Anda di halaman 1dari 8

UNGGAH - UNGGUH

Bahasa Jawa Kelas 2 (Pertemuan Kedua)


Unggah – Ungguh Basa
(Sopan Santun Berbahasa)

 Bausastra jawa (W.J.S. Poerwadarminta)  tata


pranataning basa miturut lungguhing tatakrama (tata
bahasa/aturan bahasa menurut dengan siapa kita berbicara/etika).
 Kanthi mangkono unggah-ungguh basa bisa mengku
karep gunem lan tindak-tanduk kang laras utawa trep
karo pranatan utawa paugeran tata susila (Dengan demikian
unggah ungguh basa bisa memiliki obrolan dan perilaku yang laras/seimbang atau
sesuai dengan aturan atau etika susila).
Unggah-ungguh basa

Ngoko Krama

Lugu/K
asar
Lugu
Alus
Alus/Inggil
Ngoko Lugu/ Kasar
Ngoko lugu tegese kabeh tembung-tembung kang digunakake
ngoko. Lumrahe ngoko lugu iki digunakake kanggo :
a. Marang sapadha-padha kang wis kulina upamane siswa karo
kancane.
b. Wong tuwa marang anake.
c. Crita kang dhapur andharan upamane crita cerkak.
Tuladha :
1. Bukumu iki regane pira, Rin?
2. Le, latare sapunen!
3. Saeba senenge menawa aku bisa nembang macapat.
Ngoko Alus

Ngoko alus utawa ngoko inggil tegese ngoko kang alus kanthi
tetembungan ngoko dicampur krama alus utawa krama inggil. Basa ngoko
alus lumrahe digunakake kanggo :
a. Pasrawungan wong dewasa utawa wong tuwa kang wis kulina banget.
b. Wong tuwa marang wong dewasa kang luwih dhuwur pangkate.
Tuladha :
1.Panjenengan mau ngasta ing kelas pira , Pak?
2.Sliramu mau bengi apa sida mriksani kethoprak, Mas?
3.Sliramu saiki ngasta ana ngendi, Mbak?
Krama Lugu
Krama lugu lumrahe tetembungane lugu kabeh. Basa
karma lugu iki lumrah digunakake kanggo :
a. Bocah mbasakake awake marang wong tuwa.
Tuladha :
1.Kula wau tumbas buku.
2.Kula dereng adus.
3.Kula tilem sakbibaripun sinau.
Krama Alus/Inggil
Krama alus utawa krama inggil lumrahe kabeh tetembungan kang digunakake alus. Basa
krama alus digunakake kanggo :
a. Wong tuwa
b. Wong tuwa kang durung akrab.
c. Priyayi kang duwe pangkat utawa jabatan.
Tuladha :
1.Bapak kalawau tindak kantor ngasta tas cemeng.
2.Ibu nembe siram.
3.Eyang nembe sare.
4.Ibu guru ngasta wonten kelas sanga.
5.Bapak bupati rawuh wonten ing acara Merti Dusun.
Tugas Pertemuan ke-2
Ubahen ukaran ing ngisor iki dadi ngoko
kasar, alus, krama lugu lan krama inggil!
1. Lena sedang mandi.
2. Budhe Ani pergi ke kantor nanti siang
3. Saya sedang belajar

Anda mungkin juga menyukai