Anda di halaman 1dari 7

UNIT KEGIATAN BELAJAR M A N D I R I ( U K B

M)
BASA JAWA

1. Identitas

a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


B. Kelas / Semester : XII / Ganjil
C. Kompetensi Dasar :

KD 3.4 Mengidentifikasi struktur dan kaidah, pilihan kata, pokok-pokok isi dan
nilai-nilai luhur yang ada teks eksposisi tentang gamelan.

KD 4.4 Menulis dan menyunting teks eksposisi tentang gamelan

D. Materi Pokok : Gamelan


E. Alokasi Waktu : 6x45 menit
F. Tujuan Pembelajaran :

Melalui kegiatan membaca, diskusi, tanya jawab, penugasan,


presentasi dan analisis, kalian dapat Mengidentifikasi struktur dan
kaidah, pilihan kata, pokok-pokok isi dan nilai-nilai luhur yang ada
teks eksposisi tentang gamelan dan dapat menulis dan
menyunting teks eksposisi tentang gamelan, sehingga peserta
didik dapat menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang
dianutnya, mengembangakan sikap jujur, peduli, dan
bertanggung jawab, serta dapat mengembangkan kemampuan
berpikir kritis, komunikasi, kolaborasi, kreativitas (4C).

G. Materi Pembelajaran :

1. Struktur lan kaidah


2. Pilihan tembung
3. Pokok-pokok isi
4. Nilai nilai luhur gamelan
5. Cara nulis teks eksposisi
6. Cara nyunting teks eksposisi

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 12


Peta Konsep

Nulis teks eksposisi


gamelan

Nulis teks eksposisi


Nyunting teks eksposisi
gamelan
sesuai struktur lan
kaidah teks eksposisi

Teks Eksposisi Gawe lan mangsuli


Gamelan pitakonan sing jumbuh
karo teks eksposisi
gamelan

Menelaah teks
eksposisi gamelan Nemtokake pokok-
pokok isi teks eksposisi
gamelan

Ngidentifikasi nilai-nilai
luhur sing ana ing teks
eksposisi gamelan

Kegiyatan Pasinaon

a. Pendahuluan
Sadurunge sinau materi, coba wacanen lan pahami wacana ing ngisor iki!

Gamelan minangka saperangan instrument/piranti kang kamot ing seni karawitan.


Karawitan kawitan saka tembung rawit kang ateges tliti, alus, luwes, endah. Para
pujangga kang ngrakit gamelan ora mung sakepenake anggone gawe nanging duwe
karep kang luhur. Para pujangga kang luhur. Para leluhur ngrakit gamelan supaya
kepenak dirasakake mula kanthi nggatekake laras. Imbanging laras ing gamelan
nuduhake bisa ngatur imbanging rasa lan tumindak kang laras, runtut lan ora nuwuhake
botsih. Bisa njaga cipta, rasa, karsa lan tumindak. Sakabehing karep kasebut bisa
ditonton saka tetabuhan gamelan. Tuladhane nalika tetabuhan sanajan piranti kang
b. ditabuh iku beda-beda nanging anggone nabuh ora sakepenake dhewe, manut kang
c. ngatur
Inti irama, swasana gendhing, sarta nulad lan nggatekake piranti gamelan liyane. Iku
nuduhake
1) lamunUmum
Petunjuk gamelan
UKBMnalika ditabuh ora suk-esukan, dhisik-dhisikan lan pengin
menangWaca
dhewe. Kanthi mangkono,
lan Pahami nulad
materi ing Buku Tekssaka tetabuhan
Piwulangan gamelan bisa minangka dhasar
..........................
mujudake karakter bangsa kang becik.

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 13


Kegiyatan Pasinaon 1

Sadurunge ngancik ing kegiyatan pasinaon 1, coba amati gambar ing ngisor iki!

Sawise ngamati ilustrasi gambar ing dhuwur coba gawenen kelompok masing-masing
anggota 5 siswa. Rembugan bareng anggota kelompokmu:

1. Andharna jenenge gamelan ing nduwur?


2. Andharna perangane gamelan ing nduwur kanthi ganep!
3. Tulisen nilai-nilai kang kamot sajroning gamelan!
4. Sebutna jenising gamelan kang dereng kasebut ing gambar nduwur mau?
5. Saka asile pirembugan banjur gawenen dadi wacana eksposisi!

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 14


Kegiyatan Pasinaon 2

Sadurunge nyinauni kegiyatan pasinaon 2 coba wacana teks eksposisi ing ngisor iki!

Gamelan Jawa

Gamelan jawa iku salah jinis corak gamelan sing urip nang Jawa Tengah uga
Yogyakarta lan sebageyan Jawa Wetan. Musik gamelan Jawa iki beda karo musik
gamelan saka daerah liya. Musik gamelan Jawa lumrahe nduwe nada luwih lembut lan
luwih alon. Beda karo musik gamelan Bali sing nduwe nada luwih cepet, uga gamelan
Sundha sing rasa musike nglaras banget lan didhominasi swara suling.
Gamelan Jawa iku nduwe gatra-gatra pentatonis lan nduweni 2 laras, yaiku laras
slendro lan laras pelog. Laras slendro nduweni urutan gatra-gatra 1 2 3 5 6 (ji ro lu ma
nem). Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang dadi pathet nem, pathet sanga,
lan pathet manyura. Urutan iki umume kanggo pagelaran wayang. Laras pelog nduweni
gatra-gatra 1 2 3 4 5 6 7 (ji ro lu pat ma nem pi). Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku
kaperang dadi pahtet nem, pathet lima, lan pathet barang.
Piranti gamelan Jawa bisa dikelompokake dadi 4 bageyan yaiku gongan,
balungan, panerusan, lan kendhang. Gong, kempyang, kethuk, kempul lan kenong
menika kalebu gongan.
Setelah Balunganilustrasi
mengamati iku rangkeyan
gambar melodi
diatas ing gamelan.
kalian Dadi
bentuk ing jinis musik
kelompok dan
gamelan iki diskusikan :
inti melodine ana ing rangkeyan swara balungan iki. Sing kalebu balungan
yaiku saron panerus, saron barung, demung lan slenthem. Saron demung utawa asring
disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu
kelompok piranti saron. Iki jinis saron paling gedhe ukurane, sing paling cilik peking sing
tengah-tengah saron barung tembe demung. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog
demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda. Wilah
saron demung iki paling gedhe ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan
ambane 9 cm. Saron demung ndhuwe swara paling rendah ing kelompok saron.
Panerusan yaiku bonang, gender, gambang, siter lan rebab. Bonang barung yaiku salah
sawijine bageyan perangkat Gamelan Jawa kang duweni bentuk pencu banjur diarani
bentuk pencon. Laras slendro wilahe ana 12 cacahe, banjur kang Laras Pelog wilahe ana
14 cacahe. Bonang Barung manggone ing rancakan saka kayu kang bentuke kaya amben.
Pencon kuwi mau ditata ing rancakan ditumpangake ing tali kang diarani pluntur.
Bonang barung ditabuh nganggo kayu kang cacahe 2, kayu kuwi mau sing bageyan
dhuwur diblebet nganggo kain lan pluntur. Cara nabuh bonang kuwi ana akeh pola
tabuhane, yaiku polatabuhan gembyang, mipil, imbal, sekaran, klenangan, lan liya-liyane.
Bonang barung gunane kanggo mbukani gendhing. Sakliyane kuwi, bonang barung uga
bisa kanggo nuntun alur gendhing. Khusus ing pola mipil, bonang barung bisa kanggo
nuntun Instrumen liyane.

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 15


Bonang Barung ora bisa dadi lagu penuntun, nanging kolaborasi karo bonang
penerus gawe pola lagu lan ing aksen-aksen penting bonang gawe sekaran kang biasane
ana ing akhir kalimat lagu. Yen kendhang iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing
ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik
modhern, piranti iki digolongake piranti perkusi. Kendhang diselehake ing wadhah
panyangga saka kayu sing wujude memper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan fungsine
kanggo mimpin lan ngarahake musik. Kendhang nduweni jinis lan ukuran kang werna-
werna. Ukurane kendhang antarane 20 cm nganti 45 cm. Kendhang bentuke kaya drum lan
dimainake kanthi cara ditabuh. Masing-masing 4 kelompok iku nduweni fungsi dhewe-
dhewe kanggo nggawe swara sing harmonis.

Gamelan Jawa nduwe aturan-aturan sing wis pakem antarane katata saka pirang-
pirang rambahan lan pathet utawa jero cetheking swara, uga ana aturan sampak utawa
cepet-rendhete laku sing wis pakem, uga ana batesan-batesan gongan lan melodine wis
diatur ing bageyan-bageyan sing saben-saben ketata 4 gatra. Pandangan urip Jawa kang
digambarake sajrone musik gamelan yaiku kaselarasan kauripan jasmani lan rohani,
kaselarasan sajrone omongan lan tumindak saengga mujudake toleransi ing sasama. Wujud
nyata ing musik gamelan Jawa yaiku tarikan tali rebab kang sedengan, paduanseimbang
swara kenong, srin, kendhang lan gambang lan swara gong kanggo nutup irama. Gamelan
Jawa biasane dianggo ngiringi pagelaran wayang lan tari-tari. Saliyane musik, gamelan Jawa
uga ana swara sindhen kang nembangake lancaran, ladrang, lan gendhing-gendhing Jawa.

Ayoo Latihan!

Sawise maca teks eksposisi ing dhuwur coba garapen pitakonan ing ngisor!

1. Sawise maca teks eksposisi gamelan, coba tulisen isi saka wacan kasebut!
2. Sebutna nilai-nilai apa wae sing bisa kajupuk saka wacan eksposisi
kasebut!
3. Gawea limang pitakonan lan wangsulan kang ana sesambungane karo
wacan ing nduwur!

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 16


Kegiyatan Pasinaon 3

A. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki!


1. Sebutake titikane wacan eksposisi!
Wangsulan:
...........................................................................................................................................
2. Sebutake jinis-jinise wacan eksposisi!
Wangsulan:
...........................................................................................................................................
3. Wacan gamelan ing dhuwur kalebu jinis wacan eksposisi apa? Jlentrehake!
Wangsulan:
...........................................................................................................................................
4. Larase gamelan iku ana pira? Jlentrehake!
Wangsulan:
...........................................................................................................................................
5. Sebutake jinis gamelan miturut tlatah sumebaré!
Wangsulan: .......................................................................................................................
...................

Kegiyatan Pasinaon 4

1. Gawea wacana eksposisi kanthi tema “gamelan”


2. Jlentehna nilai-nilai kang kamot saka wacan eksposisi gaweyanmu!

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 17


H. Panutup

Kepriye
kahananmu saiki

Sawise sinau bertahap lan berlanjut lumantar kegiyatan pasinaon 1,2, lan 3 sing wis
disinauni, centang tabel kanggo ngukur sepira siswa mangerteni materi sing wis
disinauni. Wangsulana sajujure babagan penguasaan materi UKBM ing tabel ngisor iki.

Tabel Refleksi Diri Pemahaman Materi


No Pitakonan Ya Tidak
1. Apa wis paham babagan gamelan?
2. Apa wis saged bedakke jenis-jenis gamelan?
3. Apa wis saged gawe pitakonan babagan teks eksposisi?
4. Apa wis paham babagan teks wacana eksposisi?
5. Apa saged nulis teks wacana eksposisi?

Yen mangsuli “ORA” ing salah siji pitakonan ing nduwur, sinau maneh materi kasebut
ing Buku Teks Pelajaran (BTP) lan sinau maneh kegiyatan pasinaon 1,2, lan 3 sing kirane
perlu dibaleni tumprap bimbingan Guru lan kancamu. Aja putus asa kanggo ngulangi
maneh! lan yen mangsuli “YA” ing pitakonan lanjutna bab sateruse. Sukses untuk
kalian !!!

CH&SD/BAHASA JAWA/KELAS XII MIPA-IPS-IBB/SEMESTER 5&6/2022-2023 18

Anda mungkin juga menyukai