Anda di halaman 1dari 3

1.

KAWRUH BASA (UKARA TANDUK LAN UKARA TANGGAP)

Ukara yaiku wedharing gagasan saebab utawa luwih kang kalairake sarana tembung-
tembung. Ukara ing basa tulis kanthi aksara latin, ditulis kanthi kawiwitan aksara gedhe lan
dipungkasi tandha titik, tandha pitakon, utawa tandha liyane. ukara ing panulise aksara Jawa,
kawiwitan kanthi adeg-adeg, lan dipungkasi kanthi pada lingsa, sarta uga ana tandha liyane
kayata pada lungsi lan pada pangkat.

A. UKARA TANDUK

Ukara tanduk yaiku ukara minangka wedharing gagasan, dene kang dadi wigatine gunem
wasesane utawa jejere. Diarani kang dadi wigatine gunem wasesane amarga wasesane ukara mau
perlu ngandharake tandang tanduke jejer, solah bawane utawa patrape. Diarani kang dadi
wigatine gunem jejere amarga jejere ngandharake sapa kang nindakake pakaryan kaya kang
kasebut ing kriyane wasesa. Dadi, ukara tanduk iku ukara kang wasesane saka tembung arimbag
kriya lingga, tanduk wantah, tanduk –i kriya, tanduk –ke kriya. Jejering ukara mesthi wae
tembung aran utawa gatra aran kang ngandharake sapa kang nindakake pakaryan ing wasesa.
Luwih cethane tandha-tandhane ukara tanduk (ukara aktif) yaiku:
1. Jejere nindakake pagaweyan.
2. Lesane dikenani pagawean.
3. Wasesane kadadean saka tembung kriya lingga utawa oleh ater-ater hanuswara (am, an, ang,
any).
Tuladha tembung tanduk:
 am + pacul = macul
 an + tulis + i = nulisi
 ang + kumpul + ake = ngumpulake
 any + sebar = nyebar

Tuladha Ukara Tanduk


a. Samidi tuku omah ing Tuban.
b. Samidi nuku omah ing Tuban.
c. Samidi nukoni omah ing Tuban.
d. Samidi nukokake omah adhine ing Tuban.
e. Mau bengi Bapak maos ariwarti Parikesit.
f. Ibu lagi nulis layang, kanggo mas Handaka.
g. Sapa sing nggambari meja Guru?
h. Pak Subari menyang toko tuku kemul.
i. Sajana nandur kembang Nusa Indah.

B. UKARA TANGGAP

Ukara tanggap minangka pepadhane ukara tanduk. Bedane dumunung ana ing wasesane,
yen ukara tanduk migunakake kriya tanduk, sarta ukara tanggap migunakake kriya tanggap.
Tandha-tandhane ukara tanggap yaiku:
1. Jejere dikenani
2. Lesane nindakake pagawean
3. Wasesane oleh ater-ater ka (mligi kanggo tanggap ka)

4. Wasesane oleh ater-ater tripurusa (dak, ko, di) utawa oleh seselan √ in
Tuladha tembung tanggap:
 dak + tulis = daktulis
 di + tulis + i = ditulisi
 ko + tulis + ake = kotulisake

 tulis + √ in = tinulis
Tuladha Ukara Tanggap
a. Milawati diutus Bapak menyang Surabaya.
b. Apa segane adhimu wis kopangan?
c. PR. Matematika lagi dakgarap loro.
d. Meja tulise Bu Guru digambari dening Paniyem.
e. Mau bengi, ariwartine diwaca Bapak
f. Meja tulise Bu Guru digambari dening Paniyem.
g. Milawati diutus Bapak menyang Bandhung.
h. Apa segane adhimu wis kopangan?
i. PR. Matematika lagi dakgarap loro.
Ukara-ukara ing dhuwur dumadi saka tembung utawa gatra kriya kang kalebu jinising
kriya tanduk. Karana ukara-ukara iku jinising kriya tanduk, mula saora-orane kalungguhane ana
telu, yaiku jejer, wasesa, lisan. Tumrap ing ukara tanduk, kang kawangun dadi pepadhane ukara
tanduk, wasesaning ukara kadadean saka tembung kriya tanggap.
Tuladhane:
a. Tika dakterake sekolah.
b. PR-e durung bisa dirampungake dheweke.
Saka tuladha ing ndhuwur bisa dingerteni yen ukara tanggap kawangun kanthi cara
(1) Lesaning ukara tanduk dadi jejering ukara tanggap.
(2) Wasesaning ukara tanduk kang arimbag anuswara kaganti dadi wasesaning ukara tanggap;
tembung utawa gatra kriya tanggap kang dadi wasesaning ukara tanggap, yaiku tembung
utawa gatra kang arimbag tripurusa, tanggap –ka, lan tanggap –na.

GLADHEN 2
Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

1. Gawea 5 tuladha ukara tanduk!


2. Gawea 5 tuladha ukara tanggap!
3. Yen wis rampung, ijolna garapan sira marang kanca
sebangku supaya 5 tuladha ukara tanduk diowahi dadi
ukara tanggap, lan suwalike 5 tuladha ukara tanggap
diowahi dadi ukara tanduk.

Anda mungkin juga menyukai