Anda di halaman 1dari 14

TEKS EKSPOSISI GAMELAN JAWA

KELAS XII
Kompetensi Dasar

4.4 Menulis teks eksposisi tentang gamelan Jawa

Indikator Pencapaian Kompetensi

4.4.1 Menentukan struktur dan kaidah teks eksposisi


4.4.2 Membuat teks eksposisi tentang gamelan Jawa
4.4.3 Menyajikan teks eksposisi tentang gamelan Jawa dengan bahasanya sendiri
Sumangga sami dipunsemak video piwulangan ing ngisor iki kanthi premati!
Tegese Teks Eksposisi

Teks eksposisi yaiku teks kang njlentrehake utawa medharaken sawijining bab
saengga bisa njembarake kawruhe pamaos. Teks eksposisi kuwi asipat ilmiah.

Titikane Teks Eksposisi

1. Kanggo njlentrehake sawijing bab


2. Asipat informatif
3. Panulisane adhedhasar fakta lan nyata
4. Migunakake basa kang baku
Jenis Teks Eksposisi

Jenis teks eksposisi kayata kasebutake ing ngisor iki:


1. eksposisi definisi
2. eksposisi proses
3. eksposisi klasifikasi
4. eksposisi kosok balen utawa mbandhingake
5. eksposisi ilustrasi
6. eksposisi analisis
Struktur Teks Eksposisi

Teks Eksposisi lumrahe kanggo mbabar kawruh utawa ilmu,


pangerten, cak-cakan, sawijining kagiyatan, metode, cara, lan
proses dumadine sawijining kedadeyan utawa bab. Teks eksposisi
ndhuweni struktur kaya ing ngisor iki:
1. Tesis ( Ide utawa panemu)
Tesis ngemot gagasan utama utawa idhe pokok arupa gambaran
panulis ngenani sawijining prakara kanthi lelandhesan fakta.

2. Argumentasi
Argumentasi njlentrehake kanthi manjero tesis kang dipercaya
bener dening panulis kanthi mbeberake fakta-fakta minangka
panjlentrehan saka panulis ngenani argumene

3. Penegasan ulang
Penegasan ulang, arupa dudutan minangka panguat saka idhe
kang wis dibeberake dening fakta-fakta ing bageyan argumentasi
mau.
Tuladha Teks Eksposisi Gamelan

Gamelan iku salah sijine seni musik tradisional saka Indonesia kang adi
luhung. Tembung gamelan asale saka basa Jawa yaiku gamel sing tegese
tabuh/nabuh. Gamelan iku isine saka saprangkat musik sing dienggo ngiringi Tesis
tembang. Jenis gamelan iku maneka warni ana gamelan Jawa, gamelan Bali,
lan gamelan Sunda.

Saben jenis gamelan iku ndhuweni ciri sing beda-beda. Gamelan Jawa
ndhuweni swara kang luwih alus, beda karo gamelan Bali kang rancak utawa
tempone luwih cepet. Dene gamelan Sunda iku luwih didominasi dening Argumentasi
swara suling. Saka kabeh jenis gamelan iku gamelan Jawa ndhuweni titikan
kang beda karo gamelan Bali lan Sunda. Gamelan Jawa ngemot gambaran
urip kang dicritakake sajrone irama tabuhan gamelan Jawa.

Gambaran urip kang dicritakake sajrone tabuhan gamelan yaiku


keselarasan kauripan jasmani lan rohani kang nggambarake kabudayane Penegasan
wong Jawa. Kabudayan kang ngemot nile-nile piwulangan luhur. Mila kita Ulang
minangka generasi enom kudu eman marang budayane dhewek. Menawi
dudu kita sapa sing bakal nguri-uri budayane kita kang adi luhung iki.
1. Kendang 2. Bonang Barung

3. Bonang Penerus
4. Peking
5. Saron

6. Demung
7. Kempul 8. Kethuk Kempyang

9. Kenong
10. Gambang 11. Siter

12. Rebab
13. Slenthem
Lembar Kerja Peserta Didik (LKPD I)

LEMBAR KERJA PE…

Lembar Kerja Peserta Didik (LKPD II)

LEMBAR KERJA PE…


Evaluasi Teks Eksposisi Gamelan Jawa

Quizizz: You've been invited to …

Anda mungkin juga menyukai