Anda di halaman 1dari 6

KASUSASTRAN JAWA

KASUSASTRAN saka tembung “su” lan “sastra” entuk


ater-ater “ka” lan panambang “an”------ dadi tegese
susastra yakuwi tulisan kang becik lan endah

TULISAN KANG KAGOLONG KASUSASTRAN JAWA YAKUWI :


1. Kasusastran para (lisan)– dedongengan, tembang lss.
2. Kawruh kagunan basa
3. Nawala utawa layang
4. Wayang ( purwa )
5. Buku kapustakan jawi
6. Gendhing ( gerongan, sindhenan)
7. guritan
Kasusastran para /lesan yakuwi kasusastran kang awujud
dedongengan lan tembang sing ora dingerteni sapa
pangriptane/pengarange, lan uga kapan olehe agawe

Kawruh kagunan basa: babagan kasusastran sing ngemot


wedharing gagasane wong pinter (guna) ing bab basa kang
tinata endah: Tembung saroja, yogyaswara, garba, plutan,
keratabasa rura basa, baliswara, tembung entar, cangkirman,
saloka, bebasan, paribasan, panyandra, pepindhan, sanepa.
Wangsalan,parikan, purwakanthi, isbat, sesumbar, basa
rinengga sandiasma, geguritan candra sengkala/sengkalan,
donga lan japamantra, gaya basa
KAPUSTAKAN JAWI
Kapustakan saka tembung “pustaka” tegese kawruh bab isine buku kang ditulis
nganggo basa endah
Juru ngarang diarani pujangga sing ateges abdi dalem Karaton kang jejibahane
piniji nulis/juru tulis
Sing diarani pujangga kudu duweni kaluwihan cacahe 8 yaiku :
1. Parameng kawi – ahli ngiket ukara
2. Parameng sastra– ngreti marang ngelmu basa
3. Mandraguna --- sekti lan pinter memaca
4. Awi carita -- sugih dongeng lan carita
5. Sambegana --- elingan
6. Mardawa lagu - pinter gendhing l;an karawitan
7. Mardibasa – pinter milah-milahake tembung
8. Nawung kridha -- isa nyambutgawe lan mengku jangka
Pujangga jaman biyen sing kawentar yaiku :
1. R.Ng. Yasadipura I
2. R.Ng. Yasadipura II
3. R.Ng. Ranggawarsita
4. KGPAA Mangkoenagoro IV
5. ISKS Pakoeboewono IV
Pujangga jaman saiki : Ki Padmasukaca (M. Praja Pustaka) Ki
Mangunwijaya, RM. Sulardi, R. Tandhanegara
(RTSuradipura) Margana Jayaatmaja Yasawidagda, R.Ng.
Sastra Suganda, RM, Senggana, Sri Hadijaya, M. Saerozi SN,
WJS Poerwadarminta, CF Winter, Mr. Susanta Tirtapraja, T.
Surata, Anton Suhana, S. Padmasukaca, Sunarna Siswa
Raharja
PUJANGGA OLEHE NGRIPTA BUKU MANUT CARANE ANA 3

1. Yasan : tegese karangan lan anggitane/reriptane pujangga iku


dhewe: Wedhatama-KGPAA Mangkoenagoro IV, Wilangreh –
ISKS Pakoeboewono IV, Serat Riyanto -- RM Riyanto
2. Bangunan: tegese nyupuk crita kaang wis ana sing durung
kadhapuk buku : Serat Menak – R.Ng.Yasadipura I, Serat
ambiya – R.Ng. Yasadipura I, Serat Sakuntala – R.Ng.
Sastrasuganda
3. Jarwan : tegese nyalin crita kuna- kuna kang abasa kawi, dadi
gancaran basa jawa anyar, utawa basa sekar, lan geguritan:
Serat Bharatayudha Macapat R.Ng. Ranggawarsita, Rama
Jarwa – R.Ng Yasadipura I, Tajussalalatin –RNg. Yasadipura I

Anda mungkin juga menyukai