Anda di halaman 1dari 28

PARAMASASTRA

SMP ISLAM AL-AZHAR CAIRO YOGYAKARTA


2. Tata Tembung
Wujud kata
1. Tembung Lingga
Kata Dasar

Tembung lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale

Tuladha:

a. Lap, ban, gas, tas, lsp (1 wanda)


b. Maca, buku, guru, lsp (2 wanda)
c. Samudra, segara, gamelan, lsp (3 wanda)
2. Tembung Andhahan
Kata Imbuhan

Tembung andhahan yaiku tembung kang wis owah saka asale

Kanggo ngowahi tembung lingga supaya dadi tembung andhahan bisa


kanthi cara:

a. Menehi ater-ater utawa imbuhan ana ing sangarepe tembung lingga


b. Menehi seselan imbuhan ana ing tengah tembung lingga
c. Meneni panambang utawa ing mburi tembung lingga
a. Ater-ater ( awalan-)

Ater-ater yaiku imbuhan kang ana ing sangarepe tembung lingga


Awalan yaitu imbuhan yang berada di depan kata dasar

Ater-ater Tembung lingga Tuladha Arti Indonesia


m- beta mbeta membawa
ny- siji nyawiji bersatu
ng- ombe ngombe minum
n- tulis nulis nulis
dak- gawa dak gawa saya bawa
tak- tuku tak tuku saya beli
ko- lunga kolunga kok pergi
di- tandur ditandur ditanam
b. Seselan
Seselan yaiku imbuhan kang ana ing tengahing tembung lingga
yaitu imbuhan yang terletak di tengah kata dasar

1. Seselan -um-

A. Menawa disisipi tembung lingga nganggo aksara swara owah dadi m-


Apabila disisipi kata dasar memakai huruf vocal maka erubah menjadi m-

Tuladha :
Atur + (-um) = Matur (Bilang)

B. menawa tembung lingga sing kawiwitane aksara p- lan b- owah dadi k- lan g-
Apabila kata dasar yang berwalan huruf p- dan b- berubah menjadi huruf k- dan g-

Tuladha :
Pinter + (-um) = Kuminter ( Sok pintar)
Bagus + (-um) = Gumagus (Sok tampan)
b. Seselan

2. Seselan -in-

Menawa disisipi tembung lingga sing wiwitane aksara vocal, owah dadi ing-
Apabila disisipi kata dasar yang berawalan dengan hutuf vocal, maka berubah
menjadi ing-

Tuladha :
Idak + (-in-) = Ngidak (Menginjak)

3. Seselan -er- lan -el-

Biasane owah dadi -r- lan -l-


Biasanya berubah menjadi -r- dan -l-

Tuladha:
Gandhul + (-er) = Grandhul
Titi + (-el-) = Teliti
b. Seselan

Seselan Tembung lingga Tuladha Arti Indonesia


-in- tulis tinulis Tertulis
-er- kelip krelip Kelap-kelip
-el- kelep kelelep Hanyut
-um- bagus gumagus Sok tampan
c. Panambang (akhiran)

Panambang yaiku imbuhan kang ana ing pungkasaning tembung lingga


Akhiran yaitu imbuhan yang terletak di akhir kata dasar

Akhiran Tembung lingga Tuladha Arti Indonesia


-an Pangan Panganan Makanan
-i Takon Takoni Tanyai
-ke Masak Masakke Masakkan
-ake Gawa Gawakake Bawakan
-ne Dadi Dadine Jadinya (ng)
-ipun Dados Dadosipun Jadinya (kr)
-nipun Kagungan Kagunganipun Kepunyaan (kr)
3. Tembung Rangkep
Pengulangan Kata

Tembung rangkep yaiku tembung kang dirangkep linggane utawa


wandane

Tembung rangkep diperang dadi 3 :

a. Tembung rangkep dwilingga


b. Tembung rangkep dwipurwa
c. Tembung rangkep dwiwasana
Tembung Rangkep Dwilingga

a. Tembung rangkep dwilingga padha swara


yaiku tembung sing linggane diucapake ping pindho (kata dasar yang diucapkan dua kali)

Tuladha:

mlaku-mlaku (jalan-jalan)
bapak-bapak (bapak-bapak)
kanca-kanca (teman-teman)
abang-abang (merah-merah)
bocah-bocah (anak-anak)

b. Tembung rangkep dwilingga salin swara


yaiku tembung sing linggane diucapake gonta-ganti (kata dasar yang diucapkan bergantian)

Tuladha:

bola-bali (berulang-ulang)
wira-wiri (mondar-mandir)
mloya-mlayu (berlarian)
Tembung Rangkep Dwilingga

c. Tembung rangkep dwilingga semu


yaiku tembung sing ora ana linggane (kata yang tidak memiliki kata dasar atau asli)

Tuladha:

Ondhe-ondhe (nama makanan)


Athi-athi (rambut tipis yang ada di dekat telinga)
Undur-undur (nama hewan)
Tembung Rangkep Dwipurwa

Tembung Rangkep Dwipurwa

yaiku tembung kang dirangkep wanda / suku kata ana ing ngarep dhewe

Tuladha:

Tembung Lingga Tembung Rangkep Dwipurwa


laku lelaku
mala memala
tuku tetuku
guyu geguyu
Tembung Rangkep Dwiwasana

Tembung Rangkep Dwiwasana

yaiku tembung kang dirangkep wanda/suku kata ana ing mburi dhewe

Tuladha:

Tembung Lingga Tembung Rangkep Dwiwasana


cekik cekikik
cenges cengenges
busik besisik
4. Tembung Tanggap
Kata Pasif

Tembung tanggap yaiku tembung mawa ater-ater tripurusa.


Ater-ater tripurusa minangka sesulih gantine purusa (ater-ater
tripurusa digunakan sebagai kata ganti orang pertama)

Ater-ater tripurusa ana telu (3) yaiku:

a. dak-
b. ko-
c. di-
4. Tembung Tanggap
Kata Pasif

a. Ater-ater dak-

minangka sesulih purusa I (kata ganti orang pertama)


Ater-ater dak- diarani uga ater-ater utama purusa

Tuladha:

1. dak- + ombe = dakombe


2. dak- + tuku = daktuku
3. dak- + umbah = dakumbah
b. Ater-ater ko-

minangka sesulih purusa II (kata ganti orang kedua)


Ater-ater ko- diarani uga ater-ater madyama purusa

Tuladha:

1. ko- + ombe = koombe


2. ko- + tuku = kotuku
3. ko- + umbah = diumbah

c. Ater-ater di-

minangka sesulih purusa II (kata ganti orang ketiga)


Ater-ater di- diarani uga ater-ater pratama purusa

Tuladha:

1. di- + ombe = diombe


2. di- + tuku = dituku
3. di- + umbah = diumbah
4. Tembung Tanggap
Kata Pasif

Diperang dadi: 2

1. Tembung Tanggap i-kriya


2. Tembung Tanggap ke-kriya

Tembung Tanggap i-kriya

yaiku tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) mawa panambang –I

Tuladha:

1. dakpani
2. kosilihi
3. digoleki
Tembung Tanggap ke-kriya

yaiku tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) mawa panambang –ake

Tuladha:

1. dakpakakake
2. kosilihake
3. dibalekake
4. Tembung Tanduk
Kata Aktif

Tembung tanduk yaiku tembung mawa ater-ater anuswara.

Ater-ater anuswara yaiku ater-ater kang nganggo swara irung. Ater-


ater anuswara ateges nindaake pagaweyan utawa solah bawa.

Ater-ater anuswara ana papat (4) yaiku:


1. m-
2. n-
3. ng-
4. ny-
Tuladha ater-ater anuswara:

a. m-
m- + pangan = mangan (makan)

b. n-
n- + tata = nata (menata)

c. ng-
ng- + karang = ngarang (mengarang)

d. ny-
ny- + cathet = nyathet (mencatat)
Tembung Tanduk i-kriya

Diperang dadi: 2

1. Tembung Tanduk i-kriya


2. Tembung Tanduk ke-kriya

yaiku tembung kriya tanggap (kata kerja aktif) mawa panambang –I

Tuladha:

1. nanduri
2. nyirami
3. nulisi
4. makani
4. Tembung Camboran
Kata Majemuk

Tembung camboran yaiku tembung loro kang beda tegese banjur


dianggo dadi siji
yaitu dua kata berbeda arti yang kemudian digabung, sehingga
mempunyai makna yang baru
Miturut Wujude:
a. Tembung Camboran Tugel
b. Tembung Camboran Wutuh

Miturut Kekarepane:
a. Tembung Camboran Tunggal
b. Tembung Cambora Wudar
Tembung Camboran Tugel

yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi ngurangi
jumlah wandane.

1.Tembung garba (sandi)


yaiku tembung loro sing diringkes

Tuladha:

Nara + pati = narpati


Prapta + ing = prapteng
Idu + abang = dubang
Iya + iku = yeku
Sura + ing = sureng
Parama + iswari = prameswari
2. Kerata basa

yaiku tembung loro sing digandheng nanging suda wandane lan mawa teges (dua kata yang
disambung menjadi satu (disingkat) dan mengandung arti/makna)

Tuladha:

Digugu + ditiru = guru


Balung + kulit = lunglit
Gawe + kadang = wedang
Kaku + cempluk = kupluk
Gedhe + bagus = dhegus
Endhek + dhuwur = dhekwur
Gedhe + cilik = dhelik
Abang + ijo = bangjo
Bubar + kabeh = barbeh
Tembung Camboran Wutuh

yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging ora nganggo ngurangi jumlah wandane.

Wujude tembung camboran wutuh:

1. Rerangken determinatif (DM)


Tuladha :

Meja tulis, Lemari kaca, Pager bata, Pitik walik, Buku gambar

2. Baliswara (rerangken MD)


Tuladha :

Pancasila, Bimaputra, Wijaya kusuma, Mahasiswa, Dwiwarna

3. Tembung saroja
Tuladha :

Sanak kadang, Wa sumelang,Papa cintraka, Japa mantra, Lara lapa


Tembung Camboran Wutuh

4. Yogyaswara
Tuladha :

Dewa-dewi,Siswa-siswi, Putra- putri, Bathara- bathari, Pemudha- pemudhi

5. Tembung kosok balen (Antonim)


Tuladha :

Gedhe x cilik, Enom x tuwa, Lanang x wadon, Mangkat x mulih, Dawa x cekak, Dhuwur x cendhek
Tembung Camboran Tunggal

yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine wis ora kena dipisah-pisah
maneh lan wis nduweni teges anyar.

Tuladha:
Randha royal (tape goreng), Semar mendem, Nagasari, Gandarukem, Daramuluk

Tembung Camboran Wudar

yaiku tembung camboran sing tembung siji lan sijine isih nduwe teges dhewe-dhewe.

Tuladha:
Meja tulis, Pelem golek, Wayang kulit, Piring beling

Anda mungkin juga menyukai