Anda di halaman 1dari 76

MODUL AJAR

(PAWARTA)
Satuan Pendidikan : SMA N Kebakkramat
Kelas : X
Fase : E
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Alokasi Waktu : 10 JP
Elemen : Menyimak dan Memirsa, Membaca, Berbicara, Menulis dan
Mempresentasikan

 Profil Pelajar Pancasila


 Mandiri
 Bernalar Kritis
 Kreatif

 Moda Pembelajaran
LURING

 Model Pembelajaran
Discovery Learning

 Bentuk Penilaian
Kognitif dan Non kognitif

 Pertanyaan Pemantik
Apakah kalian suka menyimak dan membaca berita?

 Tujuan Pembelajaran
1. Peserta didik dapat menemukan informasi-informasi di dalam teks non fiksi dalam
bentuk pawarta secara teliti.
2. Peserta didik dapat memproduksi teks non fiksi dalam bentuk pawarta dengan dengan
dengan kerja keras dan mandiri.
3. Peserta didik dapat menganalisis unsur teks non fiksi dalam bentuk pawarta
 KEGIATAN PEMBELAJARAN
Kegiatan Deskripsi
Pendahuluan Kegiatan Pendahuluan
1. Melakukan pembukaan dengan salam pembuka, memanjatkan syukur
kepada Tuhan YME dan mepersilakan peserta didik berdoa sendiri-
sendiri untuk memulai pembelajaran (jika jam pertama).
2. Memeriksa kehadiran peserta didik
3. Menyampaikan elemen, capaian pembelajaran di akhir fase, tujuan
pembelajaran, ATP, serta asesmen
4. Memberikan contoh Teks Pawarta
5. Melakukan apersepsi dengan melontarkan pertanyaan pemantik kepada
peserta didik
Inti 1. Peserta didik membaca dan memahami teks tersebut (stimulation)
2. Peserta didik memberikan pendapatnya mengenai fakta dalam paparan teks
Pawarta (stimulation)
3. Peserta didik bertanya jawab tentang struktur teks Pawarta (problem
statement)
4. Peserta didik mengumpulkan informasi baik tersurat maupun tersirat secara
kritis dari pawarta (data collection)
5. Peserta didik mengidentifikasi unsur-unsur pawarta (verification)
6. Peserta didik mempresentasikan hasil analisisnya dan peserta didik lain
menanggapi temannya (generalization)
Penutup 1. Guru memberikan kesempatan kepada peserta didik untuk menanyakan hal-
hal yang masih diragukan terkait materi pawarta
2. Peserta didik dan guru membuat simpulan hasil pembelajaran
3. Peserta didik bersama guru melakukan refleksi pembelajaran
4. Guru menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan berikutnya
5. Guru menghimbau kepada peserta didik untuk selalu menerapkan perilaku
hidup bersih dan sehat serta selalu mematuhi protokol kesehatan pencegahan
covid-19
6. Guru menutup pertemuan pembelajaran dengan memberikan kalimat
motivasi dan memberikan salam penutup.

 REFLEKSI
1. Setelah mengikuti pembelajaran, apakah kalian sudah memahami apa yang telah kita
pelajari bersama?

 LEMBAR KEGIATAN
1. Ringkasan materi
2. Lembar asesmen
3. Lembar penilaian

LAMPIRAN 1 MATERI

MATERI PAWARTA

1. Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi,
diwartakake lumantar wujud cetak, siaran, utawa saka pirembagan marang wong liya utawa
pamireng.
2. Titenan Pawarta
a. Tinemu ing akal ( penalaran logis)
b. Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1 H
c. Struktur basa trep
d. Diksi trep ora ambigu
e. Narik kawigaten
f. Basa kang nengsemake
2. Perangan Pawarta
a. Headline ( judul utawa irah-irahan)
b. Deadline ( batas wektu )
c. Lead ( teras pawarta)
d. Body Language ( Surasane pawarta, bahasa tubuh)
3. Sifat pawarta
a. Aktual yaiku bab-bab kang anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas
b. Jarak (adoh/cedhak). Pamaos luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi ing
sakiwa tengene tinimbang pawarta.
c. Penting. Sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggap perangan kang penting
amarga bisa ngendhaleni panguripan ing bebrayan agung
d. Akibat. Sawijining bab bakal pawarta yen ndadekake ngowahi kahanan.
e. Congkrah/ konflik. Pamaos luwih seneng nyeritakake pawarta kang surasane
cecongkrahan.
f. Tintrim (ketegangan) . tuladhane : nalika nulungi wong ing kacilakaan.
g. Kemajuawane inovasi utawa owah-owahan teknologi. Pawarta kang kekinian luwih
narik kawigaten pamaose.
h. Emosi. Sawenehe pawarta yen diwartakake bisa ndadekake nesu, susah, tangis, gela,
tuladha: nemokake bayi ing pawuhan.
i. Humor, gawe sengsem, mesem, lan guyu.
4. Etika nulis pawarta
a. Objektif, ing babagan iki panulis ora kena martakake dikantheni kepentingan pribadi lan
sponsor. Pawarta kang tinulis kudu adhedasar fakta utawa data kang sanyatane dumadi.
b. Cover both side, pawarta iku kudu tinimbang aja abot sisih, luwih-luwih nyebutake
pihak-pihak kang ana sesambungan langsung karo pawarta kasebut.
5. Teknik nulis pawarta
a. Pengorganisasian/ngumpulake fakta utawa data. Data ing kene bisa awujud wawancara
(wawan rembug), kedadeyan langsung. Utawa data-data tinulis.
b. Nemtokake teras berita (lead)
c. Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta pawarta, nggunakake alur kang
runtut aja molak-malik utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingungake
pamiyarsane.
d. Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.
e.
LEMBAR ASESMEN DIAGNOSTIK
Asesmen Non Kognitif
1. Bagaimana perasaaanmu saat ini, lalu pilih emoji berikut yang mewakili perasaanmu!

A B C
2. Berikan pendapatmu tentang bagaimana kondisi lingkungan akan berdampak pada
semangat belajarmu?
3. Apa saja yang dapat kamu lakukan untuk menciptakan kenyamanan lingkungan
belajar di rumah?
4. Apa harapanmu saat kamu mempelajari tentang materi pawarta?

LEMBAR KERJA (LK)


A. LK Memahami Isi, struktur, metrum, diksi dan ajaran moral serta wicara, wirama,
wirasa dan wiraga di dalam Berita Berbahasa Jawa
LK 1 : LK Hakikat Berita Berbahasa Jawa
Cermatilah teks berikut ini!
Para pamirsa,
Sugeng pepanggihan kaliyan kula .............. ing pawartos basa Jawi Ngayogyakarta. Wekdal
menika pawartos basa Jawi badhé mbabar warta ingkang dumados wonten ing wewengkon
Ngayogyakarta sakiwa tengenipun. Kasuwun tetepa nyawiji ing pawartos basa Jawi dalu menika.

Pawarta 1
REGI WELUT MANDHAP
(29 Maret 2011 07:30 WIB)

Salebeting mangsa rendheng, regi panyadèning welut mandhap watawis kalih dasa persen. Bab
punika jalaran welut gampil dipunpanggihaken ing mangsa rendheng. Kejawi punika, samangké
ugi saweg ngancik mangsa panen welut.
Narasi:
Paryono, salah satunggaling bakul welut saking Dhusun Jetis, Désa Sidoagung, Kecamatan
Godean, Sleman, mratèlakaken bilih salebeting mangsa rendheng kados samangké regi
panyadèning welut mandhap, jalaran welut gampil dipunpanggihaken. Kejawi punika,
sawetawis papan ingkang kathah ngasilaken welut, kados Blitar lan Lumajang Jawa Timur,
saweg ngancik mangsa panen welut. Salebeting mangsa rendheng samangké Paryono saged
ndhatengaken welut saking Jawa Timur kathahipun kalih ton saben seminggunipun. Awit
kathahipun pasudiyan welut njalari reginipun lajeng mandhap. Menawi sakawit kalih dasa èwu
rupiyah saben kilo, samangké mandhap dados wolulas ewu rupiyah saben kilonipun.
Paryono ugi ngakeni gadhah pelanggan tetep tiyang sekawan dasa. Émanipun, sinaosa regi
welut mandhap, ananging sanak kadang bakul kripik welut tetep boten ngandhapaken reginipun,
inggih punika popog sèkèt èwu rupiyah saben kilonipun. (Nadi Mulyadi Jogja Tv)

Pawarta 2:
KAWIGATOSAN DHATENG MUSIBAH ING JEPANG
(26 March 2011 04:58 WIB)

Musibah ingkang tumama ing negari Jepang sawetawis wekdal kapengker nuwuhaken
kawigatosan saking sawetawis péhak, kalebet ugi warga Indonesia ingkang naté ketaman
musibah ingkang sami. Kanggé nglempakaken bantuwan Yayasan Royal Silk tembayatan
kaliyan Hoshizora Foundation, Yayasan Girlan Nusantara, Atsuki Community, Jogjakarta
Enterpreneur Center lan sedaya péhak ingkang suka kawigatosan dhateng tumempuhipun
musibah ing Jepang, ngadani “One Day Charity” kanthi irah irahan “Jogja Care For Japan- Let’s
Support And Learn From Japan” mapan ing Jogja Expo Center dinten Setu énjing (26/3).

Narasi:
“One Day Charity” minangka puncaking acara ingkang dipun-adani dening sawetawis
komunitas lan warga Ngayogyakarta sasampunipun tsunami tumempuh ing Jepang. Acara
ingkang katindakaken sedinten ing Jogja Expo Center punika ancasipun kanggé
nglempakaken bantuwan dhana saking sedaya péhak. Bantuwan ingkang nglempak
salajengipun badhé dipunpasrahaken dhateng warga Fukushima, Sendai lan Miyagi, lumantar
Kedutaan Besar Jepang ing Jakarta. Puncaking “One Day Charity” dipunregengaken kanthi
sawetawis kridha, antawisipun Booth Display Kebudayaan Jepang, kadosta Yukata Photo
Session, Origami, Ikebana, kuliner Jepang, sarta pagelaran sanèsipun saking sawetawis
komunitas ingkang wonten ing Ngayogyakarta.
Bab wigati ingkang dipuntélakaken salebeting acara “One Day
Charity” inggih punika kadospundi bangsa Indonesia ingkang gadhah ancaman
musibah alam sami kaliyan Jepang, kados lindhu lan tsunami, saged sinau saking tumempuhing
musibah kasebat. Lumantar “One Day Charity”, para warga dipun-ajak sesarengan suka
paring kawigatosan lan bantuwan miturut kekiyatanipun piyambak piyambak. (Afirtha Diah
Apsari-Abdul Maarif)

Pawarta 3:
NILAI TUKAR PETANI WULAN MARET 2011
(01 April 2011 06:16 WIB)

Nilai Tukar Petani (NTP) ing wewengkon DIY salebeting wulan Maret 2011 indeksipun suda
0,84%, tinimbang ing wulan Februari kapengker, ingkang sakawit 114,33, dados 113,37.
Sudanipun
NTP jalaran sudanipun NTP ing sawetawis sub sektor.
Narasi:
Miturut Kepala Badan Pusat Statistik (BPS) Propinsi DIY, Suharno, adhedhasar panyemaking
regi ing karang padésan ing wewengkon DIY sadangunipun wulan Maret 2011, Nilai Tukar
Petani ing DIY indeksipun suda 0,84% tinimbang wulan Februari kapengker, ingkang sakawit
114,33, dados 113,37. Sudanipun indeks kasebat awit indeks regining asiling pertanian ingkang
dipuntampi déning petani suda. Kajawi punika sudanipun NTP ing wulan Maret punika, ugi
jalaran sudanipun NTP ing sawetawis sub sektor, inggih menika sub sektor tanaman pangan
suda 1,29%, sub sektor holtikultura 0,07%, sub sektor peternakan 0,19%, lan sub sektor
perikanan 0,24%. Wondéné sub sektor Tanaman Perkebunan Rakyat mindhak 0,49%. (Anang
Zainuddin)

LK 2 : LK Struktur Berita Berbahasa Jawa

Deskripsikan struktur teks Berita Berbahasa Jawa dengan data yang mendukung!
STRUKTUR
NO PARAGRAF/KALIMAT
TEKS
1 Pernyataan ………………………………………………………..
umum/klasifikasi

2 Data yang ………………………………………………………..


dilaporkan

3 Data yang ………………………………………………………..


dilaporkan

LK 3 : LK Berita Berbahasa Jawa

Deskripsikan kaidah kebahasaan teks bereita dengan data yang mendukung (kalimat atau
bagian paragraf)!

N
KEBAHASAAN TEKS BERITA
O
1. Lafal (Wicara) ………………………………………………………..
2. Intonasi (Wirama) ………………………………………………………..

3. Kedal kanthi teteh (Wicara) …………………………………………………..

4. Tatapan mata/ekspresi ……………………………………………………….


(Wiraga)

5. Solah Bawa (Wiraga) ………………………………………………………..

6. Artikulasi (Wicara) ………………………………………………………..

7. Volume (Wirama) ………………………………………………………..

8. Tekanan Tembung (Wirama) ………………………………………………………..

9. Tempo (Wirama) ………………………………………………………..

A. LK Menangkap Makna Berita Berbahasa Jawa


Cermatilah sekali lagi Berita Berbahasa Jawa dibawah ini!
Para pamirsa,
Sugeng pepanggihan kaliyan kula .............. ing pawartos basa Jawi Ngayogyakarta. Wekdal
menika pawartos basa Jawi badhé mbabar warta ingkang dumados wonten ing wewengkon
Ngayogyakarta sakiwa tengenipun. Kasuwun tetepa nyawiji ing pawartos basa Jawi dalu menika.

Pawarta 1
REGI WELUT MANDHAP
(29 Maret 2011 07:30 WIB)

Salebeting mangsa rendheng, regi panyadèning welut mandhap watawis kalih dasa persen. Bab
punika jalaran welut gampil dipunpanggihaken ing mangsa rendheng. Kejawi punika, samangké
ugi saweg ngancik mangsa panen welut.
Narasi:
Paryono, salah satunggaling bakul welut saking Dhusun Jetis, Désa Sidoagung, Kecamatan
Godean, Sleman, mratèlakaken bilih salebeting mangsa rendheng kados samangké regi
panyadèning welut mandhap, jalaran welut gampil dipunpanggihaken. Kejawi punika,
sawetawis papan ingkang kathah ngasilaken welut, kados Blitar lan Lumajang Jawa Timur,
saweg ngancik mangsa panen welut. Salebeting mangsa rendheng samangké Paryono saged
ndhatengaken welut saking Jawa Timur kathahipun kalih ton saben seminggunipun. Awit
kathahipun pasudiyan welut njalari reginipun lajeng mandhap. Menawi sakawit kalih dasa èwu
rupiyah saben kilo, samangké mandhap dados wolulas ewu rupiyah saben kilonipun.
Paryono ugi ngakeni gadhah pelanggan tetep tiyang sekawan dasa. Émanipun, sinaosa regi
welut mandhap, ananging sanak kadang bakul kripik welut tetep boten ngandhapaken reginipun,
inggih punika popog sèkèt èwu rupiyah saben kilonipun. (Nadi Mulyadi Jogja Tv)

Pawarta 2:
KAWIGATOSAN DHATENG MUSIBAH ING JEPANG
(26 March 2011 04:58 WIB)

Musibah ingkang tumama ing negari Jepang sawetawis wekdal kapengker nuwuhaken
kawigatosan saking sawetawis péhak, kalebet ugi warga Indonesia ingkang naté ketaman
musibah ingkang sami. Kanggé nglempakaken bantuwan Yayasan Royal Silk tembayatan
kaliyan Hoshizora Foundation, Yayasan Girlan Nusantara, Atsuki Community, Jogjakarta
Enterpreneur Center lan sedaya péhak ingkang suka kawigatosan dhateng tumempuhipun
musibah ing Jepang, ngadani “One Day Charity” kanthi irah irahan “Jogja Care For Japan- Let’s
Support And Learn From Japan” mapan ing Jogja Expo Center dinten Setu énjing (26/3).

Narasi:
“One Day Charity” minangka puncaking acara ingkang dipun-adani dening sawetawis
komunitas lan warga Ngayogyakarta sasampunipun tsunami tumempuh ing Jepang. Acara
ingkang katindakaken sedinten ing Jogja Expo Center punika ancasipun kanggé
nglempakaken bantuwan dhana saking sedaya péhak. Bantuwan ingkang nglempak
salajengipun badhé dipunpasrahaken dhateng warga Fukushima, Sendai lan Miyagi, lumantar
Kedutaan Besar Jepang ing Jakarta. Puncaking “One Day Charity” dipunregengaken kanthi
sawetawis kridha, antawisipun Booth Display Kebudayaan Jepang, kadosta Yukata Photo
Session, Origami, Ikebana, kuliner Jepang, sarta pagelaran sanèsipun saking sawetawis
komunitas ingkang wonten ing Ngayogyakarta.
Bab wigati ingkang dipuntélakaken salebeting acara “One Day
Charity” inggih punika kadospundi bangsa Indonesia ingkang gadhah ancaman
musibah alam sami kaliyan Jepang, kados lindhu lan tsunami, saged sinau saking tumempuhing
musibah kasebat. Lumantar “One Day Charity”, para warga dipun-ajak sesarengan suka
paring kawigatosan lan bantuwan miturut kekiyatanipun piyambak piyambak. (Afirtha Diah
Apsari-Abdul Maarif)

Pawarta 3:
NILAI TUKAR PETANI WULAN MARET 2011
(01 April 2011 06:16 WIB)

Nilai Tukar Petani (NTP) ing wewengkon DIY salebeting wulan Maret 2011 indeksipun suda
0,84%, tinimbang ing wulan Februari kapengker, ingkang sakawit 114,33, dados 113,37.
Sudanipun
NTP jalaran sudanipun NTP ing sawetawis sub sektor.

Narasi:
Miturut Kepala Badan Pusat Statistik (BPS) Propinsi DIY, Suharno, adhedhasar panyemaking
regi ing karang padésan ing wewengkon DIY sadangunipun wulan Maret 2011, Nilai Tukar
Petani ing DIY indeksipun suda 0,84% tinimbang wulan Februari kapengker, ingkang sakawit
114,33, dados 113,37. Sudanipun indeks kasebat awit indeks regining asiling pertanian ingkang
dipuntampi déning petani suda. Kajawi punika sudanipun NTP ing wulan Maret punika, ugi
jalaran sudanipun NTP ing sawetawis sub sektor, inggih menika sub sektor tanaman pangan
suda 1,29%, sub sektor holtikultura 0,07%, sub sektor peternakan 0,19%, lan sub sektor
perikanan 0,24%. Wondéné sub sektor Tanaman Perkebunan Rakyat mindhak 0,49%. (Anang
Zainuddin)

LK 1 : Menagkap Makna kata Sulit


Interpretasilah kata-kata yang sulit pada Berita Berbahasa Jawa di atas!

No Kata Sulit Arti


1 ………………………… ………………………………………………………..

2 ………………………… ………………………………………………………..

3 ………………………… ………………………………………………………..

4 ………………………… ………………………………………………………..

LK 2 : Menemukan Makna Bagian Berita Berbahasa Jawa


Temukan makna pada bagian Berita Berbahasa Jawa (pernyataan pendapat, argumen, dan
penegasan pendapat)!

No TEKS BERITA Interprestasi Makna


1 Para pamirsa, ………………………………
Sugeng pepanggihan kaliyan kula .............. ing
………………………..
pawartos basa Jawi Ngayogyakarta. Wekdal menika
pawartos basa Jawi badhé mbabar warta ingkang
dumados wonten ing wewengkon Ngayogyakarta
sakiwa tengenipun. Kasuwun tetepa nyawiji ing
pawartos basa Jawi dalu menika.

Pawarta 1
REGI WELUT MANDHAP
(29 Maret 2011 07:30 WIB)

Salebeting mangsa rendheng, regi panyadèning welut


mandhap watawis kalih dasa persen. Bab punika
jalaran welut gampil dipunpanggihaken ing mangsa
rendheng. Kejawi punika, samangké ugi saweg
ngancik mangsa panen welut.
Narasi:
Paryono, salah satunggaling bakul welut saking
Dhusun Jetis, Désa Sidoagung, Kecamatan Godean,
Sleman, mratèlakaken bilih salebeting mangsa
rendheng kados samangké regi panyadèning welut
mandhap, jalaran welut gampil dipunpanggihaken.
Kejawi punika, sawetawis papan ingkang kathah
ngasilaken welut, kados Blitar lan Lumajang Jawa
Timur, saweg ngancik mangsa panen welut. Salebeting
mangsa rendheng samangké Paryono saged
ndhatengaken welut saking Jawa Timur kathahipun
kalih ton saben seminggunipun. Awit kathahipun
pasudiyan welut njalari reginipun lajeng mandhap.
Menawi sakawit kalih dasa èwu rupiyah saben kilo,
samangké mandhap dados wolulas ewu rupiyah saben
kilonipun.
Paryono ugi ngakeni gadhah pelanggan tetep tiyang
sekawan dasa. Émanipun, sinaosa regi
welut mandhap, ananging sanak kadang bakul kripik
welut tetep boten ngandhapaken reginipun, inggih
punika popog sèkèt èwu rupiyah saben kilonipun.
(Nadi Mulyadi Jogja Tv)
2 Pawarta 2: ………………………………
KAWIGATOSAN DHATENG MUSIBAH ING
………………………..
JEPANG
(26 March 2011 04:58 WIB)

Musibah ingkang tumama ing negari Jepang


sawetawis wekdal kapengker nuwuhaken
kawigatosan saking sawetawis péhak, kalebet ugi
warga Indonesia ingkang naté ketaman musibah
ingkang sami. Kanggé nglempakaken bantuwan
Yayasan Royal Silk tembayatan kaliyan Hoshizora
Foundation, Yayasan Girlan Nusantara, Atsuki
Community, Jogjakarta Enterpreneur Center lan
sedaya péhak ingkang suka kawigatosan dhateng
tumempuhipun musibah ing Jepang, ngadani “One
Day Charity” kanthi irah irahan “Jogja Care For Japan-
Let’s Support And Learn From Japan” mapan ing
Jogja Expo Center dinten Setu énjing (26/3).

Narasi:
“One Day Charity” minangka puncaking acara
ingkang dipun-adani dening sawetawis komunitas
lan warga Ngayogyakarta sasampunipun tsunami
tumempuh ing Jepang. Acara ingkang katindakaken
sedinten ing Jogja Expo Center punika ancasipun
kanggé nglempakaken bantuwan dhana saking
sedaya péhak. Bantuwan ingkang nglempak
salajengipun badhé dipunpasrahaken dhateng warga
Fukushima, Sendai lan Miyagi, lumantar Kedutaan
Besar Jepang ing Jakarta. Puncaking “One Day
Charity” dipunregengaken kanthi sawetawis kridha,
antawisipun Booth Display Kebudayaan Jepang,
kadosta Yukata Photo Session, Origami, Ikebana,
kuliner Jepang, sarta pagelaran sanèsipun saking
sawetawis komunitas ingkang wonten ing
Ngayogyakarta. Bab wigati ingkang dipuntélakaken
salebeting acara “One Day Charity” inggih punika
kadospundi bangsa Indonesia ingkang gadhah
ancaman musibah alam sami kaliyan Jepang, kados
lindhu lan tsunami, saged sinau saking tumempuhing
musibah kasebat. Lumantar “One Day Charity”, para
warga dipun-ajak sesarengan suka paring
kawigatosan lan bantuwan miturut kekiyatanipun
piyambak piyambak. (Afirtha Diah Apsari-Abdul
Maarif)

3 Pawarta 3: ………………………………
NILAI TUKAR PETANI WULAN MARET 2011
………………………..
(01 April 2011 06:16 WIB)

Nilai Tukar Petani (NTP) ing wewengkon DIY


salebeting wulan Maret 2011 indeksipun suda
0,84%, tinimbang ing wulan Februari kapengker,
ingkang sakawit 114,33, dados 113,37. Sudanipun
NTP jalaran sudanipun NTP ing sawetawis sub sektor.

Narasi:
Miturut Kepala Badan Pusat Statistik (BPS) Propinsi
DIY, Suharno, adhedhasar panyemaking regi ing
karang padésan ing wewengkon DIY sadangunipun
wulan Maret 2011, Nilai Tukar Petani ing DIY
indeksipun suda 0,84% tinimbang wulan Februari
kapengker, ingkang sakawit 114,33, dados 113,37.
Sudanipun indeks kasebat awit indeks regining asiling
pertanian ingkang dipuntampi déning petani suda.
Kajawi punika sudanipun NTP ing wulan Maret
punika, ugi jalaran sudanipun NTP ing sawetawis
sub sektor, inggih menika sub sektor tanaman pangan
suda 1,29%, sub sektor holtikultura 0,07%, sub sektor
peternakan 0,19%, lan sub sektor perikanan 0,24%.
Wondéné sub sektor Tanaman Perkebunan Rakyat
mindhak 0,49%. (Anang Zainuddin)
Simpulan:.......................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................
..............................

LK 3 : Menginterpretasi (isi, struktur, diksi dan ajaran moral serta wicara, wirama, wirasa dan
wiraga dalam MembacaBerita Berbahasa Jawa)

Setelah menginterprestasikan teks berita, kemudia Dibuat resume dengan memperhatikan


ejaan, pilihan kata, kalimat efektif, dll.!

Teks Pawartos

.....................................................................................................................
............................................................................................................. .......
.....................................................................................................................
...................................................................................................... ..............
.....................................................................................................................
............................................................................................... .....................
.....................................................................................................................
........................................................................................

Lampiran 3: INSTRUMEN PENILAIAN


1. Sikap Spiritual
1)Penilaian kompetensi sikap melalui Observasi
a. Teknik Penilaian : Observasi
b. Bentuk instrumen : Lembar Observasi
c. Kisi-kisi
Lembar Observasi
Sikap Spiritual
No. Sikap/ Indikator Butir
Nilai Pertanyaan
1 Jujur Menunjukkan perilaku tidak berbohong pada
kegiatan mengartikan kata sulit, menemukan
pesan, menyusun pesan
Berperilaku selalu dapat dipercaya dalam
perkataan, tindakan, dan pekerjaan, baik terhadap
diri dan pihak lain.
2 Disiplin Berperilaku selalu menyelesaikan tugas sesuai
dengan waktu yang dialokasikan dalam
pembelajaran

Berprilaku tidak mengganggu siswa atau


kelompok lain dalam pembelajaran
3 Tanggung Berperilaku selalu melaksanakan tugas dan
jawab kewajibannya dengan baik pada kegiatan
pembelajaran Berita Berbahasa Jawa
Berperilaku yang menunjukkan sifat halus dan
baik dari sudut pandang bahasa maupun tata
perilakunya ke semua orang.
4. proaktif Berperilaku giat berusaha dapat mengumpulakan
informasi dalam pembelajaran
Berperialku selalu beraksi dan bereaksi dalam
berdiskusi dan pembelajaran

b. Penilaian kompetensi sikap melalui penilaian diri


Nama :
Kelas :
Tanggal penilaian :
Materi/topik :

Bacalah baik-baik setiap pernyataan dan berilah tanda v pada kolom yang sesuai dengan
keadaan dirimu yang sebenarnya.
No Pernyataan Ya Tidak
.
1. Saya melakukan tugas kelompok saya bekerjsa sama dengan
teman satu kelompok
2. Saya mencatat data dengan teliti sesuai dengan fakta
3. Saya melakukan tugas sesuai dengan jadwal yang dirancang
4. Saya membuat tugas terlebih dahulu dengan membaca literatur
yang mendukung tugas
5. Saya terlibat aktif dalam pembelajaran

c. Penilaian kompetensi Sikap Antarpeserta Didik


Mata pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/ semester :
Topik : memahami isi, struktur, metrum, diksi dan ajaran moral serta wicara,
wirama, wirasa dan wiraga di dalam Berita Berbahasa Jawa
Indikator : Peserta didik menunjukkan perilaku memiliki perilaku jujur, disiplin,
tanggung jawab, dan proaktif

1. Amati perilaku temanmu dengan cermat selama mengikuti pembelajaran


2. Berikan tanda v paa kolom yang disediakan berdasarkan hasil pengamatan
3. Serahkan hasil pengamatanmu kepada gurumu
No. Perilaku Dilakukan/muncul
Ya Tidak
1. Berprilaku tidak bohong pada kegiatan dan selalu dapat
dipercaya
2. Menyelesaikan tugas sesuai dengan waktu dan tidak
mengganggu siswa atau kelompok lain
3. melakukan tugas sesuai dengan jadwal yang dirancang
4. Mengungkapkan informasi disertai dengan sumber
rujukan
5. Giat berusaha dapat mengumpulakan informasi dan
selalu beraksi serta bereaksi dalam berdiskusi atau
pembelajaran

d. Jurnal
Jurnal Penilaian
Nama:
Kelas :

No. Hari, tanggal Kejadian Keterangan/ Tindak Lanjut

1.

2.

2. PENGETAHUAN
TES URAIAN

Petunjuk
1. Baca secara cermat Berita Berbahasa Jawa berikut!
KAPAL PATROLI NJEBLUG
( 15Juli 2011)
Orasi:
Kapal patroli duweke kantor Bea Cukai Belawan, Medan, kanthi nomer lambung BC-
15001 njeblug ing pesisir Labu, Deli Serdang, Jemuah (15/7) bengi. Pitu saka sangang
petugas sing lagi ngayahi jejibahan patroli sakala padha tiwas.

Narasi:
Sawantara jam candhake, nalika salah sijine anak buwah kapal nedya nguripake genset
kanggo mbacutake patroli, ujug-ujug kapal kasebut njeblug banjur kerem menyang
dhasaring segara. Direktur Jendral Bea Cukai, Agung Kuswandono masthekake,
njebluge kapal patroli mau murni merga kacilakan nalika gensete arep diuripake. Agung
nambahake, para petugas sing dadi korban kuwi pinuju nindakake patroli rutin kanggo
ngawekani penyelundupan barang liwat jalur segara.
(kajupuk saka Panjebar Semangat Edisi 31 tanggal 30 Juli 2011, kanthi owah-owahan
saperlune)
2. Setelah itu, jawablah pertanyaan berikut!
a. Berdasarkan Berita Berbahasa Jawa yang diberikan, jawablah pertanyaan- pertanyaan
berikut untuk mengetahui pemahaman kalian tentang Berita Berbahasa Jawa!

1. Apa kang diwartakaké (temane / topike )?


……………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………
…………………………………
2. Sapa kang diwartakaké (pawongan/organisasi)?
……………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………
…………………………………
3. Kapan bab kang diwartakaké iku dumadi?
……………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………
…………………………………
4. Ing ngendi kang bab diwartakaké kasebut dumadi?
……………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………
…………………………………
5. Apa kang njalari bab mau diwartakake?
……………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………
…………………………………

a. Berdasarkan Berita Berbahasa Jawa, jelaskan ajaran moral yang terdapat di dalam berita
tersebut!
b. Berdasarkan Berita Berbahasa Jawa, deskripsikan Wicara, Wirama, Wirasa dan Wiraga dalam
Membaca berita tersebut !

RINGGIT KANGGÉ SARANA SINAU


(10 Mei 2011 06:49 WIB)

Orasi:
Wonten manéka cara kanggé nggulawenthah laré. Ing wewengkon Boyolali, Jawa Tengah,
satunggaling seniman mucal budi pekerti kanthi ngginakaken paraga ringgit.
Narasi:
Makaten kridhanipun laré-laré ing Désa Bade, Kecamatan Klego, Boyolali, Jawa Tengah. Laré-
laré punika katingal saweg ngelir ringgit. Kanthi mapan ing Balai Désa Bade, laré-laré
nanjakaken libur sekolah kanggé sinau nggambar paraga ringgit. Kanthi dipun-ampingi déning
satunggaling seniman, Ki Djoko Sutedjo, laré-laré mulas gambaripun paraga ringgit Bima kanthi
grengseng. Laré-laré mulas gambar kados ingkang dipunwucalaken dening ki Djoko.
Sinambi ngelir ringgit, Ki Djoko ugi nepangaken watakipun paraga Bima dhateng laré-laré.
Ki Djoko milih paraga Bima awit watakipun Bima pantes kanggé tepa palupi, kadosta jujur lan
bekti dhateng tiyang sepuh lan gurunipun. Kejawi punika, Bima ugi kawentar kendel sarta
remen tetulung dhateng sesami. Watak kalih punika kaajab saged dipuntuladhani déning laré-
laré. Kanthi nepangaken seni ringgit, kaajab lare-lare sami tresna dhateng seni budaya Jawi.
Laré-laré nelakaken menawi remen sinau ngelir ringgit awit saged nanjakaken wekdal liburan
kanthi kridha ingkang migunani. [Tim Liputan]
Rubrik/Kriteria Penilaian Hasil Memahami Berita Berbahasa Jawa
No. Aspek dan Kriteria Skor
1. Apa kang diwartakaké (temane / topike )? 2
2. Sapa kang diwartakaké (pawongan/organisasi)? 2
3. Kapan bab kang diwartakaké iku dumadi? 2
4. Ing ngendi kang bab diwartakaké kasebut dumadi? 2
5. Apa kang njalari bab mau diwartakake? 2
Total Skor 10
No. Aspek dan Kriteria Skor
Ajaran Moral
1. Deskripsi ajaran moral sangat baik 100
2. Deskripsi ajaran moral baik 75
3. Deskripsi ajaran moral cukup 50
4. Deskripsi ajaran moral kurang 25

No. Aspek dan Kriteria Skor


Wicara, Wirama, Wirasa dan Wiraga dalam Membaca berita
1. Penerapan Wicara, Wirama, Wirasa dan Wiraga dalam Membaca berita 100
dan data mendukung atau sangat sesuai
2. Penerapan Wicara, Wirama, Wirasa dan Wiraga dalam Membaca berita 75
dan data mendukung atau sesuai
3. Penerapan Wicara, Wirama, Wirasa dan Wiraga dalam Membaca berita 50
dan data mendukung atau kurang sesuai
4. Penerapan Wicara, Wirama, Wirasa dan Wiraga dalam Membaca berita 25
dan data tidak mendukung atau tidak sesuai

KUNCI JAWABAN TES PENGETAHUAN


a.
Soal Paragraf/Kalimat

1 Sinau Ringgit purwa


2 laré-laré ing Désa Bade, Kecamatan Klego, Boyolali, Jawa Tengah. Laré-laré
punika katingal saweg ngelir ringgit
3 10 Mei 2011 Jam 06:49 WIB
4 ing Désa Bade, Kecamatan Klego, Boyolali, Jawa Tengah
5 amargi minagka salah satunggaling cara mucal budi pekerti kaliyan lare-lare
kanthi ngginakaken paraga ringgit

a. Pembacaan Berita
Berita Ajaran Moral
Ringgit kanggé nguri-nguri kabudayan, sianu saka cerita wayang, kedhah
sarana sinau
jujur saha bekti marang guru kados dene Bima

b. Wicara, Wirama, Wirasa dan Wiraga


Teks Berita Wicara, Wirama, Wirasa dan Wiraga
Wicara pocapan cetha, leres, jelas, tegas, boten bindheng, boten blero.
Wirama minggah mandhapipun swanten, lirih saha seronipun swanten
(irama).
Wirasa ngraosaken salebeting manah isi geguritan (susah, semangat,
nelangsa).
Wiraga Ekspresi/patrap (sikep, obahipun badan, lan pasemon (rai))

3. Keterampilan
Petunjuk
Membacaberita dengan Wicara, Wirama, Wirasa dan Wiraga yang tepat.
Pedoman Penskoran :
No. Aspek dan Kriteria Skor
1. Wicara
a. Pelafalan konsonan dan vokal sangat tepat 100
b. Pelafalan konsonan dan vokal tepat 75
c. Pelafalan konsonan dan vokal kurang tepat 50
25
d. Pelafalan konsonan dan vokal tidak tepat
2. Wirama
a. Intonasi, irama, laras, titilaras, cengkok sangat tepat 100
b. Intonasi, irama, laras, titilaras, cengkok tepat 75
c. Intonasi, irama, laras, titilaras, cengkok kurang tepat 50
25
d. Intonasi, irama, laras, titilaras, cengkok tidak tepat
3. Wirasa
a. Pengahatan terhadap tembang sangat baik 100
b. Pengahatan terhadap tembang baik 75
c. Pengahatan terhadap tembang kurang baik 50
25
d. Pengahatan terhadap tembang tidak baik
4. Wiraga
a. Gestur dan mimik sangat sesuai dengan isi tembang 100
b. Gestur dan mimik sesuai dengan isi tembang 75
c. Gestur dan mimik kurang sesuai dengan isi tembang 50
25
d. Gestur dan mimik tidak sesuai dengan isi tembang

Perhitungan skor :

Skor = Perolehan skor


Skor Maksimal x 100

MODUL AJAR
(CERITA WAYANG)
Satuan Pendidikan : SMA N Kebakkramat
Kelas : X
Fase : E
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
 Profil Pelajar Pancasila
 Mandiri
 Bernalar Kritis
 Kreatif

 Moda Pembelajaran
LURING

 Model Pembelajaran
Discovery Learning

 Bentuk Penilaian
Kognitif dan Non kognitif

 Pertanyaan Pemantik
Apakah kalian suka menyimak dan membaca teks cerita wayang?

 Tujuan Pembelajaran
4. Peserta didik dapat menemukan informasi-informasi di dalam teks fiksi dalam bentuk
teks cerita wayang secara teliti.
5. Peserta didik dapat memproduksi teks fiksi dalam bentuk teks cerita wayang dengan
dengan dengan kerja keras dan mandiri.
6. Peserta didik dapat menganalisis unsur teks fiksi dalam bentuk teks cerita wayang
 KEGIATAN PEMBELAJARAN
Kegiatan Deskripsi
Pendahuluan Kegiatan Pendahuluan
6. Melakukan pembukaan dengan salam pembuka, memanjatkan syukur
kepada Tuhan YME dan mepersilakan peserta didik berdoa sendiri-
sendiri untuk memulai pembelajaran (jika jam pertama).
7. Memeriksa kehadiran peserta didik
8. Menyampaikan elemen, capaian pembelajaran di akhir fase, tujuan
pembelajaran, ATP, serta asesmen
9. Memberikan contoh Teks cerita wayang
10. Melakukan apersepsi dengan melontarkan pertanyaan pemantik kepada
peserta didik
Inti 7. Peserta didik membaca dan memahami teks tersebut (stimulation)
8. Peserta didik memberikan pendapatnya mengenai paparan teks cerita
wayang (stimulation)
9. Peserta didik bertanya jawab tentang struktur teks cerita wayang (problem
statement)
10. Peserta didik mengumpulkan informasi baik tersurat maupun tersirat secara
kritis dari teks cerita wayang (data collection)
11. Peserta didik mengidentifikasi unsur-unsur teks cerita wayang (verification)
12. Peserta didik mempresentasikan hasil analisisnya dan peserta didik lain
menanggapi temannya (generalization)
Penutup 7. Guru memberikan kesempatan kepada peserta didik untuk menanyakan hal-
hal yang masih diragukan terkait materi teks cerita wayang
8. Peserta didik dan guru membuat simpulan hasil pembelajaran
9. Peserta didik bersama guru melakukan refleksi pembelajaran
10. Guru menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan berikutnya
11. Guru menghimbau kepada peserta didik untuk selalu menerapkan perilaku
hidup bersih dan sehat serta selalu mematuhi protokol kesehatan
pencegahan covid-19
12. Guru menutup pertemuan pembelajaran dengan memberikan kalimat
motivasi dan memberikan salam penutup.

 REFLEKSI
2. Setelah mengikuti pembelajaran, apakah kalian sudah memahami apa yang telah kita
pelajari bersama?

 LEMBAR KEGIATAN
4. Ringkasan materi
5. Lembar asesmen
6. Lembar penilaian
 RINGKASAN MATERI

Wayang lan Tata Laku Utama

Wayang iku asale saka tembung ‘Ma-Hyang’ kang ateges tumuju marang dewa utawa Gusti kang
Maha Tunggal. Ana kang ngandharake wayang ateges ‘bayangan/wewayangan’, bab iki kathi lelandhesan
wayang iku gegambaran uriping manungsa. Wayang dadi simbul uripe masarakat Jawa kang dituduhake
liwat basa lan sarana kanggo nemokake sejatining urip nuju marang Sang Hyang Dumadi. Mula kita kudu
ngaturake syukur marang Gusti Kang Murbengrat amarga wis maringi sawijining kabudayan kang
bisa dadi tuntunan supaya tumindak bener ora nalisir saka dhawuhing Gusti.
Crita wayang kang gumelar ing tlatah Jawa mligine, asumber saka Mahabharata lan
Ramayana, nanging ora winates ing pakem wae, crita bisa uga nglakonake crita carangan
(gubahan). Wayang dadi salah sijining asil karya budaya kang wus mbalung sungsum ing
Indonesia. Wayang banjur ngalami owah-owahan nalika Islam ngrasuk ing Nuswantara. Para
Wali uga nggunakake wayang minangka sarana dakwah marang masarakat. Amarga kuwi,
wayang banjur owah wujud wadhage. Islam uga duweni pengaruh kang gedhe liwat karya sastra
kang dadi lambaraning crita pakeliran.
Mligine wayang kulit wis diakoni dening UNESCO minangka kabudayan kang
nengsemake lan duweke asli Indonesia ditetepake tanggal 7 Nopember 2003. Wayang kulit
ditetepake minangka sawijining warisan kang endah lan berharga (Masterpiece of Oral and
Intangible Heritage of Humanity).
Wayang kawengku dening dhalang. Kawitan nganti tekan pungkasaning crita
dipangarsani dening dhalang. Ing babagan terminologi basa Jawa, dhalang asale saka tembung
ngudhal piwulang. Ngudhal tegese nyebarake /ngandharake lan piwulang tegese ajaran, pitutur,
wulangan, ngelmu, lan sapiturute. Dadi dununge dhalang ing pagelaran wayang iku ora mung
ngandharake tontonan, nanging uga ndhudhah tuntunan. Mula saka iku, saliyane prigel ngenani
teknik pertunjukan, dhalang uga kudu duwe seserepan utawa ngelmu lan bisa menehi pamawas
kang trep. Mula saka iku pagelaran wayang kulit iku uga ngemot tata laku kang utama.

Pakaryan 1
Sadurunge ngancik ing materi wayang, kanggo ngukur sepira pangertene babagan
wayang lan surasane siswa dijaluk mangsuli pitakon iki. Pakaryan iki ditindakake amarga ana
sesambungane karo ancas pungkasaning wulangan.
1. Apa putra siswa tau nonton wayang?
2. Yen wis tau, sapa tokoh kang paling koksenengi?
3. Ing wayang iku akeh ngemot tata laku utama. Apa tuladhane?
4. Apa gunane tata laku utama iku?
5. Miturut panemumu apa kang bakal dumadi yen ing donya iki ora ana tata laku utama?
6. Tuduhna tuladha kang dumadi ing sakiwa tengenmu utawa kluwargamu kang nuduhake tata
laku utama!

Pakaryan 2
Kanggo nambahi wawasan lan pengerten wayang, ing ngisor iki bakal diandharake
pangerten kang ana sesambungane karowayang. Ing trap iki putra siswa dijaluk nyinau lan
mahami perangan-perangan kang ana sesambungane karo wayang.
1. Pangertene wayang
Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan kang awujud drama kang khas. Seni
kang kamot sajroning pertunjukan iki yaiku : seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur,
seni lukis, lan sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep menawa
pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane wiwit
abad kaping 19 nganti saiki, wayang wis dadi sasaran kajian lan didiskripsekake dening para
ahli.
Wayang akeh banget jenise minangka kesenian rakyat utawa kraton, ana wayang golek
kang kagawe saka kayu, ana wayang kulit kagawe saka kulit, wayang klithik kagawe saka
kayu, wayang beber digambar ana ing kertas utawa kulit, lan sapiturute. Sumbere crita saka
Ramayana lan Mahabarata, crita-crita Menak, crita-crita Panji, syair-syair kepahlawanan
utawa kreasi anyar kang nyritakake prastawa-prastawa anyar.
Saliyane kuwi werna-wernaning wayang iku uga ana kang sinebut wayang wong, kang
dipragakake dening uwong, lan wis ana wiwit abad kaping 18. Wayang iki entuk sambutan
kang apik saka masyarakat, mula ing jaman sateruse ketok akeh perkumpulan wayang wong.
Ing pungkasaning jaman saiki wis akeh museum wayang antarane ing Jakarta lan
Ngayogyakarta. Sawetara panaliten nyimpulake, wayang minangka sarana nggambarake
alam pikirane piyayi Jawa kang dualistik. Ana rong prekara, pihak utawa klompok kang ora
cocok, beda, antarane apik lan ala, babagan lair lan batin, alus lan kasar, Pandawa lan
Kurawa. Kalorone nyawiji ana sajrone manungsa kanggo nggoleki keseimbangan. Wayang
uga dadi sarana ngendhaleni sosial, umpamane kanthi kritik sosial kang diwujudake lumantar
banyolan.
Crita wayang iku duwe struktur formal. Struktur kuwi kedadeyan saka unsur-unsur
kang padha gayut antarane siji lan sijine. Unsur-unsure yaiku tokoh, watak,alur, tema, latar,
lakon, pesen kang kamot, pitutur (pesan moral) kang kakandhut sajroning crita wayang..

2. Unsur crita wayang


Unsur-unsur pembangun crita wayang iku padha karo unsur-unsur crita liyane, yaiku
tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut pandang, lan konflik, wos
surasane crita, lan gawe ringkesan.

3. Nilai kang kamot sajroning crita wayang


a. Tanggap ing sasmita/Empati (Caring)
Tegese saben titah kang urip ing jagad iki kudu duwe sikep empati marang
pepadhane, marang pepadhane manungsa, tanduran, lan sato kewan. Amarga sikep
empati bakal ndadekake manungsa dadi tanggap ing sasmita marang panguripane lan
wong liya lan supaya mangun urip kang tetrem lan ayem. Bab iki kawujud akeh gugon
tuhon kang ndadekake sawijining papan utawa tetuwuhan iku dadi sakral. Upamane ora
entuk mbebuwang regedan ing sangisore wit ringin, mengko bisa marai meriang. Jan-jane
piyayi kuna biyen aweh piweling supaya ora ngregeti tetanduran supaya ora nuwuhake
rereget lan panyakit.
b. Jujur (Trustworthiness)
Bakal elok uriping manungsa lamun bisa nuwuhake rasa jujur mring dhiri pribadi.
Kala mangsane jujur iku gampang diucapake nanging angel dilakoni “gedhang wohing
pakel, ngomonge gampang nglakoni angel”. Ana wae sikep ora jujur iku dumunung ing
ati sanubarine manungsa, sanajan takerane ora padha. Mula ing pewayangan mesthi ana
paraga kang duwe sipat ala. Sanajan akeh becike nanging uga mesthi ana alane. Iki
nuduhake dene manungsa iku titah kang ora sampurna. Iki kawujud ing tokoh Yudhistira
kang kondhang getih putih amarga saking duwe sipat jujur kang luwih saka titah liyane.
c. Mad sinamadan/Saling Menghargai (Respect)
Panguripan iki bakal karasa tentrem yen tinanem rasa mad sinamadan, kang enom
ngajeni piyayi sepuh, lan kosok balene. Sikep iki kang ndadekake panguripan ing
masarakat bisa rukun, ora nengenake rumangsa bisa nanging bisa rumangsa, mula
lumakuning bebrayan bisa kekanthenan lan gotong royong. Tuladhane nalika Pandhita
Durna maju ing bharatayuda,ora ana Pandhawa kang wani ngadhepi, amarga ngurmati
yen piyambake iku gurune Pandhawa.
d. Tanggung jawab (Responsibility)
Ing babagan iki ateges yen manungsa iku urip ing ngalam donya duwe tanggung
jawab kang gedhe. Nalika nglakoni tanggung jawab kasebut aja nganti nyenggol marang
titah liyane. Kanthi sikep bisa njaga tanggung jawab iki, manungsa ora bakal wedi nalika
sesrawungan. Wong kang duwe tanggung jawab ora bakal tumindak kang sakarepe
dhewe, anggone tumindak tansah dirasa kanthi temenan. Saliyane iku wong kang
tanggung jawab bakal bisa ngrampungake pagaweyane kanthi tenan. Bab iki kawujud
saka lelakone Bima nalika ngupadi Kayu Gung Susuhing Angin kang tundhone ora cetha
papan dununge. Nanging amarga rasa tanggung jawab apa kang dumadi bakal dilakoni.
e. Keadilan (Fairness)
Ngrembug babagan keadilan, ing wayang akeh banget kang diandharake. Adil iku
ing kaya dene jantraning geni ing Hastha Brata. Sikep kasebut bakal mbrastha apa wae
kang dadi pepalange lan mbela kang bener sanajan kang diadhepi iku ana sesambungan
sedulur utawa waris(ora mban cindhe mban siladan).
f. Ngabdi mring Negara/Loyal pada Negara (Citizenship)
Awake dhewe kudu duwe sikep kang loyal marang Negara, amarga kanthi
mangkono bisa mangun lan ningkatake drajat panguripan, ngleluri, nglestarekake alam
sakiwa tengene. Amarga sapa kang tumindak migunani marang liyan iku bakal gawe
kabecikan tumrap dhiri pribadi lan lingkungane. Ing crita wayang ana sawijining crita
kang nuduhake sikep loyal marang negarane, yaiku critane Raden Kumbakarna kang
gugur mbelani negarane, lan ora mbelani sedulure.

4. Tokoh wayang
Tokoh wayang Mahabharata Pandhawa, Kurawa, Setyaki, Sengkuni, Durna, Bisma,
Kunthi, Karna lan sapiturute. Tokoh wayang Ramayana yaiku Rama Wijaya, Lesmana, Sinta,
Anoman, Dasamuka, Kumbakarna, Wibisana, Sugriwa, lan sapiturute.

Pakaryan 3
Ing pakaryan iki, siswa kadhawuhan nyetitekake crita wayang. Kanggo nggladhi
kaprigelan ngrungokake lan maca, salah sawijining siswa macakake lan siswa liyane
ngrungokake.
Crita 1
BIMA BUNGKUS

Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang
bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa
uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaake
si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana..
Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang
kaderekaken repat punakawan.
“Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa
mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng
Ibu Kunti…”
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi
lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing
tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut
wahyu jati…”
Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah,
kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi
Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.
Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana
arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan
kuku Pancanaka.
Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon
kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah.
Roh lan daya kekiyatanipun manjing jroning angga sang bungkus.
Praptene Betara Narada.
Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”
“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra kapindho ratu
ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu
dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena
kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala
Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden
Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.

Crita 2
DEWA RUCI

Madeg kraton Astinapura. Prabu Dhestarasta kaadhep dening putra mbarebe, Duryudana,
Patih Sengkuni lan Pandhita Krepo. Surasane rerembugan ana gandheng cenenge karo
peprentahan Astina ing tembe mburine marang para Kurawa, ngengeti para Pandawa wis wiwit
dewasa. Duryudana ngesuk bapake, kapan dheweke bakal winisuda dadi Ratu Anom ing Astina.
Sawetara Sengkuni mbudidaya mbujuk Prabu Dhestarasta, supaya hak tumrap keprabon lan
kraton Astina tetep dadi duweke Kurawa. Sebab yen keprabon lan kraton dibalekake marang
Pandawa, kepiye nasibe para Kurawa kang cacahe ana satus bocah? Sawijining cara yaiku
ngelongi kuwatane Pandawa. Amarga kekuwatane Pandawa dumunung marang Bima, mula
Bima kudu disingkirake.
Dene ing keputren Astina. Dewi Gendari mahargya tekane Prabu Dhestarasta. Dewi
Gendari nakokake babagan rantaman wisudane Duryudana dadi Ratu Anom Astina. Prabu
Dhestarasta ngendika lagi digolekake wektu lan wayah kang trep supaya ora nuwuhake congkrah
karo Pandawa. Dewi Gendari aweh panemu Pandawa kudu disingkirake supaya keprabon Astina
tetep dadi duweke Duryudana. Prabu Dhetarasta nerangake lamun panemue Dewi Gendari wis
kamot ana rancangane Sengkuni kang bakal ngelongi kekuwatane Pandawa.
Sabanjure Duryudana lan Patih Sengkuni nganakake pasatemon karo Dursasana,
Kartamarma, Citryuda, Durmagati, Citraksi, lan saperangan Kurawa liyane. Patih Sengkuni
nyaranake supaya Duryudana njaluk pambiyantune Pandhita Durna kanggo nyingkirake Bima.
Carane manut marang Pandhita Durna, kang baku ora ngelok-ngelokake langsung para Kurawa.
Sengkuni uga mrentah Kartamarma supaya ngerahake Kurawa menyang Sokalima. Menawa
Pandhita Durna gagal ngojok-ojoki Bima, Kurawa kudu tumindak cekat-ceket. Kroyok lan pateni
Bima ing Sokalima. Duryudana lan Sengkuni banjur budhal, banjur disusul dening Kurawa
liyane.
Lagya kang ana ing pertapan Sokalima. Pandhita Durna kaadhep dening anak siji-sijine,
Aswatama. Ora let suwe Duryudana lan Sengkuni teka. Sawise ngabarake keslametan,
Duryudana ngandhakake niyate njaluk pambiyantune Begawan Durna supaya nyingkirake Bima.
Iki kanggo waluyaning keprabon Astina marang para Kurawa. Wiwitane Begawan Durna
kabotan. Nanging Sengkuni lan Duryudana ngesuk kanthi cara ngundhamana dedununge Resi
Durna ing Astina kang ora ucul saka lelabuhan lan lomane Prabu Dhestarasta. Kasurung saka
utang budi, Resi Durna tundhone saguh mujudi panjaluke Duryudana.
Sawise Sengkuni lan Duryudana lunga, Resi Durna banjur nyeluk Bima. Kanthi alesan
kanggo ngluhurake Pandawa, Bima dikongkon golek banyu panguripan Tirtapawitra menyang
gunung Candradimuka. Bima sanggup banjur enggal-enggal budhal.
Nalika semana kang ana ing pinggire gunung Candradimuka. Ing perenge gunung
Candradimuka nalika Bima lagi ngembrukake wit-wit gedhe lan njegol watu-watu gedhe
nggoleki Tirtapawitra, njedhul buta loro cacahe, Rukmuka lan Rukmakala. Kalorone buta mau
nglarang ngrusak tatanan panguripan ing gunung Candradimuka lan Tirtapawitra ora ana ing
gunung kuwi. Dumadi gesehe panemu, banjur dadi bandayuda. Amarga saka ampuhe kuku
Pancanaka, Bima kasil mateni Rukmuka lan Rukmakala, sawise mati jasade badhar dadi Bathara
Indra lan Bathara Bayu.
Bathara Indra nerangake, lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Bima
didhawuhi bali ngadhep marang Resi Durna njaluk katrangan kang cetha dununge Tirtapawitra.
Bima manut. Dheweke bali menyang Sokalima nemoni Resi Durna. Dene Bathara Indra lan
Bathara Bayu bali menyang kahyangan.
Gumelar ing ereng-erenge gunung Cadradimuka. Arjuna lan Yamawidura ketemu karo
rombongan Kurawa. Dumadi bedaning panemu kang ndadekake pasulayan. Arjuna lan
Yamawidura dikroyok dening Kurawa. Bejane nalika Arjuna lan Yamawidura kadhesek, Bima
teka langsung mbiyantu dheweke ngoyak Kurawa. Bima ngomong marang Arjuna lan
Yamawidura yen Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke saiki arep bali
menyang Sokalima arep njaluk kapesthen Resi Durna, ana ngendi mapane Tirtapawitra. Katelune
banjur pisah lakune. Bima menyang Sokalima, dene Arjuna lan Yamawidura bali menyang
kaputren Astina arep nemoni Dewi Kunti lan kluwarga Pandawa liyane.
Bali ing Pertapan Sokalima. Resi Durna nampa tekane Bima. Kanthi ringkes Bima
ngandhakake lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke uga ketemu karo
buta loro panjalmane Bathara Indra lan Bathara Bayu. Dewe kalorone ngendika ing gunung
Candradimuka ora ana sing jenenge Tirtapawitra. Resi Durna ngandhakake, dheweke ndhawuhi
Bima menyang gunung Candradimuka mung kanggo nguji kesabarane Bima. Amarga Bima
pancen santosa lan kuwat kekarepane, mula saiki dheweke nuduhake panggonan mapane
Tirtapawitra, yaiku ing dhasare samodra. Bima langsung pamit arep tumuju menyang segara
kidul.
Gelare kaputren Astina. Dewi Kunti lan Puntadewa nampa tekane Arjuna lan
Yamawidura. Yamawidura ngandhakake kabar ketemu karo Bima ing gunung Candradimuka.
Bima durung kasil nemokake Tirtapawitra, mulane dheweke bali menyang Sokalima nemoni
Resi Durna. Ora let suwe Bima teka. Bima nyuwun donga pangestune ibu kan sedulure arep
nggoleki Tirtapawitra ing dhasare samudra cundhuk karo dhawuhe Resi Durna. Dewi Kunti,
Puntadewe, Yamawidura, lan Arjuna mbudidaya ngalang-ngalangi Bima supaya murungake
niyate golek banyu suci Tirtapawitra. Dewi Kunti ngandhakake yen barang kuwi ora ana. Kabeh
mau mung rekadayane Resi Durna kang arep nyilakani Bima. Nanging Bima tetep mantep
marang kapercayane, lamun minangka guru, Resi Durna ora bakal nyilakani muride dhewe.
Dhawuhe guru kudu ditindakake dening murid. Tundhone Bima budhal nggoleki Tirtapawitra
ing dhasaring samodra. Dewi Kunti dhawuh marang Yamawidura lan Arjuna ngawat-awati
lakune Bima.
Ing dhasare samodra ana ula ngadhang lakune Bima. Pasulayan rame dumadi. Kalorone
mbudidaya nyilakani siji lan sijine. Tundhoning pasulayan, Bima mateni ula kuwi, nanging
dheweke uga semaput kena gitikane buntut ula mau. Bima klelep tekan dhasare samodra.
Katon Dewa Ruci lagi pasatemon karo Bima. Dewa Ruci takon apa kekarepane Bima
njegur nganti ing dhasaring samodra. Bima njlentrehake, yen dheweke nindakake dhawuhe
gurune, Resi Durna supaya nggoleki banyu panguripan Tirtapawitra. Dewa Ruci nerangake, dene
Tirtapawitra ora mapan ana ing gunung Cadradimuka, apa dene ing dhasare samodra.
Tirtapawitra sejatine mapan ana ing dhiri pribadine Bima dhewe, kang wujude inti niyat kanggo
tumindak jujur lan berbudi luhur, sarta ngenggonake rasa kurmat marang sapadhane. Nindakake
kabecikan tanpa pamrih, tresna marang sapadhane kaya dene tresna marang awake dhewe. Saka
Dewa Ruci, Bima antuk ajaran / wejangan babagan ilmu kasampurnan, ing antarane njlentrehake
babagan asaling dumadi, sangkan paraning dumadi, lan tataraning dumadi.Bima banjur
didhawuhi bali menyang Astina nglumpuk karo ibune lan sedulure, amarga isih akeh kewajiban
kang kudu ditindakake.
Ana kedadeyan ing gisiking samodra. Arjuna lan Yamawidura geseh panemu maneh karo
Kurawa kang dipandhegani dening Sengkuni kang lagi gawe pager betis ing pinggire samodra.
Pasulayan ora isa diendhani maneh. Kurawa ngroyok Arjuna lan Yamawidura. Bejane nalika
kalorone kepepet, Bima jumedhul saka njeroning samodra. Ngreteni Arjuna lan Yamawidura
dikroyok Kurawa, Bima banjur cekat-ceket mbiyantu. Kurawa ora bisa nandhingi kridhane
Bima, banjur kabeh padha mlayu salang tunjang. Banjur Bima, Arjuna, lan Yamawidura bali
menyang Astina.
Nalika semana madeg kaputren Astina. Dewi Kunti kaadhep dening para putrane,
Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa, sarta Yamawidura. Bima nyritakake pasatemone
karo Dewa Ruci ing dhasare samodra, lan entuk wejangan babagan sarining panguripan. Dewi
Kunti syukur banget, dene Bima kasil slamet lan lulus saka pacoban kang abot. Dewi Kunti
banjur ngajak putra-putrane supaya ngaturake donga marang Gusti Kang Maha Tunggal, supaya
kluwarga Pandawa tansah antuk kawilujengan, rahmat lan hidayah-He.

Pakaryan 4
Sawise ngrungokake pamacane crita wayang, siswa dikarepake bisa ngandharake unsur-
unsur kang kamot ing crita, pitutur kang kamot, lan njumbuhake surasane karo panguripan
sanyatane. Mula saka iku garapen gladhen ing ngisor iki! Yen wis rampung anggone nggarap
andharna kanthi lesan, supaya kanca liyane bisa ngerti lan cetha tumrap wangsulanmu!
1. Andharna wos surasa crita kasebut!
2. Jlentrehna unsur-unsur kang mangun crita wayang ing dhuwur!
Unsur- Andharan
unsur
cerkak
tema ……………………………………………………………………………………
……………………..
latar/ ……………………………………………………………………………………
setting ……………………..
penokoha ……………………………………………………………………………………
n ……………………..
Alur ……………………………………………………………………………………
……………………..
Pesen/ ……………………………………………………………………………………
amanat ……………………..

3. Gaweya pitakon kang jumbuh karo crita wayang ing dhuwur!

Pakaryan 5
Ing perangan iki, para siswa dikarepake prigel ngoceki nilai-nilai kang kamot ing crita.
Garapen kanthi klompok. Mula saka iku nglumpuka dadi klompok-klompok. Cacah siswa saben
klompok udakara 4 – 6 siswa. Setitekna crita wayang iki!
a. Jlentrehna nilai-nilai kang kamot sajroning crita! Wenehana tuladhane!
b. Tuduhna andharan ing crita kang nuduhake sikep adil, tanggung jawab, lan mad sinamadan!

Pakaryan 6
Sawise nggarap saperangan gladhen kang cumawis ing trap iki putra siswa wis kaanggep
ngerteni babagan crita wayang. Mula saka iku, supaya nambahi kaprigelane kanthi mandhiri
siswa kadhawuhan :
1. Wenehana tuladha kedadeyan kang dumadi ing ngalam donya iki adhedhasar pitutur-pitutur
luhur kasebut!
2. Jlentrehna sikep/watak paraga wayang ing crita!

Pakaryan 7
1. Dhiskusekna asil panulismu ngenani surasane! Bisa kawitan saka unsur intrinsik, nilai-nilai,
pesen/amanat, pitutur luhur, lan sapiturute!

Pakaryan sabacute
 Goleka tuladha crita wayang saka media liyane, kayata ariwarti (koran), kalawarti
(majalah), TV, radhio, internet, buku,lan sapiturute!
 Sawise wis bisa nemokake crita wayang, banjur oncekana temane, maknane,
amanat/pituture, lan gancarane!
 Garapan ditumpuk ing pasatemon candhake!
 Pakaryan kasebut wartakna marang kanca-kancamu ing papan liya bisa lumantar
sinau klompok, madding utawa internet!

Wimbuh kawruh
Jenenge Ratu Lan Negarane
1. Prabu Baladewa ratu ing Mandura
2. Prabu Kresna ratu ing Dwarawati
3. Prabu Ramawijaya ratu ing Pancawati
4. Prabu Suyudana/Duryudana ratu ing Ngastina
5. Prabu Drupada ratu ing Cempala
6. Prabu Dasarata ratu ing Ngayodya
7. Prabu Karna ratu ing Ngawangga
8. Prabu Salya ratu ing Mandraka
9. Prabu Maswapati ratu ing Wiratha
10. Prabu Sugriwa ratu ing Guwakiskendha
11. Prabu Puntadewa ratu ing Ngamarta
12. Prabu Pandhu Dewanata ratu ing Ngastina
13. Prabu Niwatakawaca ratu ing Imantaka
14. Prabu Bomanarakasura ratu ing Trajutrisna

Jenenge Satriya Lan Kasatriyane


1. Raden Werkudara satriya ing Jodhipati
2. Raden Janaka satriya ing Madukara
3. Raden Nakula satriya ing Gumbiratalun / Bumi Retawu
4. Raden Sadewa satriya ing Sawojajar
5. Raden Gathotkaca satriya ing Pringgodani
6. Raden Antareja satriya ing Jangkar Bumi
7. Raden Antasena satriya ing Sapta Pertala
8. Raden Abimayu satriya ing Plangkawati
9. Raden Irawan satriya ing Yasarata
10. Raden Setyaki satriya ing Lesanpura
11. Raden Setyaka satiya ing Tambak Mas
12. Raden Samba satriya ing Parang Garudha
13. Raden Udawa satriya ing Widarakandang
14. Raden Thistajumpena satriya ing Cempalareja
15. Raden Jayajatra satriya ing Brawa Keling
16. Raden Kartamarma satriya ing Ngadilangu
17. Raden Aswatama satriya ing Sokalima
18. Lesmana Mandra Kumara satriya ing Saroja Binangun
19. Raden Dursasana satriya ing Bajar Jumput
20. Raden Sengkuni satriya ing Plasajenar
21. Raden Anoman satriya ing Kendhali Sada
22. Raden Kumbakarno satriya ing Panglebur Gangsa
Pikolehing pasinaon
1. Siswa bisa ngandharake unsur-unsur crita wayang.
2. Siswa bisa gawe sinopsis crita.
3. Manungsa iku kudu duwe sipat sabar lan nrima.
4. Dadi anak kudu manut lan urmat karo wong tuwa.
5. Kanthi sinau tekun bakal ngerteni ngelmu kang sejati.
6. Sejatine manungsa iku ya dumunung ing sajroning rasa kang paling jero.
7. Dadi murid iku kudu nggugu lan manut marang ngendikane bapak lan ibu guru.

Pakaryan Teks Crita wayang


Gladhen kompetensi
I. Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen!
1. Nalika ngrungokake crita wayang kulit ing radhio, saben arep ganti adegan mesthi
kawiwitan suluk lan janturan kang nyritakake papan panggonan. Mula saka iku pamireng
isa ngreteni babagan ....
a. tokoh d. alur
b. watak tokoh e. pesen/amanat
c. latar
2. Ing crita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan
anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka crita kasebut
pamireng ngreti yen karep saka crita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku
mapan ana ing crita kang diarani ....
a. tokoh d. alur
b. watak tokoh e. pesen/amanat
c. latar
3. Sanajan Panakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur lan drajate mung
cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak laku utama. Kabeh iku
kagawa saka tindak tanduk lan pakarti kang ditindakake Panakawan sing jujur, prasaja,
lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur crita wayang sing diarani ....
a. tokoh d. alur
b. watak tokoh e. pesen/amanat
c. latar
4. Sasuwene ngrungokake crita wayang ing radhio utawa CD, nalika ngancik pathet sanga,
satriya kang sesirih ana ing satengahe alas sabubare rampung mesthi bandayuda karo rata
denawa (buta, umume Cakil lan wadyabalane), nanging pungkasane mesthi satriyane
unggul ing juri (menang). Pitutur kang kamot ing lelakon iku yaiku ....
a. satriya kudu wani perang
b. wong kang bakal mulya gedhe pacobane
c. ing alas iku panggonane bebaya
d. buta duwe watak seneng ganggu gawe
e. aja seneng mapan ing papan sepi
5. Ing crita wayang Bharatayuda Jayabinangun, prang antarane Pandawa lan Kurawa iku
tundhone dimenangake dening Pandawa. Sanajan cacahe mung lima, Pandawa isa
ngasorake Kurawa kang cacah satus. Wis kaloka ing jagad Pandawa iku pralambang
tindak utama, dene Kurawa iku pangawak kadurakan, mula ora mokal yen Pandawa iku
menang ing yuda. Pitutur kang kamot sajronng crita iku yen diparibasakake yaiku ....
a. ing ngarsa sung tuladha
b. teteken tekun bakal ketekan
c. titah tan kuwawa mbengkas pesthining Gusti
d. rawe-rawe rantas, malang-malang putung
e. sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti

Rungokna crita tokoh wayang ing ngisor iki!

Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura

Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku kang pambareb
Dhestrarastra, panengahe Pandu, lan warujune Widura. Dhestrarastra, Pandu Dewanata,
lan Widura digulawentah lan digladhi dening Resi Bisma. Katelune iku kang bakal
mbacutake keprabone dharah Kuru. Drestharastra duwe kaluwihan prigel olah jaya
kawijayan. Pandu prigel babagan olah kridhaning jemparing, dene Wisura prigel babagan
olah weliding pedhang lan sanjata.
Nanging kang jumeneng nata ing Hastina iku Pandu, jalaran Dhestarastra cacat
netra, dene Widura duwe cacat sukune dawa sesisih. Saka sarasehan agung netepake kang
dijenengake nata Pandu. Dhestarastra lila yen sing kawisudha dadi ratu iku Pandu,
amarga dheweke nglenggana duwe kekurangan kang ginaris dening Gusti Kang Murbeng
Jagad. Miturut pemanggihe, nagara kang dipangarsani titah kang cacat bakal nuwuhake
swasana kang ora becik.
Dhestarastra krama karo Dewi Gendari (sedulure Sengkuni) putri ratu Basubala
(Suwala) ing nagara Gandara duwe putra cacah satus kang diwastani Kurawa. Pandu
krama karo putri loro, yaiku Dewi Kunti (Dewi Patra) putrine Prabu Kuntiboja peputra
telu Yudhistira, Bima, lan Arjuna. Nanging sadurunge karo Prabu Pandu, Dewi Kunti wis
kagungan putra kang arane Karna. Dene garwa Pandu sijine asesilih Dewi Madrim, putri
Ratu Mandrapati ing Nagara Mandrawisaya (Mandaraka), peputra loro kembar Nakula
lan Sadewa. Widura krama karo Dewi Parasari, putra Maharaja Dewaka sarta kagungan
putra kekasih Wiyansampana (Sunjaya).
6. Paraga utama ing crita kasebut yaiku ....
a. Prabu Pandu d. Prabu Matswapati
b. Prabu Dhestarasta e. Prabu Salya
c. Widura
7. Latar crita iku yaiku ....
a. Mandaraka d. Gandara
b. Suwala e. Dewaka
c. Hastinapura
8. Putrane Prabu Pandu karo Dewi Kunti yaiku ....
a. Kurawa
b. Pandawa
c. Sunjaya lan Wiyansampana
d. Yudhistira, Bima, lan Arjuna
e. Nakula lan Sadewa
9. Undherane crita kang jumeneng nata Hastinapura yaiku ....
a. Prabu Pandu d. Prabu Matswapati
b. Prabu Dhestarasta e. Prabu Salya
c. Widura
10. Miturut tata aturan ing sajroning karaton, kang gumanti nata kudune putra jaler mbarep
sang nata. Nanging Dhestarastra ora gelem gumanti nata amarga ngrumangsani marang
kekurangane. Lelakon iku ngemot pitutur kang becik yaiku ....
a. aja rebutan panguwasa
b. nglengana marang kekurangane
c. negara kang adiluhung
d. ngalah dhuwur wekasane
e. nandur bakal ngundhuh

II. Essay
1. Rungokna crita wayang kang iki!
PANDAWA LAN KURAWA MEGURU DURNA

Sumber: wayang wordpress.com


Sawise Pandawa lan Kurawa meguru marang Begawam Krepa, sabanjure meguru
marang Begawan Durna, ipenipun Krepa. Caritane mangkene. Begawan Durna iku
putrane Resi Baratwaja. Sawijining wektu Durna karo putrane kang namane Aswatama
tumuju menyang nagara Pancala bakal nemoni kadang sumitrane Sucitra, kang saiki
jumeneng nata ing Pancala. Durna ora ditampa malah kapulasara (dianiaya) dening Patih
Gandamana nganti rusak sarirane. Kanthi nggawa lara atine, Durna mbacutake laku bakal
nemoni ipene Krepa Gajahoya. Ing samadyaning laku kepanggih karo Pandawa lan
Kurawa kang lagi dolanan yen jaman saiki bal-balan. Ndilalah bal sing dingo dolanan
kecegur sumur, lan ora ana kang wani njupuk. Kanthi pitulange Durna, bal isa dijupuk
kanthi jemparing saka alang-alang. Para Pandawa lan Kurawa padha kaget lan
ngalembana kasektene Durna. Bab iku diaturake marang Bisma. Miring atur iku Bisma
seneng banget jalaran pancen lagi golek guru kang linangkung, mula Durna ditimbali
sarta kadhawuhan anggladhi Pandawa lan Kurawa supaya mundhak kaprigelan jurit lan
wawasane.
Durna saguh paring piwucal, nanging kanthi bebena suk yen wisp inter ora kena
nulak kabeh pamundhute Sang Durna. Pandawa lan Kurawa ora wangsulan, mung Arjuna
dhewe kang nyaguhi.
Bareng wis sawetara wektu, kabeh padha prigel olah kanuragan lan kawruh apa
wae, semono uga bab kang sinandi. Bima lan Duryudana pinter . Bima lan Duryudana
prigel ngginakaken gada, Nakula lan Sadewa prigel nggunakake pedhang. Yudhistira
prigel perang kanthi numpak kreta, Aswatama prigel ing gunabeksi (obat-obatan), Arjuna
prigel jemparing. Ana ing pandadaran siswa Sokalima, Bima tandhing yuda karo
Duryudana, semono uga Arjuna tandhing Karna, sanyatane kabeh padha digdayane.
Sawijining dina Durna kepengin males lara atine marang Drupada kang rikala
semana gawe serik atine. Kabeh satriya diklumpukake, supaya ngrangket Drupada
minangka tandha bektine marang Guru. Para Kurawa ndhisiki nyerang, nanging isa
dikalahake. Genti para Pandawa kang nyerang, wusanane Drupada isa dirangket urip
dening Arjuna, kang sabanjure dipasrahake marang Durna. Gandheng Drupada kalah,
Nagara Pancala separo sisih lor dijaluk Durna, dene sisih kidul diprenah Drupada.
Bareng perang wis paripurna, Pandawa lan Kurawa bali menyang Hastinapura.
Prabu Drestharastra seneng banget marang Yudhistira kang awatak adil lan utama, mula
bakal dijumenengake nata nggantekake Pandu.

2. Sebutna paraga-paraga ing crita wayang iku!


3. Jlentrehna watak-watake para paraga ing crita iku!
4. Andharna wosing crita wayang ing ndhuwur!
5. Wedharna pitutur luhur apa kang bisa kapethik saka crita wayang iku!
MODUL AJAR
(AKSARA JAWA)
Satuan Pendidikan : SMA N Kebakkramat
Kelas : X
Fase : E
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Alokasi Waktu : 6 JP
Elemen : Menyimak dan Memirsa, Membaca, Menulis dan
Mempresentasikan

 Profil Pelajar Pancasila


 Mandiri
 Bernalar Kritis
 Kreatif

 Moda Pembelajaran
LURING

 Model Pembelajaran
Discovery Learning

 Bentuk Penilaian
Kognitif dan Non kognitif

 Pertanyaan Pemantik
Apakah kalian suka menyimak dan membaca teks aksara jawa?

 Tujuan Pembelajaran
7. Peserta didik dapat menemukan informasi-informasi di dalam teks aksara jawa secara
teliti.
8. Peserta didik dapat memproduksi teks aksara jawa dengan dengan dengan kerja keras dan
mandiri.
9. Peserta didik dapat menganalisis unsur teks fiksi dalam bentuk teks aksara jawa.

 KEGIATAN PEMBELAJARAN
Kegiatan Deskripsi
Pendahuluan Kegiatan Pendahuluan
11. Melakukan pembukaan dengan salam pembuka, memanjatkan syukur
kepada Tuhan YME dan mepersilakan peserta didik berdoa sendiri-
sendiri untuk memulai pembelajaran (jika jam pertama).
12. Memeriksa kehadiran peserta didik
13. Menyampaikan elemen, capaian pembelajaran di akhir fase, tujuan
pembelajaran, ATP, serta asesmen
14. Memberikan contoh Teks aksara jawa
15. Melakukan apersepsi dengan melontarkan pertanyaan pemantik
kepada peserta didik

Inti 13. Peserta didik membaca dan memahami teks tersebut (stimulation)
14. Peserta didik memberikan pendapatnya mengenai paparan teks aksara
jawa (stimulation)
15. Peserta didik bertanya jawab tentang struktur teks aksara jawa (problem
statement)
16. Peserta didik mengumpulkan informasi baik tersurat maupun tersirat
secara kritis dari teks aksara jawa (data collection)
17. Peserta didik mengidentifikasi unsur-unsur teks aksara jawa (verification)
18. Peserta didik mempresentasikan hasil analisisnya dan peserta didik lain
menanggapi temannya (generalization)
Penutup 13. Guru memberikan kesempatan kepada peserta didik untuk menanyakan
hal-hal yang masih diragukan terkait materi teks aksara jawa
14. Peserta didik dan guru membuat simpulan hasil pembelajaran
15. Peserta didik bersama guru melakukan refleksi pembelajaran
16. Guru menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan berikutnya
17. Guru menghimbau kepada peserta didik untuk selalu menerapkan perilaku
hidup bersih dan sehat serta selalu mematuhi protokol kesehatan
pencegahan covid-19
18. Guru menutup pertemuan pembelajaran dengan memberikan kalimat
motivasi dan memberikan salam penutup.

 REFLEKSI
3. Setelah mengikuti pembelajaran, apakah kalian sudah memahami apa yang telah kita
pelajari bersama?

 LEMBAR KEGIATAN
7. Ringkasan materi
8. Lembar asesmen
9. Lembar penilaian
 RINGKASAN MATERI
Maca wacan kang tinulis aksara Jawa iku kawitan saka ngreteni aksara Jawa, pasangan,
lan sandhangane. Mula saka iku sadurunge putra siswa diparingi materi kang gegayutan karo
maca aksara Jawa. Sinaunen kanthi tenan materi ngenani aksara Jawa!

Gladhen
1. Ucapna aksara Jawa nglegena iki, lan tuladha tembung-tembunge kanthi trep!
AKSARA JAWA (nglegena)
a n c r k
ha na ca ra ka

f t s w l
da ta sa wa la

p d j y v
pa dha ja ya nya

m g b q z
ma ga ba tha nga

PASANGAN AKSARA JAWA


a…H n …N c…C r…R k…K
f…F t …T s…S w…W l…L
p…P d …D j …J y…Y v …V
m …M g …G b …B q…Q z …Z
Tuladha :
basa Bs Waja wj
lara lr Kaya ky
sada sf padha pd
kasektene kse[kT[nN tumindak tuminFk\
pangandikan pznFikn\ sliramu sLirmu

SANDHANGAN
 Sandhangan swara
Wujude Jenenge Pocapane Tuladha
….. i wulu i kali : kli

….. u suku u buku : buku

[….. taling e lele : [l[l

[….. o taling tarung O dodol : [fo[fol\

….. e pepet ê kesel : kesel\

Sandhangan panyigeg
….. / layar r Bubar : bub/
….. h wignyan h sawah : swh

=….. ceceg ng walang : wl=

….. \ pangkon paten sebel : sebel\

…..] cakra ……ra praja : p]j

…..} cakra keret ……re kreteg : k}teg\

…..L
cakra la ……la glali : gLli

….. W cakra wa ……wa swarga : sW/g

….. - pengkal …..ya kyai : k-ai

Aksara Swara
Aksara swara cacahe ana 5, digunakake kanggo nulis jeneng, gelar, jeneng panggonan
lan jeneng lembaga. Carane nulis saben satembung sa-aksara ing wanda ngarep dhewe
yen ora ana ngarep dhewe isa ing wanda candhake
A:A I:I E:E U:U O:O
Allah Akademi Perawat Ernawati Universitas Okunawa Net
AlLh Ak[dmi%erwt\ E/nwti Uni[p+/sits\ Okunw[!t\

Angka Jawa
Panulise angka Jawa ing sajroning ukara iku kaapit dening titik loro ‘:’
0 0 5 5
1 1 6 6
2 2 7 7
3 3 8 8
4 4 9 9
Tuladha 2012 : 2012 2013 : 2013 1945 : 1945
Taun 2014 aku bali.
taun\:2014:akubli

Aksara Murda
Aksara murda cacahe ana 7, digunakake kanggo nulis jeneng, gelar, jeneng panggonan lan
jeneng lembaga. Carane nulis saben satembung sa-aksara ing wanda ngarep dhewe yen ora ana
ngarep dhewe isa ing wanda candhake.
Wujude Jenenge Tuladhane
@ Ka Jaka Tingkir : j@#=iki/
! Na Nigeria : !i[griyh
# Ta Praja Mataram : p]jmtrm\
$ Sa Sarjana pendidikan : $/jnpenFifikn\
* Ba Balai Kota : *lai[kot
% Pa Diponegara : fi[%onegr
& Ga Gang Gajah Mada : g=&jhmf
Aksara Rekan
 Aksara rekan kanggo nulis aksara konsonan saka tembung manca.
 Aksara rekan isa dadi pasangan lan diwenehi sandhangan.
Wujude Arane Tuladhane Aksara latin
k+ Kh k+lB| Khalbu
p+ f/v p+[p+orit\ Favorit
f+ Dz af+n\ Adzan
g+ Gh [g+oairul\ Ghoirul
j+ Z [j+b] Zebra
s+ Sy su+ku/ Syukur
Ing wulangan ngarep wis diandharake aksara Jawa wiwit aksara nglegena nganti aksara rekan. Ing
wulangan iki putra siswa bakal nyinau babagan cara supaya wasis nulis nganggo aksara Jawa. Tulisan
aksara Jawa ing madyaning bebrayan wektu iki sing dadi pathokan panulise yaiku tatanan Sriwedari.
Sanajan isih ana kang nggunakake tatanan Kongres Basa Jawa kapindho ing Malang. Mula saka iku
setitekna katrangan ing ngisor iki!

Wewaton nulis aksara Jawa:


a. Panulise nggandhul garis (yen katulis ana ing kertas garis)
b. Panulise dhoyong utawa jejeg
c. Panulise saka ngisor sepisan dadi

Aksara sigeg
1. Panulise aksara sigeg kang mapan ana ing pungkasane tembung utawa ukara katulis kanthi dipangku
(diwuwuhi pangkon …\ )
Tuladha :
Cagak : cgk\ laras : lrs\
2. Panulise aksara sigeg rangkep loro lumrahe aksara sigeg kapisan wutuh dene aksara sigeg kaloro
dadi pasangane.
Tuladha :
Tumbas : tumBs\ begja : begJ
3. Aksara sigeg rangkep telu.
Panulise aksara Jawa ora kena nganti sungsun telu, tumrape tembung-tembung kadayan dening
panjingan …L lan …W
a. Tumrap pasangan kang panulise jejer karo aksara kang dipasangi kayata P lan S isa ditrapi
panjingan …L lan …W
Tuladha :
Amplop : a[mPLop\ manuk swari : mnukSWri
b. Nanging pasangan kang panulise ana sangisore aksara kang dipasangi, panulise kanthi cara :
- Aksara sigeg kapisan kapangku
- Aksara sigeg kapindho wutuh
- Aksara sigeg katelu dadi pasangane
Tuladha :
Ambles : am\bLes\ anak kwalon : ank\kW[lon\
Pepeling ana aksara sigeg wujude kaya rangkep telu, nanging sejatine rangkep loro
Tuladha :
Ambyar : amb-/
…- dudu aksara sigeg nanging minangka sandhangan wyanjana pengkal.
c. Ater-ater anuswara wujude : n : an\, m : am\, ng : a=, ny : av\.
Tuladha :
Ndadak : anFfk\ nggawa : a=gw
Mbiji : amBiji njilih : avJilih
4. Panambang a, e, I, ana, en, an, ake yen sumambung ing aksara sigeg ing pungkasaning wanda, mula
panulise aksara sigeg ing pungkasaning wanda iku dadi rangkep, aksara sigeg kapisan katulis wutuh
dene aksara sigeg kapindho dadi pasangan aksara sigeg kapisan.
Tuladha :
obaha : [aobha dolanana : [folnNn
sikilan : sikilLn\
becike : beci[kK cekelen : cekelLen\
nyaponi : v[ponNi nobatake : [nobtT[k
5. “pa” cerek x lan “nga” lelet X
xiku minangka luruhe re
X iku minangka luruhe le
Tuladha :
reget : xget\ lemah :Xmh
6. Pasangan …D lan pasangan …Q Manawa oleh sandhangan suku, cakra, utawa cakra keret wuwuh
sikil ing mburi.
Tuladha :
tumbas dhuku : tumBsÔ|ku
wis thukul : wisÕ|kul\
7. Aksara kang oleh sandhangan panjingan ora kena dadi pasangan kang dumunung ing ngisor aksara.
Aksara kang dipasangi kudu kasigeg nganggo pangkon. Pathokan iki digunakake nalika ana telung
konsonan jejer ing ukara.
Tuladha :
menek klapa : [m[k\kLp
ngarep-arep swarga : zxpHxp\sW/g
Panulise aksara Murda. Aksara murda cacahe ana 7 yaiku @ (ka), ! (na), # (ta), $ (sa), *(ba), %(pa),
&(ga),
kang digunakake kanggo nulis jeneng, gelar, jeneng panggonan lan jeneng lembaga. Carane nulis saben
satembung sa-aksara ing wanda ngarep dhewe yen ora ana ngarep dhewe isa ing wanda candhake.
Tuladha :
Raden Mas Rumpaka : r[fnM$R|mP@
Ratan Pandhawa : rtn\:%nDw
Panulise angka Jawaing sajroning ukara iku kaapit dening titik loro ‘:’
Tuladha :
lair ing tanggal 29-11-1979 : lai/ai=t=gl\:29:11:1979

Gladhen
1. Unekna kanthi lesan aksara Jawa ing ngisor iki!
No Aksara Jawa No Aksara Jawa
1 z 11 t
2 q 12 s
3 b 13 f
4 g 14 l
5 m 15 w
6 y 16 v
7 j 17 d
8 p 18 r
9 k 19 n
10 c 20 a

2. Wacanen wacan ing ngisor iki kanthi lafal kang trep!


?t]ipe/kr.
?tiy=ges=punikfipunPribsakenMmPi/
[zo[mB.f[fosWekFlLipunNmu=swetwis\,tiy=tiy=mmPi/kefhmnutKliynHi=k=kguznFXm\
lnHugikefha=gdhaittk]mf[fosTmu.
?[co[nTonipunTiy=ges=punik[botenSgefSpurunNipunKiymBk\.punpsebbBipun\
tiy=ges=[wonTenZl[mFov[botenKiymBk\,[wonTenT=gtep[ro,[wonTenSnkKf=,
[wonTenTiy=sugih,[wonTenTiy=misKin\,l
[nWonTenTiths[nsSipun\,p]milski=puniktiy=ges=kefhmze/[tosSidte=pauge/rnPauge/
rnHi=k=fipunTetepPken\,fukpauge/rnHgmifukpauge/rnNegri
autwipauge/rnHi=beb]ynHgu=.
?kejwipuniktiy=ges=augikefhmze/
[tosSimulbuknipun\,ski=punFilj_dt_punFi.tiy=ges=punikaslLipunSki=XmhlnB[dw=sulMl
ihdt_Xmh.bukTinipun\nlik[wonTenHlmKnD|
=znTiy=punikkef[fosSnSki=[toymni.ssmPunNipunSz=wuln\lj_mLebetHl[mFov.
[wonTenZl
[mFovtiy=punikkefh[z]kfya=gyuhksmPu/nniN=ges=p[fosSzuk=[gmLebetZlmH[krt\,
?k=[gszumLebetZlmKetigpunik,[bote[nWonTenH[wonNipunMenwitiy=ges=mze/
[tosSidte=tig=pe/kwis\,tig=pe/kwisHi=k=fipunKe/sakenHi=
gihpuniktig=pe/kwisHi=k=ginelutF[fosSetu=gl\,
?t]ipe/kwisPunikanTwisSipunHi=gihpunik;gunkypurun\,gunmenikkpinTe/
rn\,tegesSipunSgefH=zLmPhHitugsHutwikewjibBnHutwipfmelLnKnQis[alnTnShamB|
fifysup[fosPfmelLnNipunSmPu/n.kymenikkesugihan\,tegesSipunSgefM|=ksSi.f
[fosTiy=ges=puniksu
gihai=z]iki[botenNmu=sugihbnDnzi=augisugihse[d[rk\,purunMenikp
[z/obnNn\,tegesSipunKewjibBnFipunLmPhaiknQis[al[nBote nHj]ihpe
jh,tetepFipunLmPhaiknQist]iy.
?ai=k=slj_zipunHi=gihpunikt]if/m.c]hag[wbub]h,rukunHg[ws
[nTos.pribsnPunikslhstu=glLi=piwul=jwiai=k=psK=[gamBzu
nHutwivusunKekiytTn\.p]milXxsSzetMenwikitkefhzultSriraz]swni,rum=s[mluanF/
[bnNi,wji[bMlua=[go[nQlLi.
?zultSriraz]swnitegesSipunWnipejh[wonTenMf-ni=plgn\,sebb Pejhai=mf-
ni=plgnPunikpejhaipunSaif\,
?rum=s[mluanF/
[bnNitegesSipunKesugihanHi=k=a=slLipunSki=pfmelLnNipunTiy=kqh,kefhf[fosKguznN
ipunTiy=kqh,s[a=gtiy=kqhwautumutT=gelJwbSki=ksugihanNipun\,wji[bMlua=[go[nDlLi
tegesSipunSbenW/ga=gdhaikuwjibBnFmelKeluau/
rnNipunNegriski=sefybebyautwiavCmMnMe=shski=negris[nes\.
3. Tuduhna aksara pasangan, murda, swara, lan angka Jawa ing wacan kasebut!
4. Kanggo ngukur kaprigelanmu maca wacana nggunakake aksara jawa, wangsulana pitakon iki
adhedhasar wacan kasebut!
a. Tiyang gesang punika dipunparibasakaken mampir ngombe. Apa karepe jlentrehna!
b. Kena ngapa wong urip neng alam donya iki ora entuk sakarepe dhewe?
c. Manungsa kudu ngreti marang mula bukane. Kepiye mula bukane manungsa iku miturut
andharan ing dhuwur?
d. Apa kang dadi wos surasane paragraf katelu?
5. Jlentrehna wos surasane wacan kasebut nggunakake basamu dhewe kanthi lesan! Isa nggunakake
basa dhialekmu!

Tugas Mandiri
Menyanga perpustakaan kang nyimpen naskah-naskah tinulis aksara Jawa. Papan iku ing antarane yaiku
Museum Radya Pustaka ing Surakarta, Museum Sana Pustaka ing Karaton Surakarta, Museum Sana
Budaya ing Yogyakarta, Museum Rangga Warsita ing Semarang, lan sapiturute. Miliha salah siji naskah
kasebut banjur jlentrehna wos surasane nggunakake basamu dhewe!

Gladhen
1. Gaweya ukara prasaja nggunakake :
a. aksara nglegena / dentawyanjana
b. aksara sandhangan
c. pasangan aksara Jawa Saben gladhen gawenen limang

d. aksara murda ukara!

e. aksara swara
f. aksara rekan

2. Tulisen nganggo aksara Jawa!


No Aksara latin Aksara Jawa
1 bapak tani udan-udan ?bpkTniaufnHufn\,
2 ketungkul macul lemah …………………………………………………………..
…………………………………………………………..

3 padha gulangen ing kalbu …………………………………………………………..


…………………………………………………………..

4 aja pijer mangan nendra …………………………………………………………..


…………………………………………………………..

5 dadi cagak adeging nagri kang …………………………………………………………..


baku …………………………………………………………..

6 bidhal benjing enjing …………………………………………………………..


…………………………………………………………..

7 kintaka kangge kekancingan …………………………………………………………..


…………………………………………………………..

8 wewayanganmu kang tansah …………………………………………………………..


liwat atiku …………………………………………………………..

9 jamane wis owah …………………………………………………………..


…………………………………………………………..

10 saiki wis nganti gingsir …………………………………………………………..


…………………………………………………………..

11 anggayuh kasampurnaning …………………………………………………………..


gesang …………………………………………………………..

12 kebak dening prekara-prekara ala …………………………………………………………..


…………………………………………………………..

13 aja seneng tumindak nistha …………………………………………………………..


…………………………………………………………..

14 aja seneng ngrusak katentremane …………………………………………………………..


liyan …………………………………………………………..

15 anak kudu bekti karo wong tuwa …………………………………………………………..


…………………………………………………………..

Puji sukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng paring rohmat lan
hidayah dhateng panjenengan lan kula, satemah saged pinanggih ing papan punika kanthi wilujeng,
boten wonten alangan setunggal punapa.
………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………….

Pakaryan Aksara Jawa


I. Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen!
1. ?wjibKtinFkKken\. Wacanen!
a. wajib ditindakake d. wajib katindakake
b. wajib dipuntindakaken e. wajib dipuntidakake
c. wajib katindakaken
2. ?sXbetTi=pwiytTn\. Wacanen!
a. salebeting pawiyatan d. salebetipun pawiyatan
b. salebeting pawiwahan e. salebete pawiyatan
c. salajengipun pawiwahan
3. ?[wonTenNipunGegL[dn\. Wacanen!
a. wonten tiyang gela d. wontenipun gegladen
b. wonten ingkang gela den e. wontenipun gegladhen
c. wonten ingkang gegaladhen
4. ?ksuvtnPfinTenNn\. Wacanen!
a. kasukan ingkang tenan d. kasunyatan padintenan
a. kasunyatan ingkang tenan e. kasunyatan padhintenan
b. kasunyatan inggih tenan
5. ?tmuaunD=znHi=k=winnÒ|ai=kbg-n\. Wacanen!
a. tamu sedhahan ingkang dhahat kinurmatan.
b. tamu undhangan ingkang winantu ing kabagyan.
c. tamu sekaliyan ingkang kinurmatan.
d. tamu sinedhahan ingkang kinabekten.
e. tamu undhangan ingkang dhahat kinurmatan.
6. Becik-alane. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
a. ? becikalne.
b. ?[bcikHlnei.
c. ?becikHlne.
d. ?becikHl[n.
e. ?[bcikHl[n.
7. Saka unen-unene kuwi. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
a. ? skau[nnHunenekuwi.
b. ?skaunenHunenekuwi.
c. ?skau[nnHu[nnÑ|wi.
d. ?skau[nnHu[nnK|wi.
e. ?skaunenHuneneÑ|wi.
8. Lelandhesan kanyatan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
a. ?XlnDesSnKvtn\,
b. ?XlnDeSnKvtn\,
c. ?lelnDesSnKvtn\,
d. ?lelnDeSnKvtn\,
e. ?lelnDesSnkvtn\,
9. Babagan pangkat. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
a. ?bbgGnP=kt¿,
b. ?bbgnP=kt¿,
c. ?bbgnp=kt¿,
d. ?bbgGnP=kt,
e. ?bbgnP=kKt¿,

10. Bumi nusantara wis ngunjara rasa. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
a. ?buminusvTrwisZ|vJrrs.
b. ?buminusntrwisZ|vJrrs.
c. ?buminusnTrwisZ|nJrrs.
d. ?buminusntrwisZ|nJrrs.
e. ?buminusnTrwisZ|vJrrs.
II. Essay
1. Wacanen banjur tulisen latine!
?wekÒ|aikiantezr[aobhai=jmnK=[zf[bHfbBi.
[aoran[prznK=knDegLnMnDeg\,k[bhpd[aobh,pd[aowh.bbg[nPolitik\[a[ko[nomi,
[sosial\seni budylnLiyliy[npd[aobh.
?anai=pemerinThanHugan[aowh[aowhan\,mnwkpu=ku/p]ntnH[khfia tu/[fni=pust\wekÒ|
aikilumkup]ntnK=sinebu[tHo[to[nomif[arh.a[khbzetWewen=k=fiatu/[fni=p
m[rnThkbup[t nLnÑ|q.lku jnÒ`ni=pemerinThanFittadeds/aunF=aunF=[ao[to
[nomid[arh.
2. Tulisen nganggo aksara Jawa!

Petungan Jawi

Manut petangan Jawi, cacahipun dinten salebetipun seminggu wonten pitu, wiwit Senen ngantos
Ahad winastan saptawara. Wondene cacahipun dinten pasaran wonten gangsal wiwit Legi ngantos Kli-
won sinebat pancawara. Menawi ing antawisipun dinten saha pasaran dipun gabung kasebat Weton.
Umpaminipun tiyang lair ing dinten Senin pasaranipun Kliwon ateges wetonipun Senin Kliwon.
Pramila sanajan wonten tiyang dinten lairipun sami, menawi pasaripun benten ateges wetonipun
mboten sami. Weton saged kangge nggambaraken sipat utawi ciri kapribadenipun saben manungsa.
Wetonan benten kalian ambal warsa. Wetonan dipun pengeti miturut dinten lan pasaran kalender Jawi,
menawi ambal warsa dipun pengeti manut tanggal lan wulan kalender Masehi.

MODUL AJAR
(GEGURITAN)
Satuan Pendidikan : SMA N Kebakkramat
Kelas : X
Fase : E
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Alokasi Waktu : 6 JP
Elemen : Menyimak dan Memirsa, Membaca, Menulis dan
Mempresentasikan
 Profil Pelajar Pancasila
 Mandiri
 Bernalar Kritis
 Kreatif

 Moda Pembelajaran
LURING

 Model Pembelajaran
Discovery Learning

 Bentuk Penilaian
Kognitif dan Non kognitif

 Pertanyaan Pemantik
Apakah kalian suka menyimak dan membaca teks geguritan?

 Tujuan Pembelajaran
10. Peserta didik dapat menemukan informasi-informasi di dalam geguritan secara teliti.
11. Peserta didik dapat memproduksi geguritan dengan dengan dengan kerja keras dan
mandiri.
12. Peserta didik dapat menganalisis unsur teks fiksi dalam bentuk teks geguritan.

 KEGIATAN PEMBELAJARAN
Kegiatan Deskripsi
Pendahuluan Kegiatan Pendahuluan
16. Melakukan pembukaan dengan salam pembuka, memanjatkan syukur
kepada Tuhan YME dan mepersilakan peserta didik berdoa sendiri-
sendiri untuk memulai pembelajaran (jika jam pertama).
17. Memeriksa kehadiran peserta didik
18. Menyampaikan elemen, capaian pembelajaran di akhir fase, tujuan
pembelajaran, ATP, serta asesmen
19. Memberikan contoh Teks geguritan
20. Melakukan apersepsi dengan melontarkan pertanyaan pemantik
kepada peserta didik

Inti 19. Peserta didik membaca dan memahami teks tersebut (stimulation)
20. Peserta didik memberikan pendapatnya mengenai paparan teks geguritan
(stimulation)
21. Peserta didik bertanya jawab tentang struktur teks geguritan (problem
statement)
22. Peserta didik mengumpulkan informasi baik tersurat maupun tersirat
secara kritis dari teks geguritan (data collection)
23. Peserta didik mengidentifikasi unsur-unsur teks geguritan (verification)
24. Peserta didik mempresentasikan hasil analisisnya dan peserta didik lain
menanggapi temannya (generalization)
Penutup 19. Guru memberikan kesempatan kepada peserta didik untuk menanyakan
hal-hal yang masih diragukan terkait materi teks geguritan
20. Peserta didik dan guru membuat simpulan hasil pembelajaran
21. Peserta didik bersama guru melakukan refleksi pembelajaran
22. Guru menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan berikutnya
23. Guru menghimbau kepada peserta didik untuk selalu menerapkan perilaku
hidup bersih dan sehat serta selalu mematuhi protokol kesehatan
pencegahan covid-19
24. Guru menutup pertemuan pembelajaran dengan memberikan kalimat
motivasi dan memberikan salam penutup.

 REFLEKSI
4. Setelah mengikuti pembelajaran, apakah kalian sudah memahami apa yang telah kita
pelajari bersama?

 LEMBAR KEGIATAN
10. Ringkasan materi
11. Lembar asesmen
12. Lembar penilaian

 RINGKASAN MATERI
Geguritan (puisi) yaiku pametuning rasa pujangga (pengarang) kang tinulis ing tembung-tembung
lan karakit adhedhasar larik lan pada (baris dan bait). Anggone medharake rasa pangrasa pujangga isa
nggunakake basa figuratif kanggo medharake makna jamak kang akeh-akehe kanthi pamilihe tembung
(diksi) kang endah lan ngirama. Basa figuratif isa kawangun saka anggone nggunakake gaya basa.
Anggone nggunakake diksi isa nyulihi lan nginspirasi sawijining gagasan kanthi universal.
Yen kabandhingake karo jinis sastra liyane, geguritan minangka jinis kang duwe wujud wedharan
kang cekak lan aos. Babagan ini isa dadi pengaruh tumrap para pamaca ing pangudi mahami isine,
pamaca banjur isa nggoleki makna kang kamot sajrone geguritan. Kanggo ngreteni lan mahami surasane
geguritan, awake dhewe kudu ngreti jinis-jinise geguritan. Adhedhasar surasane kang kamot jrone
geguritan dibedakake :
a. Ode
Geguritan kang surasane ngemot pangalembana marang wong liya, negara apadene kang dianggep
luhur.
b. Himne
Yaiku geguritan pangalembana marang Gusti Kang Maha Kawasa.
c. Elegi
Geguritan kang surasane panalangsa. Geguritan iki njlentrehake sawijining bab kang nelangsa lan
ngrujit ati.
d. Epigram
Geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai hidup kang becik lan bener kang
tinulis kanthi ringkes.
e. Satire
Geguritan kang surasane ngenyek kanthi kasar (sarkasme) kang landhep /sinis tumrap sawijining bab
kang ora adil kang ana ing madyaning bebrayan.
f. Romance
Yaiku geguritan kang surasane babagan katresnan. Tresna ora mung antarane sisihan, nanging
tresna ing maneka warna bab.
g. Balada
Geguritan kang surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa mung lamunane pujangga.
Sajrone mahami geguritan, kita kudu ngreti unsur-unsur kang ana ing karya kasebut.
a. Tema
Tema iku minangka gagasan pokok kang dijlentrehke dening penyair. Pokok pikiran utawa undheran
prekara iku luwih kuwat lan baku sajrone jiwa pujangga, mula dadi landhesan utama pakecapan.
Undheran kang nuduhake sesambungane antarane pujangga lan Gusti, isa dipesthekake iki
geguritan kanthi tema Ketuhanan. Yen undherane babagan sih katresna lan kamanungsan, isa
dipesthekake geguritan kanthi tema kamanungsan.
b. Nada lan swasana ing geguritan
Nada lan swasana iku kajiwan nalika pujangga ngripta geguritan. Nada njlentrehake sikep pangripta
marang pamaca.
c. Rasa pangrasa ing geguritan
Pangripta anggone njlentrehake rasa pangrasane bakal isa ditampa yen geguritan iku diwaca.
Pangrasa kang nyawiji isa awujud rasa susah, seneng, keweleh, lan sapiturite.
Dene trap-trapane cara kanggo mahami lan ngudhari surasane geguritan yaiku :
1. Maca lan njingglengi geguritan wiwitan nganti pungkasan. Pakaryan iki isa nemokake gegambaran
kanthi global utawa proses penafsiran kawitan.
2. Nggoleki materi-materi kang penting :
- Irah-irahan (judul) geguritan
- Tembung kunci
- Gaya bahasa
- Simbol-simbol
3. Negesi lan gawe dudutan surasane geguritan.
4. Nggancarake nggunakake basane dhewe.

Kawruh
Geguritan kalebu karya sastra kang nggunakake basa kanthi maksud liya. Geguritan kuwi asipat
konotatif, tegese duweni pangerten kang beda karo pangerten ing kamus. Mula geguritan uga duweni
sipat ekspresi ora langsung sajiwining kegiyatan utawa aktivitas basa sing ngudharake karep kanthi cara
liya. Gamblanging tembung, yaiku ngudharake rasa pangrasa ora kanthi langsung. Mula basane katelah
basa sing khas. Kekhasane basa merga disebabake dening telung perkara.
1. Merga ngganti teges carane nganggo lelewaning basa utawa pepindhan
2. Ngenggokake teges kanthi cara purwakanthi
3. Ngripta teges kanthi cara nonsense lan tipografi (pembaitan)
Tembung-tembung bener-bener kepilih adhedhasar swasana kang nimbulake daya kahayal
(imaji) lan daya asosiasi. Kanthi migunakake basa kias (basa rinengga) utawa lelewaning basa, lan
purwakanthi suwara, sastra, lan lumaksita ndadekake basa geguritan kuwi endah yen diwaca lan
dirungokake. Senadyan cekak aos, nanging duwe kekuwatan.
Geguritan iku kawangun saka unsur fisik lan batin. Dene katrangane kaya mengkene.
1. Unsur fisik, yaiku :
- Diksi yaiku nggatekake lan menehi tekanan basa, utamane babagan tembung-tembunge utama
ing geguritan.
Ing perangan iki isa awujud irama, rima,
- Citraan yaiku andharan saka panulis supaya gawe sengsem para pamaose.
- Majas yaiku wujud ukara kang isa narik kawigaten
- Bunyi yaiku nemtokake tembung-tembung kang digunake isa narik kawigaten, mula kudu duwe
nilai sastra nanging komunikatif.
- Tipografi yaiku wujud geguritan iku isa narik kawigaten.
2. Unsur batin, yaiku :
- Tema.
Kanggo mangreteni geguritan, pamaca kudu ngreteni tema lan makna geguritan kang pengin
dikandhakake penyair. Tema yaiku gagasan pokok kang diandharake dening penyair lumantar
geguritane. Tema gumantung penyair. Pamaca akeh sithik kudu ngreteni latar belakang penyair
supaya ora kleru nafsirake tema geguritan kasebut. Mula iku, tema asipat khusus, objektif, lan
lugas.
Tema kang kerep digunakake ing geguritan yaiku tema ketuhanan (religius), tema kamanungsan,
tresna, patriotisme, perjuwangan, urip kang gagal, alam, kritik sosial, keadilan, demokrasi, lan
tema kesetiakawanan.
- Perasaan
Rasa pangrasa kang kepengin diandharake dening pangripta. Nemtokake nolak, nyarujuki, apa
nyengkuyung tumrap rasa iku.
- Nada
Nada yaiku kajiwan pujangga nalika ngripta geguritan. Nada njlentrehake sikep pangripta
marang riptane. Dadi kanthi nada tinamtu wis isa nitik kepiye andharane pangripta.
Kang isa klebu perangan iki yaiku irama lan rima.
Irama utawa ritme ana sesambungane karo pengulangan swara, tembung, frasa, lan ukara. Ing
geguritan irama isa awujud pengulangan tembung kanthi tratur nuwuhake gelombang swara
kang nuwuhake kaendahan.Irama uga isa ateges owah-owahan saka banter-alon, dhuwur-
cendhek, utawa dawa-cendhake tembung kanthi ngulang makaping-kaping kang ancase
nuwuhake gelombang swara supaya gawe endahe geguritan.Kanthi ngulang tembung kunci
utawa tembung penting isa gawe makna tembung kuwi dadi bangetake.
Rima (persamaan bunyi) iku pengulangan bunyi berselang, ing larik apadene ing
pungkasan geguritan. Bunyi kang berima iku isa dituduhake kanthi tekanan, nada
dhuwur, utawa ndawakake swara. Upamane tembung lara isa duwe makna beda yen
anggone ngucapake kanthi nada kang beda. Tembung iku isa nuduhake kahanan yen lara
tenan, isa uga ateges ora trima yen anggone ngucapake nganggo nada dhuwur lan banter.
- Amanat
Lumantar tulisan, pangripta geguritan isa ngandharake pesen kang bakal dijlentrehake.

Trap-trapan panulise geguritan iku kaperang dadi telung trap kang penting.
1. Nemtokake Ide/tema, ditindakake kanthi nglumpukake utawa golek informasi lumantar maca,
nonton, lan ngrasakake marang prastawa lan pengalaman pribadi, social masyarakat, utawa
universal (kamanungsan lan ketuhanan).
2. Nyaring, iku milih utawa nyaring informasi (prastawa, tema, ide, gagasan) kang narik kawigaten
saka tema kang dianggo. Sabanjure mikirake, ngrenungake, lan nafsirake tema jumbuh karo
konteks, ancas, lan pangreten kang diduweni.
3. Ngripta geguritan, minangka proses kang kudu ditindakake kanthi tliti, awit panulise mbutuhake
kreatifitas, intuisi, lan imajinasi, sarta pengalaman lan kaprigelan. Mula saka iku, ing proses iki
dibutuhake kaprigelan nemtokake tembung lan ukara kang trep, cekak, aos, endah, lan
nengsemake. Sabanjure isa ngasilake tembung-tembung kang bermakna, kabentuk, karakit, lan
kawaka minangka geguritan.

Setitekna tuladhane ing ngisor iki.


Basa lumrah Basa rinengga
Ora anteng Lungguhe anteng kitiran
Playune banter banget Playune lonjong mimis
Eseme manis banget Eseme pait madu
Bodho Pikirane landhep dhengkul
Aja seneng cedhak wong ala Aja cedhak kebo gupak
Ati Driya, galih, kalbu, nala, prana, tyas
Angin Bayu, bajra, maruta, pawana
Anak Atmaja, putra, suta, siwi, yoga
Bumi Bawana, bantala, pratala, pratiwi, basundara
Geni Agni, apyu, brama, dahana, pawaka
Getih Ludira, rah
Gunung Aldaka, giri, arga, ardi
Mangan Boga, dhahar, nedha
Mati Lalis, lampus, murud, pralaya, palastra, seda
Turu Guling, nendra
Udan Jawah, riris
Omah Graham, wisma, yasa, panti
Lintang Kartika, sasa, sudama, taranggana
Pinter Guna, lebda, limpad, nimpuna, wasis
Ireng Langking, kresna
Putih Dwala, pingul, seta
Rembulan Badra, basanta, candra, sasangka, wulan
Wadon Dayinta, dyah, kusuma, putrid, retna, wanodya
Wong Jalma, jana, janma, nara

Gladhen
1. Temtokna tema/topik geguritan, banjur pilihen tembung-tembung kang bisa ngambarake surasa
geguritan!
2. Tulisen tema/topik kasebut dadi geguritan kanthi nggunakake gaya basa tinamtu!

Tugas Mandiri
Menyanga ing sawijining papan kang nyenengake, isa ing papan rekreasi, sawah, pagunungan,
sendhang, lan liya-liyane! Tulisen geguritan adhedhasar kahanan kang isa koksawang ing papan kasebut!

Gladhen
1. Setitekna geguritan kang ngemot tema beda-beda iki! Pilihen salah siji geguritan kang kok senengi
banjur wacanen!
WIS ADOH
Dening : Suhindriy

Wis adoh tlapake


Awangun sandi Ukara
Kridha basa

Apa banjur;
Mung pantes dipendhem jero
Ukarane para nujum
Sing ditulis dadi rajah
Semlempit ing longan
Dlika aclum

Wis adoh, kalane


Srengenge nguber imbang pracima
Sing ungub-ungub sikile jaladri
Nggoleki critane Bima suci
Ing pewayangan, dhestun

Ana ukara,
Tinata tharik urut kacang
Ana lengkehe gunung bebanjengan
Banjur lelagon sesendhonan
Rame gumerah ing plataran jembar
Nalika rembulan coblong
Jagad urip kari sagodhong ganyong

Tema : Lelakon uripe manungsa kang nggoleki jati dhirine

2. Bijinen pamacane geguritan kancamu! Kang kabiji ing antarane yaiku : lafal, intonasi, lan gaya maca.
Tuladha kolom pambiji
Perangan kang kabiji
No Pamaca
Lafal Intonasi Gaya maca Gunggung

3. Jlentrehna wos surasane saben geguritan ing dhuwur!


4. Andharna pesen/amanat saben geguritan kasebut!
5. Gaweya parafrase saben geguritan ing dhuwur nggunakake basamu dhewe!

Tugas Mandiri
Goleka geguritan kang sumbere saka ngendi wae! Sabanjure wacanen ing ngarep klas
Pakaryan Geguritan
I. Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen!!
Wacanen geguritan iki!

SUMIMPEN ING POJOK ATI


Dening : Tatiek Kalingga

Kanthi ati kang krasa rinujit,


Kepengin ndak rakit gurit,
Sanajan krasa perih lan sakit,
Nyangga panandhang kang kudu dilampahi.
Nggoleki apa maknane saripati,
Yen ing kanyatan tansah tumindak nglarani,
Alam krasa panas bumi uga nangis,
Lan amarah tan bisa diendhani,
Nanging aku yakin isih ana sunar suci,
Sih katresnan, rasa tentrem kang sumimpen
Ing pojok ati
Uga rasa tulus lan luhuring budi pekerti.
Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki,
Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti
Kapethik saka Jagad Sastra, SOLOPOS

1. Kang dikarepake Kanthi ati kang krasa rinujit yaiku …


a. ati kang bungah d. ati kang kelara-lara
b. rasa kang mantep e. ati kang kelegan
c. ati kang serakah
2. Wos surasane paragraf kapisan yaiku …
a. gegambaran ati kang kelara-lara d. ngerteni kahanan kang endah
b. tumindak kang nalisir e. donga marang Gusti
c. ora bisa kecukupan
3. Wos surasane paragraf kapindho yaiku …
a. gegambaran ati kang kelara-lara d. ngerteni kahanan kang endah
b. tumindak kang nalisir e. donga marang Gusti
c. ora bisa kecukupan
4. Tegese tembung ratri ing ukara Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki yaiku

a. esuk d. surup
b. awan e. bengi
a. sore
5. Saora-orane ana patang kegiyatan kang kudu ditindakake sadurunge pawongan iku arep maca
geguritan. Kegiyatan kang kudu ditindakake yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba …
a. analisis situasi d. gegladhen
b. milih geguritan e. manut kang nglatih
a. ngonceki (ndhudhah) geguritan
6. Nggatekake lan menehi tekanan basa, utamane babagan tembung-tembunge utama ing
geguritan iku perangane nulis geguritan kang diarani …….
a. Diksi.
b. Citraan
c. Majas
d. Bunyi
e. Tipografi
7. Andharan saka panulis geguritan supaya gawe sengsem para pamaose yaiku …..
a. Diksi.
b. Citraan
c. Majas
d. Bunyi
e. Tipografi
8. Gagasan pokok kang diandharake dening penyair lumantar panulise geguritan yaiku ….
a. alur
b. tema.
c. perasaan
d. nada
e. amanat
9. Lumantar tulisan, pangripta geguritan isa ngandharake pesen kang bakal dijlentrehake lumantar
…..
a. alur
b. tema.
c. perasaan
d. nada
e. amanat
10. Miturut pamilihe tembung kang endah, ngandhakake swasana kang nyenengake isa nggunakake
tembung-tembung kaya andharan ing ngisor iki, kajaba …..
a. rembulan ndadari
b. kadya akasa sumilak
c. ron kang tumiba ing bantala
d. eseme pait madu
e. katiban segara madu
II. Essay
1. Wacanen geguritan iki banjur garapen gladhene!
Gaman Ilang Landhepe
Dening : Manaf Maulana

Bangsa iki kaya gaman ilang landhepe


Cilakane ora ana sing bisa ngungkalke
Amerga akeh sing padha kethule
Saben obah bisane mung ngrusak nagarane
Gaman ilang landhepe ora banjur ala
Malah bisa dadi pusaka kang jumawa
Kaya keris-kerise wong Jawa
Kethul ning bisa dadi turangga
(kapethik saka Jagad Sastra, SOLOPOS)

a. Temtokna tema geguritan iku!


b. Andharna wos surasane geguritan iku nganggo basamu dhewe!
2. Tegesana tembung ing ngisor iki!
a. ngungkalke
b. kethule
c. jumawa
d. turangga
3. Salah sijine unsur fisik geguritan iku bunyi. Bunyi yaiku nemtokake tembung-tembung kang
digunake isa narik kawigaten, mula kudu duwe nilai sastra nanging komunikatif. Mula golekana
tembung kang narik kawigaten kanggo ngganti tembung iki.
a. anak
b. kewan
c. srengenge
d. kepeksa kudu manut wong tuwa
e. rasa tresna kang ora isa dilalekake
4. Miliha tema kanggo nulis geguritan. Sabanjure pilihen tembung-tembung kang narik kawigaten.
Pungkasane tulisen dadi geguritan kanthi gaya nulis kang nengsemake!
5. Wacanen geguritan anggitanmu iku ing ngarep klas kanthi lafal, intonasi, penghayatan, lan gaya
maca kang narik kawigaten!
MODUL AJAR
(PARAMASASTRA (UNGGAH-UNGGUH BASA)
Satuan Pendidikan : SMA N Kebakkramat
Kelas : X
Fase : E
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Alokasi Waktu : 6 JP
Elemen : Menyimak dan Memirsa, Membaca, Menulis dan
Mempresentasikan

 Profil Pelajar Pancasila


 Mandiri
 Bernalar Kritis
 Kreatif

 Moda Pembelajaran
LURING

 Model Pembelajaran
Discovery Learning

 Bentuk Penilaian
Kognitif dan Non kognitif

 Pertanyaan Pemantik
Apakah kalian suka menyimak dan membaca teks pacelathon ?

 Tujuan Pembelajaran
13. Peserta didik dapat menemukan informasi-informasi di dalam teks pacelathon sesuai
unggah-ungguh basa secara teliti.
14. Peserta didik dapat memproduksi teks pacelathon sesuai unggah-ungguh dengan kerja
keras dan mandiri.
15. Peserta didik dapat menganalisis unsur teks pacelathon sesuai unggah-ungguh.

 KEGIATAN PEMBELAJARAN
Kegiatan Deskripsi
Pendahuluan Kegiatan Pendahuluan
21. Melakukan pembukaan dengan salam pembuka, memanjatkan syukur
kepada Tuhan YME dan mepersilakan peserta didik berdoa sendiri-
sendiri untuk memulai pembelajaran (jika jam pertama).
22. Memeriksa kehadiran peserta didik
23. Menyampaikan elemen, capaian pembelajaran di akhir fase, tujuan
pembelajaran, ATP, serta asesmen
24. Memberikan contoh Teks pacelathon sesuai unggah-ungguh
25. Melakukan apersepsi dengan melontarkan pertanyaan pemantik
kepada peserta didik

Inti 25. Peserta didik membaca dan memahami teks tersebut (stimulation)
26. Peserta didik memberikan pendapatnya mengenai paparan teks pacelathon
sesuai unggah-ungguh (stimulation)
27. Peserta didik bertanya jawab tentang struktur teks pacelathon sesuai
unggah-ungguh (problem statement)
28. Peserta didik mengumpulkan informasi baik tersurat maupun tersirat
secara kritis dari teks pacelathon sesuai unggah-ungguh (data collection)
29. Peserta didik mengidentifikasi unsur-unsur teks pacelathon sesuai
unggah-ungguh (verification)
30. Peserta didik mempresentasikan hasil analisisnya dan peserta didik lain
menanggapi temannya (generalization)
Penutup 25. Guru memberikan kesempatan kepada peserta didik untuk menanyakan
hal-hal yang masih diragukan terkait materi teks pacelathon sesuai
unggah-ungguh
26. Peserta didik dan guru membuat simpulan hasil pembelajaran
27. Peserta didik bersama guru melakukan refleksi pembelajaran
28. Guru menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan berikutnya
29. Guru menghimbau kepada peserta didik untuk selalu menerapkan perilaku
hidup bersih dan sehat serta selalu mematuhi protokol kesehatan
pencegahan covid-19
30. Guru menutup pertemuan pembelajaran dengan memberikan kalimat
motivasi dan memberikan salam penutup.

 REFLEKSI
5. Setelah mengikuti pembelajaran, apakah kalian sudah memahami apa yang telah kita
pelajari bersama?
 LEMBAR KEGIATAN
13. Ringkasan materi
14. Lembar asesmen
15. Lembar penilaian

RINGKASAN MATERI
Basa Jawa iku minangka sawijining basa kang duwe unggah-ungguh (undha usuk)
utawa tingkat kesantunan beda karo basa liyane. Dene anggone ngecakake manut sapa sing
rembugan lan sapa sing diajak rembugan.
Manut cak-cakan lan trap-trapane kang wis lumrah digunakake, unggah-ungguh (undha
usuk) basa Jawa iku sejatine kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan krama. Nanging manut
panganggone ing satengahe bebrayan basa iku ana papat. Basa ngoko ana loro, yaiku ngoko
lugu lan ngoko andhap / alus. Basa krama uga ana loro, yaiku basa krama lan krama inggil /
alus. Dene cak-cakane kaya ing ngisor iki!

Ngoko lugu Cirine / titenane - Kabeh tembung-tembunge nggunakake tembung ngoko


- Nggunakake ater-ater tri purusa ngoko (dak-,kok-,di-),
panambang ngoko (-ku,-mu,-e,-ake)
- Tembung sesulih wong kapisan/utama purusa (kata
ganti orang 1) nggunakake tembung aku, sesulih
kapindho/madyama purusa (kata ganti orang 2)
nggunakake tembung kowe, lan sesulih katelu/wasana
purusa (kata ganti orang 3) nggunakake tembung
dheweke

Panganggone - Marang sapadha-padha


- Bocah karo bocah
- Wong tuwa marang bocah

Tuladha a. Kowe sesuk dolan menyang omahku ya.


b. Aku karo adhiku padha-padha seneng bal-balan.
c. Apa kowe gelem dakjak nonton wayang kulit?

Ngoko Cirine / titenane - Nggunakake tembung-tembung ngoko kang diselingi


alus/andhap tembung krama/krama inggil.
- Nggunakake ater-ater tri purusa ngoko (dak-,kok-,di-),
panambang ngoko (-e,-ake)
- Tembung sesulih wong kapisan/utama purusa (kata
ganti orang 1) nggunakake tembung aku, sesulih
kapindho/madyama purusa (kata ganti orang 2)
nggunakake tembung sampeyan/panjenengan, lan
sesulih katelu/wasana purusa (kata ganti orang 3)
nggunakake tembung piyambake/panjenengane
- Tembung krama/krama inggil digunakake kanggo wong
liya lan mapan ing jejer (subjek) utawa wasesa (predikat)

Panganggone - Wong sing padha tuwane


- Wong tuwa marang wong enom sing isih ngajeni
- Adhi marang kakange sing wis kulina

Tuladha a. Aku wingi ngerti pakdhe karo budhe tindak nitih mobil.
b. Mas Hasta, aku nyuwun tulung penjenengan gaweke
tulisan aksara Jawa kang genep.
c. Kena ngapa penjenengane ora kersa tindak dhewe?

Krama Cirine / titenane - Kabeh nggunakake tembung-tembung krama


- Nggunakake ater-ater dikramake (ku- kula,kok-
sampeyan,di- dipun-), panambang krama (-ipun,-aken)
- Tembung sesulih wong kapisan/utama purusa (kata
ganti orang 1) nggunakake tembung kula, sesulih
kapindho/madyama purusa (kata ganti orang 2)
nggunakake tembung sampeyan, lan sesulih
katelu/wasana purusa (kata ganti orang 3) nggunakake
tembung piyambakipun
- Tembung krama digunakake kanggo wong liya lan
awake dhewe mapan ing jejer (subjek), wasesa
(predikat), lan lesan (objek)

Panganggone - Wong sing lagi wae kenal


- Wong sing padha tuwane
- Wong tuwa marang wong enom kang isih ngajeni banget

Tuladha a. Menawi sampeyan pingin pirsa nggriya kula menika.


b. Nyuwun tulung sampeyan pendhetaken kalawarti
punika.
c. Menapa sampeyan wau enjing sampun sarapan?

Krama inggil Cirine / titenane - Nggunakake tembung-tembung krama inggil kanggo


sing diajak guneman, kanggo awake dhewe nggunakake
tembung-tembung krama/ngoko
- Nggunakake ater-ater dikramake (ku- kula,kok-
panjenengan,di- dipun-), panambang krama (-ipun,-
aken)
- Tembung sesulih wong kapisan/utama purusa (kata
ganti orang 1) nggunakake tembung kula, sesulih
kapindho/madyama purusa (kata ganti orang 2)
nggunakake tembung panjenengan, lan sesulih
katelu/wasana purusa (kata ganti orang 3) nggunakake
tembung panjenenganipun

Panganggone - Bocah marang wong tuwa


- Wong enom marang sing luwih tuwa

Tuladha a. Bapak menapa panjenengan pirsa dalemipun Pak


Brata?
b. Simbah punika tindakipun sampun radi rendhet.
c. Kenging menapa menika panjenengan tangkletaken?
d. Sikil kula sakit, sukunipun bapak gerah.

Adhedhasar pangreten kasebut cetha lamun pirembugan ing budaya Jawa iku nganggo
pathokan lan aturan kang winates sarta gumathok, luwih-luwih ing pacelathon.
Pacelathon/berdialog iku rerembugan antarane rong pawongan utawa luwih mapan ana
sawijining papan kanthi langsung utawa ora langsung. Pacelathon isa ditindakake kanthi adhep-
adhepan utawa ora, tuladhane : pirembugan ing klas, geguyonan ing kantin, pacelathon
lumantar telpun utawa HT, lan sapiturute. Ing wulangan iki para siswa kadhawuhan nindakake
pacelathon adhedhasar undha usuk basa Jawa.
1. Setitekna wacana ing ngisor iki kanthi premati. Banjur gaweya pitakon kang nggunakake
basa ngoko lan krama !

Pasemone Joged
Dening : Ichwan Prasetya

Beksan utawi joged tradhisi Jawi nggadhahi landhesan sikep tuwin ebahing
saranduning badan ingkang ngugemi pancatan sawiji, greged, sengguh tuwin boten
mingkuh. Sawiji inggih punika nyawijekaken krenteg saha sikep kaliyan daya ruhani tumuju
angkah ingkang cetha.

Greged ateges krenteg ingkang kiyat, semangat makantar-kantar ingkang njurung


tuwuh lan ngrembakanipun sikep gumregut. Tembung sengguh mengku werdi raos
mongkog dhumateng pribadinipun kiyambak.

Dene tembung mboten mingkuh ateges setya ingkang kawengku ing tanggung jawab
lan sikep mboten gampil nglokro. Sedaya pancatan murih ngasilaken ebksan ingkang
mranani punika saget kawujud ing beksan ingkang watakipun alus, gagah, tuwin kasar.

Beksan alus kawujud ing alus luruh tuwin alus mbranyak. Beksan gagah kawujud ing
gagah lugu tuwin gagah kongas. Dene beksan kasar kawujud ing kasar sinatriya tuwin
kasar raseksa.

Beksan ingkang mranani kedah kajurung dening wanda ingkang ceples kaliyan
cakepan beksanipun. Wanda inggih punika pasuryan, wujud lan sikep ingkang
nggambaraken watak sarta swasana jiwa.

Yektosipun, beksan punka mboten sanes gegambaran kahanan gesangipun


manungsa ing ngalam donya. Wontenipun maneka werni cakepan beksan,saking ingkang
alus ngantos ingkang kasar, mboten sanes gegambaran pratingkahipun manungsa wonten
ing ngalam gesangipun.

Ananging menawi mindeng sawetawis kirdhanipun manungsa, mliginipun ingkang


nyepeng panguwaos, ing wekdal punika, racakipun kathah ingkang mboten jumbuh kaliyan
pakemipun beksan.

Mbokmenawi punika pralampita bilih manungsa ing panggesangan sapunika kathah


ingkang sampun kecalan keblat, nalisir saking pranatan ingkang tundhonipun namung
kapiluyu mburu kekareman tuwin kabetahanipun kiyambak.

Patuladhan ingkang gampil dipunpindeng inggih wonten ing jagad pulitik. Kathah
paraga pulitik utawi politisi, kalebet ugi para pangembating paprentahan ing bebadan
eksekutif, cakepan beksanipun sampun morak-marik. Wandanipun inggih mboten cples
kaliyan beksan ingkang dipunbabar.

Wonten ing sangajengipun rakyat mbabar mbabar “beksan pulitik” alus luruh
kasengkuyung wanda ingkang mranani sanget. Jebulipun wonten ing wingking tumindak
korupsi ngantos atusan yuta, kepara milyaran rupiyah. Kamangka punika arta ingkang
katumrapapken mehak rakyat alit. Punika cetha yektosipun beksan kasar raseksa ingkang
wandanipun dur angkara.

Lan racakipun mboten wonten “beksan pulitik” ingkang blak-blakan mbabar beksan
kasar raseksa kangge nggayuh krenteg ngimpun kaskaya kangge pribadi, kulawarga utawi
gerombolanipun.

Lah, menawi “beksan pulitik” kababar nut cakepan beksan kados ing nginggil, temtu
rakyat gampil anggenipun nyaruwe dhumateng wakilipun ing bebadan legislatif saha
pangembating paprentahan ing bebadan eksekutif ingkang tumindak nalisir saking
paugeran.

Sarehne mboten mekaten kasunyatanipun, rakyat inggih namung pijer kapusan nalika
mindeng joged alus luruh ingkang mranani, nanging kasunyatanipun punika sikep dur
angkara kados dene kiprahing raseksa. Punapa prelu wonten piwucal joged kangge sedaya
wakil rakyat lan pangembating paprentahan murih saged nuhoni jejeripun? Nuwun lan
sumangga.
Kapethik saking : SOLOPOS, 3 Juli 2008

Tugas Mandiri
Tindakna pacelathon karo sadhengah tingkatan nggunakake unggah ungguh basa kang trep kanggo
ningkatake kaprigelanmu nggunakake basa. Tuladhane karo pakdhemu, simbahmu, kancane masmu,
kancane adhimu, lan sapiturute.
Uji kompetensi wulangan 3
I. Ing ngsior iki ana wangsulan sing bener, pilihen!
1. Sawijining cara kanggo nglumpukake data utawa bahan berita (data utawa fakta) yaiku ….
a. seminar
b. kuesioner
c. survey
d. wawancara
e. diklat
2. Wawancara kang ditindakake kanggo nggoleki katrangan, konfirmasi, utawa panemu interviewee
babagan sawijing masalah utawa prastawa yaiku ….
a. wawancara berita (news-peg interview
b. wawancara pribadi (personal interview)
c. wawancara eksklusif (exclusive interview)
d. wawancara eksekutif (executive interview)
e. wawancara sambil lalu (casual interview)
3. Babagan mirengake wawancara iku padha ngrungokake musyawarah utawa dhiskusi sing ancase
ngreteni wos surasane pirembugan. Asile mirengake iku wujude palapuran. Asil mirengake kang
nyebutake nara sumbere yaiku babagan ….
a. kapan
b. kepiye
c. sapa
d. ana ngendi
e. kena ngapa
4. Bab-bab kang kudu digatekake nalika nulis laporan asil wawancara yaiku, kajaba ….
a. panulise laporan kudu adhedhasar pathokan-pathokan kang wis gumathok lan asipat ilmiah.
b. panulise laporan ora kena nindakake interpretasi kang luwih,
c. pilihen data utawa katrangan kang penting lan relevan karo prastawa-prastawa kang wis
karumusake.
d. panulise laporan kudu asipat wadi lan njaga becike jeneng nara sumber.
e. panulise laporan kudu asipat terbuka
5. Nulis laporan asile wawancara iku prayogane aja nganti konangan dening umum supaya ora
gawe lingseme nara sumber. Pratelan iku dadi salah sijine bab-bab kang kudu digatekake nalika
nulis laporan asil wawancara ing babagan ….
a. panulise laporan kudu adhedhasar pathokan-pathokan panulise laporan asil wawancara
kang wis gumathok lan asipat ilmiah.
b. panulise laporan ora kena nindakake interpretasi kang luwih,
c. pilihen data utawa katrangan kang penting lan relevan karo prastawa-prastawa kang wis
karumusake.
d. panulise laporan kudu asipat wadi lan njaga becike jeneng nara sumber.
e. panulise laporan kudu asipat terbuka
6. Basa kang digunakake nalika kowe matur karo bapak/ibu gurumu yaiku ….
a. ngoko lugu d. krama inggil
b. ngoko andhap e. krama andhap
c. krama
7. Wis telung dina iki aku nglakoni ujian sekolah. Nanging bapak urung pirsa, amarga saben dina
tindak luar kota terus amarga tugas saka kantore. Basa kang digunakake pratelan iku yaiku …
a. ngoko lugu d. krama inggil
b. ngoko andhap e. krama andhap
c. krama
8. Pak Pandhu iku guru basa Jawaku, priyayine alus, ngendikane alus, kang paling taksenengi yen
muride tumindak kleru ora banjur didukani nanging dituturi dhisik supaya pener. Saben ngasta
ana ing njero kelas kerep nggunakake basa krama utawa krama inggil, senajan marang putra
siswane. Nanging miturut undha usuk basa kang trep digunakake guru marang muride yaiku …
a. ngoko lugu d. krama inggil
b. ngoko andhap e. krama andhap
c. krama
9. Saka pandongane tiyang sepuh lan bapak ibu guru taun iki aku bisa lulus ujian nasional kanthi
biji kang becik, ora tanggung-tanggung biji rata-rataku 9.2. Mula aku banjur didhawuhi supaya
ndhaftar ana ing perguruan tinggi negri. Perguruan Tinggi sing taktuju yaiku UGM, senajan
omahku ana ing tlatah Karanganyar ora apa-apa, aku wis dipercaya dening bapak lan ibuku,
amarga bocah lanang kudu mandhiri. Nalika lagi ndhaftar aku ketemu karo bocah wadon,
bocahe becik, kulitane resik, uga ayu rupane. Bareng taktakoni kanthi cetha dheweke iku uga
saka Solo. Basa kang trep takgunakake marang bocah wadon kuwi yaiku …
a. ngoko lugu d. krama inggil
b. ngoko andhap e. krama andhap
c. krama
10. Bapakku biyen nalika SMA duwe kanca raket banget, malah wis nganti kaya sedulure dhewe.
Nanging nalika padha rabine banjur pisah, Bapak ana ing Solo, kancane bapak menyang
Kalimantan. Ing sawijining dina kalorone ketemu, jebule kalorone uga nyambut gawe ana ing sa-
perusahaan produsen bahan kain bathik. Nanging saiki wis beda, Bapakku wis njabat Direktur,
kancane bapak iku isih dadi kepala gudang. Basa kang trep digunakake kancane bapak menyang
Bapak yaiku …
b. ngoko lugu d. krama inggil
c. ngoko andhap e. krama andhap
d. krama

II. Essay
1. Tindakna kanthi lesan prentah ing ngisor iki!
a. Matura marang bapak ibu gurumu nalika kowe arep ijin menyang koperasi arep tuku
pulpenmu sing mati.
b. Matura marang pakdhemu yen sesuk didhawuhi ngeterke Simbah menyang Semarang.
c. Kepiye aturmu nalika pamitan arep budhal sekolah?
d. Kepiye aturmu nalika kowe atur-atur klumpukan kumbakarnan marang bapak-bapak?
e. Gaweya pacelathon kang paragane iku bapak, ibu, simbah, lan kowe.

MODUL AJAR
(JENIS RAGAM TEKS)
Satuan Pendidikan : SMA N Kebakkramat
Kelas : X
Fase : E
Wujud omah tradhisional Jawa iku awujud joglo. Sanajan awujud joglo, nyatane

 Profil Pelajar Pancasila


 Mandiri
 Bernalar Kritis
 Kreatif

 Moda Pembelajaran
LURING

 Model Pembelajaran
Discovery Learning

 Bentuk Penilaian
Kognitif dan Non kognitif

 Pertanyaan Pemantik
Apakah kalian suka menyimak dan membaca salah satu jenis teks (deskripsi, eksposisi,
argumentasi) ?

 Tujuan Pembelajaran
16. Peserta didik dapat menemukan informasi-informasi di dalam salah satu jenis teks
(deskripsi, eksposisi, argumentasi) secara teliti.
17. Peserta didik dapat memproduksi salah satu jenis teks (deskripsi, eksposisi, argumentasi)
dengan kerja keras dan mandiri.
18. Peserta didik dapat menganalisis unsur salah satu jenis teks (deskripsi, eksposisi,
argumentasi).
 KEGIATAN PEMBELAJARAN
Kegiatan Deskripsi
Pendahuluan Kegiatan Pendahuluan
26. Melakukan pembukaan dengan salam pembuka, memanjatkan syukur
kepada Tuhan YME dan mepersilakan peserta didik berdoa sendiri-
sendiri untuk memulai pembelajaran (jika jam pertama).
27. Memeriksa kehadiran peserta didik
28. Menyampaikan elemen, capaian pembelajaran di akhir fase, tujuan
pembelajaran, ATP, serta asesmen
29. Memberikan contoh Teks pacelathon sesuai unggah-ungguh
30. Melakukan apersepsi dengan melontarkan pertanyaan pemantik
kepada peserta didik
Inti 31. Peserta didik membaca dan memahami teks tersebut (stimulation)
32. Peserta didik memberikan pendapatnya mengenai paparan salah satu jenis
teks (deskripsi, eksposisi, argumentasi) (stimulation)
33. Peserta didik bertanya jawab tentang struktur salah satu jenis teks
(deskripsi, eksposisi, argumentasi) (problem statement)
34. Peserta didik mengumpulkan informasi baik tersurat maupun tersirat
secara kritis dari salah satu jenis teks (deskripsi, eksposisi, argumentasi)
(data collection)
35. Peserta didik mengidentifikasi unsur-unsur salah satu jenis teks
(deskripsi, eksposisi, argumentasi) (verification)
36. Peserta didik mempresentasikan hasil analisisnya dan peserta didik lain
menanggapi temannya (generalization)
Penutup 31. Guru memberikan kesempatan kepada peserta didik untuk menanyakan
hal-hal yang masih diragukan terkait materi salah satu jenis teks
(deskripsi, eksposisi, argumentasi).
32. Peserta didik dan guru membuat simpulan hasil pembelajaran
33. Peserta didik bersama guru melakukan refleksi pembelajaran
34. Guru menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan berikutnya
35. Guru menghimbau kepada peserta didik untuk selalu menerapkan perilaku
hidup bersih dan sehat serta selalu mematuhi protokol kesehatan
pencegahan covid-19
36. Guru menutup pertemuan pembelajaran dengan memberikan kalimat
motivasi dan memberikan salam penutup.

 REFLEKSI
6. Setelah mengikuti pembelajaran, apakah kalian sudah memahami apa yang telah kita
pelajari bersama?

 LEMBAR KEGIATAN
16. Ringkasan materi
17. Lembar asesmen
18. Lembar penilaian

RINGKASAN MATERI
Wacana deskripsi
Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane
penulis kanggo menehi pepincren-peprincen saka sawijining objek (panggonan, manungsa,
barang, lan sapanunggalane). Sajrone deskripsi penulis mindhahake kesan-kesane,
mindhahake asile pengamatan lan rasa pangrasane marang pamaca. Wacana iki njlentrehake
sipat lan sakabehe peprincen wujud kang bisa ditemokake saka objek kasebut. Ancas kang
pingin diwujudi dening panulis deskripsi yaiku ngripta daya khayal pamaca, kaya-kaya
pamaca bisa nyawang objek kuwi mau kanthi wutuh lan cetha. Cethane wacana deskripsi iku
wacana kang nggambarake utawa njlentrehake kanthi cetha salah sawijining kahanan utawa
obyek, lan kaya-kaya kang padha maca isa ngrasakake utawa ngreti kaya kang dicritakake.
Saliyane kuwi, karangan deskripsi yaiku sawijining karangan kang tujuwane
kanggo nggambarake objek kang sanyatane. Wacana deskripsi ana kang diarani wacana
deskripsi objektif yaiku salah sawijine jenis karangan deskripsi kang anggone nggambarake
objek mau ora dikantheni karo opini saka penulis. Saliyane iku uga ana wacana deskripsi
kang diarani wacana deskripsi subjektif yaiku kosok baline saka deskripsi objektif, yaiku
anggone nggambarake objek iku dikantheni karo opini saka penulis. Becik lan orane wacana
deskripsi iku gumantung saka panulise, amarga saya pinter lan cetha anggone nggambarake
kahanan bakal saya cetha para pamaca anggone ngreteni.
Topik-topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi yaiku :
a. kahanan ruang, umpamane ruang sinauku, gerbong sepur kelas ekonomi, lan pos rondha
ing desaku;
b. kahanan barang, umpamane maneka warna kembang ing Taman Bunga Nusantara, wong-
wong suku Dayak, lan bis kuning UI;
c. proses, umpamane proses nggawe klambi kebaya lan budhal menyang sekolah.

Ana maneka warna jinise, tuladhane: joglo Limasan Lawakan, joglo Sinom, joglo
Jompongan, joglo Pangrawit, joglo Mangkurat, joglo Hageng, lan joglo Semar Tinandhu.
Wewangunan omah joglo iku ana perangan-perangan kang wis gumathok, ing antarane
yaiku:
1. Teras utawa Pendhapa
Dumunung ing ngarep dhewe, fungsi utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki
tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang tinarbuka iki ora tanpa ngemu teges.
Iki aweh pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan
lan kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu
kang rawuh, luwih-luwih kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunaake kanggo
ngrembug sawenehe perkara kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan
pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute. Wujud ruwangan kang tinarbuka iku uga
minangka sawijining karep njumbuhake karo iklim lingkungan kang tropis, mula ruwangane
digawe teras kang jembar ing sisih ngarepe, ora kena soroting srengenge amarga kanthi
payon gantung kang amba, menthang nganti tekan pojok-pojok payon joglo.
2. Pringgitan
Jan-jane ruwangan iki isih kalebu papan umum/publik. Ing jaman biyen ruwangan iki
kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane. Amarga
kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula dijenengke pringgitan saka tembung
ringgit kang ateges wayang. Wewangunan iki uga ora tanpa teges. Ruwangan iki dibangun
kanthi ancas nuduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni
lan budaya. Mula ing jamane seni lan budaya tradhisional isih kuncara anjayeng bawana
(kondang), amarga ing saben omah joglo diwenehi ruwangan pringgitan.
3. Dalem Agung
Wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka
perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Perangan
ndalem iku perangan kang digunakake kanggo kluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi).
Ini nuduhake lamun urusan kluwarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora
kudu ngerti urusan pribadine kluwarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa
njaga kawibawane kluwarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing sajroning kluwarga.
Umpama ana perkara kang kudu dirembug, kudu dirembug kanthi musyawarah kluwarga.
Kanthi cara musyawarah bisa ngudhari perkara kang lagi disandhang.
4. Krobongan/senthong
Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi utama
ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen
maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane. Kang duwe omah nalika nindakake ngibadah uga
katindakake ing ruwangan iki. Mula ing ruwangan iki dikantheni kasur, dhipan, bantal lan
guling. Ruwangan iki ateges nuduhake yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang
paring kanugrahan.
5. Gandhok atau Pawon/pekiwan
Papane ana ing mburi dhewe. Fungsine kanggo masak lan kamar mandi. Sanajan
katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan duwe
nilai luhur. Gandhok utawa pawon digunakake kanggo masak masak, dhahar, lan adus. Nulad
saka guna panganggone, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika
sing duwe omah reresik dhiri, lan dhahar. Bab iki nuduhake yen manungsa iku duwe sipat
gemi, setiti lan ngati-ati, tegese ora boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit
(tersembunyi).
 Setitekna kanthi premati tuladha wacana deskripsi ing ngiaor iki!
Ing arsitektur wewangunan omah joglo, seni arsitektur ora mung babagan seni
konstruksi omah, nanging uga minangka wujud nilai lan norma masarakat pendukunge.
Katresnane manungsa ing cita rasa kaendahan, semono uga sikep religius kawujud ing
arsitektur omah joglo.
Istilah joglo iku dumadi saka cengkorongan bangunan utama yaiku saka guru awujud
patang cagak utama kanthi pengeret tumpang sanga utawa tumpang telu ing dhuwure.
Struktur kang kaya mangkene iki saliyane kanggo sangga struktur utama omah, uga
minangka sanggan payon omah supaya bisa awujud pencu (piramid).
Bab iki nglambangake dene manungsa iku makhluk sosial kang ora bisa nglakoni urip
kanthi dhewekan, nanging kudu tansah tulung-tinulung lan sesambungan karo wong liya.
Kanthi saka guru kang kuwat minangka pondhasine omah iku negesake lamun karukunan lan
mad sinamadan ing bebrayan iku uga kuwat lan masarakate uga kuwat. Yen wis kuwat
sakabehe bisa ndadekake negarane uga kuwat.
Ing perangan lawang duwe telung lawang, yaiku lawang utama ing tengah lan rong
lawang kang ana ing sisih ngiringan kiwa lan tengene lawang utama. Katelu perangan lawang
iku nglambangake kang nedheng ngembang lan ngupadi ing sajroning kluwarga. Teges
liyane yaiku nulad saka lelakone kewan kupu wiwit saka uler nganti tekan dadi kupu. Dene
sadurunge dadi kupu, uler iku nglakoni dadi enthung kang kabuntel ora isa apa-apa anane
mung semedi. Nanging bareng wis lulus anggone tapa lan prihatin owah saka kewan kang
nggilani lan ngateli dadi kewan kang nyenengake yaiku kupu. Iki nglambangake manungsa
iku kudu duwe sipat prihatin lan ngendhaleni hawa nepsu yen kepingin kepenak ing tembe
mburine.
Ing perangan njero ana kang diarani gedhongan kang diembake kaya dene mihrab,
papan panggonan imam kang mimpin shalat. Bab iki nglambangake yen omah iku saliyane
dadi papan panggonan ngeyup, bisa uga kanggo papan ngabekti marang Gusti kang
dipercaya. Mula saka iku ing ngendi papan manungsa iku kudu tansah eling marang Gusti
kang nitahake.
Ruwang ngarep ana kang sinebut jaga satru. Ruwang iki ing sangarepe lawang ana
sawijining cagak mung siji kang sinebut saka geder utawa cagak keseimbangan. Cagak iki
nuduhake sapa pawongan kang duwe omah. Saliyane iku minangka pratandha minangka
cagak kang tansah ngelingake marang Gusti kang maha kawasa.
Pamilihe kayu kanggu tembok utawa gebyok lan gendheng lempung amarga material
iki entheng, mula ora ngebot-eboti yen dipasang ing papan dhuwur. Sirkulasi udara ing omah
joglo iku becik banget amarga dirancang tinarbuka lan ing payone digawe ana trap-trapane.
Ing omah joglo payon digawe wujud trap-trapan lan undha usuk mendhuwur. Bab iki
nglambangake ana sesambungan ing antarane manungsa lan manungsa, uga manungsa karo
Gustine. Mula ing papan iki kerep banget digunakake kanggo nglumpuk ing antarane
kluwarga, tundhone bisa gawe rumakete ing sakabehe.
Payon omah joglo iku rinakit saka payon lambang sari lan lambang gantung. Dene
kalorone ngapit payon kang dumunung ing tengahe. Bab iki nglambangake lamun manungsa
urip iku yen saya dhuwur darjate bakal luwih gedhe pacobane. Nanging kanthi rinakit lan
tansah sesambungan bakal nguwatake anggone nglakoni pacoban kasebut.
Saka andharan kasebut bisa dijupuk dudutan saka wewangunan omah joglo yaiku nenuntun
manungsa supaya urip sesambungan karo wong liya (sosial) lan tulung-tinulung iku ndadekake
manungsa ora ongas lan ngurmati siji lan sijine, lan uga ora bakal lali marang Gusti kang
nitahake. Wewangunan fisik minangka sawijining tandha undhak-undhakane panguripane
manungsa kang ngemot nilai intrinsik kearifan lokal. Sawijining kearifan lokal bisa ditemokake
ing omah adat tradhisi. Omah adat minangka sawijining wujud nyata kabudayan kang bisa
disawang kanthi kasat mata.
Pakaryan 1
Sawise nyetitekake katrangan lan wacan ing dhuwur, kanggo ngukur pangertenmu
babagan omah tradhisional joglo, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
4. Andharna jinise omah joglo!
5. Jlentrehna papane lan wujude perangan-perangan wewangunan joglo!
Perangan Andharan
omah joglo
Pendhapa ………………………………………………………………………………
…………………………..
Pringgitan ………………………………………………………………………………
…………………………..
dalem agung ………………………………………………………………………………
…………………………..
krobongan/ ………………………………………………………………………………
senthong …………………………..
gandhok/ ………………………………………………………………………………
pawon …………………………..

6. Gaweya limang pitakon kang ana sesambungane karo wacan ing dhuwur!

Pakaryan 2
 Ing perangan iki para siswa kadhawuhan ngonceki nilai-nilai kang kamot sajroning omah
adat joglo. Mula saka iku nglumpuka dadi klompok.klompok, diskusekna karo kanca
klompokmu ngenani nilai-nilai ing omah adat joglo.
 Manawa ing klasmu bisa ngakses internet, para siswa uga bisa nggoleki sumber informasi
lumantar internet.
 Catheten asiling dhiskusi!

Pakaryan 3
 Ing perangan iki, para siswa dikarepake nganakake diskusi klompok ngrembug babagan
wewangunan omah joglo. Sing dadi bahan pirembugan yaiku njlentrehake perangan-
perangan omah joglo utawa istilah ruwangan-ruwangan utawa nilai-nilai kang kamot ing
perangan omah joglo kang lumrah digunakake ing dhaerahmu. Bisa uga makna saka
perangan omah joglo kang umum dirembug ing dhaerahmu!
 Tulisen asiling dhiskusi! Bisa diandharake nganggo basa dialekmu/padinanmu!

Sawise nggarap saperangan gladhen kang cumawis, ing trap iki putra siswa wis kaanggep
ngerteni babagan wewangunan omah joglo. Mula saka iku, supaya nambahi pangerten omah
joglo kanthi mandhiri siswa kadhawuhan :
3. Golek artikel utawa tulisan saka media liyane, kayata ariwarti (koran), kalawarti (majalah),
TV, radhio, internet, buku, lan sapiturute ngenani omah joglo!
4. Sawise wis bisa nemokake, banjur oncekana lan gancarna!
5. Gawenen katrangan ngenani omah joglo iku nganggo apthokan wacana deskripsi! Garapan
ditumpuk ing pasatemon candhake!
6. Pakaryan kasebut wartakna marang kanca-kancamu ing papan liya bisa lumantar sinau
klompok, madding utawa internet!

Pakaryan 4
 Ing pakaryan iki siswa kadhawuhan ngandharake asil dhiskusi klompoke.
 Mula swasana klas digawe dadi ruwang dhsikusi.
 Kanggo gegambaran lumakune diskusi klas, nalika arep miwiti diskusi, tata cara kang
ditindakake yaiku :
1) Temtokna pangarsa, penyaji, lan panulis. Dene anggota liyane dadi panyarta/peserta
2) pangarsa mbuka diskusi;
3) penyaji ngandharake bahan diskusi;
4) nggoleki sebab-sebab kang ndadekake masalah;
5) diskusi/mecahake masalah; tindakna diskusi kang becik! Kanggo klompok liyane
duwe tugas aweh panemu kang awujud panyengkuyung utawa panyaruwe!
6) gawe dudutan (penyimpulan); macakake asiling diskusi
7) pangarsa nutup diskusi.

WACANA EKSPOSISI
Wacana eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab
kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi kang genep babagan sawijining objek, sabanjure
pangreten pamaos isa mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi ngreti,
ngonceki, aweh pamrayoga (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulisane iki isa
ditindakake lumantar sadhengah cara penjelasan, ing antarane penjelasan proses lan penjelasan
ilustrasi.
Bab kang diinformasekake ing karangan/wacana eksposisi isa awujud:
1. Data faktual, yaiku sawijining kahanan kang kanyatan kedadeyane, ana, lan isa asipat historis
(isa dicritakake kanthi cetha),
2. Sawijining analisis utawa penapsiran objektif marang saprangkat fakta;
3. Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyaknan.
Eksposisi utawa pemaparan ateges salah sawijining wujud tulisan utawa retorika kang
ngupadi njlentrehake lan ngandharake sawijining pokok pikiran, kang isa nambahi pangreten
utawa wawasan pamaos. Eksposisi utawa paparan nyawisake fakta utawa gagasan kang dirakit
kanthi sabecik-becike lan ancase gampang dingreteni dening pamaos.Mula saka iku, paparan
kudu rinakit kanthi tratur, logis, lan ganep.
Paragraf eksposisi trep banget digunakake kanggo njlentrehake uraian-uraian ilmiah
popular utawa uraian-uraian ilmiah kang ora ngujuk-ujuki pamaose. Sadurunge ngrakit karangan
eksposisi mesthine kita prelu nyiyapake data-data utawa fakta kang diprelokake kanggo
njlentrehake prastawa kang rinembug.
Topik sajrone eksposisi yaiku woh pamikir utawa ide, pangrasa, panemu penulis kang
bakal dijlentrehake. Iku uga kerep diarani ide pokok. Topik, ide pokok, pangrasa, lan panemu iki
bisa dikembangake dadi paragraf eksposisi kanthi nambahake pikiran-pikiran kang nyengkuyung
kebenerane topik utawa ide pokok kasebut.
Ngembangake gagasan kanthi pola pengembangan eksposisi proses mbutuhake proses
mikir utawa intelektual. Penjelasan proses utawa operasional iku penjelasan kang mbudi daya
mangsuli pitakon ;
- kepiye sawijine pakaryan?
- kepiye sawijine dumadi?
- objek utawa bab iki klebu tahap kang endi?
- objek utawa garapan iki dumadi saka tahap-tahap endi wae?
Penjelasan proses satenane isa dibedakake dadi rong werna, yaiku penjelasan proses kang
asipat kronologis lan penjelasan proses kang asipat mekanis. Sajrone penjelasan kang asipat
kronologis, pamikire kita diarahake marang tahap-tahap pelaksanaan fungsi kanthi dinamis.
Kosok baline sajrone penjelasan kang asipat mekanis pamikire kita tumuju marang kinerja,
kanggo nyethakake apa saben perangan wis lumaku jumbuh karo uraian ngenani fungsine.
Trap-trapan ngembangake cengkorongan dadi paragraph eksposisi yaiku :
a) Nemtokake topik/tema
Yen pinuju gawe karangan, apa wae jinise karangan trap kapisan kang kudu ditindakake
yaiku nemtokake utawa milih tema. Saka tema iki mula bukane bakal dikembangake dadi
tulisan. Supaya ora kangelan anggone nulis lan ngembangake isi karangan, mula tema kang
digarap aja kekamban jangkane/temane. Yen tema kang bakaldikembangake temane
kekamban becike diwatesi utawa dicekakake dadi tema-tema cekak.
b) Nemtokake ancas karangan
Luwih dhisik gawenen pola pengembangane supaya katrangan isa runtut lan sistematis. Pola
karangan eksposisi isa kawiwitan saka kang asipat umum marang khusus utawa Sabanjure
nemtokake ancas karangan. Ing kene ngupadi njlentrehake pokok masalah kang kamot ing
tema. Mula iku diprelokake fakta-fakta kang kudu dirakit kanthi becik supaya gampang
pamaos.

c) Nglumpukake bahan karangan


Bahan tulisan eksposisi isa digoleki saka maneka warna sumber, upamane buku, majalah,
laying kabar, lan sapiturute. Panulis uga isa entuk bahan tulisan kanthi cara wawancara.
Sabanjure kanthi nindakake pengamatan lan peninjauan langsung marang objek kang tinulis,
isa takon marang wong kang tau nglakoni utawa nliti prastawa utawa perkara kaya kanga rep
tinulis, isa uga lumantar angket..
d) Gawe cengkorongan/kerangka karangan
Sajroning nulis karangan, panulis prelu gawe cengkorongan tulisan, amarga sakabehe bahan
kang diklumpukake kudu dirinci lan dipithati kanthi premati. Bahan-bahan kang
nyengkuyung marang tulisan wae isa digunakake, dene kang ora isa dilirwakake. Ancase
gawe cengkorongan karangan iki supaya panulis gampang ngembangake isi karangan.
e) Ngembangake cengkorongan dadi paragraf kang utuh
Sawise cengkorongan karangan rampung, sabanjure dikembangake dadi tulisan kanthi
pengembangan kang becik. Sakabehe pikiran utama saka pikiran kang kamot sajroning
cengkorongan tulisan dikembangake dadi ukara utama lan ukara katrangan. Mesthine
sajroning ngembangake kudu runakit kanthi nggatekake panulise basa Jawa kanthi becik lan
bener, sarta tandha wacan kang bener.
Eksposisi kudu ngemot perangan-perangan kaya andharan iki.
1. Njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan;
2. Mrelokake fakta kang dikuatake utawa dicethakake kang angka, peta statistic, grafik,
organigram, gambar, lan sapiturute;
3. Mrelokake analisis lan sintesisi nalika ngonceki bahan lan fakta;
4. Nggoleki sumber ides aka : pengalaman, pengamatan, sikap lan keyakinan.
Pathokan panulise eksposisi.
1. Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok
prastawa/persoalan.
2. Isi eskposisi ora duwe karep ngundang reaksi, ndayani sikap lan panemune pamaos.
3. Gaya eksposisi kudu informatif lan ngyakinake.
4. Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional.
5. Ing eskposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi, maksude gawe rumusan
lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi bahan pembuktian).
6. Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangretene pawongan marang objek
kang dirembug.
7. Panulis eksposisi kudu ngreti prastawa kang diandharake.
8. Panulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.

Setitekna tuladha-tuladha karangan eksposisi iki!


a. Pola proses
Bakwan urang, nggadho siji mesthi kurang

Ubarampe:250 gram thokolan, aja lali dikumbah dhisik, sledri dirajang lembut, lon-
cang dirajang lembut, 150 gram urang dicacah kasar, 100 gram urang wutuh, 100 gram
glepung gandum.
Kanggo jladren : 150 ml santen cuwer/banyu, 1/4 sdt soda kue, 1/2 sdt uyah, 1/4 sdt
mrica bubuk, bawang 3 diuleg lembut, endhog pitik 1 diublek sedhela.
Carane gawe :
1. Campur kabeh ubarampe jladren, udhak bareng endhog sinambi dicuri santen utawa
banyu nganti jladren dadi kalis. Sabanjure cemplungi thokolan, urang, loncang lan
sledri.
2. Lenga klentik sing akeh dipanasake jroning wajan nganggo geni sing panase sedeng-
an. Celupke sendhok jangan legok sing kanggo cithakan. Angkat sendhok sawuse pa-
nas, diiseni jladren, tambahi 1-2 urang wutuh ing dhuwure, banjur digoreng nganti
mateng.
3. Bakwan urang sumadya kanggo lawuh utawa gadon.

b. Pola sebab – akibat


Ditata Murih Nyaman

Tembung taman ana werna loro, yaiku kang kapisan ateges pakebonan kang
tinanduran kekembangan lan kapindho, tanduran kekembangan.
Saka andharan mau dadi cetha menawa titikaning sawijining taman kudu ana
tanduran lan kekembangan. Tanduran utawa tetuwuhan dadi pratandha murih samubrang
kang ana ing alam donya iki tansah dijaga murih lestari. Dene kekembangan kang
ditandur ing taman mesthi wae samubarang kembang sing sarwa asri lan gandane wangi
sarta wujude endah edi. Gathuking panemu, taman dadi sarana murih lestarining tumitah
kanthi samubrang kang endah.
Ana uga kang nyebut taman kanthi tetembungan pasren. Dumadi saka tembung asri
kang tegese endah, antuk ater-ater ‘pa’ lan panambang ‘an’. Yen diudal dadi ‘pa + asri +
an’. Mengku teges sawijining papan kang kebak kaendahan.
Kanthi kahanane kang asri lan endah, taman uga bisa dadi sarana kanggo lelangen
(panglipur), ngenggar-enggar penggalih lan nentremake pikir. Tuladha tumrap bab iki
kacetha ing pegelaran seni lan kasunyatan ing madyaning masarakat.
Menawa jagad pekeliran lan pagelaran kethoprak bisa kanggo nggambarake
kahananing masarakat Jawa ing jaman semana, kacetha menawa taman bisa dadi sarana
kanggo lelangen, ngenggar-enggar penggalih lan nemtremake pikir. Awit jroning
pagelaran wayang purwa ing jaman semana, kang kelakon sewengi natas lan ing
pagelaran kethoprak, ing kono tansah ana jejer taman.
Rembug rame lan sereng ing pasewakan, padudon ing pangurakan lan peperangan
ing palagan, sawetara dileremake jroning adegan taman kanthi jumedhule juru taman,
biyung emban lan panakawan. Ing kene swasana rame, kenceng lan sereng dadi lerem
kanthi gegojegan, lagon lan kidungan. Kanthi mangkono jejer taman nyata bisa dadi
sarana nyidhem lan gawe salarasing kahanan.
Ing jaman saiki rikala kahanan donya wis ora karuh-karuwan, kebak, panas, dedreg,
seseg lan sumpeg, sarta hawa saben kutha wis reged kanthi anane polusi, taman kutha
tetep kudu ana sing saben kutha. Kajaba bisa dadi paru-paruning kutha, uga bisa dadi
papan panglipur rikala nandhang dhuhkita sarta nyipta kahanan tata titi tentrem karta
raharja.
Andharan sapala lan sarwa prasaja babagan taman iki bakal dakbundheli kanthi
jarwan othak-athik-gathuk. Taman yaiku ditata murih nyaman. Nuwun.

c. Pola ilustrasi
Budaya lokal kanggo nanggulangi pangaruh globalisasi

Karusakan lan kamusnan ora amung disebabake gaman kang canggih, nanging uga
jalaran manungsa dhewe ora duweni daya kang mumpuni kanggo ngrawat, ngrumat, lan
ngendhaleni ngrembakane ilmu pengetahuan kang saiki iki lagi ngalami invaliditas etik
utawa piwulang tata krama wiwit dikiwakake lan wusanane bakal nglairake rupa donya
kang nyumelangi utawa ngalami krisis.
Bukti nyata wus katon. Upamane anane krisis lingkungan, krisis kasedhiyan barang,
krisis perang, blawure gambaran mangsa ngarep, krisis pangan, krisis gaweyan, lan ilan-
ge kabebasan dhiri. Lan krisis iki uga dialami bangsa Indonesia saiki iki.

Gladhen
1. Temtokna sawijining tema kanggo gawe karangan eksposisi kang awujud pawarta cekak!
Sabanjure gaweya cengkorongane! Adhedhasar cengkorongan kasebut gaweya pawarta
prasaja nggunakake basa ngoko! Gaweya rong pawarta kanthi tema kang beda!
2. Sawise pawarta iku koktulis nggunakake basa ngoko, salinen nggunakake basa krama!

Tugas Mandiri
Ana ing sakiwa tengenmu mesthi ana kedadeyan kang narik kawigaten. Saka prastawa iku
tulisen lan dadekna sawijining pawarta kang isa narik kawigaten. Sabanjure klumpukna
bebarengan gaweyane kanca liyane. Asilmu kuwi isa kokpajang ana ing majalah dinding, utawa
dimuat ing majalah sekolah!

WACANA ARGUMENTASI
Sajrone komunikasi antarane anggota masyarakat, argumentasi dadi sawijining cara kang
penting banget, embuh tumrap saben wong apa dene tumrap sakabehe anggota-anggota
masyarakat, minangka piranti ijol-ijolane informasi kang ora bisa diwengku dening panemu-
panemu kang subjektif. Kanthi menehake fakta-fakta minangka informasi mula sapa wae kang
nampa informasi rumangsa yakin yen apa kang dijlentrehake pantes ditampa minangka
samubarang kang bener.
Umpama sawijine wong gawe argumentasi ngadhepi samubarang perkara kang serius lan
kang bisa nuwuhake perkara kang gedhe, mula kudu nduwe sikap kang mesthi kanggo
njlentrehake samubarang perkara iku kanthi intelektual, lan ora mung mana suka utawa kanthi
emosional. Bab kasebut bisa ditindakake kanthi nuduhake samubarang bahan awujud fakta-fakta,
kedadeyan-kedadeyan, asil-asil observasi, dokumen-dokumen kang penting, statistik, asil survei,
studi kelayakan, lan sapanunggalane.
Ancas panulise argumentasi uga mbudi daya kanggo nuduhake :
- apa kang nuwuhake prekara kuwi,
- apa ana tujuwan kang ora katon,
- apa tujuwan kang nyata saka prekara kuwi,
- apa ana bathine utawa rugine kanggo nggayuh tujuwan kuwi,
- tujuwan endi kang kirane nekakake manfaat kang gedhe,
- lan kepiye cara mbudi dayane.
Saka prinsipe argumentasi iku kaperang saka :
(a) Pambuka
Sajrone pambuka (pendahuluan) dijlentrehake perkara kang dirembug ing wektu iki,
umpama nerangake latar belakang masalah kang ana gayute langsung karo prekara kang
bakal dirembug. Anggone ngandharake kawitan saka prastawa kang bakal diwenehi panemu
murih prastawa kang dadi topike isa rampung lan ngasilake bab kang isa ditampa dening
liyan. Sabanjure mangsuli pitakon kena ngapa prekara kuwi dadi undheraning andharan, apa
manfaate yen prekara kuwi isa diwedharake.

(b) Surasane (argumentasine)


Sakabehe proses panggawene argumentasi gumantung saka kaprigelane panulis
kanggo nggoleki kebenerane anggone nyusun fakta-fakta, mula bisa nggawe
dudutan/simpulan kang uga bener. Kanggo ancas kasebut, panulis argumen bisa nggunakake
perbandingan, analogi (persamaan), definisi, crita-crita kang ilustratif, lan sapanunggalane.
Mula anggone nggunakake fakta utawa data kudu kang aktual lan isa di buktekake
kebenerane lan aktual (up to date).

(c) Simpulan utawa dudutan


Maneka wujud kang dijlentrehake dening topik sajrone panggawene argumentasi,
panulis kudu njaga supaya kesimpulan kang digawe jumbuh karo tujuwan, lan mbiyantu
ngelingake pamirsa/pamaca babagan apa kang wis dumadi lan ngapa andharan kang
dijlentrehake bisa ditampa kanthi logis. Ing babagan iki minangka asil saka andharan kang
dijlentrehake kanthi gamblang ing bab/perangan sadurunge, mula kudu isa gawe cethane
kang maca utawa ngrungokake aja malah gawe bingung.
Gladhen
1. Temtokna sawijining tema karangan argumentasi!
2. Saka tema kang wis kogawe mau kembangna dadi cengkorongan wacana argumentasi!
3. Gawea karangan argumentasi adhedhasar cengkorongan kang wis kogawe!
Tugas Mandiri
Cobanen kaprigelanmu aweh panemu kang awujud argumentasi ing kalodangan pasatemon
OSIS!

Pakaryan Ragam Jenis Teks

1. Trap-trapan ngembangake cengkorongan dadi paragraf minangka sepisanan yaiku ….


a. nemtokake topik/tema
b. nemtokake ancas karangan
c. nglumpukake bahan karangan
d. gawe cengkorongan/kerangka karangan
e. ngembangake cengkorongan dadi paragraf kang utuh
2. Trap-trapan kang ditindakake panulis eksposisi nalika ngrinci lan mithati sakabehe bahan
kang diklumpukake yaiku ….
a. nemtokake topik/tema
b. nemtokake ancas karangan
c. nglumpukake bahan karangan
d. gawe cengkorongan/kerangka karangan
e. ngembangake cengkorongan dadi paragraf kang utuh
3. Pathokan panulise eksposisi kaya ing ngisor iki, kajaba ….
a. eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok
prastawa/persoalan.
b. isi eskposisi ora duwe karep ngundang reaksi, ndayani sikap lan panemune pamaos.
c. gaya eksposisi kudu imajinatif.
d. basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional.
e. ing eskposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi
4. Ancase panulise argumentasi uga mbudi daya kanggo nuduhake bab-bab kaya ing ngisor
iki, kajaba ….
a. apa tujuwan kang nyata saka prekara kuwi,
b. apa ana bathine utawa rugine kanggo nggayuh tujuwan kuwi,
c. tujuwan endi kang kirane nekakake manfaat kang gedhe,
d. lan kepiye cara mbudi dayane.
e. Sapa kang ngongkon nulis
5. Perangan panulise argumentasi kang ngemot perkara kang dirembug ing wektu iki,
nerangake latar belakang sejarah kang ana hubungane langsung karo prekara kang bakal
dirembug, yaiku ….
a. Pambuka
b. Surasane (argumentasine)
c. Simpulan utawa dudutan
d. Metode penelitian
e. Daftar pustaka
6. Perangan panulise argumentasi kang mbiyantu ngelingake pamirsa/pamaca babagan apa
kang wis dumadi lan ngapa andharan kang dijlentrehake bisa ditampa kanthi logis, yaiku
….
a. Pambuka
b. Surasane (argumentasine)
c. Simpulan utawa dudutan
d. Metode penelitian
e. Daftar pustaka
7. Ing panulise argumentasi mbutuhake fakta-fakta utawa data-data kang ancase dadi dhasar
anggone gawe argument. Bab iki tinulis ing ….
a. Pendahuluan
b. Surasane (argumentasine)
c. Simpulan utawa dudutan
d. Metode penelitian
e. Daftar pustaka
8. Adhedhasar saka andharan lan fakta kang wis dijlentrehake mula kaya mangkono panemu
saka panulis. Pratelan iku isa dumunung ing perangan ….
a. Pendahuluan
b. Surasane (argumentasine)
c. Simpulan utawa dudutan
d. Metode penelitian
e. Daftar pustaka
9. Ruwangan kang wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan
iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional
Jawa. Dene kang digunakake kanggo kluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi), yaiku
….
a. Teras utawa Pendhapa d. Krobongan/senthong
b. Pringgitan e. Gandhok atau Pawon/pekiwan
c. Dalem Agung
10. Papane ana ing mburi dhewe. Fungsine kanggo masak lan kamar mandi. Sanajan katon
prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai
luhur, yaiku ….
a. Teras utawa Pendhapa d. Krobongan/senthong
b. Pringgitan e. Gandhok atau Pawon/pekiwan
c. Dalem Agung

Essay
1. Temtokna tema kanggo nulis wacana argumentasi!
2. Gawea cengkorongan wacana argumentasi adhedhasar tema kang kogawe!
3. Kembangna cengkorongan kuwi dadi wacana argumentasi!
4. Gaweya saparagraf deskripsi kang nggambarake piranti kang paling koksenengi!

Anda mungkin juga menyukai