Anda di halaman 1dari 21

Basa

Rinengga
MELINDA MAHARANI,S. Pd.
SMAN 4 SURABAYA
Coba gatekna geguritan iki!
BUDAYAKU
Dening: Febi Pakartining Tias
SMPN 1 Wlingi Blitar

terkadhang ana rasa tumlawung


sumimpen primpen jroning ati kang rengka
endah edine budaya luhung
kebandhang globalisasine mangsa

yen aku kangen kumandhange kidung


jebul kang dakrungu
lagu manca kang durung srawung
yen aku kapang marang lutung kasarung
o.........aku tansaya bingung

budayaku.........
ati kang rengka iki tansaya gripis
sliramu kekikis nganti krisis
para mudha taruna padha ora nggubris
kapilut gandrung marang tembung manis
marang gebyare budaya manca kang ora etis

budayaku........
siji mbaka siji para mudha taruna padha lali
siji mbaka siji para mudha taruna cidra ing janji
marang jejering wajib nguri-uri
memetri budaya jawi
murih bisa widada lestari

Juara I Lomba Cipta dan Puisi Jawa


Siswa SMP Jawa Timur
TEGES

Basa rinengga: basa sing


dipaesei, dipacaki, utawa
dilewa-lewa supaya dadi endah.
Klebu wernane basa artifisial.
JINISE BASA RINENGGA

•Unen-unen: paribasan, bebasan, saloka,


lan isbat.
•Mindhakake (ilustratif): candra,
rumpaka, lan sanepa.
JINISE BASA RINENGGA

• Awujud paramasastra: tembung saroja,


yogyaswara, kerata basa, rura basa, tembung
garba, tembung entar, lan dasanama.
• Adhasar penganggone: purwakanthi,
cangkriman, wangsalan, sandhi asma, sengkalan,
japa mantra, sesanti, perlambang, prenesan
(banyolan, lawakan, lucon, plesedan,
klenyekan).
PENGANGGONE BASA RINENGGA

•Lumrahe basa rinengga kasebut dienggo


sajrone reriptan sastra (pinathok, gancaran,
apadene lakon), kayata ing tembang macapat,
guritan, parikan, kidung, singir, lelagon,
suluk, crita cekak, novel, apadene drama.
•Bisa uga ditemokake sajrone basa padinan
(upamane basa peprenesan, sumbar,
nyemoni, japa mantra, lsp).
PARIBASAN-BEBASAN-SALOKA

PAMBEDA PARIBASAN BEBASAN SALOKA

Wujud & Unen-unen (ungkapan) sing gumathok/ajeg


Penganggone penganggone (asipat konvensional)

Tegese wantah entar entar


(denotatif) (konotatif) (konotatif)
Isi sing sipat/
Dipindhakake wonge/sipate tumindake wonge

Becik ketitik Mburu uceng Kebo nyusu


Tuladhane ala ketara. kelangan gudel.
deleg.
TUGAS!

Golekana tegese lan wenehana tuladha tumindak/kahanane!


1. Becik ketitik ala ketara.
2. Mikul dhuwur mendhem jero
3. Giri lusi janma tan kena ingina.
4. Sura dira jayadiningrat lebur dening pangastuti.
5. Kebo bule mati setra.
6. Ula marani gepuk.
CANDRA-RUMPAKA

• Candra yaiku unen-unen kang gumathok


penganggone kanggo nyandra perangane awake,
solah bawane, lan kahanane manungsa kanthi cara
pepindhan.

Tuladha: irunge ngudhup mlathi (ngrunggih), pipine


nduren sajuring, alise nanggal sepisan, pangamuke
kaya bantheng ketaton, lambeane mblarak sempal,
talingan sir sinebit, angga mubal dahana.
CANDRA-RUMPAKA

Rumpaka meh padha karo candra, bedane sajrone rumpaka sing


dipindhakake yaiku kahanan alam.
Tuladha: Gara-gara! Bumi gonjing. Samodra kocak. Gludhug
magenturan. Lesus lir pinusus. Lir kinebur tirtaning samodra, umob
mawalikan, akeh buron toya kang padha mati kesrakat. Horeging
bumi akarya rusaking pekarangan lan pategalan. Tanem tuwuh padha
garing anggagrag. Sawah-sawah padha nela, dadi pandhelikane
gegremetan mawa wisa. Sato iwen lan iber-iberan nglayung tan antuk
memangsan. Pageblug njeblug sadalan-dalan. Jisim ambalasah.
Bawana sintru. Peteng dhedhet!
https://www.youtube.com/watch?v=lcfY
TUGAS!
HU6P9sU
Jangkepana panyandra iki!
Tuladha penganggone basa rinengga
sajrone upacara adat pahargyan
penganten Jawi bageyan panyandrane
a.Mripate ………
penganten kakung.
b.Pundhake ………
https://www.youtube.com/watch?v=haX
c.Bangkekane ………
TyriaRe0
d.Drijine ………
Tuladha penganggone basa rinengga
awujud rumpakane Negara Hastinapura
sajrone pagelaran wayang purwa.
e.Untune ………
SANEPA

Sanepa wujude kayadene candra, nanging dhapukane wis pinathok,


yaiku dumadi saka tembung kahanan sing digandheng karo tembung
aran. Sanepa umume dienggo kanggo nyemoni, umume kanggo
nggambarake kahanan.
Tuladha:
• Balunge atos debog: balunge empuk banget.
• Barange aji godhong garing: barange ora aji banget.
• Bobote abot kapuk: bobote entheng banget.
SAROJA-YOGYASWARA-KERATA BASA

• Tembung saroja, yaiku tembung loro sing tegese padha lan


dienggo bebarengan. Tuladhane: edi peni, gagah prakosa, rahayu
widada, lsp
• Yogyaswara yaiku tembung loro sing meh padha pocapane,mung
beda wanda mburine, nduweni teges sepasang/lanang-wadon.
Tuladhane: bethara-bethari, dewa-dewi, apsara-apsari, lsp. 
• Kerata basa yaiku cekakan (akronim), sawijine tembung
dianggep nduwe teges/karep/ maksud tartamtu. Tuladhane guru
(digugu lan ditiru), garwa (sigaraning nyawa), cengkir (kencenge
pikir), lsp.
RURABASA-T. GARBA-T. ENTAR-DASANAMA

• Rura basa yaiku basa sing kliru nanging wis lumrah dienggo. Tuladhane nguleg
sambel (kudune nguleg lombok, tomat, lsp), adang sega (kudune adang beras).
Senajan salah, nanging wis lumrah dienggo, sing dijak omongan ya wis mudheng
karepe.

• Tembung garba yaiku tembung loro/luwih sing diringkes dadi siji sarana nyuda
wandane. Tuladha: ana ing (aneng), sarwa endah (sarwendah), lsp.

• Tembung entar yaiku tembung sing nduweni teges ora sabenere. Tuladha: dawa
tangan (seneng colong jupuk), lunyu ilate (omongane mencla-mencle), lsp.

• Dasanama yaiku tembung sing nduweni teges padha (sinonim). Tuladhane omah
dasanamane griya, graha, gubug; banyu dasanamane tirta, warih, toya; lsp.
PURWAKANTHI

Purwakanthi yaiku nggandheng tulisan/ swara, utawa ngrakit tembung kanthi


ngrun-tutake swarane. Tuladhane guru sugih guna kawruh, ginugu sagung
guneme (mbaleni wan-da /gu-/). Dene jinise purwakanthi ana telu, andharane
kaya mang-kene. 
1) Purwakanthi guru swara yaiku mbaleni wanda ing mburi. Tuladha: giri lusi
janma tan kena ingina (mbaleni wanda aswara /i/ lan /a/).
2) Purwakanthi guru sastra yaiku mbaleni tata tulis/sastrane. Tuladha: tata titi
tatas tutug (mbaleni tulisan /t/).
3) Purwakanthi guru lu-maksita/guru basa yai-ku mbaleni wanda utawa
tembung sing padha karo sing wis kasebut ing ngarepe. Tuladha: ana dina
ana upa (mbaleni tembung ana).
SESANTI

• Sesanti (semboyan/slogan) yaiku ukara sing isine pepuji utawa pandonga, tekad
sing kuwat, pangarep-arep utawa pituduh kanggo tuntutan urip ing bebrayan.

• Umume dienggo dening paguyuban utawa patembayan, kayadene ing instansi-


instansi pamrentah, komunitas tartamtu, usaha dhagang, lsp. Tuladhane
sesantine ing logo pamrentahan Jawa Timur yaiku “jer basuki mawa beya”,
sesantine jagat pendhidhikan Nasional “tut wuri handayani”, sesantine majalah
Panjebar Semangat “suradira jayadiningrat lebur dening pangastuti”, lan
sapiturute.
NITIKI BASA RINENGGA
SAJRONE WACANA SASTRA
Basa rinengga sing ana sajrone teks sastra dienggo kanggo sarana
pepaes lan nambahi daya sastrane supaya luwih endah (estetis). Mula,
kanggo nitiki basa rinengga kasebut uga kudu njingglengi makna sing
kadhapuk. Carane kaya mangkene.
1. Maca sing setiti, nggatekake rakitan tembunge.
2. Nitiki makna sing ora salugune/sanyatane. Basa rinengga umume
kanggo ndhapuk makna kanthi cara pepindhan/ ngupamakake,
mulane kudu nitiki makna pepindhan kasebut.
3. Katelu yaiku kanthi cara negesi makna pepindhan kasebut kanggo
ngerteni makna sing sabenere, bisa uga kanthi nggoleki rakitan
tembung sing ora dingerteni ing bausastra (kamus).
NGGAWE RERIPTAN SASTRA
MAWA BASA RINENGGA
Carane nggawe reriptan sastra mawa basa rinengga kaya mangkene:
• Nemtokake arep nggawe reriptan apa, puisi apa prosa.
• nemtokake temane,
• nggawe reng-rengane,
• mbabar reng-rengan dadi tulisan kanthi nambahi basa rinengga, lan
• njingglengi maneh asile, mriksa maknane lan tata tulis/ejaane.

Dene carane ngrengga yaiku (1) sarana ngganti kelawan ukara sing nduweni surasa padha
utawa (2) sarana ngganti tembunge nganggo tembung liya sing padha tegese, upamane
tembung-tembung abasa Kawi. Tuladhane tembung kudu, bisa diganti nganggo
tembung ora kena ora utawa tembung aja nganti. Tuladha liyane yaiku tembung
sedhela, bisa diganti nganggo tembung sekedhep netra.
BAB TATA KRAMA

• Salaman, jinise ana loro adhasar sing disalami, yaiku karo


wong sing diurmati lan karo wong sing sapadha. Carane
salaman karo wong sing sapadha yaiku salaman salumrahe.
Dene salaman karo wong sing diurmati yaiku kanthi cara
ndhiluk sirahe lan ngambung astanane sing disalami, aja
nganti narik astane sing disalami lan nemplekake ing pipi.
• Bab paugeran kasebut ora kena diowahi kejaba ana
kahanan sing sipate dharurat, kayata ing mangsa pageblug
kaya saiki. Salaman cukup kanthi ndhiluk karo nlakupake
tangan loro saka kadohan.
BAB TATA KRAMA

Nyuwun pirsa, yaiku nakokake samubarang sing durung dingerteni, upamane takon bab
wulangan, takon bab regane barang, takon bab isine barang, lan sapiturute. Tata carane
nyuwun pirsa yaiku:
1. atur salam pambuka,
2. nyuwun palilah,
3. mbabar pikajengan,
4. atur suwunan pirsa,
5. atur paneges,
6. atur panuwun, lan
7. atur salam panutup.
WONTEN PITAKENAN???

MATUR NEMBAH NUWUN

Anda mungkin juga menyukai