Anda di halaman 1dari 8

PERTEMUAN KEDUA

MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA


MATERI : SERAT WEDHATAMA PUPUH SINOM
KELAS : X MIPA & IPS
SERAT WEDHATAMA PUPUH SINOM
Ukara serat wedhatama dumadi sak telung tembung, yaiku serat, wedha, lan tama.
Serat tegese tulisan utawa kasusastraan, Wedha tegese kawruh ajaran lan Tama dumadi saka
tembung utama kang tegese apik, dhuwur, utawa luhur. Dadi Serat Wedhatama duweni
pengerten sawijining susastra kang ngemot kawruh ajaran kautaman uga kaluruhgan uripe
manungsa.

Serat Wedhatama kalebu salah sawijining susastra Jawa kang misuwur lan unggul mligi ing
babagan rerocening tembung uga kawruh kautaman uripe manungsa. Sajrone serat kasebut
kadhapuk saka perangan-perangan ing ngisor iki :

1. Pupuh 4. Sandiasma

2. Pada 5. Sengkalan

3. Kagunan basa
1. Pupuh
Pupuh yaiku wujude tembang sajrone serat Jawa kang nduweni paugeran
tartamtu, ing serat Jawa utamane kang digawe saka tembang macapat. Nanging uga
ana pupuh liya kayata Girisa, Balabak, Jurudemung, lan tembang tengahan liyane.

2. Pada
Pada ( bait ) yaiku cacahe tembang saben sapupuh. Akehe pada saben
sapupuh ora mesti, gumantung saka pengarange. Tuladhane sajrone serat wedhatama
duweni 100 pada ing kasusun saka lima pupuh yaiku Pupuh pangkur 14 pada, Pupuh
sinom 18 pada, Pupuh pocung 15 pada, Pupuh Gambuh 35 pada, lan Pupuh kinanthi
18 pada.

3. Kagunan basa
Unsur pandhapuk serat Jawa yaiku babagan basa sajrone tembanmg
macapat jalaran tembang macapat iku duweeni paugeran lan daya tartamtu kanggo
milut sapa bae sing maca lan ngrungokake. Kagunan basa bisa kadhapuk kayata
perangan ing ngisor iki :
a. Purwakanthi
Purwakanthi yaiku swara utawa tetembungan kang padha tegese sajrone ukara.
Ing basa Indonesia diarani sajak, rima, utawa persamaan bunyi. Purwakanthi kaperang
dadi 3 ( telu ) yaiku :
1). Purwakanthi guru swara
Purwakanthi kang padha swarane ana pungkasane tembung ( akhir kata ).
Tuladha : a. Witing tresna, jalaran saka kulina. b. Inggih-inggih ora kepanggih.
2). Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi sing padha aksarane saben wiwitan wanda utawa tembunge
( sing padha aksara mati utawa aksra konsonane ).
Tuladha : Kala Kula Kelas Kalih Kalung Kula Keli Kali Kilen Kula Kula Kelap Kelip Kala Kala
3). Purwakanthi lumaksita ( guru basa )
Purwakanthi sing padha tembunge.
Tuladha : a. Witing klapa, klapa mudha saumpama. b. Bayem ardha, ardhane ngrasuk busana

b. Baliswara
rerangkening tembung kang ucul saka paugeran kanggo njangkepi guru lagu
tembang macapat.
Tuladha : Anoman sampun malumpat dadi Anoman malumpat sampun ( tembang
Kinanthi gatra kapisan )
c. Daya Sastra
Ngilangi aksara irung utawa ater-ater anuswara kanggo njangkepi guru wilangan.
d. Plutan
Ngringkes tembung kanggo ngurangi guru wilangan.
Tuladha : para --> pra suwara --> swara
e. Wancahan
Ngilangi wanda kanggo nyuda guru wilangan. Lumrahe wanda kang ana ing
ngarep dhewe kang diialngi.
Tuladha : kangmas --> mas geguyu --> guyu
f. Uluran
Kosok balene plutan lan wancahan. Plutan lan wancahan iku ngurangi kanggo
ngganepi guru wilangan, dene uluran iku nambahi kanggo ngepasake guru wilangan.
Tuladha : mlaku --> lumaku tangis --> tinangisan
g. Sandi utawa garba
Nunggalake rong tembung kanthi cara ngowahi aksara swara ( vokale ). Gunane
kanggo ngurangi guru wilangan lan gawe basa rinengga ( basa kang apik )
Tuladha : murba + ing => murbeng nara + pati => narpati
4. Sandiasma
Sandiasma yaiku nglebokake asmane sing ngarang sajrone tembang macapat.
Sandiasma iku bisa mapan ing ngendi bae, kayata wiwitan (ngarep) pupuh, wiwitane
pada, wiwitane gatra, pedhotan, wiwitan tembung, gatra, utawa pungkasane (akhire)
gatra.
Tuladha : Aku iki dudu ahli sastra lan pujangga
Nanging mung tukang dongeng gawe crita
Ing pangajab melu memetri basa Jawa
Awit iku basa tilarane lelhur kita
Sing pantes diuri-uri amrih ra sirna
Marga moncering bangsa ora pisah lan n basa
Amula wajib kita pepetri amrih kuncara
Rawe-rawe rantas malang-malang dakjaja
Ani Asmara tetep marsudi basa Jawa
Tembang ing dhuwur mau ditulis dening : ANI ASMARA
5. Sengkalan
Sengkalan yaiku pengetan angka taun. Sengkalan digunkake kanggo tetenger
panulisane serat. Jinise sengkalan ana loro yaiku candra sengkala lan surya sengkala.
Candra sengkala iku pangetan angka taun adhedhasar wulan ngubengi bumi, dene Surya
sengkala pengetan angka taun sajrone serat Jawa klasik adhedhasar bumi ngubengi
srengenge.
PIWULANG LUHUR SERAT WEDHATAMA PUPUH
SINOM
Piwulang luhur sajrone serat wedhatama bisa digunakake minangka pathokan supaya dadi janma utama, yaiku wong kang
susila. Saliayne iku, serat wedhatama isine uga ana ular-ular utawa wewarah kanggo urip ung dunyo.

Ing ngisor iki tata cara mangerteni isine serat wedhatama, yaiku :

1. Maca

Ing tahap iki kudu maca karo ngepasi bab kang diandharake ing pupuh kasebut.

2. Negesi tembung angel

Sawise maca serat utawa pupuh mau, golekana tetembungan kang miturut kowe angel. Banjur kanthi
migunkake bausastra jawa golekana tegese.

3. Gawe terjemahan wantah

Terjemahan wantah tegese serat utawa pupuh kang diwaca diterjemahake tembung mbka tembung. Sipate
terjemahan iki sawetra ( sementra ). Saka terjemahan mau bisa digoleki piwulange ( ajarane / isine ).

4. Reprodhuksi

Sawise nggawe terjemahan wantah ( mentah ) banjur ngreprodhuksi kang nggunakake basa luwih kepenak
lanthu wutuh. Wujud terjemahan iki biasane awujud paragraf, lan panulisane terjemahan ditulis saben pupuh dhewe-
dhewe, supaya bisa bedakake endi terjemahan pupuh sinom lan liyane.

5. Goleksi gegayutan isi

sawise reprodhuksi terjemahan kang luwih luwih kepenak, banjur goleki piwulang sajrone pupuh utawa
tembang sing diwaca karo kahanan jaman saiki. Ing kono bisa aweh panemu awujud pangalembana, panyaruwe, pangjak
lan liya-liyane.
TERIMA KASIH

SALAM BUDAYA
JAWA KUNCARA

Anda mungkin juga menyukai