Anda di halaman 1dari 5

LUTUNG KASARUNG

Ing tlatah Jawa sisih kulan ana kerajaan jenenge Pasir Batang. Raja kang mimpin negri kuwi
asmanipun Prabu Tapa Agung. Prabu Tapa Agung duweni putri yaiku Purbasari lan Purbararang.
Prabu Tapa Agung bingung amerga nganti saiki urung nemokakae pewaris tahta sing nggantekake
dheweke. Prabu Tapa Agung ngimpi didawuhi ninggalake istana lan ngekekake tahtane marang
Putri Purbasari

ADEGAN 1

Prabu : “Anak anakku, ana sing arep tak omongke marang sak keloron.”

Purbasari : “Wonten dawuh napa, Kanjeng Rama?’’

Prabu :“ Dina iki wis tak tetepne sing bakal dadi pewaris tahta kerajaan iki yaiku Putri Purbasari.”

Purbasari:” Nyuwun pangapunten Kanjeng Rama ,menawi ingkang dados Ratu mboten kakanda
Purbararang mawon?”

Indrajaya :” Nyuwun pangpunten Prabu, menapa ingkang dipun ngendikakaken Purbasari niku
bener.” (Nada naik)

Prabu :” Ora Indrajaya, Purbasari sing luwih pantes. Aku percaya menawa Purbasari iso dadi teladan
kanggo rakyatku ing kerajaan iki. Purbararang apa kowe ora kaboten yen Purbasari dadi Ratu ana
kerajaan iki?”

Purbararang :” Mboten Kanjeng Rama.”(Kecewa)

Prabu :” Lengser umumna ing pelosok negeri, yen Purbasari sakiki dadi Ratu ing kerajaan iki.

Lengser :” sendika dawuh Prabu.”

ADEGAN 2

Sabanjure pertemuan ana ing kraton rampung, Purbarang lan Indrajaya ngrengcanakake niat kang
ala.

Purbararang : “Iki ora adil kang mas! Kenapa dudu aku sing diangkat dadi ratu?”

Indrajaya : ”Pancen bener kowe Purbararang. Kowe minangka anak mbarep pantes dadi pewaris
tahta kerajaan.”

Purbararang :”Hmmm..Ayo kakang mas, golek akal piye carane kanggo cilakake Purbasari supaya ora
dadi Ratu ing kerajaan iki.”(Berpikir)

Indrajaya :” Kowe ora perlu khawatir maneh Purbararang, aku wis nduwe rencana kanggo nyilakani
putri Purbasari."

Purbararang lan Indrajaya nglakokake rencana cengkele kui. Purbararang lan Indrajaya akhire
marani penyihir gawe njalok ramuan kanggo nyilakani purbasari.
Penyihir : “ Hahaha, wonten apa kisanak, kowe teka kene? Apa sing nggawe kisruh atimu?”

Purbararang: “Niki nenek-”

Penyihir : (Meramal )“Hahaha… aku wis ngerti apa sing mbok karepake. Ananging kowe kudu siap
nanggung akibate.”

Purbararang:”Aku siap nanggung akibate lan aku bakalan ngekei kowe emas sing akeh. Sing penting
Purbasari,adikku diusir saka keraton.”

Penyihir: “Ojo sumelang.”

(Penyihir membuat ramuan)

Penyihir:” Wenehna ramuan iki ing ngunjuk ane ben di ombe Purbasari.”

ADEGAN 3

(Purbasari terlihat mengendap ngendap di kamarnya purbasari. Diam-diam memsukkan ramuan ke


dalam tekonya langsung kabur)

(Dayang datang Bersama Purbasari)

Purbasari : “ Dayang aku ngelak banget iki.”

Dayang : “Inggih tuan putri.” (mengambil minuman)

Dayang :”Niki putri mangga diunjuk”.

Purbasari:”Matur nuwun dayang”

Esuke ana geger ing keputren

Prabu :” Ambu opo iki kok ora enak banget.Dayang……(karo bengok-bengok)”.

(semua penghuni istana keluar)

Purbararang:”Wonten nopo Kanjeng Rama,Lho ambu nopo kok mboten enak niki’’.

Prabu:”Aku ya penasaran ambu opo iki kok ora enak’’.

Purbararang:”Kadosipun saking kamare Purbasari , Kanjeng Rama”.

(Semua orang masuk ke kamar purbasari dan wajah purbasari sudah jelek ga karuan)

(Purbasari memegang kaca, kebingungan dan sedih)

Lengser : ‘’Prabu, Purbasari ketaman penyakit. Penyakit menika ingkang mbebayani kerajaan, saget
nulari sedaya warga.”

Purbararang :” Prabu,kula mboten purun menawi Purbasari taksih wonten kerajaan niki,amargi kula
khawatir penyakitipun nular wonten penghuni kerajaan.”

Indrajaya :” inggih Prabu, napa Prabu kersa penduduk kerajaan sengsara. Leres ingkang diaturaken
Putri Purbararang .

Prabu :” Purbasari Prabu ora pengen yen para penduduk sengsara merga ketularan penyakitmu.”
Purbasari :” Mboten napa-napa Prabu kula ikhlas ninggalaken kerajaan.”(sedih)

Prabu :” Lengser! Gawanen Purbasari menyang alas.”

Lengser :” sendika dawuh Prabu.”

ADEGAN 4

(Lengser gawa Purbasari menyang alas)

Lengser : “Nyuwun pangapunten tuan putri. Kula namung saget nganter dugi mriki.”

Purbasari : “Ora papa Lengser.”

(Lengser Kembali)

Purbasari:”Ngeneki aku urip dewe nak njero alas ora nduwe sopo-sopo mung dikancani kewan-
kewan,ngenesmen uripku”.(guneman dewe).

Mara-mara ing wektu bengi purbasari dewean ing njobo gubuk lan krungu suworo nyleneh teko
njero wit witan.

(Suara krasak krusuk)

Purbasari : “Weh, suara apa kuwi?” (bolak balik menyelidiki)

Lutung muncul

Purbasari:”sopo kowe?”(karo wedi).

Lutung:”hay…jenengku lutung,kula pingin dados rencang njenengan.”

Purbasari:”Kowe iku menungso apa kewan.”

Lutung:”Kula asline manungso tapi awujud ketek.”

Purbasari:”Oalah….aku gelem dadi kancamu.”

Lutung lan Purbasari dadi kanca akrab njalani urip bebarengan nang alas lan katon roso tresno
marang karone.

ADEGAN 5

Ing salah sawijining dino Lutung semedi ing guo lan mara-mara muncul telaga.

Lutung ngajak Putri Purbasari menyang telaga kui gawe ngobati penyakite Purbasari.

Lutung : “Tuan putri.”

Purbasari : “Ono apa lutung?”

Lutung : “Tuan putri, kula wonten cara kanggo nambani sampeyan.”

Purbasari : “Apa mungkin iso Lutung? ”


Lutung : “Tuan putri kedah pitados marang Gusti kang Maha Agung. Monggo nyenyuwun sehat
marang Gusti kanthi berendam wonten telaga mriku. ”

(Purbasari bertapa di dalam telaga, dan wajahnya Kembali)

Purbasari : “Wahh…, matur suwun Gusti, matur suwun Lutung. “

Lutung :” Dawah sami sami putri.”

Purbasari : “Iya Lutung, gandeng kowe wis mbantu aku ing alas iki, saiki kowe tak ajak ing
kerajaanku.”

Lutung : “Inggih tuan putri”

Kabar tekane Purbasari kesebar luas ing wilayah kerajaan

Purbararang : “ Dayang, kabar apa kang rame dibicarakake para warga?”

Dayang : “Oh, Kanjeng Ratu. Menika Putri Purbasari.”

Purbararang : “Hah, Putri Purbasari wonten apa?”

Dayang : “Putri Purbasari wangsul datheng kerajaan.”

Purbararang : “Kok iso?”

Dayang : “ Amargi pasuryanipun sampun sehat kados wingi-wingi.”

Purbararang : “Lengser…..Lengser mreneo!”

Lengser : “Hamba dhateng Gusti Ratu.”

Purbararang : “Lengser, dawuhna Purbasari ngadeg ing alun-alun keraton.”

Lengser:”Sendika dawuh putri.”

ADEGAN 6

Esuke Putri Purbararang menyang alun-alun keraton. Para warga rame-rame kumpul ing alon-alon
keraton

Purbararang : “ Sugeng rawuh adkhikku, Purbasari.”

Purbasari : “Matur nuwun kakanda.”

Purbararang : “Weh..weh..weh… kok raimu iso sehat maneh, ngganggo sihir apaa?”

Purbasari : “ Panjenengan ngendika punapa to, kakanda?”

Purbararng : “Eh, aku mudeng nek kowe cemburu amarga gagal dadi ratu. Ngaku wae Purbasari.”

Purbasari : “ Kuwi pancen mboten bener,Kakanda. Kula mboten pernah iri marang Kakanda.” (nada
naik)

Purbararang : “Hei! Rakyatku. Kira-kira sapa sing paling pantes dadi ratu ing tlatah iki. Aku, Purbarang
apa adhikku Purbasari.

(Temen sekelas teriak Purbasari)


(Purbararang kaget gelagapan)

Purbararang : “Hei, Purbasari! Aku ngaku kowe pancen pantes dadi ratu. Ananging endi calon
rajamu? Ayo tanding kasekten karo Indrajaya.”

Purbasari :”Lutung, mreneo”

( Lutung Kasarung datang dan banyak warga menertawainya. Purbararang dan indrajaya menatap
dengan wajah yang penuh dengan kemenangan. )

(Lutung duduk di tengah lapangan dan bertapa. Lutung Kas arung malih dadi jaka sing gagah lan
ngganteng. Rakyat kaget)

Lutung : “ Jeneng Ingsun Guruminda. Pangeran saka kahyangan.”

Indrajaya :”Cih, Hei Guruminda, ayo tandhing kasektean.”(mengeluarkan pedang, dan


menudungkannya kearah lutung)

Lutung : “Ayo, wani piro?”

(Adu Pedang Duar jedes dung tarak tak dung)

(Indrajaya terjatuh)

Purbararang : “Indrajaya!”

(Purbararang marah mengambil hendak membunuh purbasari)

(Purbasari menangkas dan mendorongnya hingga jatuh)

(Purbararang ditahan Lengser)

(Prabu datang marah-marah)

Prabu : “Purbararang, pancen ala pribadimu. Kowe kepingin mateni adhikmu dewe? Kowe ora pantes
dadi rau! Lengser, jebloske wong loro iki menyang penjara!”

Purbararang : “Ampun Kanjeng Rama, Ampuunn…”(diseret).

Pungkasane Prabu Tapa Agung mutuskake ngangkat Purbasari dadi ratu. Para warga bungah atine.
Purbasari dan Pangeran Gurumida dadi raja lan ratu ing Kerajaan Pasir Batang. Sak loron urip
seneng bebarengan bangun kerajaan.

Anda mungkin juga menyukai