Anda di halaman 1dari 10

Unit Kegiatan belajar Mandiri (UKBM)

UNIT KEGIATAN BELAJAR M A N D I R I ( U K B M )


(JW 3.3-3.4/V/I/I )

1. Identitas

a. Jeneng Mata Pelajaran : Basa Jawa


b. Kelas / Semester : XII / V
c. Kompetensi Dasar :

3.3 Memahami isi teks deskriptif tentang pakaian adat Jawa.


3.4 Menanggapi isi dan menceritakan kembali teks deskripsi tentang pakaian adat
Jawa

d. Materi Pokok : Teks Deskripsi Busana Adat Jawa


e. Alokasi Wektu : 4 pertemuan x 2 Jam Pelajaran
f. Ancas Piwulangan :

Melalui kegiatan pembelajaran dengan menggunakan pendekatan


saintifik dengan cara memperoleh informasi dari berbagai sumber
belajar, serta menggunakan model discovery learning,Problem Based
Learning,Project Based Learning, demontrasi dan metode diskusi
kelompok dengan mengedepankan integritas, gotong royong, dan
menumbuhkan kemandirian, peserta didik dapat menemukenali
pokok-pokok isi teksdeskriptif tentang pakaian adat Jawa,
menganalisis serta menemukan kawruh kagunan basa: paribasan,
isbat, sanepa, atau lelewa basa menganalisis nilai-nilai yang
terkandung dalam teksdeskriptif tentang pakaian adat Jawa,
mengevaluasi relevansi dengan masa kini nilai-nilai yang
terkandung dalam teks deskriptif tentang pakaian adat Jawa,
memberi argumentasi isi teks deskriptif tentang pakaian adat Jawa,
serta menceritakan kembali isi teks deskriptif tentang pakaian adat
Jawa.

g. Materi Piwulangan :
Busana tradhisional Jawa biyasane diarani busana kejawen kang ngemu
pralambang tartamtu kanggo wong Jawa. Busana tradhisional Jawa kebak
karo piwulangan singandhi (ajaran tersamar) kaya ajaran Jawa. Ing busana
tradhisional Jawa iki ana ajaran kanggo nglakoni kedadean sing ana ing
donya kanthi harmoni sing ana hubungane karo aktivitas sabendinane,
hubungan manungsa karo manungsa, manungsa marang Gusti.
Unit Kegiatan belajar Mandiri (UKBM)

2. Peta Konsep

Busana adat Jawa

Priyayi Kakung Priyayi Putri

 Blangkon  Ungkel utawa sanggul


 Klambi/ rasukan  Kebayak
 Sabuk utawa stagen  Kemben utawa
 Epek lan timang semekan
 Wangkingan utawa  Jarik utawa nyamping
dhuwung  Stagen
 Nyamping utawa  Cundhuk Mentul
Jarik  Canelo utawa selop
 Selop

3. Kegiatan Pembelajaran

a. Pendahuluan
Sebelum belajar pada materi ini silahkan kalian membaca dan memahami narasi di
bawah ini
Unit Kegiatan belajar Mandiri (UKBM)

Dheskripsi
Wacana kuwikuwi wacana kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining
dheskripsi
kahanan (objek) kang kaya-kaya ana ing ngarepe wong kang maca.
Wacana dheskripsi ing bab iki yaiku busana adat Jawa. Busana tradhisional Jawa
biyasane diarani busana kejawen kang ngemu pralambang tartamtu kanggo wong
Jawa. Busana tradhisional Jawa kebak karo piwulangan singandhi (ajaran tersamar)
kaya ajaran Jawa. Ing busana tradhisional Jawa iki ana ajaran kanggo nglakoni
kedadean sing ana ing donya kanthi harmoni sing ana hubungane karo aktivitas
sabendinane, hubungan manungsa karo manungsa, manungsa marang Gusti.
A. Busana Adat Kakung
1. Blangkon
Inggih menika tutup mustaka ingkang kadamel saking bathik saha
dipuninakaken tiyang kakung minangka perangan saking busana tradisional
Jawa. Saben dhaerah jinis blangkon boten sami. Menawi blangkon Jogja
wonten mondholanipun ing wingking, bilih Solo wingkingipun trepes.
2. Klambi/ rasukan
Rasukan tiyang kakung dipunwastani beskap, ingkang wujudipun jas,
gulonipun tutup kanthi kancing ing sisih tengah. Dene kapernah jaja (dhadha)
sak pangandhap katutup mawi tangkepan mangiwa, miring mangandhap.
Kancingipun kiwa sak pangandhap wonten tiga. Dene sisih tengen jaja dipun
pasangi kancing (benik) ugi cacah kalih mapanipun sami kaliyan kancing ing
kiwa, minongka pasren.
3. Sabuk utawa stagen
Setagen punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken
tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun ngantos mlorod
temahan udhar.
4. Epek lan timang
Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi
rinengga ukiran. Malah kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten,
barliyan, menapa dene selamaya.
5. Wangkingan utawa dhuwung
Dhuwung, basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud
sanjata tumrap tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung
amarji sak donya mboten wonten tandhingipun
6. Nyamping utawa Jarik
Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun
inggil “Nyamping’. Inggih punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi
ka-ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing
nginggil polok.
7. Selop
Mujudake perangan busana kanggo suku. Canelo bisa digawe saka bahan kulit
kewan utawa karet. Canelo diupakara kanggo nutupi driji, dene bageyan
tungkak kabukak.
Unit Kegiatan belajar Mandiri (UKBM)

Busana Adat Jawa

Piyayi Putri

B. Busana Adat Jawa Piyayi Putri

1. Ungkel utawa sanggul


Ungkel/ Sanggul
Yaiku rambut asli/palsu kang kapasang ana ing mburi sirah rada dhuwur.,
minangka rambut tambahan. Sanggul umume digunakake dening wanita
dewasa.
2. Kebayak
Kebaya minangka pralambang wanita Jawa kang alus tumindake uga
manut marang dhawuh tiyang sepuh lan garwane. Kebaya saking
tembung abaya kang tegese ageman.
3. Kemben utawa semekan
Kemben yaiku perangan busana wanita kanggo nutupi wetheng tekan
dhadha. Anane kemben agawe weteng rada singset lan nyetel manut
sekengan saka kebaya. Prayogane menawa migunakake kemben
wernane kudu dilarasake karo busana kebaya
4. Jarik utawa nyamping
Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan),
kramanipun inggil “Nyamping’. Inggih punika arupi kain bathik ingkang
dipun agem
5. Stagen
Stagen punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken
tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun ngantos mlorod
temahan udhar. Setagen bakalanipun kadamel saking kain tenun kandel,
benangipun tenun agal, mila radi kaken
6. Cundhuk Mentul
Sawijining aksesoris kang ana ing sandhuwure sanggul, utawa ngadheg
ing dhuwur sirah wanita. Cacahe cundhuk mentul wontel ingkang
setunggal, tiga, lima, utawa 9
7. Canelo utawa selop
Mujudake perangan busana kanggo suku. Canelo bisa digawe saka bahan
kulit kewan utawa karet. Canelo diupakara kanggo nutupi driji, dene
bageyan tungkak kabukak.
Unit Kegiatan belajar Mandiri (UKBM)
Kanggo bisa ngrampungake perkara kasebut, kanca-kanca bisa nerusake ana ing kagiyatan
sinau ing ngisor iki kanthi melu petunjuk kang ana ing UKB iki.

b. Inti
1) Petunjuk Umum UKBM
Waca lan sinauni materi kang ana ing Buku Teks Piwulangan Basa Jawa
a) Sawise nyermati isi materi kang ana ing wacan gladhen kanggo cara mikir
tingkat dhuwur lewat tugas-tugas kang ana ing UKBM iki kanthi sinau
dhewe utawa bareng-bareng kanca sabangku utawa kanca liyane.
b) Garapana UKBM iki ing buku kerja utawa langsung diisi ana ing bagean
kang wis dicepakake.
c) Kanca-kanca bisa sinau kanthi alon-alon lan runtut kanthi lewat kagiyatan
ayo gladhen, nalika kanca-kanca manteb lan mudheng sarta ngrampungake
perkara kang ana ing sajroning kagiyatan sinau kang wis ana, kanca-kanca
kanthi cara dhewe utawa ngajak kancane bisa siyaga kanggo melu tes
formatifagar kalian isa sinau ke UKBM sateruse.

2) Kagiyatan Sinau
Kanca-kanca wis siyaga ???
Ayo…… sinauni kagiyatan ing ngisror iki kanthi rasa sadhar lan konsentrasi ya!!!

Kagiyatan Sinau 1

Sadurunge nglampahi kagiyatan sinau 1, coba amati gambar kang ana ing ngisor iki...

b
c

e
f

Sawise ngamati ilustrasi gambar ing dhuwur, coba bentuk saben-saben bergada
cacahe 5 bocah rembugana karo anggotamu :

1. Cobi dipuntingali gambar ing nginggil, lajeng dipunsebatake punapa


mawon perangan busana adat jawa piyayi kakung!
2. Jlentrehake pangertosan perangan busana adat jawi piyayi kakung
ing inggil punika!
Unit Kegiatan belajar Mandiri (UKBM)

Ayoo Sinau!

Sawise nyinauni materi kang ana ing kagiyatan sinau 1 saka literasi, ngamati, lan
dhiskusi karo kanca- kanca, coba gladhen soal- soal ana ing ngisor iki ya...

1. Apa bedane blangkon khas Yogyakarta lan Surakarta?


2. Sebutna apa wae bagean-bagean saka blangkon!
3. Sebutna apa wae bagean- bagean saka keris!
4. Piro cacahe wiron jarik piyayi kakung lan putri sarta apa filosofine?
5. Jlentrehna apa bedane paes putri Yogyakarta lan Surakarta!
6. Jlentrehna filosofi ungkel, sanggul, lan kemben!

Kagiyatan Sinau 1

Sadurunge ngayahi kagiyatan sianu 2, coba sinauni gambar kang ana ing ngisor iki
dhisik...
a.

Sawise ngamati ilustrasi gambar di ndhuwur kuwi, coba bentuk kelompok lan
dirembug kanthi bebarengan :

1. Coba sebutna kanthi runtut jenenge bathik kang ana ing ndhuwur!
2. Sebutna filosofi motif batik parang rusak, sidomukti, truntum lan
sidoluhur!
3. Jlentrehna filosofi batik miturut wernane (cokelat, biru tuwa, putih, lan
ireng)!
Unit Kegiatan belajar Mandiri (UKBM)

Ayoo Sinau !

Sawise kanca- kanca nyinauni materi kang ana ing kagiyatan sinau 2, coba
gladhen soal-soal kang ana ing ngisor iki ya...

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d, utawa e, sing
kok anggep bener!

1. Wujude mori dawa kanggo nutupi awak sadawane sikil. Duweni corak macem-macem, nanging
akeh kang corak batik. Busana iki duwe surasa aja gampang serik, ateges aja gampang meri
marang wong liya. Busana iki diarani….
a. Beskap d. Jarik
b. Stagen e. Kebayak
c. semekan
2. Busana kang fungsine minangka sabuk antarane semekan lan jarik, yaiku….
a. Epek d. selop
b. Cundhuk mentul e. konde
c. Stagen
3. Gambar ing ngandhap kalebu perangan busana adat putri kang diarani….
a. Cundhuk mentul
b. Cundhuk gunung
c. Kalung sungsun
d. Epek
e. Kelat bahu

4. Sing kalebu deskripsi saking gambar ing ngisor iki yaiku….

a. Wong wadon Jawa iku gegambarane nilai estetis mula saka rikma
kudu tumata digawe ungkel. Wujud rikma uga bisa tambahan saka kumpulane rikma kang
wis diupakara. Perangan iki utamane kanggo upacara adat, keagamaan, ambal warsa, lan
wisudha
b. Wong wafon kudu bisa nata raga. Ngupakara dhiri, ngupakara kulawargane. Wujud bekti
mring wong tuwa lan garwane
Unit Kegiatan belajar Mandiri (UKBM)
c. Perangan suweng minangka aksesoris tambahan ing busana Jawa. Perangan iki mapan ing
talingan kiwa lan tengen. Ngandharake wanita kudu ati-ati
d. Perangan bandhul kalung paling trep lan kudu ana. Bisa saka bahan inten, emas, perak,
utawa monel. Nitik manungsa Jawa kayadene inten kang kudu dijaga supaya regane tetep
dhuwur
e. Kelat bahu perangan kang mapan ana ing lengen kiwa lan tengen. Perangan iki Anambah
nilai wanita Jawa.

5. Busana penganten miturut gagrage busana ana loro, yaiku….


a. Surakarta b. Semarang c. Mediun d. Surabaya e. Banyumas

6. Timang sawijining perangan busana adat priya Jawa ngemu pralambang….


a. Yen pengin duweni pagaweyan sing apik kudu epek, elmu kang migunani. Nalika luru elmu
kudu tekun, tliti, supaya bisa kanggo sangu golek gaweyan sing kepenak
b. Dadi tiyang Jawa kudu ngrasuk agama manembah dhateng Gusti kanthi tansah nindakake
prentahe
c. Aja gampang serik, meri lan drengki marang liyan
d. Ilmu kang disinau mau dipahami nganti cetha, ora bakal duweni rasa samar
e. Wujud nyembah saka lair tekan batin marang Gusti

7. Rong tembung utawa luwih kang digandheng dadi siji, ngliwati sawijining proses ewah-ewahan
tembung diarani….
a. Ukara lamba d. ukara tanduk
b. Camboran e. ukara ganjil
c. Baku

8. ibu-ibu sing nggawa tas abang iku dodolan payung. Ukara kasebut kalebu….
a. Ukara camboran sungsun d. ukara tanduk
b. Ukara camboran raketan e. ukara genep
c. Ukara camboran sadrajad

9. Wigatekna pranyatan ing ngisor!


A. Nemtokake bates objek kajian
B. Gawe gambaran kanthi cetha
C. Netepake objek kang bakal katulis
D. Observasi kanthi cermat
E. Naliti panulisan
F. Milih ukara kang pener
G. Gawe reng-rengan
Urut-urutane gawe deskripsi yaiku….
a. CBDAGFE d. CABDGFE
b. CDBGFAE e. CADBGFE
c. CADBGEF

10. Pranyatan kang bener bab busana putrid saka dhuwur tekan ngisor, urutane yaiku….
a. Cundhuk menthol, sanggul, kebayak, kemben, stagen, jarik
b. Sanggul, kebayak, kemben, stagen, jarik, canelo
c. Genthung, sanggul, kebayak, jarik, canelo, kelat bahu
d. Sanggul, kebayak, jarik, suweng, canelo
e. Sanggul, kebayak, kemben, stagen, jarik, kelat bahu
Unit Kegiatan belajar Mandiri (UKBM)

Kepiye kanca-
kanca saiki?

c. Panutup
Sawise awakmu kanca-kanca gladhen kanthi runtut lan diterusake nganti tumuju ing
kagiyatan sinau 1,2,3. Ing ngisor iki dicepakake tabel kanggo ngukur para siswa tumrap
materi kang wis padha disinauni. Wangsulana kanthi jujur babagan materi kang wis
dingerteni ana ing UKB kanthi tabel ing ing ngisor iki

Tabel Refleksi Dhiri Pemahaman Materi


No Pitakonan Ya Ora
1. Apa awakmu kabeh wis padha mangerteni bab teks
dheskripsi?
2. Apa awakmu kabeh wis padha mangerteni perangan
busana adat jawa priyayi kakung?
3. Apa awakmu kabeh wis padha mangerteni perangan
busana adat jawa priyayi putri?
4. Apa awakmu kabeh wis ngerti jeneng jenis bathik?
5. Apa awakmu kabeh wis ngerti perangane blangkon?
6. Apa awakmu kabeh wis ngerti bedane paes yogyakarta lan
Surakarta?
7. Apa awakmu kabeh wis ngerti filosofi sanggul, kemben,
8. Apa awakmu kabeh wis ngerti filosofine werna bathik?

Menawa kanca-kanca mangsuli “ORA” ana ing salah siji pitakonan kang ana ing sisih
ndhuwur, mula sinau maneh bab kasebut ana ing Buku Teks Piwulangan (BTP), mula
sinauni maneh kagiyatan sinau 1,2 lan 3 kang kirane awakmu kudu mbaleni kanthi
bimbingan saka guru utawat kanca-kanca sekelasmu. Aja nglokro kanggo mbaleni
maneh! Lan kanca-kanca kudu njawab “YA” ana ing saben pitakonan kaya ing ngisor iki.
, mula diterusake

Ing ngendi panggonanmu?


Coba kanca-kanca ngukur anggone nguwasani materi teks dheskripsi ana ing kagiyatan
busana adat Jawa kanthi jarak 0 - 100, banjur tulisana ing njero kotak kang wis
cumepak.
Unit Kegiatan belajar Mandiri (UKBM)

Sawise kanca-kanca nulisake apa kang wisawakmu ngerteni tumrap materi teks
dheskripsi busana Adat Jawa, tutugana kagiyatan sateruse kanthi mandhiri kanggo
ngukur nganti tekan ngendi anggonmu ngerteni materi kasebut.
Garapana ing buku kerjamu dhewe- dhewe....

Sawise ngrampungake pitakonan kang ana ing sisih ndhuwur lan nyinaoni
kagiyatan sinau, coba awakmu padha rembugan karo kancamu, banjur tulisana cara
ngrampungake pitakonan- pitakonan ing dhuwur kanthi ditulis ana ing buku
kerjamu dhewe- dhewe
Perangan iki minangka bagian pungkasan saka UKBM materi teks dheskripsi
busana Adat Jawa, banjur jalukana tes formatif saka gurumu, sadurunge kanca-
kanca ngancik sinau materi bab sateruse.
Sukses kanggo kanca-kanca!!!

Anda mungkin juga menyukai