JINISING UKARA
1. Ukara Kandha (kalimat langsung)
Yaiku ukara kang dipocapake kanthi langsung (Kalimat Langsung).
Tuladha :
Bapak ngendhika, “Aku ameh tuku bakso”.
"Bocahe ayu tur pinter dandan", jaréné Ki Walang
2. Ukara andharan/ Ukara carita (kalimat berita)
Yaiku ukara sing isine kang ngabarake utawa ukara kang nyritakake
bab/kedadean. Cirine ukara andharan yaiku dipungkasi kanthi waca titik (mandeg),
mula macane kanthi intonasi/ nganggo swara kang rata (datar) lan ora ana
penekanan babar pisan.
Tuladha:
a. Mau bengi ana kebakaran ning omahe pak bejo.
b. bapak tindak dhateng kantor
3. Ukara pitakon (kalimat tanya)
Yaiku ukara kang isine nakokake bab tertentu. Cirine ukara pitakon yaiku
dipungkasi tandha waca piatakon, mula pamacane kanthi intonasi takon.
Tuladha:
a. Sampeyan mundhut napa?
b. Bapak dhahar apa?
Ukara pitakon kaperang dadi 3, yaiku:
a. Ukara Pitakon lumrah: ukara pitakon kang lumrah digunakake saben dina.
Tuladha:
- Sapa jenengmu?
- Ana ngendi omahmu?
- kapan adhimu bali sekolah?
b. Ukara retoris: ukara pitakon kang ora butuh wangsulan.
Tuladha:
- Sapa sing ora pengin mlebu suwarga?
- Sapa sing ora kepengin dadi wong sukses?
- Tiba kuwi lara?
c. Ukara pitakon paminta utawa pitakon nyoba: ukara pitakon sing isine nari
utawa menehi pendapat.
Tuladha:
- Piye yen awake dhewe leren dhidik?
- Saupama klambi kuwi diwenehake adhimu piye, Nduk?
- Kowe mathuk apa ora yen saiki awake dhewe besanan?
4. Ukara pakon (kalimat perintah)
Yaiku ukara kang isine mrentah wong liya nindakake pakaryan tartampu
manut apa sing dikarepake sing ngongkon. Cirine ukara pakon yaiku dipungkasi
tandha waca seru, mula pamacane kanthi intonasi seru lan rada diteken.
Tuladha:
a. Ngaliha!
b. Sinau sing sregep!
Ukara pakon kaperang dadi 5, yaiku:
a. Ukara Pakon Lumrah
Tuladha:
1. Ndang ombenen!
2. Awas sing ati-ati!
3. Wis enggal garapen!
b. Ukara Pakon Pamenging
Tuladha:
1. Kowe ora kena dolan yen durung sinau!
2. Aja rame-rame simbah nembe sare!
3. Aja mangan ana ing ngarep kelas!
c. Ukara Pakon Pangajak
Tuladha:
1. Awake dhewe saiki leren dhisik!
2. Ayo padha mampir nggonku dhisik!
3. Sadurunge kawiwitan ayo padha ngeningake cipta!
d. Ukara Pakon Panantang.
Tuladha:
1. Antemen yen pancen kowe wani!
2. Maraa rene yen nyata-nyata dhugdheng!
3. Gage balangen yen njaluk benjut sirahmu!
e. Ukara Pakon Paminta.
Tuladha:
1. Mbok kowe kuwi mengko dolan menyang omahku!
2. Dhik, tulung cendhelane ditutup bae!
3. Aku dakdolan nang omahmu, nanging disuguhi ya!
5. Ukara Sambawa
Yaiku ukara kang isine awujud pangarep-arep, saumpama, utawa sanadyan.
Ukara iki rancake migunakake tembung-tembung kang kawuwuhan panambang –a
utawa -ana.
Tuladha:
1. Panasa, ya klambiku ben garing.
2. Udana sing deres ben tandhuranku subur.
3. Mrenea wiwit biyen kowe ora katon kapiran.
4. Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.
5. Tinangisana nganthi semaput, dheweke ora bakal urip.
6. Diwenehana klambi apik, ya ra tahu dienggo.
6. Ukara Sananta
Yaiku ukara kang isine niyat, karep, utawa sedya. Ananging, kang duwe niyat
utawa sedya mau awake dhewe. Mesthi wae ukara iki durung kalakon utawa durung
katindakake jalaran isih awujud niyat.
Tuladha:
1. Sesuk awan aku arep golek degan ijo.
2. Kareben munggah sekolah, aku kudu sinau mempeng.
3. Aku arep umbah-umbah, kowe aja ngajak crita wae.
4. E, dak dolan menyang daleme simbah.
5. Tinimbang ndomblong, dak resik-resik latar mburi, ah!
7. Ukara Panguwuh (kalimat seru)
Yaiku ukara kang nggambarake rasa ora percaya, emosi sing kuat rasa gumun.
Cirine ukara panguwuh yaiku diwiwiti kanthi tembung panguwuh Tembung
panguwuh yaiku : Wow, wadhuh, Hi, Hore, wah,dll.
Tuladha:
a. Horee.. aku oleh biji satus !
b. wow, apike montore !
8. Ukara Tanduk (kalimat aktif)
Yiku ukara sing wasesane awujud tembung kriya tanduk utawa antuk ater-ater
anuswara (m-, n-, ng-, ny-) lan jejere nindakake pakaryan utawa jejere sing nyambut
gawe.
Ukara tanduk kaperang dadi 2, yaiku:
a. Ukara tanduk mawa lesan (kalimat aktif transitif)
Tuladha :
Tono mangan sega
Aris nggambar kewan
Tini njait klambi
b. Ukara tanduk tanpa lesan (kalimat aktif intransitif)
Tuladha :
Budi adus
Udin sinau
Retno mlaku-mlaku
9. Ukara Tanggap (kalimat pasif)
Yaiku ukara kang wasesane awujud kriya tanggap utawa antuk ater-ater
tripurusa (dak-, ko-, di-) lan jejere dikenani pakaryan utawa jejere dadi sasaran.
Tuladha:
Segane dipangan Tono
Kewane digambar Aris
Klambine dijait Tini
10. Ukara Panjaluk (kalimat permohonan/permintaan)
Yaiku ukara pakon sing luwih alus.
Tuladha:
Coba kowe nembanga sing apik.
Tulung aku digolekne kembang sing seger
11. Ukara Pangajak (kalimat permintaan)
Yaiku ukara kang isine pakon supaya bareng-bareng nindakake pegaweyan
karo sing ngajak. Dadi sing ngajak lan sing diajak bareng-bareng nindakake
pegaweyan.
Tuladha:
Ayo nonton sirkus!
Sadurunge kawiwitan ayo padha ngeningake cipta!
12. Ukara Lamba
Ukara lamba uga diarani ukara tunggal, yaiku ukara kang gagasane mung siji
kang dumadi saka Jejer (J) lan Wasesa (W). Ukara lamba uga bisa katambahan Lesan
(L) lan uga Katrangan. Katrangan bisa arupa Katrangan Panggonan (K.P) utawa
Katrangan Wektu (K.W).
Tuladha:
Wingi sore aku tuku bumbu lodheh
Pak Marjuki Sare
13. Ukara Camboran
Yaiku ukara kang gagasane luwih saka siji, kang dumadi saka Jejer (J), Wasesa
(W), Lesan (L) utawa Katrangan (K). Ukara Camboran diperang dadi 3, yaiku :
a. Ukara Camboran Sejajar (Kalimat Majemuk Setara)
Yaiku ukara kang dumadi saka ukara lamba loro utawa luwih kang siji-sijine
ukara mau isih madeg dhewe-dhewe sarta surasaning ukara-ukara mau ana
gandheng cenenge.Ukara camboran sajajar kaperang dadi 3, yaiku:
1) Ukara camboran jejeran, yaiku ukara kang siji surasane runtut karo ukara
liyane.
Tuladha : Adhi lagi sinau, bapak maca koran, dene aku lagi nggambar.
2) Ukara camboran kosok balen, yaiku ukara kang siji surasane dadi kosok
balen karo ukara liyane.
Tuladha : Adhine sregep, nanging kakange kesed
3) Ukara camboran sebab akibat, yaiku ukara kang siji surasane dadi sebab
utawa dadi akibat.
Tuladha : Kowe yen sregep sinau, wis samesthine bijimu apik.
b. Ukara Camboran Raketan (Kalimat Majemuk Rapatan)
Yaiku ukara camboran kang kadadeyan saka ukara lamba sing diraketake,
kanthi ngilangi gatra utawa tembung sing padha dijupuk salah siji. Ukara
camboran raketan kaperang dadi 4, yaiku :
1) Ukara camboran raketan jejer
Tegese jejere ukara kang siji ora disebutake maneh.
Tuladha :
1. Aku sarapan
2. Aku budhal sekolah
3. Aku sarapan banjur budhal sekolah
2) Ukara camboran raketan wasesa
Tegese ukara loro utawa luwih nanging wasesane mung siji.
Tuladha :
1. Aku ngombe es degan
2. Rani ngombe es jeruk
3. Aku ngombe es degan dene Rani es jeruk
3) Ukara camboran raketan lesan
Tegese ukara loro sing lesane diraketake.
Tuladha :
1. Ibu mundhutake tas adhiku
2. Bapak mundhutake sepatu adhiku
3. Ibu mundhutake tas adhiku, dene bapak sepatu
4) Ukara camboran raketan katrangan
Tegese ukara loro sing katrangane diraketake.
Tuladha :
1. Aku numpak bisa menyang Surabaya
2. Ratna numpak sepur menyang Surabaya
3. Aku numpak bisa menyang Surabaya dene Ratna numpak sepur
c. Ukara Camboran Susun (Kalimat Majemuk Bertingkat)
Yaiku ukara kang salah siji gatrane dimekarake. Tegese ana sing dadi ukara
babon (induk kalimat) kang diterangake ukara pang (anak kalimat). Ukara babon
awujud klausa inti, dene ukara pang ora kalebu klausa inti. Ukara camboran
susun uga katitik saka tembung panggandheng kayata yen, sing, supaya, nalika,
kaya, tinimbang, senajan, jare, jalaran, karo, lsp.
14. Ukara Prajanji (kalimat perjanjian)
Yaiku ukara sing isine prajanji marang wong sing diajak guneman (wong
kapindho).
Tuladha :
Anggere kowe krasan ana kene suk mben daktukokake sepedha anyar
Menawa usaha iki bisa kasil uga dakwenehi
UNGGAH-UNGGUH BASA
1. Basa Ngoko Lugu (Wantah)
Yaiku, basa ngoko sing ora kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap
wong sing diajak guneman.
Titikane :
1. Tembung-tembunge ngoko kabeh
2. Ater-ater lan panambang ora dikramakake
Gunane kanggo nggambarake rasa rumaket jalaran sing rembugan wis padha
dene kulina, mula ora kanthi kurmat-kinurmatan.
Panganggone :
1. Sapadha-padha sing wis kulina
2. Ndhuwuran marang andhahan
3. Wong kang wis tuwa marang sing enom
4. Wong tuwa marang anake
5. Guru marang muride
6. Guneme wong ngunandika (grenengan/nggrundhel)
7. Bocah cilik sing durung bisa guneman cetha
Tuladha:
Mangana dhisik yen arep lunga
Kowe sida nyilih majalahe mbak Retno?
2. Basa Ngoko Alus (Andhap)
Yaiku, basa ngoko sing kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap
wong sing diajak guneman.
Titikane :
1. Tembung ngoko, nanging kacampur tembung krama inggil
2. Kang dikramakake inggil yaiku wonge, tumindake, lan barang kang dadi
duweke
3. Ater-ater lan panambange ngoko/ ora dikramakake
4. Tembung “aku” ajeg/ tetep dadi “aku”
5. Tembung “kowe” owah dadi “panjenengan”
Gunane kanggo nggambarake kahanan pasrawungan kang rumaket, nanging
isih tetep ngajeni. Tembung ngoko nelakake rasa rumaket, dene tembung krama
inggil nelakake rasa ngajeni.
Panganggone :
1. Sedulur enom marang sedulur tuwa
2. Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajate luwih dhuwur
3. Ibu marang bapak sing wis kulina ngoko-ngokoan
4. Wong tuwa marang wong enom kang suwe ora tau ketemu
5. Sapadha-padha umure utawa pegaweyane kang padha dene ngajeni
6. Priyayi marang priyayi kang wis kulina banget
Tuladha:
Panjenengan dhahar dhisik yen arep tindak
Panjenengan sida ngampil majalahe mbak Retno?
3. Basa Krama Lugu (Madya)
Yaiku, basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kacampuran tembung-
tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Titikane :
1. Tembung-tembunge krama kabeh ora kacampuran krama inggil
2. Ater-ater lan panambange dikramakake
3. Tembung “aku” owah dadi “kula”
4. Tembung “kowe” owah dadi “sampeyan”
Nuduhake watak ngajeni nanging kurang alus marang wong sing diajak
guneman.
Panganggone :
1. Marang wong sing sadrajat amarga durung raket
2. Kanca padha kanca sing durung kulina
3. Wong tuwa marang wong enom sing durung kulina
4. Guneme wong marang tepungan anyar
Tuladha :
Sampeyan nedha rumiyin menawi badhe kesah
Sampeyan siyos nyambut kalawartinipun mbak Retno?
4. Basa Krama Alus (Inggil)
Yaiku, basa krama sing tembung-tembunge alus lan kacampuran tembung-
tembung inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Titikane :
1. Tembung-tembunge krama kacampuran krama inggil
2. Ater-ater lan panambange dikramakake
3. Tembung “aku” owah dadi “kula”
4. Tembung “kowe” owah dadi “panjenengan”
5. Kang dikramakake inggil yaiku wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke
6. Yen awake dhewe (pamicara) ora kena dikramakake inggil
Nuduhake watak kang ngajeni banget marang wong sing diajak guneman,
nanging yen kanggo awake dhewe ora prelu dikramakake.
Panganggone :
1. Wong enom marang wong tuwa
2. Marang wong sing luwih dhuwur drajate
3. Guneme abdi/rewang marang bendarane/ juragane
4. Guneme andhahan marang dhedhuwurane
Tuladha :
Panjenengan dhahar rumiyin menawi badhe tindak
Panjenengan siyos ngampil kalawartinipun mbak Retno?
AKSARA MURDA
Aksara murda tegese sirah utawa aksara gedhe utawa huruf kapital. Aksara murda
gunane kanggo pakurmatan utawa ngurmati. Sing lumrah aksara murda kanggo nulis
jeneng wong-wong luhur, jejulukan, gelar, papan panggonan, pakurmatan, kalebu
pangkat utawa kalungguhan.
AKSARA REKAN
Aksara rekan yaiku aksara kang sengaja direka utawa digawe njangkepi cacahe aksara kang
bisa katulis nganggo Aksara Jawa. Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang
dicethakake, luwih-luwih tembung kang asale saka basa Arab.
7. Aksara rekan ora kena digawe pasangan, kajaba mung aksara rekan fa/va ( )
kang wujud pasangane yaiku ( ). Mula yen aksara rekan dumunung ing
ANGKA JAWA
Panulise Aksara Angka yaiku :
2. Manawa angka Jawa iku pungkasane ana tandha koma lan tandha titik mula
panulise pada pangkat mung ana ing ngarepe angka Jawa
3. Angka Jawa ora kena dipasangake
Tuladha :
Bukuku ana 12.
Deklamasi adalah penyajian sajak yang disertai lagu dan gaya. Dalam mendeklamasikan puisi
harus disertai dengan tanda jeda yang tepat. Puisi memiliki irama, lafal, intonasi, bunyi dan nada
suara. Wicara, wirama, wisra, wiraga
Cathetan:
Nalika ana tandha koma (,) pas ana pangkon uga, mula tandha koma (pada
lingsa) kasebut ora kena ditulis maneh lan minangka gantine tandha koma
yaiku sandhangan pangkon iku dhewe.
Tuladha:
Karya sastra iku ana novel, cerkak, geguritan, lan cerbung =
Cathetan:
Nalika ana tandha titik (.) pas ana pangkon uga, mula tandha titik (pada
lungsi) kasebut ora kena ditulis jangkep lan minangka gantine tandha
titik yaiku sandhangan pangkon ditambah koma (pada lingsa).
Tuladha:
1) Kanggo ngapit angka Jawa utawa ngelet-eleti panulise angka Jawa sing
manggon ing tengah-tengahe aksara Jawa.
Tuladha:
Tanduran pala pendhem iku akeh, kayata: pohung, tela, kenthang, suweg,
gembili, lan sapanunggale.
1) Sandhangan Swara, cacahe ana 5 yaiku kanggo nulis swara i, u, e, lan o. Swara /e/ ana werna
2, kang pancen ana ing basa Jawa ana/e/ sing unine /e/ ana sing unine /e/.
No Jenenge Wujude Unine
Sandhangan kanggo nulis swara i, u, e, lan o. Carane nulis sandhangan swara yaiku aksara
kang diwenehi sandhangan swara mapane ana ing tandha titik-titik kaya ing njero kothak ing
dhuwur. Carane mbedakake sandhangan pepet lan taling yaiku dititeni saka swarane.
Tuladha :
1. Sega sate gule :
2. Tuku buku lima :
r
2 Layar .....
ng
3 Cecak .....
3) Sandhangan Wyanjana, cacahe ana telu. Wujud, jeneng, lan gunane ana ing ngisor
iki :
No Jenenge Wujude Gunane
Cakra
1 ..... Sesulihe panjingan ra
Keret
2 ..... Sesulihe cakra lan pepet
Pengkal
3 ..... Sesulihe panjingan ya
Tuladha :
1. Aku tuku krupuk :
2. Subagya trengginas :
Blangkon Yogyakarta iku mburine ana plenthukan sing rada gedhe, adate
diceluk mondhol. Anane mondhol ing sisih buri amarga wong lanang Yogyakarta
jaman semana duwe rambut sing dawa
saengga butuh papan kanggo nyimpen
rambut kasebut. Mondol iku digawe
kanthi ancas nyimpen rambut kang
dawa iku mau. Sanajan saiki rambute
wong lanang Yogyakarta akeh sing
cepak, ananging mondol ana ing
blangkon kudu tetep ana. Ana ing sisih
buri blangkon Yogyakarta uga ana sliwiran sing rada gedhe kaya swiwi. Sliwiran
iku mau adate diarani jebehan. Menawa ing sisih ngarep blangkon Yogyakarta,
ana lipitan kanthi cacah pitulas. Bab iki minangka pralambang cacahe sholat
fardlu ing sadina. Bab iki kanggo ngelingake masarakat marang kwajibane marang
Gusti, yaiku nindakake sholat.
Busana surjan digawe kanthi nggatekake cacahe benik lan wujude busana.
Ana ing sisih ngarep busana surjan katon ana benik cacahe loro. Benik iki
nuduhake loro kalimat syahadat ana ing agama islam kang unine Asyhadu an-laa
ilaaha illallaah ( (ا شهد أن ال إل ه إال اه للsyahadat Kalimat). )ه ل ال ل سو ر محمد أن ا شهد و
rasuulullaah Muhammadan anna asyhadu Wa lan kang kapisan tegese “aku
nyekseni menawa ora ana Gusti kajaba Gusti Allah”, banjur teges kang kapindo
“aku nyekseni menawa Nabi Muhammad minangka utusanning Gusti Allah”.
Benik ing sisih ngarep uga ana sing mapan ing gulu cacahe telung pasang (enam
wiji) kang nggambarake rukun iman, yaiku iman marang Gusti Allah, iman marang
malaikat, iman marang kitab-kitab, iman marang rasul-rasul, iman marang dina
akhir, iman marang Qada lan Qadhar. Bab iki nuduhake menawa wong Jawa kudu
percaya marang Gusti Allah lan tansah kelingan marang dhawuhe Gusti. Ing
busana surjan uga ana benik cacahe telu sing mapan ana ing jero dadi ora ketok
saka jaba, mapan ana ing dhadha cerake weteng. Benik sing ora katon iku mau
nuduhake telung hawa napsu manungsa kang kudu dilawan lan didhelikake,
yaiku nafsu bahimah (hewani),
lawwamah (nafsu makan dan
minum), lan syaitoniah (nafsu setan).
Amarga busana surjan iku duwe
teges filosofis kang kaya mangkana,
mula busana surjan uga bisa diceluk
busana taqwa, yaiku busana kang
ngelingake sing nganggo supaya
manut dhawuhe Gusti Allah. Busana
surjan iku jenise ana loro, yaiku
surjan antakusuma lan lurik.
Surjan-surjan kuwi mau ijik
ngrembaka ana ing masarakat,
sanajan ora kabeh uwong nganggo
surjan kanggo busana saben dina.
Bedane surjan antakusuma karo
lurik iku mapan ana ing bahan lan
motif kang digunakake. Motif kang
digunakake ana ing surjan
antakusuma iku kembang, bab iki
trep karo tegese tembung
antrakusuma yaiku “kembang
mawarna-warna”. Tembung lurik 59 duwe teges corak lirik-lirik, mula wujude
surjan lurik uga garis-garis.
Surjan anatakusuma minangka busana penggedhene Mataram, mula kain
kang digunakake dudu kain sing padatane dinggo masarakat. Kain kanggo gawe
busana surjan antakusuma yaiku kain sutra sing kepenak digunakake. Surjan
kang digunakake prawira karo prajurit mesthi wae beda karo sing digunakake para
penggede. Surjan kang digunakake yaiku surjan lurik. Prajurit lan prawira ana ing
keraton iku cacache akeh banget, surjan lurik sing digunakake iso nuduhake
status sosial abdi dalem ana ing kraton. Status sosial iku bisa disawang saka
gedhe cilike garis ana ing lurik. Surjan lurik kang garise gedhe nuduhake golongan
sosial kang luwih dhuwur tinimbang sing garise cilik.
Keris Surakarta wujude luwih gedhe tinimbang keris Yogyakarta. Wujude keris
ana loro, keris sing lurus lan keris sing ana luke. Jenis keris loro iku mau duwe
teges filosofis kang luhur. Keris sing lurus duwe teges menawa manungsaa iku
kudu teteg. Wong Jawa ora kena mencla-mencle apa kang wus duwe karep kudu
dilakoni kanthi karepe iku mau bisa kasembadan. Bab iki rada beda karo teges
filosofis saka keris sing ana luke, yaiku nuduhake kawicaksanan. Wong Jawa
nalika nemoni perkara kudu dipikir kathi permati lan ngati-ati. Kawicaksanan lan
teteging karep iku mau kudu mlaku bebaregan tumuju marang Gusti kang
Murbeng Dumadi. Bab iki mau ginambar ana ing pucuke keris kang lincip.
Mbabar babagan keris mesthi wae ora jangkep menawa ora ngomongke
warangkane. Warangka bisa dibedakake dadi loro, yaiku ladrang lan gayaman.
Ladrang iku rangka keris sing wujude kaya godhong lan lancip. Rangka keris jenis
iki kena dinggo sapa wae, adate dinggo masarakat lan para abdi dalem. Warangka
gayaman rada beda karo warangka sijine, warangka iki wujude bujel. Warangka
gayaman adate digunakake dening para pangeran, sentana dalem, bupati, lan para
panggedhe.
Carane nganggo keris bisa kathi cara kang maneka warna. Adate masarakat
Jawa ngnggo keris ana ing sisih buri, diselipke ana ing lontong supaya ora tiba.
Ananging sejatine keris bisa dinggo ana ing buri, samping, bisa uga ana ing ngarep.
Keris sing diselehake ana ing sisih buri iso dinggo kanthih cara klabang pinipit,
ngewal, satriya keplayu lele sinundukan, lan munyuk ngilo. Panganggone keris
kanthi cara klabang pinipit yaiku nyelipake keris ana ing jero lontong sisih buri,
anggone nyelehke keris rada miring, gandar ana ing sisih kiwa, banjur wrangkane
ndemok lontong. Cara nganggo keris klabang pinipit iki adate dinggo ana ing
Yogyakarta. Menawa ing Surakarta cara nganggo keris kang kaya mengkene
diarani ngogleng.
Cara ngenggo keris kanthi ngewal arep padha karo klabang pinipit, bedane
anggo keris model iki keris e rada munggah sithik saengga wrangkane ora ndemok
lontong. Cara nganggo keris satriya keplayu yaiku keris diselehake jejeg ana ing
tengah-tengah sisih buri. Panganggone keris sing ora dimiringke kaya mangkono
supaya anggone obah luwih kepenak, adate cara iki digunakake nalika sing
nganggo akeh gawean. Cara nganggo keris model munyuk ngilo meh padha karo
ngewal, bedane yaiku ana ing madhepe keris. Keris sing dinggo kanthi cara iki
gandare ana ing sisih tengen. Cara nganggo keris nganggar yaiku nyelehake keris
ana ilat-ilatan wadhah keris sing ditrap ing bangkean. Cara kang kaya mangkene
adate dinggo nalika lelungan lan menawa arep gawa keris luwih saka siji. Cara
ngganggo keris nyothe yaiku nggawa keris kanthi nylesepake ana lontong ing
bangkean ngiringan (nyothe A). Ananging nyothe uga bisa kanthi cara nggawa keris
ana ing sisih ngarep (nyothe B).
Busana tradisional kanggo wong wedok Jawa yaiku kebaya. Yogyakarta digawe
nganggo kain brokat. Kain brokat iku minangka kain sulaman kang ana motife,
nanging amarga sulamane sing rada arang-arang kain iki semrawang menawa
dinggo mula sadurunge nganggo kebaya kudu nganggo kemben dhisik. Kebaya
Yogyakarta bisa dinggo kanthi polosan ngono wae, ananging uga bisa ditambahi
payet lan bordiran supaya katon luwih endah.
Jarit yaiku kain batik kang dawa. Menawa batik iku minangka kain tradisional
Jawa kang digambari nganggo malam, yaiku salah sawijining jinis lilin kang mligi
kanggo mbatik. Corak batik iku maneka warna. Panganggone corak batik iku mau
duwe pathokan kang kudu diugemi. Warna kang dadi dhasare batik Yogyakarta
adate putih, ananging ana uga sing nganggo coklat karo ireng sanajan ora akeh.
Motif batik Yogyakarta ana maneka warna kayata naga, manuk, ilat geni, lan
sapiturute.
Sadurunge dinggo, jarit iku kudune diwiru dhisik. Wiru yaiku tekukan-tekuan
ing pucukane jarit kang cacahe kudu ganjil. Gedhene wiron iku ya ana aturane.
Wiru kanggo wong wedok gedhene rong driji, kanggo wong lanang gedhene telung
driji. Menawa ing Yogyakarta garis putih ing pucuke jarit kudu diketokake, mapan
ana ing tengah utawa pinggir lipitan. Carane nnganggo jarit ing Yogyakarta diukel
miring saka kiwa dhuwur marang tengen ngisor.
Cara nganggo batik antarane wong lanang lan wong wedok iku dibedakake ana
ing arahe. Menawa wong lanang jarik dinggo saka tengen muter maring kiwa,
ananing menawa wedok sawalike. Supaya kenceng jarik sing wis dinggo diblebet
nganggo stagen ana ing bangkean. Sawise distageni, ditutup nganggo lontong,
banjur pungkasan diwenehi kamus sing wujude meh kaya setut.
BUSANA ADAT SURAKARTA
Bedane blangkon Surakarta karo Yogyakarta sing paling ketok iku ana ing
sisih buri. Blangkon Surakarta iku burine trepes ora kaya blangkon Yogyakarta.
Bab iku bisa kadadean amarga wong lanang Surakarta jaman semana ora duwe
rambut sing dawa saengga ora butuh papan kanggo nyimpen rambut. Masarakat
Surakarta jaman biyen wis kena pengaruh Landa saengga gaya rambute okeh sing
cepak. Wujude blangkon ana ing buri yaiku kataline pucuk tengen lan kiwa, bab
iki minangka pralambang ketemune jagad alit lan jagad ageng. Cara nganggo kang
kaya mengkene duweni ancas
supaya rambut sing nganggo
blangkon bisa disilakke
saengga katon tumata lan
kepenak disaawang.
Busana anyar kang digawe
Kasunanan Surakarta ana
maneka warna, mligine busana
kanggo wong lanang. Ing Surakarta busana kanggo wong lanang cacahe ana lima,
yaiku beskap, atela, sikepan, langenharjan, lan takwa. Busana beskap iku modele
minangka campuran antarane budaya Jawa lan Landa. Busana beskap di desain
lan dijenengi dening wong Landa. Beskap iku ana rong macem, yaiku beskap cekak
lan landung. Beskap cekak iku mburine krowak, nganggo keris, ananging beskap
landung iku anggone nganggo tanpa keris amarga mburine buntet utawa tanpa
krowak.
Atela meh padha karo beskap, sing marai beda amung mapane benik. Benik
kang ana ing beskap mapan ana ing tengen kiwa. Ananging, menawa atela, benik
mapan ana ing tengah wiwit saka gulu tekan ngisor. Busana sikepan iku kaya
atela, ananging benike
dibuka, njerone nganggo
rompi lan busana benikan
(kemeja).
Busana langenharjan iku
wujude kaya campuran antarane
beskap lan jas saka Eropa.
Busana Langenharjan iku kaya
jas Eropa nanging krowak
mburine, nganggo dasi kaya
kupu, lan nganggo busana
benikan (kemeja). Menawa
busana takwa wujude kaya
surjan, burine krowak.
Keris Yogyakarta karo Surakarta wujude meh padha, mung bedane keris
Surakarta luwih gedhe tinimbang keris Yogyakarta. Ukiran ana ing keris Surakarta
adate luwih alus saengga menawa disawang ketok luwih mewah. Keris Yogyakarta
menawa disawang katon luwih prasaja lan klasik tinimbang keris Surakarta.
Amarga ukurane sing luwih gedhe, godhongan ana ing keris Surakarta bisa nganti
rada mlungker ing pucuke lan rada
munggah ing pucuk sijine.