Anda di halaman 1dari 13

PIWULANG 1

GEGURITAN

Kompetensi Dasar Indikator


3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan 3.1.1 Menganalisis struktur teks
menganalisis teks drama, prosa geguritan
atau puisi sesuai kaidah 3.1.2 Mengidentifikasi isi teks
4.1 Menginterpretasi, menanggapi dan geguritan
memperagakan teks drama, puisi, 3.1.3 Mengidentifikasi pesan/amanat
dan prosa sesuai kaidah dengan dalam teks geguritan
bahasa yang komunikatif 4.1.1 Memparafrase teks geguritan
4.1.2 Memberi tanda jeda teks
geguritan yang akan dibacakan
4.1.3 Menandai intonasi teks
geguritan yang akan dibacakan
4.1.4 Membaca indah geguritan
4.1.5 Menanggapi pembacaan teks
geguritan

Pacitan Kuthaku
Dening:Rohkhayati

Ing tlatah kidul pulo Jawa

1
Mangkono dumununge kuthaku
Kutha cilik kang endah misuwur
Ajejuluk kutha 1001 Goa

1390 kilometer persegi wiyare


Puluhan papan wisatane
Madeg sapinggire segara kidul
Resik asri tur misuwur

Ayo padha nglestarekna


Papan wisata lan budaya
Kareben tetep kaloka
Tan kalah karo budaya manca

A. Struktur Teks Geguritan


1. Tegese geguritan
Tembung ‘geguritan’ ing Kamus Bali-Indonesia, asale saka tembung gurit kang
ateges gubah, karang, sadur, (Depdiknas Prov. Bali, 1991: 254). Yen ing Kamus Umum
Bahasa Indonesia diterangake ‘geguritan” iku asale saka tembung gurit kang ateges
sajak utawa syair (Poerwadarminta, 1986:161). Dene ing Kamus Kawi-Indonesia,
diandharake gurit kang ateges goresan, tulisan (Tim Penyusun, 1996:118).
Miturut bausastra Jawa, geguritan iku karangan kang pinathok kaya tembang,
ananging guru gatra, guru wilangan lan guru lagune ora ajeg. Geguritan kagolong karya
sastra tulis. Tembung geguritan asale saka tembung "gurit". Gurit tegese kidung utawa
tembang tulisan awujud tatahan kanthi paugeran tartamtu. Nggurit tegese ngarang
tembang, kidung utawa rerepen.
Geguritan saiki wis ora jumbuh karo paugeran, akeh-akeh wis ana
pangaribawaning jaman, saengga geguritan saiki wis beda karo guritan jaman biyen,
tegese wis mardika. Titikane guritan yaiku ora kawengku ing pathokan, migunakake
tembung-tembung kang pinilih, cacahe larik ora katemtokake, sajak pungkasane bebas
mardika, ora nggunakake basa padinan, arang-arang nggunakake tembung pangiket,
migunakake tembung kawi, isine mentes, lan migunakake purwakanthi basa, swara lan
sastra. 

Guritan dibedakake dadi 2, yaiku :


1) Geguritan Gagrag Kuna/Lawas
Titikane/pathokane:

2
a. cacahing gatrane ora ajeg, nanging sethitike papat
b. cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe
c. tibaning swara (guru lagune) kudu runtut
d. sangarepe geguritan, diwiwiti nganggo tembung "sun nggegurit" 

Tuladha:
sun nggegurit:
Kahanan zaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi zaman nguni
Srawunge sarwa ngati-ati

Yen manut wasiting kuna


Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusanane tibeng bapa
2) Geguritan Gagrag Anyar
Dene geguritan utawa guritan anyar nduweni pathokan :
a. Tembung-tembunge pilihan
b. Isine mentes 
c. Cacahe gatra/larikan ora katemtokake
d. Arang nganggo tembung salugune/denotasi
e. Akeh nganggo tembung kiasan/konotasi
f. Ora nganggo tembung sun gegurit
Wacanen tuladha geguritan ing ngisor iki!
Tekane ganti mangsa
Dening : Rohkhayati

Udan manjing ing siti


Anelesi gegodhongan garing kumlinthing
wit-witan padha njenggelek tangi
nambah sumringahe para tani

Pategalan kang arang wit-witan


padha thukul suket saparan-paran

3
ijo royo-royo ing pasawahan
katon asri mring sesawangan

Ananging,,,,
Saiki wis titi wanci ganti mangsa
langit kang sadurunge mendhung
katon sumilak padhang
Panasing bagaskara sansaya krasa
sumunaring kartika abyor ing tawang

Wit-witan kang gedhe lan ngayomi


Aja padha ditebangi
Mundhak agawe bebaya
ing mangsa rendheng uga ketiga

Piwelingku mring pra mudha


Duweni tresna lan mbudidaya
Nguri-uri tetanduran
Prasasat dadya punjung
Lan santosaning madyapada

2. Struktur Teks Geguritan

STRUKTUR GEGURITAN

Struktur Fisik Struktur Batin

Tipografi Tema/makna
Diksi Rasa
Imaji Nada
Tembung konkret Amanat
Busananing basa
4
Wirama
Struktur teks geguritan kaperang dadi loro, yaiku:

1. Struktur fisik
a. Tipografi (bentuke geguritan)
Yaiku wangun geguritan kang tinulis ora ngebaki larik lan ora kudu
kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital), sarta orabdipungkasi tandha titik (.)
utawa tandha pawacan liyane.
b. Diksi ( pamilihe tembung)
Yaiku pamilihe tetembungan kang maknane mentes (padhet), kang bisa negesi
pirang-pirang kekarepan kanthi nggatekake larasing unine tembung.
c. Imaji (pengungkapan pengalaman indrawi)
Yaiku rerangken tetembungan ing geguritan bisa medharake pengalaman
indrawi kayata: paningal, pangrungon, lan pangrasa saenggapamaos bisa
kagawa ing swasana kaya kang dialami panggurit.
Imaji kaperang dadi 3, yaiku:
1) Imaji swara (auditif)
2) Imaji paningal (visual)
3) Imaji raba/sentuh (taktil)

d. Tembung konkret
Yaiku tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa nuwuhake
imaji. Tembung konkret ing kene bisa arupa pepindhan (kiasan) utawa
pralambang.
Tuladha: bun (embun) bisa dadi pralambang wening, niyat suci, tulus,
endhahing swasana esuk, lsp.
e. Busananing basa (gaya bahasa)
Yaiku panganggone basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake
anggepan (konotasi) tartamtu sarta bisa nuwuhake rasa kaendahan. Busanane
basa ing geguritan bisa arupa basa rinengga kang maneka warna.
f. Wirama (rima)
Yaiku runtuting swara (uni) ing geguritan kang bisa ing wiwitan, tengah
utawa ing pungkasaning gatra.
2. Struktur batin
a. Tema/Makna
Yaiku kekarepan utawa maksud tartamtu kang kinandhut ing saben tembung,
gatra (larik), pada (bait), lan sakabehe pada ing geguritan

5
b. Rasa (Feeling)
Yaiku pandungkape rasa (sikap) panggurit tumrap bakune pirembukan kang
kinandhut ing geguritan kang ditulis. Pandungkape rasa kang kinandhut ing
geguritan iki ana sambung rapete karo blegere (sosok/latar belakang)
panggurit, yaiku saka latar belakang agama, pendhidhikan, jenis kelamin,
kelas sosoal, jabatan/kedudukan ing masyarakat, umur, pengalaman
sosiologis lan psikologis, lan kawruh (pengetahuan) panggurit. Kekarepan
isining geguritan lan jeroning makna kang bisa didungkap ing geguritan
kasebut bisa gumantung saka latar belakang panggurit.
c. Nada (Tone)
Yaiku kekarepane panggurit marang pamaos selaras karo isine geguritan.
Kekarepan iki bisa arupa pesen kang sipate ngguroni (menggurui), ndhikte
(mendikte), kerja sama, ngudhari prakara (memecahkan masalah), masrahake
(mborong kersa) marang para maos lan sapiturute.
d. Amanat
Yaiku pesen kang kinandhut ing geguritan kang diandharake panggurit
marang pamaos.

Tugas Mandhiri
1. Sawise mangerteni babagan struktur teks geguritan ing ndhuwur, temtokna
struktur teks geguritan “Tekane Ganti Mangsa” ing buku tugasmu!
2. Garapen kanthi rasa nuduhake rasa disiplin lan tanggung jawab.

B. Nemokake Isi lan Pesen Moral ing Geguritan


Bab kang kudu digatekake sadurunge nemokake isi geguritan yaiku:
1. Negesi tembung sing katulis ing geguritan kasebut, menawa kangelan
anggone negesi bisa digoleki ing kamus bausastra Jawa;
2. Mangerteni maknane geguritan ing saben-saben gatra (larik);
3. Nggathukake maknane geguritan ing saben-saben gatra;
4. Nggoleki dudutan (kesimpulan) maknane ing pada (bait);
5. Nggatukake maknane geguritan ing antarane pada siji karo pada liyane,
menawa dumadi luwih saka sapada;
6. Nyimpulake maknane (isi geguritan) kanthi wutuh.
Kanggo nemokake pesen moral sing ana ing sawijine geguritan, bisa kanthi cara:
1. Ngrungokake/maca kanthi dibolan-baleni;
2. Negesi tembung-tembung sing angel di mangerteni;
3. Nggancarake geguritan

6
4. Mangerteni maknane geguritan kanthi wutuh
5. Bisa nyimpulake isining geguritan;
6. Bisa mahami pesen kang tinulis (eksplisit/tersurat) ing geguritan;
7. Bisa mahami pesen kang ora tinulis (implisit/tersirat) ing geguritan.

Tugas Kelompok!
1. Gaweya kelompok dhiskusi kanthi anggota lanang lan wadon 4-5 siswa!
2. Rembugen karo kancamu sakelompok isi lan pesan moral geguritan “Tekane Ganti
Mangsa”
Sajrone dhiskusi sliramu kudu nuduhake sikap disiplin, gotong royong, lan percaya
dhiri!
3. Asil dhiskusimu wacanen ing ngarep kelas supaya entuk tanggapan saka kanca lan
gurumu.

C. Nggancarake (memparafrase) teks geguritan


Parafrase yaiku istilah linguistik kang ateges medharake maneh sawijining konsep
kanthi cara beda, nanging basane kang padha lan ora ngowahi teges. Istilah parafrase asale
saka basa Inggris paraphrase, saka basa Latin paraphrasis, saka basa Yunani para phrasein
kang ateges “cara ekspresi tambahan”.
Parafrase geguritan ateges ngowahi geguritan dadi basa gancaran kanthi pangajap
maknane geguritan luwih gamblang utawa cetha.
Nggancarake (memparafrase) geguritan bisa kanthi cara:
1. Ngudhari tembung/ukara baliswara menawa ana (baliswara yaiku ukara kang anggone
negesi kanthi diwalik. Tuladha: Anoman malumpat sampun diwalik dadi Anoman
sampun malumpat, tegese Anoman wis mlumpat)
2. Ngganti tembung sing angel karo tembung sing gampang dimangerteni;
3. Munggel tembung-tembung utawa ukara supaya cetha karepe;
4. Menehi tembung panggandheng, panyilah, utawa tembung liyane supaya geguritan
gampang dimangerteni;
5. Menehi tandha pawacan;
6. Nyalin ukara-ukara ing geguritan mawa ukara prasaja (lugas) kanthi awangun gancaran
(prosa)

Tuladha nggancarake geguritan:

Bocah Cilik Kae


Dening Turiyo Ragil Putra

Bocah cilik sing nyapu latar kae


(Bocah cilik sing lagi nyapu latar kae)

7
Sapa ngerti mbesuk tembe thukuk etare
(Sapa ngerti mbesuk ing tembe mburine dadi bocah pinter)
Mabur dhuwur nganglang langit numpak mega-mega
(Dadi wong kang kepenak uripe)
Andom lelana sinambi methaki lintang kartika
(Ambagi crita urip lan kabecikan marang wong liya)

Bocah cilik kae isih bening jiwane


(Bocah cilik kae kang isih urung nduwe dosa)
                                                  Isih suci lemah atine
(Isih suci atine)
Aja ditanduri jenu utawa senthe
(Aja diajari tumrap barang kang ala)
Aja dibumboni basa utawa krawe
(Aja diwarahi samubarang kang ora becik)
Bocah cilik kae
(Bocah cilik kae)
Togna menyang ngendi abur jiwane.
(Ditogne wae milih dalan uripe dewe,
amung kudu tetep ana ing dalan kang bener)

  Tetembungan kang durung dimangerteni tegese


Tembe : Mengko, mbesuk
Thukuk : Tuwuh
Etare : Akal, nalar, pikiran
Nganglang : Ngubengi
Mega-mega : Mendhung
Andom : Ambagi
Lelana : Lelunga
Methaki : Ngitung
Kartika : Lintang
Jenu : Sawijining tanduran kan nduweni racun
Senthe : Sawijining tanduran tales-talesan kang uga nduweni racun
Abur : Miber

8
                          
  Gancaran geguritan “Bocah Cilik Kae”   
Nasibe manungsa mbesuk ora ana sing bisa mangerteni. Sanadyan kapisanane
amung wong biasa lan kaya ora nduweni kadigdayan, nanging bisa uga mbesuk
dadi wong pinter kang kepenak uripe lan bisa andum kabecikan marang liyan.
Banjur, kanggo anggayuh kasuksesan mangkono iku, bocah kudu didhidhik wiwit
isih cilik ngenani bab-bab kang luhur. Ora malah diwuruki ngenani bab-bab kang
ala. Ing tembe mburine, bocah nduweni kabebasan milih dalan uripe dewe, nanging
wong tuwa uga kudu tetep bisa ngarahake bocah supaya ora salah milih dalan uripe
lan ora dadi keblinger.

Tugas kelompok!
1. Gaweya kelompok kanthi anggota lanang wadon 4-5 siswa!
2. Wacanen maneh geguritan kang irah-irahane “Pacitan Kuthaku” lan “Tekane
Ganti Mangsa”!
3. Gancarna/owahana wujud gancaran/prosa nganggo basamu dhewe kanthi
rembugan karo anggota kelompokmu!
4. Sajrone dhiskusi sliramu kudu nuduhake sikap disiplin, gotong royong, lan
percaya dhiri!
5. Asil rembuganmu mau tulisen ing lembaran lan aja lali tulisen arane kabeh
anggota kelompokmu!

D. Jeda lan intonasi ing geguritan


1. Jeda

9
Jeda yaiku ndheg-ndhegan (hentian) lakune pocapan sajroning maca geguritan kang
ditemtokake dening gantining gatra (larik) ing geguritan.
Jinising jeda ana telu yaiku:
a. Jeda cekak yaiku digunakake saben tembung ing sawijining gatra (larik)
b. Jeda madya yaiku digunakake ing perangane gatra (larik) kanthi ditandhani tanda
pawacan pada lingsa (koma) lan antarane kumpulan tembung (frase)
c. Jeda dawa yaiku digunakake ing saben ganti gatra (larik)
Tuladha:

Udan / manjing ing siti//


Anelesi / gegodhongan / garing kumlinthing//
wit-witan / padha njenggelek tangi //
nambah / sumringahe / para tani //
katrangan:
/ = leren sedhela
// = leren sawetara

2. Intonasi
Intonasi yaiku munggah mudhune lagu pocapan ing ukara. Panganggone intonasi ing
geguratan wigati banget, supaya anggone maca bisa trep, kepenak dirungokake, lan ora
wagu (monoton). Intonasi uga migunani banget kanggo mahami isine geguritan, uga bisa
mbiyantu kanggo njlentrehake lan mbedakake kekarepan utawa piweling (pesan) ing
saben gatra (larik) geguritan. Kanthi pamacane kang trep salaras karo intonasine,
geguritan bakal luwih gampang dipahami lan dimangerteni maknane.
Tuladha:

Udan manjing ing siti


Anelesi gegodhongan garing kumlinthing
wit-witan padha njenggelek tangi
nambah sumringahe para tani
katrangan:
= intonasi dhatar
= intonasi munggah
= intonasi mudhun.

E. Maca Endah Teks Geguritan


Bab-bab kang kudu digatekake sadurunge maca geguritan yaiku :
1. Mangerteni isine geguritan sing arep diwaca;
2. Ngrasakake isi lan kekarepane geguritan;

10
3. Nggatekake pocapan lan wiramane;
4. Bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep.

Pangeling-eling
Sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku:
1) Wicara : pocapan
2) Wirama : irama/lagu
3) Wiraga : solahe raga, pasemon
4) Wirasa : pangrasa    

F. Nulis teks geguritan


Sejatine ora ana cara kang mligi kanggo nulis geguritan. Kanggo nggampangake anggonmu
nulis geguritan, setitekna langkah-langkah ing ngisor iki:
1. Nemtokake tema apa kang bakal katulis ing geguritan. Kanthi anane tema kang wus
katemtokake kita bakal duwe pathokan, lan pikiran ora dadi ngambra-ambra.
2. Ngumpulake tetembungan kang ana sesambungane karo tema kang ditemtokake.
Upamane tema kang ditemtokake ngenani bab lingkungan, tembung tembunge bisa “ijo,
amba, subur makmur loh jinawi, thukul tanpa tinandur, lsp.
3. Ngrakit frase adhedhasar tetembungan kang wus dikumpulake.
4. Yen bisa, nggoleka tembung-tembung kang rinenggga. Bisa wujud purwakanthi,
paribasan, bebasan, saloka, tembung entar, tembung saroja, lan liya-liyane supaya luwih
endah.
5. Adhedhasar langkah 1, 2, 3, lan 4 ing ndhuwur kita bisa ngrakit geguritan

Tugas mandhiri!
1. Sawise kok mangerteni carane maca lan nulis geguritan, gatekna gambar-gambar ing
ngisor iki! Banjur pilihen salah siji kag paling narik kawigatenmu!
2. Tulisen irah-irahan geguritaan kang arep kok tulis!
3. Gaweya geguritan adhedhasar gambar sing paling kok senengi mau, nganggo basamu
kang endah, mentes, lan mantesi!
4. Golekana tetembungan kang ana sesambungane karo irah-irahan sing wis kok
temtokake, mawa tembung-tembung kang rinengga bisa wujud purwakanthi,
paribasan, bebasan, saloka, tembung entar, tembung saroja, lan liya-liyane supaya
luwih endah.
5. Menawa sliramu durung bisa golek tembung-tembung rinengga, bisa kokgoleki saka
buku pepak basa Jawa utawa saka kamus basa Jawa.
6. Tulisen kabeh tembung kang kok weruhi adhedhasar gambar sing kok pilih!
7. Rakiten tembung-tembung mau nganthi wujud frasa, banjur wujud ukara!

11
8. Wacanen bola-bali geguritanmu, menawa isih ana sing kurang pas ukarane.
9. Banjur asil geguritanmu tulisen kanthi rapi lan wacanen ing ngarep kelas supaya
entuk pambiji saka kancamu!
10. Sabubare kok waca banjur kumpulna menyang gurumu!

Goa Gong Pacitan Tari Kethek Ogleng Pacitan


situsbudaya.id budayajawa.id

Pantai Klayar Pacitan Sentana Genthong Pacitan


pacitanku.com pacitanku.com

Nalika kancamu macakake geguritan mau, sliramu kudu mbiji pamacane kanthi menehi
tandha ‘√’ ing kolom ngisor iki!

Nama :
Klas/No Absen :
Unsur kang dibiji 1 2 3 4
1. Wicara ( pocapan)
2. Wirama Wirama (irama/lagu)
3. Wiraga (solah raga/patrap/sikap)
4. Wirasa ( pangrasa)    
Jumlah

12
Penskoran = jumlah skor: skor maksimal (16) X 100

13

Anda mungkin juga menyukai