Anda di halaman 1dari 2

TEKS RORO JONGGRANG

Ing jaman Kerajaan Hindu-Buddha ana kerajaan gedhe, sing jenenge Kerajaan
Prambanan. Rakyate Prambanan kuwi, ayem lan tentrem. Kerajaan Prambanan
dipimpin karo Prabu Baka.
Nanging ana ing sawijining dina Prabu Baka nduwe pepinginan ngambakne
wilayah Kerajaan Prambanan kanthi nyerang Kerajaan Pengging. Peperangan gedhe
banjur kedadean. Korban jiwa e akeh banget ana ing pihak kerajaan prambanan uga
kerajaan pengging. Nanging, Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang
persiapane. Merga kekuwatan lan kesaktiane Bandung Bandawasa, Prabu baka banjur
bisa dikalahake nganti tekan patine. Bandung Bandawasa kuwi satunggaling
pangeran kang ana ing Kerajaan Pengging.
Amarga Prabu Baka mati, Patih Gupala dawuh marang pasukane kanggo mundur
saka Kerajaan Pengging lan mlayu ing Kerajaan Prambanan. Bandung Bandawasa
sing weruh, ngetuti Patih Gupala kanthi tekan kerajaan prambanan. Patih Gupala sing
tekan ndhisiki ana ing kerajaan, nemoni Roro Jonggrang lan ngandhani menawi Prabu
Baka wes mati ing tangan e Bandung Bandawasa. Roro Jonggrang kuwi putrine Prabu
Baka. Dheweke nduweni rupa sing ayu banget.
Pas Bandung Bandowoso tekan ing kerajaan Prambanan, dheweke ndelok Roro
Jonggrang sing ayu banget nganti dheweke ketresnan. Banjur Bandung Bandowoso
langsung nglamar Roro Jonggrang.
"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.
Nanging, Roro Jonggrang ora gelem, amarga dheweke wes ngerti menawi Raden
Bandung Bondowoso sing wis mateni bapake. Kanggo nolak lamaran e bandung
bondowoso, Roro Jonggrang menehi syarat marang Bandung Bandawasa. Roro
Jonggrang banjur ngendikan "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."
"Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso.
"Yen sampeyan pengen ngrabeni aku, sampeyan kudu nggawekno aku 1000 candi lan
siji sumur ana wektu sakwengi!" Jare Roro Jonggrang.
Panjaluk e Roro Jonggrang pancen mustahil dilakoni. Nanging ing bengine, Bandung
Bandowoso ngumpulno anak buahe, yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno
perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing diperintaake karo
Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang wedi Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro
Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange.
Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno
kembang sing wangi. Jin lan setan sing ngewangi bandung bandawasa kanggo
mbangun 1000 candi mau wedi, amarga dikira wis arep esuk. Jin lan setan mau
langsung kabur. Sumur panjalukane roro jonggrang wis dibangun. Nanging, candine
sing wis dibangun isih 999, durung jangkep 1000.
Bandung Bandowoso nesu, murka marang Roro Jonggrang amarga satemene
srengenge durung njedul, roro jonggrang sing wis nglakoni kabeh mau supaya para jin
lan setan ngira wes esuk. Langsung bandung Bandowoso ngutuk Roro Jonggrang
dadi arca kanggo nggenepi 1000 candi.
Saiki, sumur sing wis dibangun mau dikenal kanthi jeneng jalatunda. Arca roro
jonggrang mau dikenal kanthi arca dewi durga, lan candi-candi mau dikenal kanthi
candi prambanan.

Semanten ingkang kula aturaken, bilh wonten kelepatan kula nyuwun pangapura.

Wassalamu’alaikum wr.wb

Anda mungkin juga menyukai