Anda di halaman 1dari 16

Memahami Kata,

Frasa, Klausa,
dan Kalimat
Bahasa Jawa
serta
Penggunaannya
dalam Bentuk
Lisan dan Tulis
STANDAR KOMPETENSI DASAR
KOMPETENSI • Mahasiswa dapat
• Mahasiswa dapat membedakan bunyi
huruf vokal
memaparkan • Mahasiswa dapat
berbagai jenis huruf menggunakan kata
dan kata serta bahasa Jawa dalam
penggunaannya bentuk lisan dan tulis
dalam bentuk lisan • Mahasiswa dapat
menjelaskan pengertian
dan tulis
kata
• Mahasiswa dapat
mendeskripsikan jenis
kata menurut macam
atau jenisnya
Beda-Bedaning Unine Vokal
Swara Jejeg Swara Miring
• Aksara A (Mara, kala, • Aksara A (Mari, kali,
gana, tapa) gawe, tape)
• Aksara I (Bindheng, • Aksara I (sabin, bajing,
jingga, timbang) yatim)
• Aksara O (kondhang, • Aksara O (kongkon,
pongge, bonggan) pingpong, soto)
• Aksara U (untal, • Aksara U (bangun,
unceg, bundhel) taun, sabuk)
• Aksara E (pancet, • Aksara E (godheg,
sekolah, lemari) pancen)
Prelu dielingi ana wanda kang:
• Padha tulisane, beda
•unine
Sapu, Sada
• Wanda “sa” ing tembung sing ngarep unine miring, sing buri jejeg
• Paing, Inggih
• Wanda “ing” ing tembung sing ngarep unine miring, sing buri jejeg
• Bengkel, bengkong
• Wanda “beng” ing tembung sing ngarep unine miring, sing buri
jejeg
• buntel, sabun
• Wanda “bun” ing tembung sing ngarep unine jejeg, sing buri miring
• Kondhang, dakkon
• Wanda “kon” ing tembung sing ngarep unine jejeg, sing buri miring
Padha unine, beda tulisane
• Topi, tapa
• Wanda “to” unine padha karo wanda “ta”
• Paing, enggal
• Wanda “ing” unine padha karo wanda “eng”
• pongge, rampung
• Wanda “pong” unine padha karo wanda “pung”
Klasifikasi Jenis Kata
• Miturut jenise, tembung dibedakake dadi loro,
yaiku tembung lingga lan tembung andhahan
• Tembung Lingga,
• yaiku tembung kang durung owah saka asale
(kata dasar).
• Tembung Andhahan
• Yaiku tembung kang wis owah saka linggane.
Panulise Tembung Lingga
• Ora kena ngrangkep aksara, kaya ta: darma,
yuda, Buda. Ora kena darmma, yudda, Budda.
Kejaba tembung Allah
• Wanda endi kang kudu katulis “er” lan endi kang
katulis “re”.
 Katulis “er” : lemper, sawer, kober, lsp
 Katulis “re” : prelu, grema, kreteg, lsp
 Wandane tembung manca kan dicethakake,
sanajan dudu wanda wekasan, lumrahe
nganggo “er” kaya ta: perban, saka tembung
manca: verband.
 Ana tembung lingga sawatara kang purwane
katulis nganggo “ar” (dudu “er” lan dudu “re”),
kaya ta: warna, karsa, warta, lsp.
• Wanda purwaning lingga kang panjingan “r”, “I”
utawa “w” menawa ana prelune, kaya ta dienggo
nyukupi kapreluane guru wilanganing tembang,
kena kaulur dadi rong wanda, kaya ta: kreteg –
kareteg, anjlog – anjelog, sregep – baledheg, kwali
– kuwali
• Wanda wasananing lingga kang mawa panjingan
“y” ora kena kaulur dadi rong wanda, sanajan
tumrap tembang kaya ta: sedya – sediya, bagya –
bagiya, setya –setiya.
• Wandane tembung kang mawa vokal “a” sigeg
aksara irung aswara jejeg kerep kliru katulis
mawa vokal “o” kaya ta: andha, angka, nangka.
Kerep kliru katulis: ondha, ongka, nongka
• Wandane tembung kang unine kaprungu mawa
konsonan “w” konsonan iku kudu ditulis. Kaya ta:
• Wandane tembung kang unine kaprungu mawa konsonan
“y” iku kudu di tulis: rupiyah, tiyang, keyong, meyong,
tiyup, reyog.
• Wandane tembung kang kaprungu cetha mawa konsonan
“ha” konsonan iku kudu ditulis, kaya ta: hawa, hore, hara,
lsp.
• Wandane tembung kang ora kaprungu cetha mawa
konsonan “ha” ora kena katulis mawa konsonan “ha”, kaya
ta: pait, prau, Paing, jae, lsp.
• Sing dudu tembung tanduk, ora kena ditrapi aksara irung
ing sangarepe, kaya ta: buri, boten, besuk, benjing, jero,
lsp. Nanging purwane tembung wancahan kang suwarane
mbrengengeng katulis mawa aksara irung, kaya ta:
 Ngger, wancahane angger
 Mbok, wancahane embok
 Mbak, wancahane embak
 Mbako, wancahae tembako
• Panulise tembung lingga telung wanda
 Yen kabeh wandane menga, wanda kapindho
lan katelu mawa vokal “a”, sanajan pakecapan
wanda kapisan mawa “e”, katulis mawa “a”.
Tuladhane: sagara, manawa, bathara
 Tembung lingga telung wanda panulisane
wanda kapisan miturut pakecapane.
Tuladhane : bendara, kencana, tembaga,
kemangi, kenari, raseksa, lsp.
• Panulise tembung yogaswara mung beda swarane
wandane wekasan, kaya ta: bathara-bathari,
gandarwa-gandarwi, widadara-widadari
Prelu dieling
• Tembung lingga iku lumrahe mung rong wanda. Kaya ta:
lunga, teka, bali, mulih, lsp.
• Sarehning tembung lingga ing basa Jawa lumrahe mung
rong wanda, tembung manca sing mung sawanda utawa
telung wanda akeh kang didadeake rong wanda, kaya ta:
lamp-lampu, bank-bangku, glas-gelas, edelheer-deler, lsp.
• Tembung lingga kang luwih saka rong wanda sing akeh
saka tembung manca, kaya ta:
 Kiyamat, mukjijat – tembung Arab
 Nagara, bathara, wicaksana – tembung Sangsekerta
 Rekening, setrika – tembung Walanda
 Kolektur, komandan – tembung Prancis
 Parlemen, badminton – tembung Inggris
 Gendera, sepatu, jendhela – tembung Portugis
 Sekoteng, cap jae –tembung Cina
• Tembung Jawa kang telung wanda iya ana, kaya
ta: manawa, lempuyang, kemangi, lembayung,
lsp.
• Tembung lingga kang luwih saka telung wanda ora
ana. Manawa ana tembung kang nganti patang
wanda, yen dudu tembung manca iya tembung
camboran, kaya ta:
 Baluwarti, tembung Portugis = pager bata
utawa benteng kang ngubengi kedhaton
 Tripitaka, tembung camboran = araning kitab
suci agama Buda
Tembung Andhahan
Tembung andhahan iku rerimbagane tembung
lingga. Pangrimbage tembung lingga dadi tembung
andhahan sarana
• Dielong wandane, diarani tembung wancahan.
Tuladha: bapak, dadi: pak
• Dicambor karo tembung liya, diarane tembung
camboran. Tuladha: raja+kaya = rajakaya
• Dirangkep wandane wiwitan, diarane dwipurwa.
Tuladha: wayang, dadi wewayang
• Dirangkep wandane wekasan, diarani dwiwasana.
Tuladha: celuk, dadi celuluk
• Dirangkep wandane kabeh, diarani dwilingga.
Tuladha: mlaku, dadi mlaku-mlaku.
• Diater-ateri (n), (ny), (m), (ng) kang sinebut ater-
ater anuswara/ swara irung. Tuladha :
ang+golek=nggolek
• Diater-ateri dak, ko, di kang sinebut ater-ater
tripurusa. Tuladha: dak+tulis=daktulis
• Diater-ateri sa, pi, pa, ka, kuma, kami, tar, lsp.
• Diseseli in, um, er, el
• Dipanambangi a, e, i, ing, ipun, ake, aken, ku, mu,
an.
tembung Swara jejjeg Swara miring

mlayu u a

Tembung Tembung lingga


andhahan
Ditulisake Di + tulis + ake

sinambung Sambung + (in)


Mangkat kuliyah nitih sepedha
Tengah margo kepanggih bu Ajeng
Cekap samenten kuliyah basa Jawa
Kepanggih malih minggu ngajeng

Matur nuwun

Anda mungkin juga menyukai