Anda di halaman 1dari 2

STRUKTUR ARTIKEL

ARTIKEL
Irah-Irahan Cara Penanggulangan DBD

Demam berdarah utawi DBD inggih menika penyakit ingkang ndamel


Pambuka penderita ngraosaken nyeri ingkang sanget. DBD menika
disebabaken dening virus ingkang ditularaken saking gigitan nyamuk.
Sakmenika Indonesia pikantuk peringkat penderita kaping kalih
saksamunipun Brazil. Miturut data saking kementrian kesehatan taun
2009-2011, jumlah kematian amargi DBD wonten ing Indonesia
dumugi 1.125 kasus. Data kasebat nempataken Indonesia wonten
ing Asia Tenggara minangka negara paling inggil wonten ing kasus
penyakit DBD.

Cara nyegah penyakit DBD saged dipuntindakaken dening cara 3N,


Pamrayogi inggih menika singkatan saking (nutup, nguras, nimbun). Konjuk
mbrantas jentik nyamuk ugi ngindaraken saking nyamuk DBD kaliyan
cara :

1. Nutup. Nutup rapet-rapet sedaya panggen pandhusunan toya,


kados bak toya, ember isi toya, vas sekar, gentong, drum, ugi sak
panunggalipun

2. Nguras. Nguras panggenan pandhusunan toya, kados bak adus,


vas sekar, gentong, ugi sak panunggalipun

3. Ngubur utawi nimbun. Nimbun sedaya sampah-sampah ingkang


saged diurai kaliyan siti, kados kertas, kayu, barang bekas, ugi sak
panunggalipun

Cara ngobati penyakit DBD. Nalika gejala DBD nempuh, penanganan


ingkang enggal inggih menika ngunjuk obat pemandhap benter
ingkang ngandung parasetamol. Menawi saksampunipun setunggal
dinten benter mboten mandhap-mandhap, enggal tindak wonten ing
dokter. Menawi positif, enggal bekta wonten ing griya sakit. Miturut
modern, penyakit DBD mboten wonten obatipun, namung diinfus
kagen nambah tenaga.

Cara ingkang saged ngatasi penyakit DBD inggih menika, kaping


setunggal ngunjuk toya pethak ingkang kathah supados mboten
dehidrasi. Kagen tiyang dewasa cekap 20 gelas saweg saben dinten.
Mila lambung mboten maag, saged disukani toya krambil. Ingkang
kaping kalih, ngatahaken nedha senaos mual. Ingkang ketiga, saged
kaliyan ngunjuk 2 sendok sari kurma 2-3 jam pisan kagem
ningkataken tenaga. Kaliyan cara-cara mekaten penyakit DBD
mboten saged nempuh kula lan panjenengan sami.

Demam berdarah tasih kathah kedadean wonten ing sekitar kula lan
Katrangan panjenengan sami. Kula lan panjenengan minangka tiyang ingkang
tasih sehat kedah nyegah supados kula lan panjenenan kahindar
saking penyakit DBD menika. Kula lan panjenengan ugi kedah
ngelingake tiyang sanes menapa kemawon ingkang nyebabaken
penyakit DBD.

Anda mungkin juga menyukai