Anda di halaman 1dari 8

Oleh :

LENY DYAH PITALOKA, S.Pd

SMK NEGERI 1 KASREMAN


TAHUN AJARAN 2020/2021
INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI

3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis penggunaan bahasa lisan dalam


berbagai situasi sesuai tata krama.
3.1.1 Menjelaskan unggah – ungguh basa.
3.1.2 Menjelaskan karakteristik unggah – ungguh basa.
3.1.3 Menjelaskan penggunaan unggah – ungguh basa.

4.1 Melakukan simulasi penggunaan bahasa daerah dalam berbagai konteks sesuai
tata krama.
4.1.1 Menulis teks percakapan sesuai dengan kaidah.
4.1.2 Mendramatisasikan teks percakapan yang telah ditulis.

Unggah – Ungguh Basa / Kelas XII 2


A. MATERI
B.

Ing basa Jawa ana istilah kang diarani unggah – ungguh basa lan undha – usuk basa
Jawa. Unggah – ungguh basa yaiku pranataning basa manut lungguhing tata krama. Dene
undha – usuk basa mung ngisaratake yen basa Jawa nduweni tingkatan – tingkatan basa.

Ngoko Lugu
Ngoko
Ngoko Alus
Undha - usuk
Basa Jawa
Krama Lugu
Krama
Krama Alus

Gambar 1. Undha – usuk basa

Tembung Ngoko Tembung Krama Tembung Krama


Inggil
aku kula kula
kowe sampeyan panjenengan
lungguh linggih/ lenggah pinarak
nulis nulis nyerat
maca maca maos
gelem purun kersa
mulih wangsul kondur
lara sakit gerah
mangan nedha dhahar
turu tilem sare
adus adus siram
lunga kesah tindak
teka dugi rawuh
ngomong matur ngendikan
nggawa mbekta ngasta

Unggah – Ungguh Basa / Kelas XII 3


1. Ngoko Lugu
a. Paugeran Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu iku ukarane dumadi saka tembung ngoko kabeh. Dene gunane
kanggo nelakake rasa rumaket jalaran sing rembugan wis padha dene kulina, mula ora
kanthi kurmat – kinurmatan.
b. Panganggone basa ngoko lugu
 Kanggo rerembugan bocah karo bocah
 Kanggo rerembugan wong tua kang wis akrab banget
 Pangandikane wong tuwa marang bocah
 Kanggo ngudarasa, nggremeng dhewe
c. Tuladha panganggone basa ngoko lugu
Bagus : Drun, nyang ndi?
Badrun : Lapangan, melu ta?
Bagus : Gak, kadhung semayan karo Adul.
Badrun : Ana acara, ta?
Bagus : Biasa, motor anyar, Mas Bro.
Badrun : Ati-ati, aja ugal-ugalan!
Bagus : Weleh, kaya wong tuwek ae, tutur-tutur!
Badrun : (nggremeng) Diomongi kon ngati-ati kok malah begejegan!
Bagus : Cah enom ki, ya ngene iki.
Badrun : Cah enom iku, kudu berprestasi!
2. Ngoko Alus
a. Paugeran ngoko alus
 Basa ngoko alus ukarane dumadi saka basa ngoko kang kacampuran krama inggil
(tumrap wong sing diajak guneman lan wong sing digunem).
 Basa ngoko alus nuduhake basa kang watake raket banget lan alus sarta ngajeni
banget marang wong sing diajak guneman.
b. Panganggone basa ngoko alus
 Kanggo rerembugan wong tuwa karowong tuwa kang wis akrab nanging isih
ngajeni.
 Kanggo rerembugan wong tuwa marang wong kang luwih nom nanging ngajeni .
 Kanggo rerembugan wong nom karo wong nom kang padha dene ngajeni

Unggah – Ungguh Basa / Kelas XII 4


c. Dhasar wewatone basa ngoko alus
 Tembung sing dianggo ngurmati wong sing diajak guneman
a) Yen ana tembunge krama inggil kudu diganti ngaggo tembung krama inggil.
Tuladha :
Ngoko lugu : Kowe mau lunga menyang ngendi?
Ngoko alus : Panjenengan mau tindak menyang ngendi?
b) Yen ora ana krama inggile tetep ngoko lugu kaya salumrahe
Tuladha :
Ngoko lugu : Sepatumu abang kae ukuran pira?
Ngoko alus : Sepatu panjenengan abang kae ukuran pira?
 Tembung sing magepokan karo dhiri pribadhi utawa wong sing luwih enom,
sanajan ana krama inggile tetep nggunakake tembung ngoko.
Tuladha :
Ngoko lugu : Aku arep turu saiki, kowe kapan?
Ngoko alus : Aku arep turu saiki, panjenengan kapan?
Ngoko lugu : Dhik Wina tuku gula ing toko.
Ngoko alus : Dhik Wina tuku gula ing toko.
3. Krama Lugu
a. Paugeran krama lugu
Basa krama lugu yaiku basa kang tembung – tembunge kabeh nganggo basa krama,
ater-ater lan panambang uga dikramakake.
b. Panganggone basa krama lugu
 Kanggo adhik marang kakang utawa mbakyune
 Kanggo wong sing lagi tetepungan anyar
 Kanggo wong sadrajat nanging durung raket
c. Dhasar wewatone basa krama lugu
 Tembung – tembung sing ana kramane diganti tembung krama dene sing ora ana
kramane tetep ngoko.
Tuladha :
Ngoko lugu : Mbak Dina arep lunga menyang Surabaya numpak sepur.
Krama lugu : Mbak Dina ajeng kesah dhateng Surabaya nitih sepur.
 Tembung sing gegayutan karo dhiri pribadhi sing ana tembung krama, tetep
dikramakake.
Tuladha :
Ngoko lugu : Kowe wis ngerti omahku apa durung?
Unggah – Ungguh Basa / Kelas XII 5
Krama lugu : Sampeyan punapa sampun sumerep griya kula?
 Tembung – tembung sing gegayutan karo kewan,wit – witan lan barang sing ana
kramane tetep dikramakake.
Tuladha :
Ngoko lugu : Wedhusku isih durung bisa mlaku.
Krama lugu : Menda kula taksih dereng saged mlampah.
 Ater – ater, seselan lan panambang dikramakake.
Tuladha :
 Ngoko lugu : Parine didol ing pasar mau esuk.
Krama lugu : Pantunipun dipunsade wonten peken kalawau enjing.
Ngoko lugu : Bukuku apa kokgawa?
Krama lugu : Buku kula punapa sampeyan bekta?
 Ngoko lugu : Tulisen aksara Jawa kuwi ing kertas!
Krama lugu : Sampeyan serat aksara Jawi punika wonten kertas!
 Ngoko lugu : Kowe digawakake apa sesuk?
Krama lugu : Sampeyan dipunbektakaken punapa benjing?
 Ngoko lugu : Dakbukake wae jendhela kae ya?
Krama lugu : Kula bikakaken kemawon jendhela punika nggih?
4. Krama Alus
a. Paugeran krama alus
Basa krama alus yaiku basa kang ukarane dumadi saka basa krama lan kacampuran
krama inggil. Basa krama alus luwih ngajeni tinimbang basa krama lugu.
b. Panganggone krama alus
 Kanggo rembugan ing antarane wong kang padha ngajeni banget.
 Kanggo rembugan karo wong sing drajate dhuwur.
 Kanggo ngandhakake wong liya sing drajate luwih dhuwur.
 Kanggo sesorah lan wacan kang mbutuhake unggah – ungguh basa kang jangkep.
c. Dhasar wewatone basa krama alus
 Tembung – tembung ngoko sing ana krama inggile diganti nganggo krama inggil,
sing mung ana kramane diganti krama lan sing ora ana kramane tetep nggunakake
tembung ngoko.
Tuladha :
Ngoko lugu : Bu Darni tuku gula, uyah lan sabun.
Krama alus : Bu Darni mundhut gendhis, sarem lan sabun

Unggah – Ungguh Basa / Kelas XII 6


 Tembung sing kanggo dhiri pribadhi migunakake tembung krama.
Tuladha :
Ngoko lugu : Simbah mulih saka mesjid jam sepuluh bengi nalika aku turu ing
kamar.
Krama alus : Simbah kondur saking mesjid tabuh sedasa dalu nalika kula tilem
wonten kamar.
 Tembung sing gegayutan karo kewan,wit – witan utawa barang migunakake
tembung krama, dudu krama inggil.
Tuladha :
Ngoko lugu : Sapine Pak Sutris sing lara kae isih durung gelem mangan.
Krama alus : Lembunipun Pak Sutris ingkang sakit punika taksih dereng
purun nedha.
 Ater – ater, seselan lan panambang dikramakake.
Tuladha :
 Ngoko lugu : Apa sing digawa ibumu mau?
Krama alus : Punapa ingkang dipunasta ibu panjenengan kalawau?
 Ngoko lugu : Dakkira kowe ora mangan sate wedhus.
Krama alus : Kula kinten panjenengan boten dhahar sate menda.
 Ngoko lugu : Bapak mau kokgawakake apa, Mbak?
Krama alus : Bapak kalawau panjenengan astakaken punapa, Mbak?

Unggah – Ungguh Basa / Kelas XII 7


B. GLADHEN

Tuladha:

Ngoko lugu (NL) : Kowe gelem mangan saiki apa ora?

Ngoko alus (NA) : Panjenengan kersa dhahar saiki apa ora?

Krama lugu (KL) : Sampeyan purun nedha sakmenika menapa boten?

Krama alus (KA) : Panjenengan kersa dhahar sakmenika menapa boten?

Owahana ukara – ukara abasa ngoko lugu ing ngisor iki menyang basa ngoko alus, krama
lugu lan krama alus kaya tuladha! Garapen ing buku tulismu!
1. Kowe sesuk bengi apa sida turu ing omah kene?
2. Yen ora weruh dhewe ora usah ngomong rena-rena.
3. Sawise mangan bakso dheweke kepengin ngombe teh anget.
4. Wong sing gelem nyekel daganganku iki mesthi duwe dhuwit akeh.
5. Amarga kepengin cepet weruh anake dheweke mau olehe mrene mung mlaku.

Unggah – Ungguh Basa / Kelas XII 8

Anda mungkin juga menyukai