Anda di halaman 1dari 11

Dening:

Novia Sri Khasna Amaniah, S.Pd.

BASA JAWA

GEGURITAN
Tegese Geguritan
Tata cara maca
Geguritan
Struktur
Geguritan Nggancarake
Unsur kebahasaan Pesan Moral (memparafrase)
Geguritan Geguritan Geguritan
1
APA TA GEGURITAN
IKU?

 Geguritan asal tembunge saka tembung “gurit” tegese kidung


utawa tembang tulisan awujud tatanan kanthi paugeran tartamtu.
Dene “nggurit” tegese yaiku ngarang.
 Miturut bausastra (kamus basa Jawa) Geguritan yaiku jinise puisi
jawa gagrag anyar sing panulisane ora kaiket paugeran-paugeran
tartamtu, nanging tetep ngutamakake kaedahan.
 Geguritan diperang dadi rong jinis yaiku geguritan gagrak lawas
(kayata, tembang macapat) lan geguritan gagrak anyar (kayata puisi
modern)

2
Struktur Lair Geguritan
Bab sing bisa digoleki ana ing tembung-tembung kang
rinakit ana sajroning geguritan

3. Rima
Rima yaiku persamaan bunyi ing saben larik geguritan,
kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining
geguritan. Tuladhane [a-b-a-b], [a-a-a-a], lsp.

1. Pamilihe Tembung
Pamilihe tembung (diksi) yaiku Tembung-tembung
kang ana sajroning geguritan biasane nduweni
teges konotatif, asipat polisemi, lan nduweni teges 4. Tipografi
rowa (abstrak).
Tipografi  yaiku tatanan larik utawa gatra,pada utawa
bait lan ukara sajrone geguritan. Bab iku kang
mbedakake antarane geguritan lan gancaran.

2. Lelewaning Basa
Lelewaning basa yaiku tembung kang digunakake penyair kanggo
nyritakake sawijine bab kanthi mbandhingake karo barang utawa
tembung liyane.
3
Struktur Batin Geguritan

01 03
Tema Nada
Gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair patrap (sikap) sing digunakake sajrone maca
sajrone geguritan. geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi,
Tuladhane sosial, moral, politik, agama, lan ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.
sapiturute.

02

Rasa
wujud rasa-pangrasane penyair kang tinulis
sajrone geguritan. kayadene: simpati, empati, 04
antipati sedhih, susah, seneng, kangen, Amanat
gumun, lan sapiturute. sawijine bab kang pengin diwedharake
panulis marang pamaos kang sinandhi ana
pangrakiting tembung-tembung.

4
Unsur Kebahasaan Geguritan

01 Tembung Saroja
Tembung loro kang nduweni teges padha lan digawe bebarengan.
Tul: ijo royo-royo, ayem tentrem, andhap asor

Tembung Entar
02 Tembung kang nduweni makna kias
Tul: abang kupinge (Nesu banget), dawa tangane (seneng nyolong), rai gedheg (Ora
duwe isin), lurus lakune (Jujur)

03 Tembung Garba
Tembung loro kang digabung dadi siji
Tul: bangjo (abang+ijo), sinom (isih+enom), sumbangsih (sumbang+asih)

04 Tembung Dasanama
Tembung kang padha karo jeneng liya saka tembung-tembung tartemu.
Tul: banyu nduweni dasanama tirta, bumi dasanamane bawana lsp

5
Tata Cara Nemtokake Pesan Moral sajrone Geguritan

Ngrungokake utawa maca Negesi tembung-tembung


dibolan-baleni kang angel

Sawise digancarake, kita bakal Nggancarake Geguritan


mangerteni isi lan pesen moral (Memparafrasakan Geguritan)
sajrone geguritan.

6
COBA GATHEKNA BAB ING NGISOR IKI !

ARGA IKI
Analisis struktur lahir
Mataun-taun 1. Pamilihe tembung
Sira ngrusak geger lan awakku Arga (kw); gunung
Makaping-kaping
Tirta (kw): banyu
Landhepe bendho lan pacul
Nyigar lemah subur dadi larik-larik tandur
Mblandhong: menebang pohon
Pokalmu mblandhong sapenak dhengkul Nagih prasetya: nagih janji
Lemah ijo wis malih gundhul 2. Lelewaning Basa
Tirta musna ing mangsa ketiga metafora : pecintraan berhubungan dengan alat
Ninggal belik nalika paceklik indra mata, “lemah ijo wis malih gundhul”; “nyigar
Jare wadhuk dadi alesan lemah subur dadi larik-larik tandhur
Ora bakal ana rampunge 3. Rima
Nadyan donya pisan
Rima mbaleni swara/vokal gatra 6 lan gatra 7
Denuntal sakabehe...
Yoh
4.Tipografi
Entanana Rata kiwa, ora ana pada (bait). Gatra (baris) kaping
Yen tekan titi mangsa pisan kanthi pungkasan ditulis kanthi katata.
Arga iki bakal nagih prasetya ...

(Dening:Siswidiadi Ngerti. N)
7
ARGA IKI Analisis struktur batin geguritan

Mataun-taun
1. Tema: Karusakan alam
Sira ngrusak geger lan awakku 2. Pangrasane Penyair: prihatin
Makaping-kaping
Landhepe bendho lan pacul Rasa prihtain kang diungkapape penyair tumrap
Nyigar lemah subur dadi larik-larik tandur karusakan alam kang dumadi ing arga utawa gunung.
Pokalmu mblandhong sapenak dhengkul 3. Nada
Lemah ijo wis malih gundhul
Tirta musna ing mangsa ketiga Murka, nyemoni para pamaca merga keserakahane
Ninggal belik nalika paceklik manungsa tumrap alam
Jare wadhuk dadi alesan
Ora bakal ana rampunge
4. Swasana
Nadyan donya pisan Prihatin, sedhih
Denuntal sakabehe...
Yoh 5. Amanat
Entanana
kita minangka manungsa kudu bisa njaga lan
Yen tekan titi mangsa nglestarekake alam. Nalika alam rusak mesthi bakal
Arga iki bakal nagih prasetya ... katekan sawijine bencana alam minangka wujud
tumindake manungsa kang ngrusak alam
(Dening:Siswidiadi Ngerti. N)

8
Tugas
Sawise nyinauni struktur teks geguritan ing ndhuwur, sabanjure garapen tugas iki:

1. Critakna isi geguritan ing ngisor iki kanthi nggunakake basamu dhewe!
2. Golekana strukture kaya tuladha ing ndhuwur!

9
PAHLAWANKU

Dening: Satula

detik-detik jam wis ora keitung

swara manuk gagak katon ramyang-ramyang ing kuping

lakuning hawa saya suwe angrasa awak kemriyang

ing pinggir dermaga sing disakseni lintang

dak krasa kabeh wis beda

swara-swara manungsa krasa banter ning ora cetha

nganthi lambe wis rapet dhipet ora bisa menga

jalaran kejirit ana ing pangkuanne para manca

ning ora dadi ngapa

dak eling-eling nalikane jaman semana

semangat lan kerja rekasamu sing mangkana

getih sing kenthel mblambang dadi segara

bebarengan karo janji-janji lan sumpah kanggo bangsa

jasamu suci lan bakal abadi

ora bakal bisa diganti senajan kowe wis mati

dhuh pahlawan sejati

semangat lan solah bawamu kang mancep ing jero ati

dadi tuladhane para muda-mudi


10
Matur Nuwun
Tetep semangat
Aja lali njaga karesikan
Lan
Sugeng pepanggihan ana ing jam pelajaran daring basa
Jawa sabanjure kanthi materi Geguritan

11

Anda mungkin juga menyukai