Anda di halaman 1dari 3

MATERI LOMBA MACA GEGURITAN

Geguritan Pilihan 1

Kawula Sega Kucing


dening: Hayu Avang Darmawan

Luwe wayah wengi


Mangan sega kucing
Daksawang bungkusan alit
Kanthi koran lan kertas minyak
Kalempit lipit trus steplusan
Isine sega sakepel
Lawuh sambel teri sadulit
Ana uga sambel tempe
Aran sega kucing
Apa panganan kucing?
Nanging dipangan manungsa
Sega kucing dipangan manungsa?
Apa dadi kelangan ajining janma
Sapucuking koran wungkuse
Kaya mengku wangsulan
Ana wewayangan tikus
Wangsulane sega kucing
Manungsa pindha kucing
Mangan sega pindha tikus
Tikus-tikus kapangan kucing manungsa
Kucing mangan tikus
Manungsa mangan sega
Sega kucing
Sega kucing sarwa samun
Kawula alit uripe pait
Mangan sega sakepel sambel sadulit
Memper ganjel weteng
Luwar luwe sakecap
Kawula sega kucing
Padha ngucing, sesarengan karo kucing
Nyawiji greget brasta digdayane tikus
Kang nggragas seganing panguripan

Kapethik saking
Antologi Geguritan Mangirit Gurit, Dinas Kabudayan DIY, 2016.
Geguritan Pilihan 2

Wong Jawa
Dening : Suripan Sadi Hutomo

Wong Jawa aja jawal


Jawa jawal Jawane kadhal
Apa sliramu Jawa, mitraku
Geneya kok-ngiris atiku?

Ronggowarsito lan Aristoteles


Yosodipuro lan Sokrates
Padha dene pujangga linuhung
Padha dene pujangga kanga gung
Yen kok semak buku filsafat
Yen kok semak ilmu masyarakat
Mung ana siji keblat
Kang ajine ora mekakat
Kang gawe ati nggrantes
Awit mung Aristoteles lan Sokrates
Sinebut sinobya ukara
Rinoncen kembang maneka
O, Ronggowarsita
O, Ya Sadipura
Awit apa basa Jawa
Kang ora bisa diwaca?
Awit apa mung basa latin
Kang bisa anuntun batin?

Wong Jawa aja jawal


Jawa jawal Jawane kadhal
Apa sliramu Jawa, mitraku?
Geneya kok ngiris atiku?

Kecubung ungu ing taman kutha


Iki kahanan kang nembe teka
Apa sliramu bakal wuda
Melu-melu angumbar dhadha?

Wiwawite lesbadhonge
Tabik-tabik sunan kali
Kita ngadeg ing grumbul srengenge
Kita wani ndhudhah ati

Kapethik saking: Jaya Baya (12 Maret 1972)


Geguritan Pilihan 3

ELA ELO WONG JAWA KARI SEPARO


Dening: Nimas Ernut

Ngger...
Sawangen kahanan saiki
Wong jawa kelangan jati dhiri
Jare jawa kok ra njawani
Lali marang leluhure sing kudune dipundhi

Tata krama wus dha ditinggali


Budaya jawa wus ora diuri uri
Tingkah polah ra nuladhani
Mung saderma nuruti krentege ati

Ya wis ben dianggep kuna


Ning trsnaku marang budaya jawa
Kuwi sing bisa nengsemake
Snajan ijen daksanggane

Elinga, elinga
Jaman sansaya tuwa
Nyawiji sajiwa, saraga
Solah tingkahira dadya oboring jagad jawa

Anda mungkin juga menyukai