Anda di halaman 1dari 23

PARAMASASTRA

Sesampunipun para siswa dherek materi teng inggil, dipun


kajengaken mangkenipun saged :

 Njlentrehaken pangerten tembung adhehdasar wujude kanthi logis.


 Njlentrehaken pangertening tembung lan ukara kanthi logis.
 Ngindentifikasi wujud tembung nang sajroning ukara utawa wacanan
kanthi kritis.
 Ngindentifikasi bedaning ukara lamba lan ukara camboran kanthi
kritis.
 Nggawe ukara jumbuh karo kaidah kebahasaan (paramasastra) kanthi
kreatif.
Paramasastra

Paramasastra yaiku ngelmu kang nyinau babagan penulisan,


aksara, wanda sarta tataning tembung lan ukara ing basa
Jawa. ("Paramasastra yaitu ilmu yang mempelajari tentang
penulisan, aksara, ejaan/ bacaan Jawa, serta tata bahasa dan
Kalimat dalam bahasa Jawa.")
Aksara
Aksara
Aksara yaiku wujuding/symbol gambaraning swara.
Tuladha: a, b, c, d, e, f, g, h.....tekan...z.

Wujuding Aksara
a. Aksara menga utawa aksara urip (huruf vokal), yaiku aksara kang
wis mujudi wanda utawa wis kena dianggo nulis.
Tuladha: a, i, u, o, é, lan e.
b. Aksara sigeg utawa aksara mati (huruf konsonan), yaiku aksara
kang durung kena kanggo mujudi gambaraning wanda yen durung
karaketan aksara menga.
Tuladha: b, c, d, f, g, h, j, k, l, m, n, p,....lsp.
Wanda
Wanda
Wanda yaiku swara utawa kecap.
Tuladha: a, ku, ma, pan, tu, ru,.....lsp.

Wujuding Wanda
a. Wanda menga, yaiku wanda kang awekasan aksara menga, lan
lumrahe kena kaulur nganti sasuwe-suwene.
Tuladha: a, i, u ,o, é, è, e, la, mi, pu, do, re, lsp.
b. Wanda sigeg, yaiku wanda kang awekasan aksara sigeg, lan
lumrahe ucapane sigeg (cekak), ora kena kaulur dawa.
Tuladha: plek, leg, byak, bud, top, bab,....lsp.
Tembung
Tembung
Tembung, yaiku kumpulaning wanda utawa uni kang wis mawa (nduweni) teges,
kedadeyan saka sawanda utawa luwih.
Tuladha: leng, byur, sreng, bocah, pawon, sagara, nagara, pancasila,...lsp.

Wujuding Tembung
Miturut wujude utawa dhapure, tembung diperang dadi enem yakuwe tembung lingga,
tembung andhahan, tembung tandhuk/tanggap, tembung wod, tembung rangkep, lan
tembung camboran.
a. Tembung Lingga, yaiku tembung kang durung owah saka asale, utawa tembung kang
isih wutuh.
Tuladha: omah, papan, siji, pangan, bocah, resik,..lsp.
b. Tembung Andhahan, yaiku tembung kang wis owah saka asale, sarana dirimbag;
diater-ateri; dipanambangi; diseseli; dicambor; karangkep; lan sapanunggalane.
Tuladha : nyapu, sapuen, sinapu, nyapu-nyapu, … lsp.
c. Tembung tandhuk lan tembung tanggap
1) Tembung tandhuk.
Tembung tandhuk menawa neng basa Indonesia diarani kata kerja
aktif. Adate tembung tandhuk kiye olih ater-ater hanuswara : n,
m, ng, lan ny.
Tuladha : nulis, macul, nginum, nyapu, … lsp.
2) Tembung tanggap.
Tembung tanggap menawa neng basa Indonesia diarani kata kerja
pasif. Adate tembung tanggap kiye olih ater-ater tripurusa : dak,
ko, di.
Tuladha : daksapu, kosapu, disapu.
d. Tembung Wod
Tembung wod yakuwe tembung sing monine mung sakecap utawa
sawandha, nanging wis dhuweni teges utawa arti.
Tuladha : gong, seng, pring, reng, .... Lsp.
e. Tembung rangkep
Tembung rangkep yakuwe tembung sing anggone maca diambali
saperangan utawa kabeh. Tembung rangkep bisa diperang dadi telu,
yakuwe :
1) Tembung Dwilingga, yakuwe tembung sing diambali kaping loro
tembunge. Tembung dwilingga taksih bisa diperang dadi telu,
yakuwe :
a) Dwilingga wantah, tuladhane bengi-bengi, lunga-lunga, … lsp.
b) Dwilingga salin swara, tuladhane wira-wiri, bola-bali, … lsp.
c) Dwilingga semu, tuladhane alun-alun, onde-onde, … lsp.
2) Tembung Dwipurwa
Tembung dwipurwa yakuwe tembung sing diambali kaping
pindho wanda sing ngarep.
Tuladha : sesulih, tetuku, lelara, tetamba, … lsp.
3) Tembung Dwiwasana
Tembung dwiwasana yakuwe tembung sing diambali kaping
pindho wanda wekasan utawa mburine.
Tuladha : bedhudhug, cekakak, jelalat, celili, … lsp.
f. Tembung Camboran
Tembung camboran yakuwe tembung loro utawa luwih digandeng dadi siji lan
dhuweni teges siji.
Tembung camboran bisa diperang dadi papat, yakuwe :
1. Camboran wutuh
Yakuwe tembung sing kedadeyan sekang tembung loro sing dirangkep dadi
sisji, nanging ora nganggo ngurangi jumlah wandane, tetembungane esih wutuh.
Tuladha : buku gambar, pancasila, pemudha-pemudhi, tuwa enom, brambang
bawang, ... Lsp.
2. Camboran tugel
Yakuwe tembung sing kedadeyan sekang tembung loro sing dirangkep dadi siji
kanthi ngurangi cacahing wanda.
Tuladha : lunglit, bangjo, sekdes, wedang, perko, ... Lsp.
3. Camboran tunggal
Yakuwe tembung sing kedadeyan sekang tembung loro sing
dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine wis ora kena
dipisah-pisah maning amarga dhuweni teges sing anyar.
Tuladha : dadar gulung, jaga nantang, naga sari, semar mendhem ...
Lsp.
4. Camboran wudhar
Yakuwe tembung sing kedadeyan sekang tembung loro sing
dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine esih dhuwe
teges dhewek-dhewek.
Tuladha : pelem golek, pasar malem, buku gambar, wayang kulit, ...
Lsp.
Ukara
Ukara
Ukara yakuwe rerangkening/ reroncening tembung sing bisa
ngandharaken sawijining kekarepan sing lengkap. Ciri-ciri utawa tandha-
tandha ukara yakuwe :
a. Bisa ngadeg dhewek.
b. Kedadeyan sekang siji klausa (minimal ana jejer siji lan wasesane
siji).
c. Wiwitaning ukara nganggo aksara gedhe, lan pungkasaning ukara
nganggo tandha titik, titik koma, tandha seru utawa pitakon.
d. Nganggo intonasi (laguning pakecapan).
Tuladha :
Aku sinau, adhiku malah dolan.
Jenising ukara
Miturut akeh sethihike klausa, ukara bisa dibedakaken dadi 2 jenis, yakuwe ukara
lamba lan ukara camboran.
a. Ukara lamba
Ukara lamba kuwe kedadeyan sekang saklausa, tegese ukara kasebut mung
kedadeyan sekang jejer lan wasesa sarta bisa ditambah lesan, gegenep, utawa
katrangan.
Tuladha
1) Adhiku / lagi nggawe / panganan / saka ketan.
J W L K
2) Sumarno / nukokaken / adhine / klambi lurik.
J W L Gg.
3) Bebeke / ngendhog.
J W
4) Haryanto / nglebokaken / dhompete / neng sak mburi.
J W L K
Arti jejer, wasesa, lesan, gegenep lan katrangan :
>> Jejer yaiku tembung kang biasane manggon ana ngarepe wasesa, biasane ngenani
pelaku sing nglakoni pegawean ( Pelaku yang melakukan pekerjaan ).
>> Wasesa yaiku pakaryan utawa penggawean kang dilakoni
( Pekerjaan yang dilakukan ).
>> Lesan yaiku tembung kang biasane ana burine wasesa, kang kena pegawean
( yang terkena pekerjaan, dalam kalimat pasif lesan bisa menjadi predikat ).
>> Gegenep yaiku peranganing ukara sing dadi palengkaping predikat, biasane manggon
ana samburine wasesa. (melengkapi predikat, pelengkap tidak bisa menjadi predikat).
>> Katerangan yaiku katerangan ngenani wayah, papan, kahanan, lan liya liyane
( Keterangan mengenai tempat, waktu, keadaan, dll )

Ukara kang ana jejer, wasesa, lesan, lan katrangan kuwe diarani ukara sampurna.
Tuladha ukara sampurna : Ayu mangan roti mau bengi
J W L Ktr. Wektu
Suparjo tuku buku gambar neng warung.
 Jejer = Suparjo
 Wasesa = tuku
 Lesan = buku
 Gegenep = gambar
 Katrangan papan = neng warung

Gula diwadaih dening Rasito dina Selasa wingi.


 Jejer = gula
 Wasesa = diwadaih
 Lesan = Rasito
 Katrangan wektu = dina Selasa wingi.
b. Ukara camboran
Ukara camboran kuwe ukara sing kedadeyan sekang rong klausa utawa luwih. Yen
ukara lamba dhuweni jejer lan wasesa mung siji, ukara camboran wasesane bisa
luwih sekang siji.
Ukara camboran kaperang dadi telu yakuwe, ukara camboran sajajar, ukara
camboran sungsun lan ukara camboran raketan.
1) Ukara camboran sejejar/ sedrajat
Yakuwe ukara sing kedadeyan sekang ukara lamba loro utawa luwih, sing siji-
sijine ukara mau esih ngadeg dhewek-dhewek sarta isining ukara-ukara mau ana
gandheng cenenge. Antarane ukara siji lan sijine ditandhani kanthi anane tandha
koma lan tembung panggandheng kayata : lan, karo, dene, nanging, amarga, ...
Lsp.
Tuladha :
a) Ratman ditampa ana neng fakultas Hukum, dene Tarna ditampa neng
fakultas Ekonomi.
b) Simin kuwe bocah pinter, nanging adhine bodhone ngepol.
c) Suradi kuwe seneng goroh, mulane ora dipercaya dening batir-batire.
2) Ukara camboran sungsun
Yakuwe ukara sing kedadeyan sekang loro klausa utawa luwih, nanging
antarane klausa siji karo klausa liyane ana sing nguwasani lan
dikuwasani. Sing nguwasani diarani klausa inti (induk kalimat), dene sing
dikuwasani klausa pelengkap (anak kalimat).
Tembung panggandheng sing biasane dianggo nang sajroning ukara
camboran sungsun yakuwe senajan, amarga, saengga, sawise, nalika, ...
Lsp.
Tuladha :
a) Sanajan uripe rekasa, Amir tetep sregep anggone nyambut gawe.
b) Dina kesuh, amarga Ratna ngilangaken bukune.
c) Bapak rawuh sekang Malang, nalika Ibu lagi masak neng pawon.
d) Sawise nggarap tugas, Cahyo banjur umbah-umbah.
3) Ukara camboran raketan
Yakuwe ukara camboran sing salah sijine sekang peranganing ukara sing padha
mung dikandahakaken sepisan. Kanggo tandha hubunge bisa nggunakaken koma
utawa tembnung panggandheng kayata lan, banjur, ... Lsp.
Ukara camboran raketan kena dibedakaken dadi papat, yakuwe :
a) Raketan jejer
Yakuwe ukara camboran raketan sing kabentuk sekang loro utawa luwih
ukara lamba kanthi jejer utawa subjek sing padha.
Tuladha :
- Siti tangi turu.
- Siti adus.
- Siti ngresiki kamar.
Ukara camboran raketane :
Siti tangi turu, adus banjur ngresiki kamar.
b) Raketan wasesa
Yakuwe ukara camboran raketan sing kabentuk sekang loro utawa
luwih ukara lamba kanthi wasesa utawa predikat sing padha.
Tuladha :
- Ibu nyapu teras.
- Mbakyu nyapu latar.
- Aku nyapu umah.
Ukara camboran raketane :
Ibu nyapu teras, Mbakyu latar, lan aku umah.
c) Raketan lesan
Yakuwe ukara camboran raketan sing kabentuk sekang loro utawa
luwih ukara lamba kanthi lesan utawa objek sing padha.
Tuladha :
- Aku nyetini kentang.
- Adhiku ngirisi kentang.
- Ibuku nggoreng kentang.
Ukara camboran raketane :
Aku nyetini kentang, adhiku sing ngirisi, lan Ibu sing nggoreng.
d) Raketan katrangan
Yakuwe ukara camboran raketan sing kabentuk sekang loro utawa
luwih ukara lamba kanthi katrangan utawa keterangan sing padha.
Tuladha :
- Bapak tindhak Jakarta nitih sepur.
- Ibu tindhak Jakarta nitih bis.
- Kangmasku tindhak Jakarta nitih palwa gegana.
Ukara camboran raketane :
Bapak tindhak Jakarta nitih sepur, Ibu bis, lan Kangmasku palwa
gegana.
Wacanen kanthi premethi teks neng ngisor, banjur goletana
tembung adhedasar wujude!

Esuk uput-uput, Suparjo lunga pasar kanggo kulakan sayuran. Motor


tuwane disetater ping kopang-kaping nganti gelem murub. Gutul Pasar
Wage, wong wis padha umyek dol tinuku barang dagangan. Suparjo
enggal-enggal maring kios langganane, banjur clekat-clekut ngumpulna
barang sing arep dituku. Kejaba tuku sayuran, suparjo uga tuku jajan
pasar kayata dadar gulung, bubur sum-sum, golang-galing lan liya-liyane.
Sinambi milah-milih, Suparjo weruh sesawangan sing marekaken atine
melu bungah. Wong-wong sing ana neng pasar pada katon guyub rukun,
semedulur lan padha ngguyu pating cekikik. Merga urip kuwe pancen mung
sepisan, mula kudu digawe seneng lan mupangati kanggo sesama. Sawise
pepek, Suparjo banjur bali lan nggelar dagangane neng warung
sederhanane.
mtu/ nuwu n\

Anda mungkin juga menyukai