Anda di halaman 1dari 11

KELOMPOK KERJA GURU (KKG)

KORWIL DINAS PENDIDIKAN KECAMATAN TUMPANG


TUMPANG, 16, 17, 18 OKTOBER 2023

MATERI BAHASA JAWA SEKOLAH DASAR

NO KELAS MATERI
1 KELAS 1 Bacaan Narasi dan Deskripsi
KURMER 1. Pengenalan huruf latin (aksara swara, aksara sigeg)
2. Pengenalan suku kata (wanda)
3. Pengenalan dan penggunaan huruf d, dh, t, th
4. Kalimat perintah, kalimat permintaan (Ukara prentah, Ukara panjaluk)
5. Ungkapan: (terima kasih/maturnuwun, permintaan maaf/nyuwun ngapura,
kasih sayang/tresna asih)
6. Huruf kapital (aksara gedhe)
7. Tanda tanya (titik, koma, tanda tanya, tanda seru)
8. Unggah-ungguh basa (ngoko, krama)
9. Tembang dolanan

2 KELAS 2 1. Ngudari unine basa


KURTILAS a. Swara jejeg: Pangucapane padha karo aksara asline
Tuladha: garan, kapan, macan, jeru, telu, nyekel, seje, ngaji, bali, kebo,
calo, jodho, lsp
b. Swara miring: Pangucapane ora padha karo aksara asline
Tuladha: jala, krama, krasa, sugih, gapit, kapuk, njaluk, nyeret, mepet,
kobot, codhot, mbacok, lsp

2. Nulis
- Nulis aksara gedrig
- Nulis aksara latin (tegak bersambung)

3. Tegese Tembung
- Menjelaskan makna kata dalam bacaan (nerangake tegese tembung ana
sajroning wacan)
- Menjawab pertanyaan (mangsuli pitakon wacan)

4. Crita Narasi
- Negesake tembung sing angel digerteni sajroning crita narasi
- Unsur-unsur crita narasi (apa, sapa, kapan, ning ngendi, kena apa, piye
kahanane / 5W+1H)
- Percakapan/Pacelathon sederhana

5. Struktur Teks: Cathetan Padinan (Jadwal Kegiatan Sehari-hari)


- Menyimak, membaca jadwal kegiatan (cathetan padinan)
- Menyusun jadwal kegiatan sederhana

6. Percakapan / Pacelathon ngenani njaluk ngapura


- Membuat kalimat permintaan maaf (ukara njaluk ngapura)
- Mraktekake pacelathon ngenani njaluk ngapura

7. Tembang dolanan
- Nglagokake tembang dolanan
- Nerangake tegese tembung sajroning tembang dolanan

3 KELAS 3 1. Teks Cerita


KURTILAS - Mengidentifikasi unsur-unsur baku teks cerita (tema, judul, tokoh, watak,
latar, amanah, alur)
- Menjelaskan isi teks cerita
- Membaca lancar teks cerita
- Mengucapkan kata-kata sulit (tembung sing angel)
- Menjawab pertanyaan (mangsuli pitakon wacan)

2. Teks Hasil Observasi / Pengalaman


- Menceritakan pengalaman (nyritakake pengalaman)
- Menjawab pertanyaan bacaan (mangsuli pitakon wacan)

3. Istilah Cuaca lan Musim


- Menjelaskan istilah cuaca lan musim
- Menulis cerita sederhana tentang alam
- Menceritakan secara lisan tentang alam
- Macam-macam Musim / Pranata mangsa (petungan musim utawa sasi)
miturut adat jawa (di hal. 40 Tutur Basa Jawa Kls 3)

4. Geguritan
- Pengertian: wohing kasusastran Jawa anyar awujud syair kang tanpa
paugeran/pathokan tartamtu kaya ing tembang
- Identifikasi ciri-ciri geguritan (di hal. 56 Tutur Basa Jawa kls 3)
- Menjelaskan/menceritakan isi geguritan (ngandharake)
- Menulis geguritan
- Membaca indah/maca geguritan kanthi becik, bab-bab sing kudu
digatekake: wirama, wirasa, wiraga, wicara (di hal. 57 Tutur Basa Jawa
kls 3)

5. Tembung (Kata) lan Ukara (Kalimat)


- Jenis Tembung ana 10, yaiku:
1. Tembung aran(kata benda): meja, kursi, buku, klambi, lsp
2. Tembung kriya (kata kerja): nulis, maca, nggambar, nyapu, lsp
3. Tembung katrangan (kata keterangan): banter, adoh, suwe, lara
4. Tembung kahanan (kata sifat): pinter, sabar, kereng, kendel, lsp
5. Tembung cacah (kata bilangan): siji, loro, setengah, akeh, lsp
6. Tembung ancer-ancer (kata depan): ing, saka, menyang, kang/sing
7. Tembung sesulih (kata ganti): aku, kowe, dheweke, kita, lsp
8. Tembung panyilih (kata sandhang): si, sang, para
9. Tembung panggandheng (kata sambung): sebab, mulane, awit
10. Tembung penyeru (kata seru): wah, adhuh, hah, eh. lsp

Miturut pangucapane, Tembung ana 2:


1. Tembung lingga (kata dasar): durung owah saka asale
2. Tembung andhahan (kata berimbuhan): wis owah saka asale
a. Ater-ater(awalan):
1. Anuswara: an, am, ang, any
2. Tripurusa: dak, Ko, di
3. Tripurusa: ka, ke, sa, lsp

b. Seselan(sisipan): in, um
NB: panggonane ana sawise aksara pertama
Tuladha: Luwihlinuwih
Gedhegumedhe

c. Panambang(akhiran): a, an, ana, ane, ake, aken, i, ipun, e, en, na,


ne, ke, ku

- Jenise Ukara ana 3


1. Ukara Andharan (kalimat berita)
2. Ukara Pitakon (kalimat tanya)
3. Ukara prentah (kalimat perintah)

- Polane Ukara (pola kalimat)


Jejer = subyek Lesan = obyek
Wasesa = predikat Katrangan= keterangan

- Warangka karangan (cengkorongan)


Pembuka
Isi
Penutup

- Nyusun Ukara (menyusun kalimat)

6. Tembang Dolanan
- Tegese tembung ing sajroning tembang
Tuladha: Gajah-Gajah, Menthok-menthok, Jaranan, Dhondhong Apa Salak,
Jamuran, lsp
- Njelasake isine tembang
- Nglagokake tembang

7. Aksara Legena (a)


- Nulis aksara legena (a)
- Nulis tembung nganggo aksara legena
Tuladha: sira, sega, maca, nggawa, bawa, padha, lsp
- Nulis ukara sederhana nganggo aksara legena
Tuladha: Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang bulan padhange kaya rina
- Nulis aksara jawa dadi latin
(di hal. 96 Tutur Basa Jawa kls 3)

4 KELAS 4 1. Geguritan (sama dengan materi kls 3, pelajaran 4)


KURMER - Nyimak
- Membaca Ekspresif
Nggatekake: wirama (jeda, intonasi), wirasa (ekspresi suasana hati),
wiraga (gerak tubuh), wicara (lafal/pengucapan)
- Makna Kata
- Menulis geguritan sederhana

2. Dhialog / Pacelathon/Pirembugan
- Nyimak
- Maca dhialog kanthi nggatekake tata kramane wicara (hal. 23 Tutur Basa
Jawa kls 4)
- Njelasake isi
- Nulis teks dhialog sederhana
- Tanda baca: titik (.), koma (,), tanda tanya (?), tanda seru (!), tanda petik
(“...”)

3. Cerita Rakyat
- Nyimak, maca, nyritakake isi, nemokake pesan moral (amanat) cerita
- Nulis cerita rakyat: sapa paraga utamane, isi critane, alur ceritane,
pungkasan critane (ending), pesan morale.
- Tuladhane: Malin Kundang

4. Narasi dan Deskripsi


- Nyimak teks Narasi lan Deskripsi
- Identifikasi perbedaan
Narasi, cirine:
a. Kedadeyan sing diandharake/dicritakake mujudake crita kekadeyan
sawijining bab utawa pengalaman
b. Ditulis runtut urutan wektu (kronologis)
c. Ana katrangan paraga/tokoh crita
d. Ana katrangan sing njelasake papan panggonan
e. Nggunakake basa padinan (basa lumrah)

Deskripsi, cirine:
a. Nggambarake/ngandharake sawijining bab
b. Dijelasake nganti njlimet / detail
c. Sapa wae sing maca bisa kaya ngalami dhewe kedadeyan kasebut

- Njelasake isi teks miturut basane dewe

5. Tembang Dolanan (ana ing kls 3)


- Nyimak, ngidentifikasi ciri-ciri tembang dolanan
- Nglagoakae tembang dolanan
- Mragakake / bermain peran isi tembang dolanan

6. Aksara Jawa
- Sandangan aksara jawa: pepet, taling, taling tarung, wulu, suku, pangkon,
pada lingsa, pada lungsi, adheg-adheg
- Maca teks aksara jawa mawa sandhangan
- Nulis tembung lan ukara nganggo aksra jawa mawa sandangan

7. Deskripsi
- Nyimak wacan deskripsi
- Identifikasi lan nemokake tembung-tembung kang mawa wuwuhan
(imbuhan)
- Njelasake kagunaane wuwuhan (imbuhan)
a. Anuswara: an, am, ang, any  ukara aktif
b. Tripurusa: da, ko, di, sa, ka, pa, lsp  ukara pasif

- Wuwuhan / imbuhan: (ing hal. 108 Tutur Basa Jawa kls 4 kurmer)
Ater-ater: anuswara, tripurusa
Seselan : in, um
Panambang: a, i, an, ana, ne, ane, ake, lsp
- Ngowahi tembung lingga (kata dasar) dadi tembung andhahan (kata
berimbuhan)
Tuladha: -pangan  am+pangan  mangan
-tulis  an+tulis  nulis
-sapu  any+sapu  nyapu
-golek  ang+golek  nggolek

- Njelasake makna tembung andhahan (kata berimbuhan)


- Nulis ukara nganggo tembung andhahan

5 KELAS 5 1. Teks Narasi, Deskripsi, Eksposisi


KURTILAS - Pengertian teks Narasi: teks kang isine nyritakake/ngandharake
sawijining kedadeyan
- Ngudari strukture teks narasi
Perangane teks narasi ana 3, yaiku:
1. Orientasi, mujudake perangan crita sing ngenalake para paraga
(tokoh), wektu, lan papan panggonan kedadeyane.
2. Komplikasi, mujudake perangan inti nganti tumekaning pucuke
kedadeyan/masalah (klimaks)
3. Resolusi, mujudake kepriye anggone ngudari reribet jroning
kedadeyan
Teks sing kagolong Teks Narasi antarane: dongeng, cerita cekak
(cerpen), cerita rakyat, novel, roman, lsp.

- Mbedakake teks narasi karo teks liyane


Narasi, cirine:
a. Kedadeyan sing diandharake/dicritakake mujudake crita kekadeyan
sawijining bab utawa pengalaman
b. Ditulis runtut urutan wektu (kronologis)
c. Ana katrangan paraga/tokoh crita
d. Ana katrangan sing njelasake papan panggonan
e. Nggunakake basa padinan (basa lumrah)

Deskripsi, cirine:
a. Nggambarake/ngandharake sawijining bab
b. Dijelasake nganti njlimet / detail
c. Sapa wae sing maca bisa kaya ngalami dhewe kedadeyan kasebut
nyritakake isine teks narasi

Eksposisi, cirine:
a. Njelasake/ngandharake bab informasi pengetahuan
b. Gaya informasine sifate ngajak
c. Cara nyampakake nganggo basa baku lan lugas
d. Ora memihak/maksakake kekarepane penulise

2. Teks Pawarta (teks Berita)


Miturut jinise, teks pawarta ana 3, yaiku:
a. Pawarta dadakan, wektu lan panggonan kedadeyan ora kena
dipasthekake. Contone: info Malang Raya
b. Pawarta ndinan, wektu lan panggonan kedadeyane wis dingerteni
sadurunge. Contone: berita ning televisi
c. Pawarta crita, ora dibatesi wektu lan panggonan, diwedharake mung
kanggo hiburan.
Unsur-unsur teks pawarta
Panulisane teks pawarta iku nggunakanke metodhe 5W + 1H
a. What, apa sing diwartakake
b. Who, sapa sing diwartakake
c. When, kapan kedadeyane
d. Where, ning ngendi kedadeyane
e. Why, geneya (kena apa) bisa kedadeyan kaya mangkono
f. How, kepriye kedadeyane

3. Tembung Saroja, Camboran, Entar


Tembung Saroja iku tembung sing tegese padha utawa meh padha dienggo
bebarengan ngemu surasa mbangetake.
Tuladha: njungkir malik, angkat junjung, gilir gumanti, peteng dhedhet,
abang mbranang, lsp

Tembung Camboran iku tembung loro sing digabung dadi siji


Miturut wujude, tembung camboran ana 2:
1. Camboran wutuh, tembung loro sing wutuh dienggo dadi siji
Tuladha: meja kursi, jaran kepang, pager wesi, dadar gulung, raja lele,
semar mendem
2. Camboran tugel/wancah
Tuladha:
Bangcuk : abang + pucuk
Dubang : idu + abang
Barbeh : bubar + kabeh
Tingwe : ngliting + dewe
Thukmis : bathuk + klemis, lsp

Miturut tegese, tembung camboran kaperang ana 2:


1. Camboran tunggal, tembung loro sing bedha tegese dienggo bareng lan
nuwuhake teges anyar
Tuladha: naga sari, semar mendem, randha royal, raja lele, sida mukti,
gugur gunung, lsp
2. Camboran wudhar, tembung loro sing bedha tegese dienggo bareng
nanging tegese tetep.
Tuladha: pager wesi, meja kursi, lemari kaca, jaran kepang, lsp

Miturut hubungan wandane, tembung camboran kaperang ana 3:


1. Tembung camboran kang nduweni teges sadrajad (kopulatif)
Tuladha: gedhe cilik, tuwa enom, sumbang surung, sandang pangan, lsp
2. Tembung camboran kang tembung kapindhone nerangake tembung
kapisan (determinatif)
Tuladha: jambu kapuk, manuk dara, pelem gadung, klambi kebayak, lsp
3. Tembung camboran kang tembung kapisane nerangake tembung
kapindho
Tuladha: parama sastra = sastra kang parama (linuwih)
Pandhu putra = putrane Pandhu

Tembung Entar iku tegese dudu salugune (kata kiasan)


Tuladha: dawa tangane, weteng karet, rai gedheg, lunyu ilate, gedhe endase,
entheng tangane, landhep pikire, lsp

4. Tembang Pocung
- Ngudhari (mengidentifikasi) tembang pocung
Ciri-cirine tembang pocung:
1. Dumadi saka 4 larik/baris/gatra (guru gatra ana 4)
2. Wandane (suku kata) sabensalarik cacahe ora padha (guru wilangane
12, 6, 8, 12)
3. Tibane swara(dhong dhinge swara) ing pungkase gatra uga ora
padha (guru lagune: u, a, i, a)
Tuladha: Pocung (pitutur)
Kabecikan iku nora duwe rampung (12 u)
Tansah diupaya (6 a )
Mamrih lejar jroning ati (8 i )
Bareng ngudi pakaryan ingkang sanyata (12 a)

Pocung (badhekan)
Bapak pucung dudu watu dudu gunung (12 u)
Sabamu ing sendhang (6 a )
Pencokanmu lambung kiring (8i)
Prapteng wisma si pucung mutah kuwaya (12 a)

- Njelasake isine tembang pocung


Tembang pocung isine ana sing ngemu surasa pitutur, ana uga isine
badhekan.

- Maca/nglagokake tembang pocung


Maca tembang uga diarani nglagokake tembang iku kudu manut titi
larase utawa notasine tembang.

- Perangane Tembang
Tembang jawa iku diperang dadi 4, yaiku:
1. Tembang gedhe/sekar ageng, utawa diarani tembang kawi
2. Tembang tengahan, uga diarani tembang macapat kuna
3. Tembang macapat, uga diarani tembang cilik
4. Tembang dolanan, uga diarani lelagon dolanan

Paugeran lan Jinise Tembang Macapat


Tembang Guru Gatra, Guru Wilangan, lan Guru Lagu
Macapat 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10
Maskumambang 12 i 6a 8i 8a
Pocung 12 u 6a 8i 12 a
Gambuh 7u 10 u 12 i 8u 8o
Megatruh 12 u 8i 8u 8i 8o
Mijil 10 i 6o 10 e 10 i 6 i 6u
Kinanthi 7u 8i 8a 8i 8a 8i
Durma 12 a 7i 6a 7a 8 i 5a 7 i
Pangkur 8a 11 i 8u 7 a 12 u 8a 8 i
Asmaradana 8a 8i 8 e/o 8i 7 a 8u 7a
Sinom 8a 8i 8a 8i 7 i 8u 7a 8 i 12 a
Dhandhanggula 10 i 10 a 8e 7u 9 i 7a 6u 8 a 12 i 7a

Guru gatra : cacahe gatra (larik/baris) saben sapada (bait)


Guru wilangan: cacahe wanda saben sagatra (larik/baris)
Guru lagu : tibane swara (dhong dhinge swara) ing pungkasane gatra

5. Teks Deskripsi
Deskripsi, cirine:
a. Nggambarake/ngandharake sawijining bab
b. Dijelasake nganti njlimet / detail
c. Sapa wae sing maca bisa kaya ngalami dhewe kedadeyan kasebut
nyritakake isine teks narasi

6. Tembung Panyandra, Panyendu, Pepindhan, Parikan


a. Tembung Panyandra, yaiku unen-unen kang gumathok kanggo nyandra
perangane awak, solah bawa, lan kahanan adhapuk pepindhan
Tuladha: eseme pait madu, netrane ngliyip lindri, pundhake nraju mas, lsp

b. Tembung panyendu, yaiku unen-unen kang gumathok ora ngemu surasa


pepindhan, kanggo nelakake rasa ora seneng ing ati babagan awak, solah
bawa (bermakna negatif)
Tuladha: bathuke nonong, drijine kithing, irunge pesek, kupinge budheg,
lsp

c. Tembung Pepindhan, yaiku ukara kanggo ngumpamakake utawa


mindhakake apa wae kang tegese emper-emperan
Tuladha: Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen
Swarane kaya mbelah-mbelahna bumi
Bedhane kaya bumi karo langit, lsp

d. Tembung Parikan, yaiku unen-unen cacahe rong gatra


Gatra kapisan minangka parikane, gatra kapindho minangka isi
Guru lagu ing pungkasane gatra pocapane padha
Aturane gawe parikan guru wilangane bisa dipedhot 4-4 / 4-8 / 8-8
Tuladha:
- Wajik kletik, gula jawa (4-4)
Luwih becik, sing prasaja
- Kembang menur, tinandur pinggiring sumur (4-8)
Subur makmur, tuwuh kang sarwa tinandur
- Omah gentheng saponana, nata watu jejer sanga (8-8)
Abot entheng lakonana, golek ilmu nganti purna

7. Wayang
Wayang mujudake kesenian asli Jawa kang nduweni pangaji-aji (nilai-nilai)
kang adi luhung. Wayang kejaba tontonan/hiburan uga mujudake tuntunan
amarga akeh wejangan ing sajroning crita pewayangan.
Kabudayan wayang dumadi saka pirang-pirang unsur, yaiku: seni tari, seni
musik, seni sungging, lan seni sastra.
- Lakone wayang, antarane: Mahabarata, Ramayana, Punakawan, Bale
Sigala-gala, lsp
- Unsur intrinsik:
1. Tema / judul
2. Tokoh / paraga (utama, pendamping, figuran)
3. Watak (protagonis, antagonis, tritagonis)
4. Amanat / pesan moral ( nilai-nilai yang terkandung dalam cerita)
5. Latar (tempat, waktu, keadaan/suasana)
6. Alur cerita (maju, mundur, campuran)
- Ngringkes crita nganggo basane dewe
- Nyritakake

8. Aksara Jawa
- Pasangan
Saben aksara nduweni pasangan. Pasangan ana sing wujude padha karo
asline, ana uga sing ora padha
Panulisane bisa ana ing sangisore aksara sing dipasangi, uga ana sing
jejer karo aksara sing dipasangi
Aksara pasangan dienggo menawa ing satengahe ukara ana aksara mati,
sabanjure aksara mati iku nganggo aksara pasangan.

- Identifikasi pasangan
- Nulis tembung / ukara nganggo pasangan

6 KELAS 6 1. Teks Andaran / Teks Pawarta (Teks Berita)  ana ing materi kelas 5
KURTILAS
Miturut jinise, teks pawarta ana 3, yaiku:
a. Pawarta dadakan, wektu lan panggonan kedadeyan ora kena
dipasthekake. Contone: info Malang Raya
b. Pawarta ndinan, wektu lan panggonan kedadeyane wis dingerteni
sadurunge. Contone: berita ning televisi
c. Pawarta crita, ora dibatesi wektu lan panggonan, diwedharake mung
kanggo hiburan.
Unsur-unsur teks pawarta
Panulisane teks pawarta iku nggunakanke metodhe 5W + 1H
a. What, apa sing diwartakake
b. Who, sapa sing diwartakake
c. When, kapan kedadeyane
d. Where, ning ngendi kedadeyane
e. Why, geneya (kena apa) bisa kedadeyan kaya mangkono
f. How, kepriye kedadeyane

2. Tembang
- Tembang Macapat
Tembang macapat iku sawijine karangan kang kaiket mawa paugeran:
guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
Guru gatra : cacahe gatra (larik/baris) saben sapada (bait)
Guru wilangan: cacahe wanda saben sagatra (larik/baris)
Guru lagu : tibane swara (dhong dhinge swara) ing pungkasane
gatra

Tembang macapat lan watake ana 11, yaiku:


1. Mijil, watake asih, tresna
2. Maskumambang, watake nelangsa keranta-ranta
3. Gambug, watake kulina, nepung-nepungake
4. Sinom, watake grapyak, renyah
5. Asmaradana, watake sengsem
6. Dhandhanggula, watake luwes ngresepake
7. Kinanthi, watake sengsem
8. Pangkur, watake sereng, teges
9. Durma, watake nesu muntab
10. Megatruh, watake ngloro sedhih
11. Pocung, watake sembrana, gecul, ora ana greget saut

- Tembang Pangkur
a. Tembang pangkur kadadean saka 7 gatra (larik/baris)
b. Guru wilangan lan guru lagune:
1. Gatra ke 1 wandane ana 8, tibane swara pungkasane “a”
2. Gatra ke 2 wandane ana 11, tibane swara pungkasane “i”
3. Gatra ke 3 wandane ana 8, tibane swara pungkasane “u”
4. Gatra ke 4 wandane ana 7, tibane swara pungkasane “a”
5. Gatra ke 5 wandane ana 12, tibane swara pungkasane “u”
6. Gatra ke 6 wandane ana 8, tibane swara pungkasane “a”
7. Gatra ke 7 wandane ana 8, tibane swara pungkasane “i”

- Njelasake tembung utama sajroning tembang pangkur


Tuladhane Tembang Pangkur:
Sing sapa laku utama (8 a)
Nadyan saglepung pinara sakethi (11 i)
Mesti ginanjar satuhu (8 u)
Murwat lan labuhira (7 a)
Lan sapa bae kang ala labuhipun (12 u)
Saglugut pinara sasra (8 a)
Nampa pikoleh sayekti (8 i)

NB: Bedhane paugeran tembang wis diterangake ana kelas 5


wulangan 4.

3. Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane (ora kena diowahi) mawa
teges tartamtu (pepindhan saemper pasemon), sing disemoni sipat utawa
kahanane wong/barang lan ulah kridhaning manungsa.

Paribasan diperang ana 2, yaiku:


1. Bebasan, yaiku unen-unen kang ajeg panggonane mawa teges tartamtu
(pepindhan saemper pasemon), sing disemoni sipat utawa kahanane
wong/barang.
Tuladha:
- Aji godhong garing = babar pisan ora ana ajine
- Ancik-ancik pucuke eri = tansah kuwatir
- Nabok nyilih tangan = tumindak ala sarana kongkonan, lsp

2. Saloka, yaiku unen-unen kang ajeg panggonane mawa teges tartamtu


(pepindhan saemper pasemon), sing disemoni wonge utawa ulah
kridaning menungsa. Cirine: pepindhan “wong” disebutna disik
Tuladha:
- Asu belang kalung wang = wong sing ketoke ala nanging sugih
- Kebo kabotan sungu = wong sing uripe rekasa merga kakean anak
- Kebo nusu gudel = wong tuwo njaluk wuruk marang anake
(Ana ing hal. 44 – 47 Tutur Basa Jawa)

4. Cangkriman
Cangkriman mujudake unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibedhek
isine (karepe).
Jinise cangkriman ana 5, yaiku:
1. Cangkriman cekakan utawa wancahan
Cangkriman kang kedadeyan saka tembung-tembung kang diwancah
utawa dicekak.
Tuladha:
- Pak boletus = tipak kebo ana lelene satus
- Wiwawite les mba dhonge = uwi dawa uwite tales amba godhonge
2. Cangkriman blenderan utawa plesetan
Cangkriman kang ngemu surasa blenderan utawa plesetan
Tuladha:
- Tulisan arab, macane saka ngendi
wangsulane: saka alas
(tembung Macane bisa ateges carane maca uga bisa ateges kewan
- Wong wudunen kuwi sugih pari
wangsulane: iya bener, paringisan

3. Cangkriman wantah
Cangkriman kang ngemu surasa salugune utawa apa anane
Tuladha:
- Dikethok saya dhuwur, disambung saya cendhak (wangsulane: clana)
- Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi musuh (wangsulane: geni)

4. Cangkriman pepindhan utawa irip-iripan


Cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya kanyatane
Tuladha:
- Sega sakepel dirubung tinggi (wangsulane: salak)
- Pitik walik saba kebon (wangsulane: nanas)

5. Cangkriman kang sinawung ing tembang


Cangkriman kang mapan ana ing tembang
Tuladha:
- Ana ing tembang pocung
Bapak pucung rupane saemper gunung
Soklat semu abang
Saben uwong mesti sengit
Yen kanggonan dilus-elus tetangisan (wangsulane: udun)

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung


Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kutha (wangsulane: sepur)

5. Sesorah / Pidato
- Sesorah iku ngomong ing ngarepe wong akeh kanthi tujuan tartamtu.
- Tujuane sesorah yaiku: kanggo aweh informasi, kanggo penyuluhan
utawa menehi pitutur, kanggo ajak-ajak
- Isine sesorah dumadi saka: pambuka, isi, lan panutup
- Warangka (kerangka) sesorah iku mujudake rengrengan (rancangan) sing
kudu disiyapake kanggo nindakake sesorah. Sing ditulis mung pokok-
pokoke andharan sing arep diandharake nalika sesorah.

- Struktur sesorah yaiku: rerangken utawa tata urutaning isi sesorah saka
wiwitan nganti tumekaning pungkasan, antarane:
1. Salam pambuka, salam kanggo mbuka sesorah
2. Sapa aruh, atur pakurmatan marang sing rawuh. Diwiwiti saka sing
pangkate paling dhuwur mangisor
3. Pambuka, ngucapake syukur marang Gusti Kang Maha Agung
4. Isine sesorah, mujudake isi utawa kekarepane sesorah
5. Panutupe sesorah, mujudake dudutan (kesimpulan), pangajak,
panyaruwe, lan nyuwun pangapura menawa ana kaluputan.
6. Salam panutup, salam kanggo nutup utawa mungkasi sesorah.

- Sesorah iku ana sing resmi ana sing ora resmi


- Kang perlu digatekake ana ing teks sesorah:
a. Unggah-ungguh basa sing digunakake:
1. Basa krama alus, kanggo ngajeni wong sing diajak guneman /
audien
2. Basa ngoko alus
b. Penganggone tembung ancer-ancer (kata depan), kanggo ngancer-
nganceri papan utawa tembung aran.
Tembung ancer-ancer: ing, menyang, saka.

c. Unsur-unsur teks sesorah, yaiku:


1. Wong sing nindakake sesorah
2. Bahan/materi andharane
3. Wong sing ngrungokake / midhangetake sesorah

4. Tema / underane rembug

# SEMOGA BERMANFAAT #
TIM PENGAWAS KORWIL DINAS PENDIDIKAN KECAMATAN TUMPANG

Anda mungkin juga menyukai