BAHASA JAWA
MEMBACA
Nama guru : Yuli Aulia Wiastuti, S.Pd
Kegiatan pembelajaran
Pertemuanke 1
Kegiatan awal (15 menit)
1. Peserta didik dan Guru memulai dengan berdoa bersama.
2. Peserta didik disapa dan melakukan pemeriksaan kehadiran bersama dengan guru.
3. Peserta didik bersama dengan guru membahas tentang kesepakatan yang akan diterapkan dalam
pembelajaran (daring dan luring).
4. Peserta didik diberikan penjelasan bahwa selama hari ini akan mengikuti pembelajaran secara
daring dan/atau luring, dan materi hari ini adalah peserta didik dapat menjelaskan isi teks
negosiasi yang disimak. Dengan demikian wajib dikuasai peserta didik dan diminta untuk fokus
dan menyiapkan catatan apabila dibutuhkan.
5. Peserta didik dan guru berdiskusi tentang pertanyaan pemantik
- Apa sing sampeyan weruhi ngenani wayang?
- Sebutna Apa wae jenis e wayang?
Pertemuan ke-2
Kegiatan awal (15 menit)
1. Peserta didik dan guru memulai pelajaran dengan berdoa bersama.
2. Peserta didik disapa dan melakukan pemeriksaan kehadiran bersama dengan guru.
3. Peserta didik bersama guru mengulas kembali materi pertemuan sebelumnya
Pertemuanke 3
Kegiatan awal (15 menit)
1. Peserta didik dan guru memulai pelajaran dengan berdoa bersama.
2. Peserta didik disapa dan melakukan pemeriksaan kehadiran bersama dengan guru.
3. Peserta didik bersama guru mengulas kembali materi pertemuan sebelumnya
Lampiran
Rangkuman materi
A. Pangertene Wayang
Wayang iku sawijining tontonan kang wis sumrambah ana ing Nuswantara (Indonesia). Rikala taun
2004 wayang ditetepake minangka warisan dunia dening UNESCO, kanthi mangkono wayang bisa
dipirsani dening manungsa sajagad lan dipatenake minangka kesenian darbeke Indonesia. Sajroning
pagelaran wayang sedalu natas iku ngandhut tontonan, tuntunan, lan tatanan kang mujudake
wewayangan uriping manungsa ing alam donya. Ing jagading pewayangan tinemu sakehing kagunan
kang endah lan edi. Endah, amarga manawa kadulu (dilihat) bisa agawe reseping ati. Edi, amarga bisa
kanggo sarana ngalusake budi pekerti.
Seni pagelaran wayang iki nyakupi seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni rupa, lsp.
Wayang minangka gambaran alam pikire ong Jawa kang dualistik. Anan babagan loro, pihak utawa
kelompok kang padha dene geseh, yaiku becik lan elek, lair lan batin, sarta alus lan kasar. Kalorone
nyawiji ing anggane manungsa ndhapuk keseimbangan.
Fungsi wayang minangka sarana kanggo nggladheni sosial, upamane kanthi kritik sosial kang
disampekake liwat humor. Wayang uga nandur konsolidaritas sosial sarana penglipur lan
pendhidhikan. Sacara umum wayang sawijine wujud pendhidhikan tradhisional kang disajekake
dening dalang, kanthi migunakake golekan utawa bangsane minangka piranri pagelaran.
B. Jinis-jinise Wayang
1. Wayang Purwa: nyritakake lakon-lakon wayang saka kitab Ramayana lan Mahabharata.
2. Wayang Madya: nyritakake lakon wayang saka Parikesit nganti Jayabaya.
3. Wayang Gedhog: nyritakake lakon wayang saka crita Panji.
4. Wayang Klithik (Wayang krucil): nyritakake lakon jaman kraton Pajajaran nganti Majapait, Prabu
Brawijaya pungkasan, kang kondhang lakon Damarwulan-Menakjingga.
5. Wayang Menak: nyritakake lakon crita saka tanah Arab, kayadene: Menak Sarehas, Menak Dhemis,
Menak Ambyah, lsp.
6. Wayang Suluh ( wayang Perjuwangan): nyritakake werna-werna lakon kanggo menehi sesuluh kang
awujud kabecikan lan kaelekan kang nggambarake kawengisan Kolonialis walanda sasuwene 350
taun njajah Indonesia, penjajah Jepang sasuwene 3,5 taun nganti zaman kamardikan. Wayang sing
nyeritakake perjuwangan rakyat Indonesia nglawan penjajah.
7. Wayang Kancil: nyritakake crita kewan, yaiku dongeng kancil.
8. Wayang Golek (wayang tengul): nyritakake lakon wayang kang ana ing kitab Mahabharata, adate
ana ing tataran Sundha Jawa Kulon.
9. Wayang Wong: nyritakake lakon wayang kang kajupuk saka kitab Ramayana lan Mahabharata,
kang diparagakake dening wong.
10. Wayang Beber: crita wayang kang kajupuk saka crita Panji kang awujud gambar-gambar ing kain
mori kang kabeber banjur dicritakake.
11. Wayang Potehi: wayang kang wujude golekan (boneka) kang dicritakake ngenani Dewa-dewa
mitologi bangsa Cina.
12. Wayang Tobos: ceritane ngenani panguripane manungsa ing saben dinane, utawa sing lagi anget
kedadeyan. Wayang iki uga ngandut nasehat, pasemon (sindiran), kritik, lsp, uga nyebarake nilai-
nilai luhur ing panguripane manungsa.
Asesmen
Asesmen diagnostik :
1. Apa sing sampeyan ngerteni ngenani wayang?
Asesmen formatif :
1. Apa sampeyan nemoni masalah nalika nyebutne jenis-jenis wayang?
Asesmen sumatif :
Soal pilihan jamak
1. Jelasna pengerten saka wayang nganggo bahasamu dewe?
2. Sebutna unsur instrinsik saka isi teks cerita wayang!
3. Sebutna jenis-jenis wayang seng sampeyan weruhi?
Lembar Kerja
Kelompok :
Nama anggota :
Kelas :
Instruksi :
Jawaban :
1.
2.
3.
4.
5.