Anda di halaman 1dari 16

Wulangan V

GEGURITAN
Kelas VII – Semester Genap
Tahun Ajran 2020-2021
Indikator
3.5.1 Menjelaskan struktur teks puisi
3.5.2 Menjelaskan unsur kebahasaan teks puisi
3.5.3 Menjelaskan pesan moral teks puisi

Tujuan Pembelajran
Memahami struktur teks, unsur kebahasaan, dan pesan moral puisi secara lisan dan
tulis
Merapi
(Putu Aryana)
Merapi....,
Saka kadohan katon gagah
Mega putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Sang Hyang Bagaskara
Merapi....,
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta Merapi....,
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman kamardikan jaman Sukarno
Nganti jaman Suharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi

Buku Paket Kaca 83


Apa iku Geguritan?
Tembung Geguritan asale saka tembung ‘gurit’ kang nduweni teges
sajak utawa syair.
GEGURITAN

Unsur
Struktur Teks Pesan Moral
Kebahasaan
Geguritan Geguritan
Geguritan
1.
Struktur Teks Geguritan
Kepiye Struktur Teks Geguritan?
Tanpa kaiket ing guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra Cakrike
bebas, bisa wujud pada, bisa uga wujud carita.
2.
Unsur Kebahasaan
Geguritan


3.
Pesan Moral
Teks Geguritan
Kepriye Unsur Kebahasaan Geguritan?
Endahe geguritan dumunung ana ing pilihan tembung pantes, mentes, lan mantesi.
Ciri-ciri/titikan:
1. Pilihane tembung kang endah => ‘Kena sunare Sang Hyang Bagaskara’
2. Migunakake tembung Kawi => ‘awiyat’ tegese awang-awang (langit-langit)
3. Rinakit kanthi tipografi kang cundhuk karo isi, pesan moral, lan gagasan kang
diwedharake. => tuladha ing larik/bait loro.
4. Nggunakake wirama lan basa rinengga. => Merapi...., Saka kadohan katon gagah
*Basa rinengga kang tinemu ing geguritan tembung saroja, upamane: tembung lega-
lila, edi-peni, lan sapanunggalane.
5. Unggah-ungguh basa (tataran basa): Basa kang dienggo ing geguritan biasane
cukup nganggo tembung ngoko.
Pesan moral lan relevansine isi geguritan:

a. Nilai budi pekerti/pesan moral:


Geguritan gagrag anyar “Merapi” ngandhut nilai moral cerita sejarah yaiku merapi
minangka saksi kridhaning bangsa Indonesia wiwit saka isih dijajah walanda nganti
mardika.

b. Relevansi isi geguritan karo kahanan jaman saiki:


Geguritan gagrag anyar ”Merapi” isine ngenani kahanan gunung Merapi kang isih
ana, bisa dideleng nganti saiki kalebu dalan lahar sing isih katon.
Daring minggu ke-2

Sampun siyap???
TAMAN
Dening : J.F.X. Hoery

Ing taman
Ing taman anakku
Tawon lan kupu rebutan madu
Kinjeng lan kombang rebutan kembang
Angin esuk ngerog ebun ing pucuking
kudhup
Kekedhering kinjeng lan kupu
Aja nganti mbokincup
Sawangen wae
Endahe. Ing taman
Ing taman anakku
Kupu lan kinjeng isih kapiadreng
Tawon lan kombang ngenam panandhang
Madu lan kembang ninggal kudhup esuk
Mega-mega putih gegojegan mapag angin sore
Aja mbokguyu dheweke
Sawangen
Ing biruning langit
Kae papane kawruh lungit
Lan ing kana uga aku titip
Geguritan kang dakrakit.

13
Coba, wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi patitis !
1. Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?
2. Sapa sing nganggit geguritan ing dhuwur?
3. Ing taman iku ana apa wae?
4. Ing wayah esuk, apa sing dilakoni dening kewan-kewan mau?
5. Apa sebabe kewan-kewan mau ora oleh diincup?
6. Nalika wayah sore, apa sing dilakoni dening kewan-kewan mau?
7. Sapa sing mapag angin sore?
8. Ing ngendi papane kawruh lungit iku?
9. Panggurit titip guritan sing wis dirakit ing ngendi?
10. Kanggo nambah kawruhmu bab geguritan, gancarna geguritan mau!

-Kirtya Basa Kaca 86-

14
Wonten pitakonan utawa isih dereng paham?
Sumangga nulis pitakonan Sampeyan ing grup mawa format:

Nama:
No Absen:
Pitakonan:

15
Matur Nuwun
Ketemu maneh minggu ngarep nggih..

16

Anda mungkin juga menyukai