Anda di halaman 1dari 4

Jenising Tembung

1. Tembung Lingga
Tembung lingga yakuwe tembung sing urung owah saka asale (kata asal/kata
dasar).
Tuladha : Ciwit, kursi, meja, deleng, dolan, laku, turu, tandur, cekel
Tembung lingga sing mung sekecap diarani tembung wod.
Tuladha : dom, seng, sak, pring, bak, rak.

2. Tembung Andhahan
Tembung andhahan yakuwe tembung kang wis owag saking linggane.
Tuladha :
Lingga Andhahan

Umah Umahe, umahmu

Latar Latare
Tuku Tetuku
Ciwit Nyiwit, nyiwiti, diciwit

Tandur Nandur, nanduri, ditandur, daktandur

a. Ater-ater (awalan)
   Yakuwe wuwuhan/imbuhan kang mapan ana ing sangarepe tembung lingga.

   1. Ater-ater hanuswara (am, an, any, ang)


Am + laku » mlaku
Am + baling » mbalang
Am + Pandeng » mandeng
An + tangis » nagis
An + tuku » nuku
An + tandur » nandur
Any + ciwit » nyiwit
Any + sandhing » nyandhing
Ang + gawa » nggawa
Ang + gendhong » nggendhong
   2.Ater-ater tripurusha (dak, kok, di)
Tuladha : Dakgawa, kokgawa, digawa
                  Dakcekel, kokcekel, dicekel
   3. Ater-ater liyane (ma, ka, ke, sa, pa, pi, pra, kami, kapi, tar)
Ma + lumpat » malumpat
Ka + limpe » kalimpe
Ke + sandhung » kesandhung
Sa + gegem » sagegem
Pa + lilah » palilah
   b. Seselan/sisipan
   Yakuwe wuwuhan ana tengah-tengahe tembung lingga (um, in, el, er)
Gantung + um » gumantung
Guyu + um » gumuyu
Tangis + in » tinangis
Serat + in » sinerat
Kuban + el » keluban
Beber + el » bleber
Cuwi + er » cruwil
Titis + er » Teritis
   c. Panambang (akhiran)
   Yakuwe wuwuhan kang mapan ana samburine tembung lingga.
Teka + i » Tekani
Jupuk + en » Jupuken
Gawa + a » Gawaa
Jaluk + ake » Jalukake
Bapak + e » Bapake

Baca juga :

 Kalimat Purwakanthi, Parikan, lan Wangsalan


 Teks Eksposisi Bahasa Jawa
3. Tembung Rangkep (Kata Ulang)
Tembung rangkep yakuwe sakabehing tembung kang diwaca kaping pindho, bisa
sakabehing tembung, bisa mung sewanda. Tembung rangkep dibagi ana telu.

a. Tembung dwilingga
    
» Dwilingga padha swara :

 Abang-abang

 Kewan-kewan

 Ibu-ibu

 Bapak-bapak

 Lumba-lumba

» Dwilingga salin swara :

 Bola bali

 Wira-wiri

 Molak-malik

 Selang-seling

 Golang-goling

 Kolang-kaling

» Dwilingga semu :

 Athi-athi

 Undur-undur

 Ondhe-ondhe

 Awug-awug
b. Tembung dwipurwa
Lalayu, geguyu, teteku
c. Tembung dwiwasana
Bebisik, cengingis, cekiki, cekakak, cewiwi, celili

  Google  Facebook  Twitter

Anda mungkin juga menyukai