Anda di halaman 1dari 2

II.

Tugas basa Jawa kelas 8


Sabtu, 21 Maret 2020 .

Pilihen aksara a, b, c, utawa d tumrap pratelan kang bener ana ing sa


lembar kertasmu dhewe-dhewe !
1. Basa ngoko lugu iku lumrahe kanggo guneman tumrap wong . . . .
a. sing wis kulina banget c. sing durung kulina tur ngajeni
b. sing durung kulina d. sing durung kenal.
2. Titikane basa ngoko lugu yaiku tembunge . . . .
a. Krama kabeh c. Ngoko kacampur krama inggil
b. Ngoko kabeh d. Krama kacampur krama inggil
3. Titikane basa ngoko alus yaiku tembunge . . . .
a. Ngoko kabeh c. ngoko kacampur krama inggil
b. Krama kabeh d. krama kacampur krama inggil.
4. Budi lagi mulih saka Semarang .Ukara kasebut migunakake basa . . . .
a. Krama alus c. Ngoko alus
b. Krama lugu d. Ngoko lugu.
5. Tuladha ukara kang migunakake basa ngoko lugu yaiku . . . .
a.Ibu lagi tindak pasar. c. Aku lagi sinau.
b. Simbah nembe gerah. d. Anto dipun sukani hadhiah.
6. Ukara iki sing migunakake basa ngoko alus yaiku . . . .
a. Ani nyilih bukuku. c. Kula badhe mantuk.
b. Simbah ora kersa dhahar. d.Ibu nembe mundhut anggur.
7. Kancaku diparingi dhuwit simbahe .Ukara iki migunakake basa . . . .
a. ngoko alus c. Krama alus
b. Krama lugu d. Ngoko lugu.
8. Bapak lagi kondur saka kantor.Ukara kasebut migunakake basa . . . .
a. Krama alus c. Ngoko lugu
b. Ngoko alus d. Krama lugu.
9. Basa ngoko alus iku lumrahe kanggo guneman tumrap wong sing . . . .
a. Wis kulina banget c. Wis kulina lan tetep ngajeni
b. Durung kulina / akrab. d. Lagi kenal.
10. Dumugi sekolah kula dipundangu pak Guru.Basa ngoko lugune : . . . .
a. Tekan sekolah aku diceluk c. Tekan sekolah aku diseneni
pak Guru. pak Guru.
b. Tekan sekolah aku dikongkon d. Tekan sekolah aku ditakoni
pak Guru. pak Guru.
11. Kula kala wingi ningali bal-balan . Basa ngoko lugune . . . .
a. Aku wingi main bal-balan . c. Aku wingi nonton bal-balan.
b. Aku wingi nunggu bal-balan. d. Aku wingi seneng bal-balan.
12. Punapa leres punika kagunganipun pak Lurah . Basa ngoko aluse . . . .
a. Apa bener iki duweke pak c. Apa bener iki gadhahane pak
lurah. lurah.
b. Apa bener iki kagungane pak d. Apa bener iki nggone pak
lurah. lurah.
13. Aku ora wani omong bapak. Basa ngoko aluse . . . .
a. Aku ora wani matur bapak. c. Aku ora wani sanjang bapak.
b. Aku ora wani ngomong d. Aku ora wani ngendikani .
bapak.
14. Panjenengan badhe dhahar ? Basa ngoko lugune . . . .
a. Kowe arep dhahar ? c. Kowe arep nedha ?
b. Kowe arep mangan ? d. Panjenengan arep mangan ?
15. Panjenengan sampun maos serat menika ? Basa ngoko aluse . . . .
a. Kowe wis maos layang iki ? c. Panjenengan wis maos
b. Panjenengan wis maca layang iki ?
layang iki ? d. Kowe wis maca layang iki ?

Anda mungkin juga menyukai