Anda di halaman 1dari 8

Roro jonggrang

1. Jin 1,

2. Dayang

3. Bandung Bondowoso

4. Roro Jonggrang

5. Patih

6. Ratu Prambanan

7. Rakyat 2, narator

8. Jin 2,

9. Rakyat 1

ADEGAN I – Kerajaan Prambanan

Gemiyen ana kerajaan sing arane kerajaan pengging sing rajane sadis nemen arane Bandung
Bondowoso. Bandung Bondowoso terkenal soale seneng mateni wong sing ora nurut karo perintahe.
Tapi ning siji dina Bandung ketemu karo wong wadon sing ayu nemen arane Roro Jonggrang.

Bandung Bondowoso : Mba, arane sapa?

Roro Jonggrang : Aku Roro Jonggrang mas, koen sih arane sapa?

Bandung Bondowoso : Aku Bandung Bondowoso, Hahahahahhaa, Asline mendi mba?

Roro Jonggrang : Kerajaan Prambanan

Bandung Bondowoso : Mlaku – mlaku yuh?

Roro Jonggrang : Pan mlaku – mlaku mengendi mas?

Bandung Bondowoso : Muter – Muter ning kene mboran

Lagi mlaku – mlaku, kur meneng menengan tok laka sing ngomong siji sijia kosing anjog ning
ngisore wit. Bandung Bondowoso kala-kalae ngajak ngomong Roro Jonggrang ning bangku ning ngisore
wit mau.

Bandung Bondowoso : Roro, kesel apa ora?

Roro Jonggrang : Lumaya mas


Bandung Bondowoso : Njagong disit yuh

Roro Jonggrang : Iya mas

Bandung Bondowoso : Roro Jonggrang…

Roro Jonggrang : Iya mas?

Bandung Bondowoso : Ora sida wis

Roro Jonggrang : Bandung… ader koen temenan raja?

Bandung Bondowoso : Ho.. oh, Kening apa?

Roro Jonggrang : Orapapa mas

Bandung Bondowoso : Oh ya, koen anake sapa?

Roro Jonggrang : Aku putri ning kerajaan prambanan

Bandung Bondowoso : Kerajaane gede ora?

Roro Jonggrang : Iya mas, wis sore mas, aku pan balik disit

Bandung Bondowoso : Iya Roro, tak aterna ya?

Roro Jonggrang : ora susah mas

ADEGAN II – Kerajaan Pengging

Bandung Bondowoso mulai mrajalela terus ngatona sifat sadise ning rakyate. Bandung nyiksa
rakyat sing ngrasani Bandung

Bandung Bondowoso : Hahahahhhaaa! Kala kalae aku bisa mereki Roro Jonggrang. delat maning aku
bisa ngrebut atine keh. Hahahahahaa!

Rakyat 1 : Aduh pimen yah? Raja wis mulai maning, mesti tambah sadis keh

Rakyat 2 : iyayah, aduh pimen keh, pimen, dewek bisa ngadepi sadise raja

Bandung Bondowoso krungu omongane rakyat mau

Bandung Bondowoso : sapa mau sing ngrasani aku!

Rakyat 2 : Maaf raja, miki aku sing ngrasani


Bandung Bondowoso : Koen ngrasani apa miki!

Rakyat 1 : a… anu…

Bandung Bondowoso : Cepet! Miki ngrasani apa!

Rakyat 2 : ora ngrasani apa apa raja

Bandung Bondowoso : Ader aku ora krungu apa!

Rakyat 1 : Maaf raja, aku aja dihukum..

Bandung Bondowoso : Ora bisa! Koen kudu dihukum! Patih jukutna kayu!

Patih : Kiye raja

Bandung Bondowoso : Keh rasakna! Hahahahaha!

Rakyat 2 : Ampun raja, Uwis… lara…

Rakyat 1 : Uwis Raja! Lara nemen sumpah… ampun

Bandung Bondowoso : patih!

Patih : iya raja

Bandung Bondowoso : Penjarakna wong loro kiye

Patih : iya raja *patih menggiring rakyat ning penjara terus balik maning*

Bandung Bondowoso : Rakyate aku wis pada wani karo aku, dewek kudu pimen keh patih… apa kudu
dihukum kabeh ari rakyate pada wani?

Patih : aka raja, mengko laka sing percaya maning karo raja, mending mateni ratu
prambanan bae raja

Bandung Bondowoso : kerajaan prambanan? Ko esuk siapna senjata karo strategine go mateni ratu
prambanan

Patih : Siap raja

ADEGAN III - Kerajaan Prambanan

Esuke, bandung bondowoso karo patih wis siap go mateni ratu prambanan. Sawise anjog ning
prambanan bandung weruh roro jonggrang karo ratu prambanan lagi ngomong ngomongan.

Ratu Prambanan : Roro, apa kowen uwes ketemu raja kerajaan pengging?
Roro Jonggrang : Sampun buk.

Ratu Prambanan : Kowen kudu ati-ati karo raja pengging Roro.

Roro Jonggrang : Lha wonten nopo to buk?

Ratu Prambanan : Raja Pengging kuwe kepingin ndadekna kerajaan Prambanan kiye dadi
kekuasaane kae. terus rajane sadis nemen Roro.

Roro Jonggrang : Nggih buk, kula mesti ati-ati kalih Bandung Bondowoso iku.

Sementara kuwe Bandung Bondowoso karo patihe lagi ngamati…

Bandung Bondowoso : Patih, ora sida bae ya?

Patih : bisane raja?

Bandung Bondowoso : Lha jebule ibune Roro Jonggrang

Patih : iya pancen raja!

Bandung Bondowoso : terus pimen?

Patih : dewek nyamar bae wis. mengko langsung manah Ratu Prambanan.

Bandung Bondowoso : koen yakin bisa?

Patih : bisa raja.

Bandung Bandowoso balik ning kerajaan pengging karo patih terus nyiapna penyamarane. Wis wayah
bengi, bandung karo patihe langsung ning kerajaan Prambanan untuk membunuh ratu Prambanan.

Bandung Bondowoso : Ndi panahe!?

Patih : kiye raja! Ati-ati. kae ratu prambanan lagi neng teras, maca koran. Mumpung laka
Roro Jonggrang.

Bandung Bondowoso : Siji, loro, telu! Hiyaaakkk!!!!

anak panah sing ditembakna daning Bandung Bondowoso uwis kena ning awake ratu Prambanan.
Ratu prambanan berteriak dan Roro Jonggrang tangi sing turune.

Roro Jonggrang : Suara sapa kae? *Roro Jonggrang keluar kerajaan*


Roro Jonggrang : Ibuuuu!!!!!?? Sopo seng wani mateni ibukku???

Ratu Prambanan : Roro,

Roro Jonggrang : Ibu....

Ratu Prambanan : Roro, ibu ndue pesen. Ari ana sing pan nguasai kerajaan kiye, apa pan dadi
bojomu, koen kudu nein syarat, nggawe sewu candi.

Roro Jonggrang : Nggih ibuk! Ibuukk. Ibuk, ojo mati bukk..

Ratu Prambanan : Roro, jaga kerajaan kiye *dan sekejap, Ratu Prambanan menghembuskan nafas
terakhirnya di pangkuan sang anak*

Patih : Raja! Roro Jonggrang metu raja!

Bandung Bondowoso : Wah, ayo mlayu patih!!!

Roro Jonggrang weruh ana loro wong sing lagu mlayu ngadohi kerajaan prambanan. Tapi kur
weruh samar-samar pundak wonge.

Adegan IV (Kerajaan Prambanan)

sawise Ratu Prambanan mati, Roro Jonggrang kesepian terus dadi ratu ning kerajaan Prambanan.
Ning siji dina, Bandung Bandowoso nglewati Kerajaan Prambanan.

Roro Jonggrang : Bandung Bandowoso?

Bandung Bondowoso : Roro?

Roro Jonggrang : pan mengendi Bandung?

Bandung Bondowoso : lagi pan nggoleti hewan Roro.

Patih : Raja, laka hewan ning kene.

Bandung Bondowoso : Ya wis, koen golet golet disit patih. Aku pan mlaku-mlaku karo Roro Jonggrang
ndisik.

Patih : siap raja. *patihpun meninggalkan kerajaan dan mencari hewan di hutan
kembali*

Bandung Bondowoso : Roro, koen ora keder mimpin kerajaan kiye dewekan?

Roro Jonggrang : Ora Bandung. Aku uwis diajari cara mimpin kerajaan karo ibukku.

Bandung Bondowoso :Owalah.


Raut wajah Bandung Bandowoso mulai berubah. lagi Roro Jonggrang ngileng Bandung
Bandowoso, ia mbene sadar ari Bandung Bandowoso nyoba nguasani kerajaan, kaya sing diomongna
Ratu Prambanan sadurunge meninggal dunia.

Bandung Bondowoso : Roro, apa kowen gelem dadi bojoku?

Roro Jonggrang : Aku ora yakin Bandung.

Bandung Bondowoso : Kowen ora yakin karo aku?

Roro Jonggrang kemutan wasiat sing Ratu Prambanan sadurunge mati

Roro Jonggrang : ana syarate Bandung Bandowoso.

Bandung Bondowoso : apa syarate Roro? Apa bae syarate bakal tak sanggupi.

Roro Jonggrang : Kowen kudu nggawe sewu candi sewengi

Bandung Bondowoso : Halah, kur candi. Oke Roro.

*Di Dalam Kerajaan Prambanan*

Roro Jonggrang : Aku yakin! Bandung Bandowoso ora bisa nggawe candi sewengi.

Sementara ning kerajaan pengging, Bandung Bandowoso lagu nyusun rencana karo patih.

Bandung Bondowoso : Patih, undangna jin-jin gon ngrewangi aku nggawe candi

Patih : siap raja

Patih : Wahai JIN! teka! rewangi Bandung Bandowoso. Aku butuh kowen!

Langsung metu loro jin sing diundang daning patih.

Jin 1 : ana apa ngundang dewek?

Jin 2 : Hayo! Ana apa? Pokoke ari njaluk-njaluk, sepisan bae. Ari uwis kudu uwis!
Patih : Tulung jin! Rewangi Bandung Bandowoso nggawe sewu candi!

Jin 1 : Hahahaah! Gampang. Seng penting laka matahari?

Jin 2 : Nah! Ari ana matahari, pokoke dewe kudu balik neng kerajaan jin!

Patih : Iya jin! Saiki cepet gawe sewu candi ning kene!

Jin 1 : Siap!

Sing adoh, Roro Jonggrang karo dayange ngintip cara kerjane Bandung Bandowoso. Roro
Jonggrang ngarti ari Bandung Bandowoso ngajak Jin nggo nggawe sewu candi.

Roro Jonggrang : wah… ari kaya kiye ya Bandung Bandowoso mesti bisa nggawe sewu candine.

Dayang : ya, dewe kudu mandekna jin sing ngerewangi Bandung Bandowoso.

Roro Jonggrang : Yo carane pimen?

Dayang : Para jin kuwe kelemahane ari ana Matahari.

Roro Jonggrang : Terus?

Dayang : Mending dewe nutuki lesung ben dikira matahari wis pan metu ratu.

Roro Jonggrang : Wahh apik kue idene!

Dayang : Siji meneh, dewe kudu niru suara pitik!

Roro Jonggrang : oke ayooo!!!!

Roro Jonggrang karo dayang nutuki lesung karo niru suara ayam. jin mau sing diundang daning
Bandung Bandowoso ndarani matahari pan metu. Terus jin lunga ninggali candi sing enggal digawe.
Jumlahe uwis 999 candi.

Jin 2 : Wah! Ana suara pitik! ana suara lesung! Matahari pan metu!!!

Jin 1 : Dewe kudu balik!

Bandung Bondowoso : Jin!! Balik mene! kiye candinee kurang siji!!! balik jin!!!
Akhire Bandung Bandowoso nyerah karo sewot! jebule Roro Jonggrang uwis nyiapna rencana
kiye. Terus Bandung Bandowoso ngundang Roro Jonggrang.

Bandung Bondowoso : Roro! Aku wis nggawe sewu candi!!

Roro Jonggrang : apa iya… kae wis ana sewu?

Bandung Bondowoso : dietung disit Roro !

Sementara Roro Jonggrang menghitung...

Roro Jonggrang : Siji, Loro, Telu, Papat, Limo.............. 999!!!

Roro Jonggrang : daning kur ana 999 candi Bandung! Koen gagal Bandung!

Bandung Bondowoso : Tapi aku wis usaha Roro!

Roro Jonggrang : kiye candine kurang siji oh ya! Ngaku bae! Kowe sing wis mateni Ibukku!

Bandung Bondowoso : apa???? Koen nuduh aku mateni ibune koen???????

Roro Jonggrang : Ngaku Bandung!!!

Bandung Bondowoso : koen uwis gawe aku lara ati Roro! Kowe tak dadekne candi seng ke-sewu kanggo
nggenepi candi sewu iki!!!!

Akhir cerita, Roro Jonggrang disihir daning Bandung Bandowoso. Terus Bandung Bandowoso
nguasai Kerajaan Prambanan karo seribu candi sing salah sijine patung Roro Jonggrang.

-TAMAT -

Anda mungkin juga menyukai