Anda di halaman 1dari 9

NASKAH DRAMA BAHASA JAWA

LEGENDA RORO JONGGRANG DAN BANDUNG


BONDOWOSO

Pemeran :
DEMITRI FERNANDO PUTRA ARYANDI (10/9E/JIN 2)

ALVITO SANDI RAFAEL (05/9E/JIN 1)

NAUFAL FIERO (22/9E/PATIH)

MOCHAMAD AZAM ZAMZAMI (18/9E/BANDUNG BONDOWOSO)

ANDINI SYAWALIA (07/9E/RORO JONGGRANG)

NAYLA SHAQINA HERVIA PUTRI (23/9E/RATU)


Adegan I (Kerajaan Pengging)

Ing sebuah kerajaan urip seorang raja sing kejam banget sing nduweni
jeneng Bandung Bondowoso. Ing sawijining dina, Bandung Bondowoso ketemu
wadon kang ayu sing nduweni jeneng Roro Jonggrang.

Bandung : Mbak, jenenge sinten nggih? Kula arep kenal kale


panjenengan.

Roro Jonggrang : Kula Roro Jonggrang mas, sampeyan sinten nggih?

Bandung : Aku Bandung Bandowoso. Mapan neng ndi mbak?

Roro Jonggrang : Kerajaan Pengging.

Bandung : Mlaku-mlaku yo mbak.

Roro Jonggrang : Meh nendi mas?

Bandung : Mubeng-mubeng neng kene wae.(mlaku-mlaku bareng Roro)

Ing dalan Bandung lan Roro meneng-menengan

Bandung : Roro, kowe wes kesel hurung?

Roro Jonggrang : Sitik mas.

Bandung : Lungguh kene sek yo.(lungguh ing bangku taman)

Roro Jonggrang : Yo mas.

Babak 2

Bandung : Roro Jonggrang,

Roro Jonggrang :Nggih mas?

Bandung : Orapopo.

Roro Jonggrang : Bandung? Opo iyo sampeyan Raja?


Bandung : Ho.o Roro, pie?

Roro Jonggrang : Orapopo mas.

Bandung : Oh iyo. Kowe anake sopo to Roro?

Roro Jonggrang : Aku iki putri ing Kerajaan Prambanan.

Bandung : Opo kerajaan iku gedhe?

Roro Jonggrang : Iyo mas, iki wes sore mas. Aku bali ndisik yo.

Bandung : Iyo Roro. Opo tak terke mulih?

Roro Jonggrang : Ora usah mas.

Adegan II (Kerajaan Prambanan)

Ing sesok enjinge, Bandung kaleh Patih nyepakake senjata anak panah gawe
mateni Ratu Prambanan. Sawise sampek ing kerajaan Prambanan, Bandung ngintip
ing njerone kerajaan. Bandung ndelok Roro lan Ratu Kerajaan Prambanan lagi
omong-omongan

Ratu : Roro, opo kowe uwes ketemu raja kerajaan pengging?

Roro Jonggrang : Sampun buk.

Ratu : Kowe kudu ati-ati karo raja pengging Roro.

Roro Jonggrang : Lha wonten nopo to buk?

Ratu : Raja Pengging iku kepingin ndadekake kerajaan Prambanan


iki dadi kekuasaane dekne. Lan raja iku kejem banget
Roro.

Roro Jonggrang : Nggih buk, kula mesti ati-ati kalih Bandung Bondowoso iku.

Sementara ing panggonan lain Bandung Bondowoso dan Patih ngadeg...

Bandung : Patih, gak sido wae yo?

Patih : Lha kenopo raja?

Bandung : Lha jebule kui ibune Roro Jonggrang ee.


Patih : Lha pancen to raja!

Bandung : Yo kepiye jal?

Patih : Awakdewe nyamar wae raja. Mangkeh langsung manah


RatuPrambanan.

Bandung : Kowe yakin iso?

Patih : Saged raja. Yen mboten kasil penggal mustaka kula.. kula arep
nyepakake penyamaran kangge engken dalu.

Bandung : Ndi panahe!?

Patih : Niki raja! Ati-ati. Niku ratu prambanan wonten ing teras,
maos koran. Mumpung mboten enten Roro Jonggrang.

Bandung :siapke panah e!!! Siji, loro, telu! Hiyaaakkk!!!!

Roro Jonggrang : Suara nopo niku.. Ibuuuukkkk!!!!!??( kaleh rai gelisah)

Roro Jonggrang : Sopo seng wani mateni ibukku???

Ratu : Roro,. (karo ngomong pedot pedot)

Roro Jonggrang : Ibuk....

Ratu : Roro, ibuk ndue pesen. Nek ono sopo wae seng kate nguasai
kerajaan iki, opo maneh dadi bojomu, kowe kudu
ngenehi syarat, nggawe sewu candi. Ati ati marang
bandung nduk.. perasaan ku bandung arep ngepek kerajaan
iki ndukk..

Roro Jonggrang : Nggih ibuk! Ibuukk. Ibuk, ojo mati bukk..

Ratu : Roro, jogo kerajaan iki. Kerajaan iki ojo sampek dikuasai
wong kang ala. Kowe kudu iso jaga awakmu. Ojo cedek
cedek Bandung.. tak kandani maneh ya ndukk, ojo cedek
karo bandung..!!

Roro : ibukkk!!!!
Ratu : ndukk mek kerajaan iki sing bisa ibuk wariske...
Ratu : sopo wae jodohmu ojo mok dadekke raja.. sing mimpin
kerajaan iki wajib awakmu nduk..
Roro jonggrang : nggih bukk. ( Karo nangis)

Roro jonggrang : sopo sing wani mateni ibukku! Rinio! Nandi wujudmu?! (karo
mbengok)

Patih : Raja! Roro Jonggrang metu raja! Yoknopo niki?

Bandung : Wah, ayo mlayu patih!!!

Adegan III (Kerajaan Prambanan)

Sakwise Ratu Prambanan mati, Roro Jonggrang dadi pemimpin ing Kerajaan
Prambanan. Roro Jonggrang ngerasa kesepian. Ing sawijining dina, Bandung
ngelewati Kerajaan Prambanan.

Roro Jonggrang : Bandung Bandowoso?

Bandung : Roro?

Roro Jonggrang : kate nendi Bandung?

Bandung : Iki kate nggolek kewan Roro.

Patih : Raja, mboten enten kewan ten mriki.

Bandung : Yowes, kowe nggolek-nggolek meneh patih. Aku arep


mlaku-mlaku karo Roro Jonggrang ndisik.

Patih : Nggih raja. *patihpun ninggalke kerajaan lan nggoleki


kewan ing hutan*

Bandung : Roro, kowe ora bingung mimpin kerajaan iki dewekan?

Roro Jonggrang : Ora Bandung. Aku uwis diajari cara mimpin kerajaan karo
ibukku.

Bandung : Owalah.

Bandung : Roro, opo kowe gelem dadi bojoku?


Roro Jonggrang : Aku ora yakin Bandung.

Bandung : Kowe ora yakin karo aku?

Roro Jonggrang kelingan wasiat teko Ratu Prambanan sakdurunge mati.

Roro Jonggrang : Ono syarate Bandung Bandowoso.

Bandung : Opo syarate Roro? Opo wae bakal tak sanggupi.

Roro Jonggrang : Kowe kudu Gawekke aku sewu candi

Bandung : Halah, mung candi. Oke Roro.

*Di Dalam Kerajaan Prambanan*

Roro Jonggrang : Aku yakin! Bandung Bandowoso ora iso nggawe sumur
ing sewengi.

Sementara di kerajaan pengging, Bandung Bandowoso nyusun rencana karo patih.

Bandung : Patih, undangen jin-jin kanggo ngrewangi aku nggawe


candi.

Patih : Nggih raja kula celukake

Patih : Wahai JIN! Datanglah! Bantu Bandung Bandowoso. Kami


butuh kowe kabeh!

seketika, loro jin sing diceluk patih teko.

Jin 1 : Ono opo iki kok ngundang awakdewe?enak-enak ngopi


karo remi an

Jin 2 : Hayo! Ono opo? Pokoke nek njaluk-njaluk, mung peng


pisan. Nek uwes pisan yo kudu uwes!

Patih : Tulung jin! Rewangi Bandung Bandowoso nggawe sewu


candi!
Jin 1 : Hahahaah! Gampang. Seng penting ora ono matahari to?

Jin 2 : Nah! Nek ono matahari, pokoke dewe kudu wes mbalik neng
kerajaan jin!

Patih : Iyo jin! Saiki cepet gawe sewu candi ing kene!

Jin 1 : siyap lur!

Jin 2 : nopo model candi e sakkerso kulo?


Bandung : ora! Model candi ne mengke tak kei weruh.
Jin 2 : iyo.. nopo candine ngangge watu liya?
Patih : iyo.. amerga bandung arep nyedeki lan ngentukake kerajaan
prambanan..
Jin 1 :oh yawes.. dadi kula keda ndamel candi sak sae saene
Jin 2 : iyo jin.. ojo lali nggae candi utama. Khusus kangge raja
Bandung Bondowoso kale sang calone yaiku roro
jonggrang.
Jin 2 : wee.. kulo dungakake raja bandung bondowoso bisa
ngintukake roro jonggrang.
Jin 1 : aku yo melu seneng yen raja bandung bisa menang..
Bandung : wes ayo ndang gawe!!! Ojo kesuwen selak esuk!!

Dari kejauhan, Roro Jonggrang mengintip cara kerja Bandung Bandowoso. Roro
Jonggrang mengetahui bahwa Bandung Bandowoso mengajak para Jin untuk
membuat seribu candi.

Roro Jonggrang : Wah nek ngene yo Bandung Bandowoso mesti iso


nggawe sewu candine. Yo ngene iki kudu mandekke
para jin sing ngerewangi Bandung Bandowoso... Yo
kepiye carane? Para jin iku kelemahane yen ono
srengenge… Mending nutuki lesung ben dikira
matahari wes meh njedul. Siji meneh, dewe nirokake
suara pitik!

Sakmarine roro cepak cepak

Jin 2 : Wah! Ono suara pitik! Ono suara lesung barang! Matahari wes
meh njedul!!!

Jin 1 : Awakdewe kudu mbalik!

Bandung : Jin!! Mbalik meneh! Iki candinee kurang siji!!! Mbalik jin!!!

Akhirnya Bandung Bandowoso menyerah dan sangat marah! Ternyata Roro


Jonggrang telah mempersiapkan rencana ini. Kemudian Bandung Bandowoso
memanggil Roro Jonggrang.

Bandung : Roro! Aku wes nggawe sewu candi!!

Roro Jonggrang : Opo iyo kui wes ono sewu?

Bandung : Itungen Roro !

Sementara Roro Jonggrang menghitung...

Roro Jonggrang : Siji, Loro, Telu, Papat, Limo..............997,998, 999!!!

Roro Jonggrang : Geneya mung ono 999 candi Bandung! Koe gagal Bandung!

Bandung : aku wes usaha Roro!

Roro Jonggrang : candine kurang siji! Ngaku wae! Kowe seng wes mateni
Ibukku!

Bandung : Opo???? Kowe ngarani aku mateni ibumu???????

Roro Jonggrang : Ngaku o Bandung!!!

Bandung : Kowe wes nggawe aku Ra sabar Roro! Kowe tak dadekke
candi seng ke-sewu kanggo nggenepi candi sewu iki!!!!
Aku wes murka ro!! Kowe tak sumpah dadi patung!!
Roro : aku ra wedi!!

Bandung : hahaha ra sue eneh kowe dadi patung.. hahaha

Roro : Tolong Bandung!!( Roro perlahan kaku lan dadi patung)

Bandung : hahahaha!!!

Bandung : Akhire aku iso nguasai Kerajaan Prambanan.

Properti:
 Miniatur candi
 Bangku
 Panah
 Mahkota
 Bangku taman

Anda mungkin juga menyukai