Anda di halaman 1dari 18

√9 Jenis Basa Rinengga ( Pengertian,

Fungsi dan Contoh)


Bahasa Jawa / By Paduka /
Basa rinengga – Jika kalian perhatikan, saat acara
pernikahan adat Jawa, pembawa acara akan membacakan
susunan acara menggunakan bahasa Jawa yang sedikit
asing. Bahasa Jawa yang indah susunannya sehingga
menarik banyak orang untuk menyimak.
Bahasa seperti ini disebut basa rinengga.
Basa rinengga adalah kekayaan bahasa yang harus dijaga
dengan cara dipelajari dan dipraktekkan sehingga tidak
hilang.
Berkaitan dengan itu, berikut ini ulasan tentang basa
rinengga yang sangat menarik untuk disimak.
Contents [hide]
 Pengertian Basa Rinengga
 Fungsi Basa Rinengga
 Jenis Jenis Basa Rinengga
o Tembung Saroja
o Tembung Entar
o Wangsalan
o Paribasan
o Bebasan
o Saloka
o Purwakanthi
o Parikan
o Pepindhan
o Bagikan ini:
o Like this:
o Artikel Menarik Lainnya

Pengertian Basa Rinengga

Basa rinengga berasal dari dua kata


yaitu basa dan rinengga. Basa artinya bahasa
sedangkan rinengga artinya yang dihias.
Basa rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra
rinacik mawa basa kang endah.
Maksudnya adalah basa rinengga merupakan sastra bahasa
yang dirangkai dengan cara menggabungkan kata-kata yang
berbeda sehingga menjadi bahasa atau kalimat yang indah.

Basa Rinengga didukung beberapa hal yaitu bagus


penyusunnya, penataan kata dan kalimat, runtut, pemilihan
kata, serta sesuai situasi dan tempat.

Fungsi Basa Rinengga

Basa rinengga dalam kebudayaan orang Jawa digunakan


untuk berbagai keperluan, utamanya dalam sebuah
pertunjukan. Penggunaan basa rinengga bertujuan untuk
menarik perhatian dan memperindah perkataan sehingga
membuat hati orang yang menyimak menjadi senang.

Fungsi utama basa rinengga adalah untuk menambah


keindahan kalimat.
Basa rinengga dapat kamu temukan dalam
acara pedhalangan, pranata cara (sambutan
temanten, tedak sinten, pengetan taun anyar), tembang, dan
karya tulis sastra seperti cerkak dan geguritan.
Contoh penggunaan basa rinengga dalam sebuah sambutan
ditunjukkan dalam petikan naskah berikut:

“Para rawuh ingkang minulya, para pinisepuh pepundhen


ingkan pantes sunurdarsana, para pangembat pangembating
praja satriyaning Nagari ingkang tuhu luhure budi, para
manggalaning ngayuda ingkang hambeg mahambara, tuwih
sagung para tamu kakung miwah putri, keparenga kawula
sowan ing ngrasa panjenengan sami, minangka talanging
atur panjenenganipun bapak ……………. anggenipun
kagungan kersa…………………”
Jenis Jenis Basa Rinengga

Jenis basa rinengga ada 9 yaitu:

1. Tembung saroja
2. Tembung entar
3. Wangsalan
4. Paribasan
5. Bebasan
6. Saloka
7. Purwakanthi
8. Parikan
9. Pepindhan
Dari sembilan jenis basa rinengga di atas hampir semuanya
telah kita bahas secara mendetail dalam artikel artikel
sebelumnya. Untuk itu, kali ini kita hanya mengulas poin poin
pentingnya saja.
Tembung Saroja

“Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha tegese


utawa meh padha tegese banjur digawe bebarengan dadi
siji.“
Tembung saroja berfungsi untuk menguatkan atau
menegaskan. Sederhananya untuk memberi kesan ‘sangat’.

Contoh tembung Saroja dalam Bahasa Jawa :

 Ajur mumur : ajur banget artinya sangat hancur.


 Ayem tentrem : ayem banget artinya sangat tentram.
 Abang branang : abang banget artinya sangat merah.
Tuladha atau contoh ukara menggunakan basa rinengga dari
jenis tembung saroja:
 Negeri Padhangklana iku, rakyate ayem tentem, alame
ijo royo royo tur rajane adil lan mangerteni.
 Bapak menika paring sambutan namun cekak
aos amargi kesesa tindak dhateng Jakarta.
 Enjing menika alun alun prasasat kebak, jalu estri sami
rawuh damel peringatan Hari Sumpah Pemuda.
Tembung Entar

Tembung entar yaiku tembung silihan kang ora kena ditegesi


mung sawantahe bae. Tembung entar iki iso kedadean saka
loro tembung utawa luwih kang digabung.
Maksudnya adalah, tembung entar merupakan kata pinjaman
yang dalam hal ini tidak bisa diartikan secara apa adanya.
Dalam Bahasa Indonesia tembung entar disebut sebagai
ungkapan. Dalam hal ini, banyak pula ‘ungkapan’ dalam
bahasa Jawa yang mirip dengan ungkapan dalam bahasa
Indonesia.
Tuladha (contoh) tembung entar:

 Abang kupinge: nesu artinya marah.


 Meres pikir: temenan anggone mikirake artinya
sungguh sungguh memikirkan.
 Nandhang sungkawa: lagi susah artinya sedang dalam
kesusahan.
Tuladha ukara yang menggunakan tembung entar misalnya:

 Merga apik budine, Marwan gampang banget oleh


ati ing lingkungan Kampung Rambutan.
 Weteng karet aja sok diet, mundak lara ing awak, wes
ta disyukuri wae apa apa leh maringi Gusti.
 Dadi kyai kui ora gampang, kudu bening atine, jembar
krawuhe lan istiqomah.
Baca Selengkapnya Tembung Entar: Pengertian, Fungsi,
Ciri-Ciri, Jenis dan Contoh.
Wangsalan

Jenis basa rinengga yang ketiga adalah dari jenis


Wangsalan.

Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan kang


saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis
sinandi ing wanda-wandaning tembung-tembung.
Wangsalan adalah kalimat yang hampir mirip dengan
cangkriman, yang berarti berupa permainan teka-teki.
Namun, yang membedakan adalah dalam sebuah wangsalan
jawaban dari teka teki tersebut sudah disebut dalam bentuk
suku suku kata yang mirip.

Contoh wangsalan:

 Njenang gulo lho, aja lali. ( Jenang gula: glali)


 Balung klapa, ethok-etok ora ngerti. ( Balung klapa:
bathok)
 Balung janur, sida lunga apa ora? (Balung janur: sada)
Baca Selengkapnya Wangsalan: Pengertian, Fungsi, Ciri-
Ciri, Jenis dan Contoh.
Paribasan

Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa


teges entar (kiasan) lan ora ngemu surasa pepindhan.
Paribasan menggunakan bahasa yang lugas, jelas dan tanpa
pengandaian, perbandingan, atau perumpamaan.
Contoh paribasan:
 Angon mangsa: golek wektu kang prayoga, artinya
menunggu waktu yang tepat.
 Becik ketitik ala ketara: tumindak becik lan tumindak
ala bakal ketara tembe mburine, artinya perbuatan baik
dan buruk pasti akan terlihat nantinya.
 Garang-garing: ketoke katon sugih, ananging sajatine
rekasa uripe utawa kacingkrangan panguripane, artinya
kelihatannya kaya raya, tetapi sebenarnya hidupnya
menderita atau kekurangan.
Bebasan

Tembung Bebasan, yaiku unen-unen kang ajeg


panganggone, mawa teges entar, lan ngemu surasa
pepindhan. Pepindhan marang kahanan, sifat, lan watak
manungsa.
Basa rinenga dalam bebasan berbeda dengan paribasan
karena bebasan lebih condong ke perumpaan sifat manusia.

Contoh bebasan:

-Sepi ing pamrih, rame ing gawe :


nindakake panggaweyan kanthi ora melik/pamrih apa-apa
Melakukan pekerjaan tanpa pamrih.
-Sing sapa salah bakal seleh :
sing sapa salah bakal konangan
Orang yang berbuat salah pada akhirnya pasti akan
ketahuan.
-Sluman slumun slamet :
senajan kurang ati-ati isih diparingi slamet
Biarpun kurang hati-hati tapi masih diberi keselamatan.
Baca Selengkapnya Bebasan: Pengertian, Fungsi, Ciri-
Ciri, Jenis dan Contoh.
Saloka
Saloka (ꦱꦭꦺꦴꦏ) yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu
surasa pepindhan kang dipindahake wonge.
Jenis basa rinengga yang selanjutnya berasal dari saloka.

Sebagai informasi, antara paribasan, bebasan dan saloka


memang mirip. Nah, untuk memudahkan, ciri saloka adalah
yang dikiaskan orangnya, jadi dalam mengartikan sebuah
saloka, hampir selalu didahului tembung ‘wong’, berikut
contohnya:

 Baladewa ilang gapite, tegese wong kang ilang


kekuwatane. (artinya; orang yang kehilangan
kekuatannya).
 Bathok bolu isi madu, tegese wong asor nanging sugih
kapinteran. (artinya; orang rendahan tetapi kaya
pengetahuan).
 Bebek mungsuh mliwis, tegese wong pinter
memungsuhan karo wong pinter, nanging sijine kalah
ulet lan trampil. (artinya; orang pandai bermusuhan
dengan orang pandai tetapi yang satu kalah tekun dan
terampil).
Baca Selengkapnya Saloka: Pengertian, Fungsi, Ciri-Ciri,
Jenis dan Contoh.
Purwakanthi

Purwakanthi yaiku gandhenge swara sing mburi karo swara


sing wis kasebut ing ngarepe.
Purwakanthi adalah sastra yang mengulang huruf mati atau
suku kata yang telah disebut di awal.

Contoh basa rinengga purwakanthi:

1. Adigang, adigung, adiguna.


2. Ana awan, ana pangan
3. Ana bungah, ana susah iku wis lumrah
Baca Selengkapnya Purwakanthi: Pengertian, Fungsi,
Ciri-Ciri, Jenis dan Contoh.
Parikan

Parikan adalah pantun dalam Bahasa


Jawa. Parikan merupakan jenis basa rinengga karena
memang terdengar indah jika diucapkan.
Ada beberapa parikan yang populer di suku jawa.

1. Bisa ngendang ora bisa nyuling


Bisa nyawang ora bisa nyanding
2. Ana brambang sasen lima
Berjuang labuh negara
3. Jemek-jemek gula jawa
Aja ngenyek padha konco
Pepindhan

Jenis basa rinengga yang terakhir adalah pepindhan.

Tembung pepindhan tegese tembung kang digawe kanggo


unen-unen sajeroning basa jawa kang ora ngemu surasa
kang sejatine.
Sederhananya pepindhan artinya kalimat pengandaian.
Pengandaian dalam bahasa Jawa menggunakan kata ‘kaya,
lir, pindha, kadya’ dst.
Contoh basa rinengga dalam pepindhan:

 Cahyane bingar – kaya lintang johar


 Cahyane nglentríh – kaya rembulan karainan
 Cep klakep – kaya orong-orong kepidak
 Cethile – kaya cina craki
https://padukata.com/basa-rinengga/
√4 Unggah Ungguh Basa Jawa:
Pangerten lan Tuladhane
Bahasa Jawa / By padukata /
Unggah ungguh basa Jawa– Basa minangka sarana
komunikasi. Kanthi basa, kita bisa nuwuhake maksud marang
wong liya.
Basa uga digunakake minangka sarana kanggo ngaturake
ide kanthi nulis. Mula panggunaan basa kudu bener. Kudu
ngerti sapa sing diajak ngobrol.

” Bebasan ajining dhiri saka ing lathi, unggah-ungguh


Basa Jawa ngemu surasa ngudi subasita/tatakrama
tumuju kapribadhen kang santosa.”
Kira-kira iku sebabe anane unggah unggah utawa tataran
basa ing basa Jawa.

Nah, kanggo nglancarake penganggone unnagh unguh basa


kang minangka pranatan penganggone basa Jawa sing
bener, ayo saiki nyinaoni kepriye carane ngecaake ungah
ungguh basa Jawa sing trep, gatekna andharan ing ngisor iki.

Contents [hide]
 Unggah Ungguh Basa Yaiku
 4 Unggah Ungguh Basa Jawa
o Basa Ngoko Lugu
o Basa Ngoko Alus
o Basa Krama Lugu
o Basa Krama Alus
 Sumber lan Referensi
o Bagikan ini:
o Like this:
o Artikel Menarik Lainnya

Unggah Ungguh Basa Yaiku


Unggah ungguh basa jawa yaiku adat sopan santun,
tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa.

Gegandhengan karo pangerten unggah ungguh basa, wong


Jawa saiki akeh sing ngarani yen wong enom wis ora
nduweni unggah-ungguh maneh.

Kedadean iki kamangka wong saiki tindak lakune kudu cepet,


jalaran nguber kabutuhane urip, nganggo paugeran cepet-
cepet anggere slamet.

Bedo banget karo wong Jawa jaman biyen sing duwe


pathokan nguler kambang, alon-alon waton kelakon.

Kanthi lumakune waktu lan jaman, mesthi ana owah gingsire


kahanan, jalaran tuwuh kahanan anyar utawa sangsaya
majune teknologi bakal nuwuhake owah-owahan. Apa iku
owah-owahan sikap, apa tindak tanduk
Nah, ikulah geneya awak dhewe iki kudune tansah nyinaoni
babagan unggah ungguh basa.

4 Unggah Ungguh Basa Jawa

Unggah ungguh basa kaperang dadi 4 miturut tatarane yaiku:

1. basa ngoko lugu


2. basa ngoko alus
3. basa krama lugu
4. basa krama alus.
Sabanjure bakal dijelasna siji mbaka siji apa ta iku basa
ngoko alus, basa ngoko lugu lan sapiturute.

Basa Ngoko Lugu


Basa ngoko lugu yaiku unggah ungguh basa kang kadadean
saka basa ngoko kabeh, ora nganggo basa krama babar
pisan.

Utawa basa ngoko lugu yaiku unggah ungguh basa kang


nggunakake ragam ngoko kabeh.

Ing basa ngoko lugu ora perlu ana pakuramatan.

Ngoko lugu umume digunaake dening:

1. bocah padha bocah,


2. bocah sing durung ngerti unggah ungguh,
3. basa ngoko dienggo wong sepuh marang bocah cilik
utawa marang wong nom sing ora perlu dihormati
4. menyang sapadha-padha kang wis kulina banget.
5. yen lagi ngunandika (gemreneng dewe)
6. Dhuwuran menyang ngisoran
Tuladha ukara nganggo basa ngoko lugu:

 Kowe sesuk apa sida nggawa kembang mawar?


 Rabuk sakarung wingi apa sida dituku mas Karim?
 Kowe mengko sore sida ngampiri aku les?
 Dhik, yen arep ndelok pameran, aku mengko tulung
ampirana ya!
 Ras, kapan anggonmu teka?
 Mas Budi, aku tulung waraono nggambar prespektif
mas, ora bisa bisa awit esuk.
 Mbok Minah, mengko kowe gawea slametan tumpeng
kaya adate nyetauni putumu si thole
Basa Ngoko Alus
Basa ngoko alus uga diarani ngoko andhap.

Basa ngoko alus yaiku basa ngoko kang kecampuran krama


inggil.

Basa ngoko alus anane kanggo ngajeni wong sing dijak


omong utawa sing dicritakne. Dadi basa sing dikramakake
inggil mung tembung-tembung sing gegayutan karo wong
sing dihormati.

Ing basa ngoko lugu amung tembung kriya (kata kerja) lan


tembung ‘kowe’ kang di kramakna inggil.
Basa ngoko alus minangka unggah ungguh basa kang
digunaake kanggo:

1. Wong sing wis akrab nanging ngajeni banget


2. wong pangkat karo wong pangkat sing wis akrab
3. kanggo nyritaake wong sing kudu diajeni utawa
dihormati
4. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur
drajate
5. Garwane priyayi marang sing kakung.
Tuladha ukara gawe basa ngoko alus:

 Dhik, sliramu mengko nek kondur arep nitih apa? Apa


kersa takdherekake?
 Aku mau ngundhuh pelem akeh, Panjenengan apa
kersa dakaturi?
 Yen kersa mengko dakaturi sejinah.
 Panjenengan sesuk apa sida ngasta kembang mawar?
 Rabuk sing sakarung wingi apa sida dipundhut Mas
Karim?
Basa Krama Lugu

Unggah ungguh basa Jawa kang kaping telu yaiku basa


krama lugu.
Basa krama lugu yaiku unggah ungguh basa kang
migunaake basa krama kabeh (yen ana kramane) lan ora
dicampuri krama inggil.

Jenis krama sing digawe yaiku jenis krama madya (ater-ater


lan panambange karma).

Panganggone basa krama lugu kayata:

1. digunaake dening wongsing wis akrab nanging ora


sepira ngajeni.
2. bakul padha bakul
3. wong tani karo wong tani
4. Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan
ngajeni
5. Garwane priyayi marang sing kakung
6. Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek
drajade.
Tuladha ukara nggawe unggah ungguh basa Jawa krama
lugu:

 Sampeyan mbenjing punapa tamtu mbekta sekar?


 Rabuk inggal setunggal karung kalawingi punapa tamtu
dipuntumbas Mas Karim?
 Sampeyan niku manawi kesah dhateng kantor napa
taksih kiyat mbekta sepedha motor mas?
 Napa ndika saking desa ngriki mawon to mas?
*Ater-ater = dak diganti kula, koe diganti sampeyan, di diganti
dipun
Panambang = ku diganti kula, mu diganti sampeyan, e diganti
ipun, ake diganti aken

Basa Krama Alus


Unggah ungguh basa Jawa kang pungkasan yaiku basa
krama alus.

Basa krama alus uga diarani basa krama inggil.

Waca Uga: 1001 Kamus Krama Inggil lan Krama Madya


Lengkap.
Inggil tegese dhuwur, kamangka iki ngono tataran unggah
ungguh basa Jawa kang paling dhuwur.

nah, basa krama alus yaiku wujude unggah ungguh basa


kang arupa basa krama lugu kecampuran krama inggil.

Krama lugu rupane ater-ater lan panambang krama lan


krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman).
Krama alus digunaake kanggo ngajeni wong sing diajak
omong-omongan, nanging eling, kanggo awake dhewe ora
usah dikramakne.

Panganggone basa krama inggil utawa krama alus yaiku:

1. murid marang guru


2. anak marang wong tuwane
3. Wong enom marang wong tuwa
4. Batur marang bendarane
5. Andhahan marang pimpinane.
6. Kanca karo kanca sing durung kulina.
Tuladha ukara nganggo krama inggil utawa krama alus.

 Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu


sowan dhateng eyang, kula badhe tumut.
 Tindak-tandukipun kanca kula ingkang naminipun Edo
punika sanget.
 Panjenengan mbenjing punapa tamtu ngasta sekar
mawar?
 Rabuk ingkang setunggal karung kalawingi punapa
tamtu dipunpundhut Mas Karim?
Sumber lan Referensi

https://www.senibudayaku.com/2019/11/unggah-ungguh-
basa-jawa.html
https://3emezing.blogspot.com/2016/04/unggah-ungguh-
basa-jawa.html
Pendalaman Teks Buku Bahasa Jawa Untuk Siswa SMP/
MTs Kelas 9 Oleh TIm MGMP Guru Blitar
Cukup semene panjelasan babagan unggah ungguh basa
Jawa, muga bisa dadi artikel kang manfaat, nembah nuwun.
https://padukata.com/unggah-ungguh-basa-jawa/

Anda mungkin juga menyukai