedela
tok nang umahe Jaka Sembung. Apa maning Sindenrela metu ora sandalan )

Babak VIII
  ( Esuk-esuke, umahe  Sindenrela ditekani tamu sing ora diduga karo Sindenrela ibu
tirine,  lan Rahayu, amarga sing teka kuwe Jaka Sembung )
Jaka Sembung :  “Assalamu’alaikum...” ( ngetok tok lawang )
Sindenrela    :  “Walaikumsalam...” ( buka lawang ) “Loh? Mas Jaka??”
Jaka Sembung :  “Iya, Nden. Aku arep ana perlu.”
Ibu tiri          :  “Eeeeh, ana Mas Jaka Sembung. Monggo, monggo mlebet! Mesti arep
nggoleti Rahayu ya, Mas Jaka? Rahayuuu!!!”
Rahayu  :  “Wonten menopo to, Bu?” ( metu saka kamar )
Ibu tiri          :  “Iki loh, ana Mas Jaka nggoleki kowe.”
Ratih            :  “Moso? Apa iya, Mas?”
Jaka Sembung : “Ngapunten, Bu. Saestunipun kula dhateng mriki wonten perlu kaliyan
Sindenrela. Sanes kaliyan Rahayu.”
Ibu tiri          : “Oh, ngono? Ana perlu apa to? Kok sing digoleti Sindenrela?!”
Jaka Sembung :  “Kula dhateng mriki sepisan kaperlu badhe wangsulaken sendal jepite
Sindenrela ingkang katinggalan wonten griya kula. Kaping pindo, kula badhe ndadosaken
Sindenrela dados garwa kula”
Ibu tiri, Rahayu  :    “Haaaaaah???????” ( kaget, mlongo )
Jaka Sembung    :  “Nggih, leres, Bu, Sinden, Rahayu. “
Sindenrela    :  “Mas Jaka lagi guyon apa pripun sih?”
Jaka Sembung  :  “Ora, Nden. Aku temenan arep nglamar kowe. Kowe nrima apa ora,
Nden?” BJ 3.3 / 4.3 / 13 / 5
Sindenrela    :  ‘Eh, mm, anu...” ( ndelokake ibu lan mbakyu tirine )
Jaka Sembung  :  “Nden?”
Sindenrela    :  “Eh, i..iya, Mas...”
Jaka Sembung  :  “Alhamdulillah....”

( Akhire Sindenrela digarwa karo Jaka Sembung. Sanajan ibu tirine lan Rahayu ora seneng,
nanging bapake Sindenrela wis menehi restu. Sindenrela karo Jaka Sembung urip ayem lan
tentrem adoh saka ibu lan mbakyu tirine )

Ayoo gladhen!

Sakwise mangerteni babagan teks lakon/ teks drama kanthi patitis, awakmu banjur
bisa mangsuli pitakon-pitakon saka teks lakon kanthi irah-irahan ing ngisor iki kanthi jangkep
lan bener.:

1) Basa apa wae sing digunakake jroning drama kasebut lan tuladhane?

2) Ing endi papan dumadining crita?


3) Apa perkara kang muncul ing teks lakon kasebut?

4) Kepriye urutan kedadeyane crita?

5) Apa kang dirasakake dening para tokoh ing teks lakon kasebut?

6) Tulisen bakune rembug utawa ide pokok kan dadi punjere crita!

7) Tulis perangan teks kan mujudake pambukaning crita!

8) Tuduhake perangan teks kang mujudake intine crita, yaiku perangan kang
nggambarake dumadine dredah utawa pasulayan!

9) Pasulayan ing crita kasebut karampungi kanthi cara kepriye?

10) Pesen utawa wejangan apa kang pengin diandharake dening panulis?

11) Kepriye sikape ibu tiri lan Rahayu marang Sindhenrela?

12) Geneya Sindhenrela ora diolehi nekani acarae Jaka Sambung?

13) Kepriye carane kok Sindhenrela akhire bisa nekani undhangane Jaka Sambung?

14) Geneya Sindhenrela bubar nyanyi kok langsung mulih?

15) Sapa wae sing nggunakake unggah-ungguh basa kasebut?

16) Jelaske kanthi cekak runtutaning crita kasebut!


BJ 3.3 / 4.3 / 13 / 5

Pasinaon 2

Supaya anggone mentasake lakon ora nguciwani, sadurunge mentasake lakon perlu
nindakake ayahan-ayahan iki:

Kanggo mahami ciri-ciri (karakteristik) basa kang digunakake ing sajroning teks
drama, gatekna lan wacanen dhisik andharan ing ngisor iki!

Salah siji ciri khase naskah utawa teks drama, yaiku awujud pacelathon (dhialog). Naskah
drama mujudake mimetik (tetiron) saka panguripan sing dialami manungsa saben dinane,
mulane pacelathon (dhialog) sing digunakake mujudake pacelathon padinan. Mulane basa
sing digunakake jroning pirembugan mujudake basa lisan kang komunikatif.

Basa lisan iku ora padha karo basa tulis. Jroning basa tulis panulisan lan panganggone kudu
manut paugeran-paugeran paramasastra (tata bahasa) kang wis ditemtokake, dene njroning
basa lisan ora perlu nggatekake paugeran paramasastra. Basa lisan kuwi basa sing
komunikato, tegese wong sing diajak rembugan kudu paham maksud lan isi apa sing dadi
underane rembug.

Penganggone Unggah-ungguh Basa njroning Teks Drama

Drama apa wae, pokoke kuwi drama basa Jawa mesthi ngecakake unggah-ungguh basa,
jalaran unggah-ungguh basa kuwi mujudake tata pranatan penganggone basa Jawa manut tata
krama (subasita, sopan santun, lan tatacarane tumindak) sing bener lan trep jroning
pasrawungan. Jroning ngecakake unggah-ungguh basa Jawa wis ana paugerane kang kudu
digunakake dening saben paraga nalikane nindakake pirembugan. Dene paugerane sing kudu
digatekake jroning nggunakake unggah-ungguh basa yaiku:

a. sapa sing ngomong;

b. sapa sing diajak ngomong;

c. apa lan sapa sing diomongake;

d. apa tujuwane ngomong; lan

e. kepriye swasanane (ing ngendi, kapan, lan kepriye kahanane)

Ing jaman saiki unggah-ungguh basa sing isih cocog karo swasana lan kebutuhane
masyarakat sarta dienggo jroning pasrawungan ana papat, yaiku: basa ngoko lugu, basa
ngoko alus, basa krama lugu, lan basa krama alus.

a. Basa ngoko lugu mujudake basa asli, murni, lan apa anane. Tembunge ngoko kabeh
ora kecampuran krama lan krama inggil. Panganggone basa ngoko lugu, yaiku kanggo
rembugan ing antarane sapadha-padha, lan kanggo rembugan marang wong BJ 3.3 / 4.3 / 13 / 5
kang
luwih asor drajate.

Tuladhane:

“kowe ora ndeleng korah-korahane akeh. Kabeh korahana saiki wae!”

b. Basa ngoko lus nuduhake basa kang watake raket banget lan alus sarta ngajeni banget
marang wong sing diajak guneman lan wong sing digunemi (diceritani), jalaran
nggunakake tembung krama inggil tumrape wong sing diajak guneman lan wong sing
digunemi (dicritakake).

Panggone basa ngoko alus yaiku:

 kanggo rembugan ing antarane sapadha-padha kang raket nanging kanthi rasa
ngajeni banget;

 kanggo rembugan marang wong sing luwih dhuwur kalungguhane nanging ing
sawijine kalungguhane liyane luwih asor;

 kanggo rembugan kang ngandhakake wong liya sing diajeni banget.


Tuladhane:

“panjenengan mau rak ya wis pirsa ta kahanane keluwargaku?”

“slirane saiki wis kagungan putra pira?”

“pakdhemu mengko yen pancen ora kersa pinarak ya ora apa-apa?”

c. Basa krama lugu mujudake basa ing pasrawungan nuduhake watak ngajeni nanging
kurang alus tumrape sing diajak guneman. Tembung-tembunge kabeh krama, ater-ater
lan panambang kabeh kudu dikramakake.

Pangangge basa krama lugu, yaiku:

 kanggo rembugan ing antarane sapdha-padha wis kulina, ajen-ngajeni,


nanging ora kurmat banget;

 kanggo rembugan marang wong sing drajate luwih asor, nanging durung
kulina, utawa wis kulina nanging kepengin ngajeni;

 kanggo rembugan marang wong kang padha durung tepung nanging ora sepira
kurmat

Tuladhane:

“menawi sampeyan dereng gadhah arta, benjang kemawon artanipun”

“sakniki sampeyan mendhet piyambak mawon, amargi kula sampun gadhah.”


BJ 3.3 / 4.3 / 13 / 5
“nami sampeyan sinten, lajeng sampeyan badhe kesah dateng pundi?”

d. Basa krama alus (krama inggil) mujudake basa ing pasrawungan nuduhake watak
ngajeni banget lan kurmat banget tumrape wong sing diajak guneman, tembung-
tembunge kabeh krama kecampuran krama inggil (kanggo ngajeni wong sing
dikurmati).

Penganggone basa krama lugu, yaiku:

 kanggo rembugan ing antarane wong kang padha ajen-ajenan lan nuduhake
rasa kurmat banget.

 kanggo rembugan marang wong sing drajate luwih dhuwur.

 kanggo ngadhahake wong liya sing drajate luwih dhuwur kanthi katrangan
menawa sing diajak guneman padha-padha nggunakake basa krama.

Tuladhane:

“menawi panjenengan dereng kagungan arta, benjang kemawon artanipun.”


“sapunika panjenengan mundhut piyambak kemawon, amargi kula sampun
gadhah!”

“kala wau dalu Pak camat badhe tindak ngriki, nanging amargi
panjenenganipun gerah waja, wusana boten tamtu.”

Kanggo mbuktekake menawa kowe wis paham tenan karo ciri-ciri basa njroning
teks drama, soal-soal ing ngisor iki garapen! Ukara-ukara ing ngisor iki unggah-ungguhe isih
salah. Benerna unggah-ungguhe nggunakake basa krama lugu utawa krama alus!

a. Kula kala wau rak sampun ndawuh, bilih panjenengan mangke tetep badhe kula
paringi arta.

b. Panjenengan mangke menawi sowan dhateng dalem kula radi cepet kemawon, amargi
kula badhe tindak.

c. Yen ngaten bapak dhahar rumiyin, kula niki wau nggih nembe dhahar. Sakmenika
kula badhe siram rumiyin.

d. Ngapunten nggih, amargi kula taksih dereng kagungan arta, pramila panjenengan
boten kula paringi sakmenika.

e. Nuwun sewu, kula badhe kondur sakmenika mumpung wonten sarengan, amargi
kalawau boten ngasta sepedha!

Ukara-ukara ing ngisor iki unggah-unggahe isih salah, coba benerna sarana nggunakake basa
ngoko lugu utawa ngoko alus!

a. Nganti saiki ibuku isih durung gelem mangan, merga untune isih lara.
BJ 3.3 / 4.3 / 13 / 5
b. Bapakku ora sida tuku sepedhah montor jalaran isih durung duwe dhuwit.

c. Dinten menika pak guru boten saged dugi, amargi taksih kesah dhateng Malang.

d. Aku mau ora diceluk kepala sekolahku, dheweke sesuk kepengin mara menyang
omahku.

e. Supaya kowe mengko ora diseneni gurumu, layang iki mengko menehna dhewe
maranf gurumu!

Nglakon bebarengan!

1) Gatekna kadadeyan-kadadeyan ing lingkungan sakiwa tengenmu, coba tulisna


babagan kang wigati ing kadadeyan kuwi mau kanggo nentokake tema teks lakonmu!

2) Sakwise nentokake tema, banjur siswa ing kelompok ngrembug paraga, latar, lan
pamawase pangripta!

3) Gawea wrangka crita saka tema lan kadadeyan sing ana ing sakiwa tengenmu lan
tentokna apa kang bakal dumadi, kapan kadadeyane, lan geneya bisa dumadi!
4) Kembangna wrangka crita kasebut dadi naskah lakon kang bakal dipentasake!

5) Rembugen karo kanca kelompopkmu teks lakon kasebut, banjur wacanen kanthi trep
lan bener antawacanane!

6) Gladhen drama bebarengan kelompok supaya manteb sadurunge pentas.

7) Pentasna teks lakon ing ngarep kelas supaya bisa ditanggepi dening kelompok liyan.

Kerjakna karo kancamu ing buku garapan dhewe-dhewe! Kabeh garapan kudu
dipriksa kaliyan bapak-ibu guru supaya ngerti panguwasan materi sadurunge siswa
jupuk UKB sakwise.

c. Penutup

Pripun siswa sakniki?

Sakwise siswa sinau bertahap lan nglajutna saka kagiyatan pasinaon 1 lan 2, ing
ngisor iki diwenehi tabel kanggo ngukur siswa dhewe-dhewe miturut sing wis
disinaoni. Wangsulana sajujure anggenmu nguwasani materi ing UKB iki!

Tabel Refleksi Diri Pemahaman Materi

No Pertanyaan Ya Tidak

1. Apa siswa wis mangerteni babagan teks lakon/teks


drama?
BJ 3.3 / 4.3 / 13 / 5
2. Apa siswa wis bisa nyebutake langkah-langkah gawe
teks lakon/teks drama?

3. Apa siswa wis bisa gawe teks lakon/teks drama?

4. Apa siswa wis bisa mentasake teks lakon/teks drama?

Jika menjawab “TIDAK” pada salah satu pertanyaan di atas, maka pelajarilah kembali
materi tersebut dalam Buku Teks Pelajaran (BTP) dan pelajari ulang kegiatan belajar 1 atau 2
yang sekiranya perlu kalian ulang dengan bimbingan Guru atau teman sejawat. Jangan putus
asa untuk mengulang lagi!. Dan apabila kalian menjawab “YA” pada semua pertanyaan,
maka lanjutkan berikut.

Menawi wangsulan “Mboten” salah sijine pitakon ing duwur, maka sinauni.

Di mana posisimu?

Ukurlah diri kalian dalam menguasai materi Teks Lakon/Teks Drama dalam rentang 0 – 100,
tuliskan ke dalam kotak yang tersedia.
Setelah kalian menuliskan penguasaanmu terhadap materi Teks Lakon/Teks Drama, ini
adalah akhir dari UKB materi Teks Lakon/ Teks Drama, mintalah tes formatif kepada Guru
kalian sebelum belajar ke UKB berikutnya. Sukses untuk kalian!!!

Anda mungkin juga menyukai