Anda di halaman 1dari 3

PARIKAN

 PENGERTIAN
Parikan yaiku unen-unen rong gatra. Wanda pungkasan pedhotaning gatra kang kapisan
pocapane padha karo wanda pungkasan pedhotaning gatra kang kapindho. Gatra kang
kapisan minangka purwaka (kanggo narik kawigaten), dene karepe ana ing gatra kang
kapindho (minangka isi).
 PAUGERAN
a. Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho
b. Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi
c. Tibaning ukara sing kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho
d. Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra
 JINIS
Ing seni parikan ana rong jinis parikan yaiku:
a. Pitutur, yaiku parikan Jawa kang fungsine kanggo ngaturake pitutur awujud pitutur
utawa amanah.
b. Peseman, yaiku parikan basa Jawa kang fungsine kanggo gegojekan/guyonan
 CONTOH
Parikan Pitutur
Parikan rong gatra

“Manuk emprit mencok pager


Mulang murid, murih pinter”

“Wajik klethik gula jawa


Kalah dhisik, ora papa”

“Wajik klethik, gula jawa


Luwih becik, sing prasaja”

“Tawon madu ngisep sekar


Calon guru, kudu sabar”

“Kembang menur ditandur ing pinggir sumur


Yen wes makmur aja lali mring sedulur”

“Semarang kaline banjir


Aja sumelang ora dipikir”

Parikan patang gatra

“Gunung Mrapi gunung Merbabu


Kali Praga agung banyune
Mangga sami greget sinau
Ngangsu kawruh akeh gunane”

“Kali Srayu ngidul iline


Kali Praga agung banyune
Ngangsu kawruh akeh gunane
Tumrap bangsa aku Ian kowe”

“Surakarta prenahe wetan


Surabaya rame kuthane
Aja padha kesed-kesedan
Lha yen kesed kapan pintere”

“Jangan kacang jangan kara


Kladuk uyah kurang gula
Piwelingku mring pra mudha
Aja wedi ing rekasa”

“Sega punar lawuh empal


Segane penganten anyar
Dadi murid aja nakal
Kudu ulah ati sabar”

“Bibi Surip tuku klobot


Pethuk encik tawa roti
Uwong urip pancen abot
Mulo becik ngati-ati”

Parikan Peseman
Parikan rong gatra

“Sepet sepet sawone mentah


Diempet empet, selak ora betah”

“Ono kodok ketatap koco


Yen wes mbadok, lali ro konco”

“Kutha Kendal Kaliwungu


Ajar kenal karo aku”

“Sayur asem ayam bakar


Lambene mesem atine ambyar”
“Lungo warung tuku jamu
Aku tresno marang sliramu”

“Ono kalen kecemplungan telek


Timbang balen mending golek”

Parikan patang gatra

“Dino Jumat dino Minggu


Lungo wedangan srawung kekancan
Rindune kumat pengen ketemu
Neng kok kelingan wes dadi mantan.”

“Kacang yo ketan
Nek dipangan yo gurih
Chat chatan yo pacaran
Gak dibales yo perih”

“Dolan Semarang
Pas tanggal limolas
Wis kadung sayang
Blas ora digagas”

Anda mungkin juga menyukai