Anda di halaman 1dari 13

dcd98a4fde184f0

A.TEMBUNG LINGGA
Tembung lingga:Yaiku tembung sing durung owah saka asal (tembung asal) . Tembung lingga duw teges kang bisa bda nalika wis diwnhi ater-ater utawa panambang kang banjur dadi Tembung Andhahan Saben tembung lingga bisa ndadekake tembung andhahan. Tuladha: sapu, pangan ,arit lsp

A.Tembung Andhahan
Tembung Andhahan : yaiku tembung sing wus owah saka linggane amarga kawuwuhi imbuhan (tembung lingga kang wus dirimbag). Pangrimbage tembung lingga dadi tembung andhahan iku kanthi muwuhake imbuhan ing ngarep, buri, utawa tengahe tembung lingga. Kabeh imbuhan iku kalebu wujud terikat. Imbuhan basa Jawa wujude ana papat, yaiku ater-ater, seselan, panambang, lan imbuhan bebarengan.

1.Ater-Ater
Ater-ater (awalan) : Yaiku imbuhan kang dununge ing kiwaning tembung utawa ing ngarep tembung. Ater-ater basa Jawa yaiku ater-ater anuswara (m-, n-, ng-, ny-), ater-ater a-, ka-, ke-, di-, sa-, pa-, pi-, pri-, pra-, tar-, kuma-, kami-, lan kapi-.

A.Tembung Tanduk
1. Tebung tanduk kriya wantah, yaiku tembung sing ora olh panambang. Tuladha:maju, ngadeg, nyapu. 2. Tembung tanduk i- kriya, yaiku tembung tanduk sing olh panambang i. Tuladha: nulungi, ngumbahi, nyaponi. 3. Tembung tanduk ke- kriya, yaiku tembung tanduk sing diwmhi panambang -k utawa -ak. Tuladha: nylhak, nuduhak, mbalkak..

A.Tembung Tanggap
Tembung tanggap: yakuwi tembung lingga sing diwuwuhi ater-ater tripurusa (dak-,

ko-, lan di-) lan seselan -in. Jinis tembung tanggap telu.

Tembung tanggap tripurusa, yaiku tembung lingga sing diwuwuhi ater-ater dak. Tuladha: dakpangan, kojupuk, dibalangi.

Tembung tanggap madyama purusa, yaikutembung lingga sing oleh ater-ater ko. Tuladha: ko pacul, kotulis, ko cokot,ko goreng . Tembung pratama purasa, yaiku tembung lingga sing oleh ater-ater di-. Tuladha:dipacul,ditulisi,dicokoti,digoreng

A.Tembung rangkep
Tembung Rangkep, :Tembung kang didobel tembunge utawa mung sawanda wae. Tembung Rangkep iki dibdakak dadi telung werna, yakuwi: tembung dwilingga, tembung dwipurwa lan tembung dwiwasana. Tembung rangkep dwi purwa: Tembung sing rangkep wandane sing ngarep. Tuladha: memangan, lelara, tetuku. Tembung rangkep dwi lingga : Tembung sing rangkep linggane utawa tembunge kabeh. Tuladha: tuku-tuku,tuka-tuku.nulis-nulis , nulas-nulis. Tembung rangkep dwi wasana: Tembung dirangkep sing wandane sing ngarep. Tuladha: cowowo, cilili, jelalatan,cengenges.

Miturut owah oran lingga: Dwilingga padha swara, yakuwi tembung sing di rangkep kabeh tembunge/ngarep mburi/ucapane ngarep mburi padha. Tuladhan: ibu-ibu, bapak-bapak, suk-suk, ram-ram. Dwilingga salin swara, yakuwi tembung sing unine ngarep mburiora padha. Tuladhan: mloka-mlaku, mleba-mlebu, meta-metu, mrana-mrn.

Dwilingga semu,yakuwi tembung sing wis di rangkep duwe teges. Tuladha: aliali,anting-anting, onde-onde. Miturut teges, tembung lingga : Dadi tembung aran. Tuladha: undur-undur, uget-uget, alang-alang, ari-ari, aliali. Dadi tembung kahanan. Tuladha: mangar-mangar, kelap-kelip, rintik-rintik. Mbangetak. Tuladha: Aja asin-asin (aja asin banget), Aja seru-seru (aja seru banget). Tansah. Tuladha: Wis ajar kok ora isa-isa (tansah ora bisa), Arep wiwit maca kok lali-lali wa (tansah lali). Senadyan. Tuladha: Alon-alon (senadyan alon), cilik-cilik (senadyan cilik). Wektu. Tuladha: Awan-awan, bengi-bengi, bedhug-bedhug.

Paling. Tuladha: Murah-murah, akh-akh, larang-larang. A.Tembung camboran


Tembung camboran:Yaiku tembung loro utawa luwih sing didadeke siji. Jenise tembung camboran: Tembung camboran wutuh,: tembung sing rangkep isih utuh. conton: gedhe cilik, enom-tuwa, balung-kulit. Tembung camboran tugel:tembung singdirangkep wujud tugelaning tembung loro.contone:dekwur,delik,lunglit. Tembung camboran tunggal: tembung sing di rangkep banjur luwaake teges tembung aran. Contone:semar mendhem(panganan),sida mukti(jarik),joko belek(lintang).

Tembung camboran wudhar:tembung sing dirangkep siji-sijine tembung isih


duwe teges dewe-dewe lan bisa ditegesi liya.contone:pager wesi,meja tulis, buku gambar, omah gubuk, kursi goyang.

Tembung garba:yaiku

Tembung camboran kang sambungan (sandhi) n awujud wandamenga (basa Indonesia: suku kata terbuka) lan wanda aksara swara (vokal), tembung-tembung kasebut banjur bisa luluh (ginarba) dadi siji dadi swara anyar. Tembung kuwi banjur disebut tembung garban. Tuladha: a+a=a Kusuma + astuti = kusumastuti a+i=e Teka + ing = tekng Ira + iku = irku a+e=e Warna + edi = warndi a+u=o Wira + utama = wirotama i + a (i,e,o,u) = y Sami + oncat = samyoncat u + a (i,e,o,u) = w Tumuju + ing = tumujwng Sawetara ater-ater utawa panambang kang wangun kaya wanda kasebut uga dadi sandhigarban. Tuladha: sa +ulah = solah sami + a = samya ke + legi + an = kelegn A.

Tembung ntar

Tembung ntar yaiku tembung kang teges ora kaya makna salugun (kata kiasan).Utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe ba sinebut uga ing basa Indonesia tembang silihan (kiasan). Ing basa walandan yaiku Figuurlijke betekenis Tuladhan: Abang-abang lamb: Ora tenanan/ora serius Abang rain: Nandhang isin Abang kuping: Kesuh/nesu banget Adus kringet: Nyambut gaw abot banget Adol kringet: Nyambut gaw Ala jeneng: Ora iso dipercoyo Bening ati: Sumh Cagak urip: Nggo nyukupi kabutuhan urip Dawa tangan, teges clemer, seneng nyolong. Dawa ususe teges sabar. Jembar segaran, teges seneng ngapura kasalahan liyan. Kuat isin: Ora tau isin Ora duw ati: Wong sing tega Lunyu ilat, teges mencla-mncl. Wani mati: Kendel banget/rada nekad Weteng kart: Akh mangan B.

Tembung garba

Tembung garba yaiku tembung kang aslin seka tembung loro (2) utawa luwih kang dadi wujud anyar. Umpamane: ana + ing ---> anng siti + inggil ---> sitinggil nara + indra ---> narendra C.

Tembung saroja

Tembung saroja iku tembung kang rinakit seka rong (2) tembung kang (mh) padha teges lan bisa nuwuhak makna kang luwih teges. Bisa maknan perkara kang ana sesambungan, bisa uga kahanan kang mbangetak. Tuladha: sato kwan = perkara kwan ayem tentrem = tentrem tenan tepa tuladha = tuladha tresna asih = asih tenan colong jupuk = perkara nyolong utawa kagiatan nyolong. D.

Tembung rura basa

Tembung rura basa ateges basa rusak, basa kang wis luput kelantur-lantur, nganti ora kena dibenerake maneh. Ora kena dibenerake jalaran pancen wis ora lumrah dibenerake. Tuladhane kaya ing ngisor iki . 01. adang sega, benere: adang beras supaya dadi sega 02. njait Klambu. benere: njait bahan/kain supaya dadi klambi

03. mbunteli tempe, benere: mbunteli kedhele kang wis digodhog lan dirageni, supaya dadi tempe. 04. menek krambil, benere: menek wit krambil, yaiku glugu. 05. mikul dhawet, benere: mikul genthong cilik (utawa wadhah liyane ) isi dhawet 06. ngenam klasa, benere: ngenam mendhong supaya dadi klasa 07. nulis layang, benere: nulisi dluwang supaya dadi layang 08. nguleg sambel, benere: nguleg lombok, brambang, tomat, trasi lan uyah supaya dadi sambel 09. ndheplok gethuk, benere: ndheplok pohung kang wis digodhog supaya dadi gethuk 10. nggodog wedang, benere: nggodog banyu supaya dadi wedang.

K. Tembung yogaswara
yaiku tembung loro kang meh pada pakecapane lan panulisane , wanda wekasan nganggo A lan I ateges lanang wadon.Tuladha :gana-gini , widadara-widadari , dewa-dewi

L. Tembung keratabasa
Yaiku tembung sing diudhari utawa dipirit, nanging dadi mathuk karo kekarepane. Tuladha : tepas : titip napas , tebu : anteping kalbu.

M.

Purwakanthi

Purwakanthi yaiku swara kang runtut.Purwakanthi kaperang dadi 3 : 1. Purwakanthi Guru Swara : Suarane dibolan-baleni Tuladha : Ana awan ana pangan Becik ketitik ala ketara

Thenguk-thenguk nemu gethuk Inggah-inggih ora kepanggih 2. Purwakanthi Guru Sastra : Aksarane dibolan-baleni Tuladha : Bibit, Bobot, Bebet Sapa salah, bakal seleh Sluman, slumun, slamet Tatag, teteg bakal tutug 3. Purwakanthi Lumaksita: Tembung sing keri dibaleni ing frase mburine Tuladha : Asung bekti, bektine kawula marang gusti Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik Mangan ati, atine sing kelara-lara Raja putra, putrane dalem Astina

N. Ukara Tanduk
Ukara tanduk yaiku ukara sing wasesane oleh ater-ater anuswara utawa kedadean saka tembung kriya lingga. Tanda-tanda ukara tanduk (ukara aktif): 1. Jejer nindakake pagawean 2. Lesane dikenani pagawean 3. Wasesane kedadean saka tembung kriya lingga 4. Wasesane oleh ater-ater anuswara Tuladha: - Bapak nembe maos seratan Jawi.

- Ukis ndandani motore pakdhe. - Bapak lagi siram ana kamar mandhi.

O. Ukara tanggap
Ukara tanggap yaiku ukara sing jejere dikenani pakaryan Tuladha : Lombok dipethik simbah ,Roti dipangan adik, Pelem dijupuk Parjo,Kopi dingunjuk Pakdhe.

P. Ukara lamba
Ukara lamba, yaiku ukara kang polane mung siji, utawa ukara kang pangertene mung siji. Tuladha: Samsudin ndandani pancing ana buri omah jejer wasesa lesan katrangan

Q. Ukara camboran
Ukara camboran, yaiku ukara kang polane luwih saka siji. Tuladha: 1. Budi ndandani pancinge, dene Iwan golek cacing. (polane padha: J - W - L, J -W - L) diarani Ukara Camboran Sadrajad. 2. Iwan sing ndandani, nggawa, lan nyimpen pancing. (polane: J - W, W, W - L)

diarani Ukara Camboran Raketan. 3. Bocah sing nganggo topi iku ndandani pancing. polane: J - w I W - L) diarani Ukara Camboran Sungsun.

R. Tembung macapat
Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya: Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait). Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra. Guru lagu : tiban swara wanda ing pungkasan ing saben gatra. Sing kalebu tembang macapat yaiku Mijil ,Sinom ,Dhandhanggula ,Kinanthi ,Asmarandana ,Durma ,Pangkur ,Maskumambang , Pucung , Gambuh ,Megatruh Patokane tembang macapat Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait). Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra. Guru lagu : tiban swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.

S. Urutane sesorah
1.Uluk salam/salam pambuka Isine : ngucapake salam marang para tamu, kawiwitan tembung nuwun, kula nuwun, utawa salam liyane. 2.Pamuji Isine : muji sukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana alangan

3.Wigatining atur / isi Isine : ngaturake apa sedyane, upamane ngaturake pambagya supitan, temantenan, sukuran utawa ngandharake ilmu pengetahuan, politik, sosial, budaya lsp. 4.Pangarep-arep : Isine nyuwun donga pangestu supaya bab sing digayuh bisa kaleksanan 5.Panutup : Isine nyuwun pangapura menawa ana kaluputan lan kekurangan anggone sesorah lan pungkasi kanthi nuwun utawa salam.

T. Cangkriman
Cangkriman iku unen-unen utawa ukara kang kudu dibatang. Cangkriman umume kanggo gegojegan. Ana uga cangkriman kang digawe sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana werna-werna, yaiku: cangkriman wancahan, pepindhan, lan blenderan (plesedan). Ana uga wangsalan kang dijawab dhewe. Cangkriman Wancahan Wancah iku tegese cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka gatra kang ana. Contone: kabaketan = nangka tiba nang suketan. pakboletus = tapak kebo ana lelene satus. burnaskopen = bubur panas kokopen. Cangkriman Pepindhan Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya kanyatane. Contone: Sega sekepel dirubung semut = salak. Pitik walik saba kebon = nanas. Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum). Wit adhikih woh adhakah = waloh.

Wit adhakah woh adhikih = ringin. Cangkriman Blenderan Wong adol tempe ditaleni = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol. Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam-mesem wong sing nunggu, dudu sing mati.

U. Pawayangan
Prabu puntadewa Prabu drestarata Prabu kresna Arjuna sasrabahu Duryudana Janaka Dasamuka Dasarata Drupada Ramawijaya Basudewa Suyudana Abiyasa Danaraja : : : : : : : : : : : : : : Ngamarta Ngastina Dwarawati Ngastina Manthili Ngalengka Ngayodya Cempala Pancawati Mandura Ngastina Ngastina Ngastina Lokapala

Anda mungkin juga menyukai